Jodhoku Status FBku
Olehku mlayu kesusu-susu. Lha piye,
wayahe ulangan akhir semester, tekaku
telat. Dhak sawang kahanane sepi mamring ing ngarepe kampus. “Wadhuh, cilaka!”,
batinku.
“Assalamualaikum…!”,
ulukku sinambi clingukan golek bangku kosong. Kojur, sing kosong kabeh bangku
ngarep dhewe. Iin, Yuliani, Mahari,
Saiful, kabeh wis lungguh manis ing bangku radha mburi. Kanca-kanca padha
nguwasake aku sakcleraman, ning terus dha ibut nggarap soale dhewe-dhewe.
“Sing telat, lungguh bangku ngarep, lan ora ana tambahan wektu!”,
gemontang swarane Pak Anggoro, dosen mata kuliah Filsafat Pendidikan.
Pak Anggoro, dosenku siji iki beda
karo dosen liyane. Dosen anyaran, nek dibiji saka penampilane jane bijine
wolung puluh. Nek nerangne puenak, gampang dingerteni masiyo materine
abstrak,ning yen wayahe ulangan semengite pol, dadine dina iki olehku mbiji
mudhun rong puluh, dadi suwidak. Ambekna yo sapa sing ngongkon mbiji?.Hi..hi..
Mata kuliyah
dina iki jane favoritku.Temenan, ora ngecap!. Dudu mata kuliyahe thok, ning
dosene, pokoke beliaunya dadi idola cewek sakkampus. Stt, …termasuk aku.
Mulai sikep kemrakete yen pas ngajar, kepeduliane marang masalahe mahasiswane,
lan liyane. Seneng, kaya diwulang mas dhewe. Dadine piye…ya?Malah aku sakjege
diajar dening Pak Anggoro aku yen gawe status ing facebook mesthi nyangking Pak
Anggoro kang dhak inisiali Mr. Smart iki .
Mbuh ya, aku aku sing biyasane
terkenal alergi yen dikon mbiji makhluk lain jenis, saiki malik 180 derajat.
Utawa aku wis kena virus sing diarani “jatuh cinta” ?. Meh kabeh kancaku ngerti yen aku naksir berat
Mr. Smart. Nanging, sing ngerti sapa kuwi Mr. Smart mung Mbak Fira,
kanca-kancaku dha ngira-ngira thok. Ya isinlah wong seneng sepihak kok
diwara-wara.
“Huh, koyok
ora tau telat kuliah ae..!”, batinku ngedumel. Pokoke yen nganti lungguh ngarep,
alamat mati sajroning ngaurip. Wis soale sak ruwang digawe ora ana sing padha,
terus ya iku ora iso ngrepek. Ampun!!.
Yen dina kuliyah biasa, aku paling
seneng manggon ngarep dhewe, karo nyawang mobah mosike Pak Anggoro. Lha yen
ujian, yo…nanti dulu…
Aku marani
meja dosen kanthi praupan galau. “Nyuwun soal, Pak”, aku matur lirih.
“Piye rasane budhal kuliah disambi lunga teka omah?, seneng?”. Pak Anggoro
ngendhika karo maringake soal. Aku ndhangak kaget. Kok, dosenku ngerti nek aku
ora budhal saka omah?.
“Ngapunten,
pak. Kok, pirsa?”. Saka kacamatane, aku ngerti wonge nglirik aku.
“Yo, ngerti
wae. Wis enggal digarap!. Ora ono tambahan wektu!”.
Dhak sawang
jam wis nduduhake angka setengah sanga, artine aku wis kelangan wektu setengah
jam. Soal jumlahe sepuluh dhak sawang, aku bingung endi sing sing arep dhak
garap dhisik. Uangeel kabeh. Tur ora sinau pisan!!. Iki jenenge wis tiba
ketiban andha. Wis telat, nggarap soal angel. Piye bijine, waduh aku ora
iso mbayangna!.
Dina sakdurunge, jam loro awan.
Alon-alon
aku mlaku metu saka ngomah. Aku menehi tandha jempol nang adhikku sing
nguwasake saka tingkat loro. Aman. Ibuk jik ibut masak karo mbakku, amarga arep
ono tamu. Bapak jik durung kondhur saka kantor. Lha gara-gara arep ono tamu
iki, aku sing mesthi kudhu nglungani omahku.
Sakdurunge
Dhuhur, pas neng kamar, enak-enak sinau, ibuk mlebu njejeri lungguhku. Ibuk
njawil aku dikon nyopot headset saka kupingku.
“Ndhuk,
engko awan Bapak kondure dibarengi keluwargane kanca nunggal kantor. Perlune
silaturahmi. Farah rak wis ngerti, Mbakmu arep enggal nikah wulan Agustus, hla
iki dulure calone Mbakmu pengin kenalan karo Farah, piye?”
Mripatku
langsung mlorok sakkedhok.
“Ibuk niki
kajenge pripun?, kula badhe dijodhokna kados Mbak Fira?, oh…tidak bisa”,
sautku sengol. Pancen mbakku kuwi olehe jodho merga dijodhokna. Saktemene wonge
ya kanca nunggal kampuse Mbakku,ora sak angkatan, ning awal kenale yo dikenalna
Bapak pas ora sengaja ketemu wayah riyaya rong tahun kepungkur ing Jember. Isih
eling aku, nalika nglencer nang dhaleme Pakdhe, mak thuk,…Bapak ketemu
rombongane keluwargane Mas Satrio, yo bakalane Mbakku mau. Sakwise crita ngalor
ngidul, terus mbuh piye critane, riyaya wingi mbak Fira kelakon tunangan karo
Mas Satrio sing wis lulus kuliyahe.
“Moh Buk.
Engko awale dikon kenalan, dikon kekancan, ning ujung-ujunge rak dikon
bakalan. Wow, saiki gak usum dijodhokna. Iyo, nek Mbak Fira. Anak mama. Manuuut
wae, nek dikongkon ngono-ngene”.
Pancen aku
iki cithakane nek ngomong nrocos, apamaneh nek gak cocok. Wis ta lah, teka gaya
Sembadra malih dadi gaya Srikandhi. Basa alusku ilang blas keplas.
Lan
sakbanjure aku wis ngerti, kupingku dipuntir ibu. Mesthi, mesthi ngono. Masiyo
ora pati lara, ning koyok dadi lagu wajib mben putrane mbantah tah mbanggel,
kuping dadi sasaran.
“Wong mung
dikongkon nemoni tamu, kok malah lambene didawakna rong meter. Wis saiki
tutugna olehe sinau. Mengko bar Dhuhur wae ngrewangi ibuk nata dhaharan”,
ngendhikane ibuk karo metu saka kamar.
Headset tak
pasang maneh. Nanging materi ulangan sesuk kaya ngawang saka pikiranku. Aku
mikir liya. Yen aku nganti sido methuki dhayohe Bapak, terus aku dikenalna
embuh ambek sapa mengko, terus …, terus…, wah aku kudu nglungani acara iki.
Pikiranku mikir cepet. Aku kudu iso metu saka omah, terus menyang dhaleme
Simbah. Aman.
Dhaleme
simbahku jane ora patiyo adoh, wong isih sakkabupaten. Ning, ndesone kuwi lho
mencit…cit…neng watese Kabupaten Lumajang karo Kabupaten jember. Persise ing Desa
Keting.
Sakwise
nglobi adhikku, Faris, adhiku lanang sing nggantheng dhewe( …lha piye, wong
bocah telu wedok loro lanang siji). Aku cepet-cepet metu teka iringan omah. Nek
wis neng embong, gampang, mengko sms ibuk. Resiko tanggung mburi.
Pancen lagi
mujur, pas tas ngadheg pinggir embong, bis kencongan liwat. Langsung numpak. Sawise
oleh lungguhan, cepet-cepet aku ngetokna hp, dhak goleki nomere ibuk, banjur
kirim sms,…”Buk, kula badhe padhos bahan makalah teng dhaleme embah,
mbenjing dikempalaken”…. Wis beres.
Bis sing
dhak tumpaki ora patiyo kebak. Aku dhewe lungguh ono kursi sing isi telu, ning
mung isi loro. Aku karo sawijining mbak-mbak.Kanggo sopan santun, aku takon
marang mbak sing lungguh sandingku.
“Tindhak pundi, Mbak?”
Mbak kuwi sing sakawit mau mung
njingglengi hp-ne, banjur noleh karo semaur,”O, teng Yoso, Dhik!”. Aku ngerti
Yoso kuwi berarti Yosowilangun, kecamatan terakhir Kabupaten Lumajang, sakwise
Kecamatan Jombang, yo panggonanku mudhun mengko.
Pak kondektur mara, dhak lungi dhuwit sepuluh ewu, njur
diparingi karcis lan susuk.Mbuh susuk pira, langsung wae dhak lebokne dompet.
Ibuk saiki piye, yo? batinku. Aku
ngranggeh hp wis jam loro awan, dakdelok ono sms mlebu saka ibuk…”Ndhuk,
ati-ati neng ndalan, weruh arep nang daleme embah mau rak dhak gawani apa-apa…”.
Ah, ibu mesthi sedih ndelok polahku kaya ngene. Bener kandhane mbakyuku mben
aku nginggati omah, “Wis gedhe, wis kuliyah ning gayane koyok arek cilik”.
Aku pancen kulina mlayu menyang dhaleme
simbah yen ono apa-apa sing ora cocok, soale simbahku iki sayange pol marang
putu-putune. Lan yen ono masalah apa wae mesthi iso maringi solusi kang penak
ngono.Wow,…hidup ,simbah!.
Aku ora iso jenjem neng dhaleme
simbah. Apamaneh, nalika aku ngebel adhikku, adhikku crita nek neng omah jian
seneng banget. “Akeh panganan, aku ora onok saingane saiki, kabeh tak maem
dhewe”. We lha kojur,…
“Terus sing arep dikenalna karo aku
piye modhele wonge?”.
“Aku ora ngerti sing endhi wonge.
Tamune uuaakeeh, Mbak. Wis ta lah, rugi Mbak gak onok kene”.
“Wow, sing ndukung aku wingi ya
ndekne ngono,kok!”, batinku anyel.
Dalune, simbah mejang aku werna-werna
, yo crita, karo nuturi. Alasanku mara mrene sajake simbah wis ngerti. Lha pira
suwene se, wong kari menceti nomer. Palinga ibuk wis laporan nyang simbah.
“Putuku sing paling
ayu,…(hik..hik..sapa sing nduwe dhuwit sepuluh ewu?), ibarate barang, putra
kuwi mung barang titipan saka Gusti Alloh, mulane wong tuwamu ya kudhu ngopeni
kanthi apik. Ora ono critane wong tuwa njlomprongna putrane”.
Aku mung mecucu.
“ Nanging, ngger, urip, pati, jodho,
lan rezeki kuwi wis ono takerane dhewe-dhewe. Ora usah bingung ora usah gupuh.
Ora ono sing arep njodokna sampeyan. Malah bapak ibumu kaget kok bareng ngerti
yen kowe wis nduweni rasa seneng marang mbuh sapa, aku sik durung diwenehi
weruh”.
Aku tambah mecucu, seneng karo sapa?.
Esuke aku jan sial temenan. Aku
kepancal bis pertama sing liwat jam lima esuk, bis keloro liwat jam setengah
enem.Lagi sampek Balung, bise mogok. Wah, jan…
Akhire ya koyok ngene iki mau, aku
teka kampus telat. Nggarap soal sak iso- isane. Sinauku jan ora tutug
temenanan, materi saksemester kok olehe tliti nggawene soal. Dadine yen
kliwatan sinau sak bab, mesthi ora iso njawab sak soal.
Siji mbaka siji kanca-kancaku sing
wis rampung nggarap metu saka ruwangan. Aku wis ora nggape.
“Piye, sik durung mari?, wektune wis
entek lho?”, keprungu cluluke Pak Anggoro . Aku noleh memburi,lho, hla kok kari
aku ijen?. “Enggih, Pak sekedhap malih…!”. Aturku karo ngethiwet nutugne nulis
jawaban.
Alhamdulillah, aku rampung. Muga-muga
wae bijiku ora sepiro elek, sido dijewer ibuk maneh mengko wayahe KHS-an.
Nalika aku nglumpukake jawaban, Pak
Anggoro maringi aku cathetan ing kertas sing dilempit. “Diwaca neng njaba,
wae”, wonge ngomong karo tetep ibut nata lembar jawaban sajak ora maelu aku.
Aku cepet-cepet metu. Kanca-kancaku
wis sumebar kabeh. Paling dha nang kantin utawa sinau ing perpus kanggo
ngenteni ulangan jam kapindho.
Aku eling kertas cilik mau. Karo
mlaku ngener perpus tulisan kuwi dhak waca,…”siji kang dhak anti, apa ya wonge
iso mangerteni?”. Lho, iki rak ukara- ukaraku kang sering dhak gawe status?.
Kok, Pak Anggoro pirsa?”.
Ora srantan aku mbalik klepat menyang
ruwanganku mau. Ning Pak Anggoro wis ora ono. Aku malih penasaran. Dhak telpun
mbakyuku.
“Mbak, njenengan crita-crita masalah
aku ngesir dhosenku marang bapak ibu?”
“Yo, ora lah. Kanggo apa?”.
“Aja guyon, Mbak!”.
“Trus, statusku ing fb kok onok sing
ngerti sakliyane awake dhewe?”
Mara-mara ana panggilan masuk. Iki
nomer anyar. Dhak angkat.
“Farah, mengko bengi aja lunga maneh,
yo…aku arep mara nang omahmu”. Durung sempat aku njawab, telpon wis ditutup. Dhak
tilingi, swarane sapa, ya?. Kaya kenal, tapi sapa? Wah, aku pasrah gak iso
ngira-ira.
Wis
,pokoke saiki, dina iki, dina terakhir UAS, aku kudhu sukses nggarap soal
ujian. Kabeh urusan liya dhak tunda dhisik. Masalah status fbku, telpon saka
wong kang ora dhak kenal,…
Bali mulih,
aku wis siap diceramahi ibuk, ning ora ana kedadeyan apa-apa. Ibuk mung
ngabarake keadaane simbah, liya ora. Bapak durung kondur, Faris yo durung ketok
blegere. Aman.
Bar maghrib,
aku krasa payah temenanan, aku pilih mlebu kamar glethakan tinimbang jagongan
utawa liyane.
“Farah?”,
keprungu ibuk nimbali. Agahan aku metu.”Kae lho ana Mas Satrio karo kancane,
nggoleki sampeyan”.
Wis biasa
Mas satrio mara nggoleki aku saperlu ngenalake kancane. Koyoke Mas Satrio kepingin nduduhake menawa bakal dadi mas ipe
sing apik.
Mbak Fira,
Mas Satrio, Bapak, Ibuk, malah faris wis ngumpul neng ruwang tamu.
“Farah,
metuwa nang teras, kae lho ono sing ngenteni”.
Aku nguncluk
metu, biyasane sing mara an bengi iki Saiful kancaku, nyilih buku tah nggarap
tugas.
Lampu ngarep
ora sepira padhang, aku ngematake pawongan sing lungguhe ngungkuri aku. Tak
geblek saka mburi,”Hei,..”
Hla dalah, bareng aku nyawang
praenane, dadak rupane dudu Saiful tapi…Pak Anggoro. Wadhuh, piye iki?
Wonge
nggguyu muuaniis. Beda yen pas ngajar neng kelas. Tapi tetep kharismatik.
“Lho,
Pak…wonten napa?”, sanalika aku ndhredeg wedi gek ana apa-apa.
“Lho, kok
jik takon, awan mau rak wis dhak telpon ta?”. Dadi, sing nelpon mau awan iku….?
“Terus
terang wae, aku iki sedulur sepupune Satrio. Mulane bareng Fira ngerti Mr.
Smart iku aku, dheweke ngundang aku dolan mrene. Trus wingi aku melu mrene,
eh…malah sing diparani nglungani!”.
Aku mung
ndlongop. Kaya sapi ompong krungu pak dosen idolaku, ngendika kaya ngono. Atiku
mekar , menga mingkup. Aku ora iso ngomong.
Dadine
saiki, piye?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar