Tangis Desember
Desember,
Wulan
kang mbukak borok lawas sing pengin daklaleake…
Desember,
Wulan
kang ngilingake aku karo slirane…
Desember, Desember…ah, atiku
nggresah. Saben nyawang tanggalan arep ganti wulan Desember atiku mesthi
kumesar. Aku jik durung iso nglaleake kedadeyan ing wulan iku. Durung
iso,…durung iso, padahal wis rong taun. Ah,…
………
Aku ngenal Mas
Widhi nalika wayah orientasi kampus. Kakak tingkatku, bocah Semarang
sing gaul, supel, lan
kharismatik. Piye larah-larahe kok aku nganti wani ngarani kaya ngono
mau?.Ngene mula bukane…
Nalika kuwi ,aku, sing pancen nduwe lara
jantung lemah ambruk lara ing dina katelu MOS. Aku ora kuwat nalika diseneni
senior amarga teka telat. Wis dhasar aku jirihan, kena sentak sethithik, aku
nggreweli, trus semaput. Eling-eling wis ono ruwang kesehatan.
“Lho, wis
sadar, ya?”, aloke bocah nggantheng kang ngadheg pener sirahku karo ngusapi
kringetku nganggo tisu. Jranthalan aku tangi, tapi isih klepyur-klepyur . ambune
lenga kayu putih nyegrak irungku. Ono bocah loro maneh kang melu ibut ngopeni
aku, ning ora nyuwara. “Wis tinggalen kancane iki neng kene, mengko wae
dakterna nang barisan”, ujare bocah kang nganggo sragam putih-putih marang
bocah loro mau. “Oh, ya iku rak kancaku
telat mau”, batinku.
“Ora usah
kesusu mrono maneh, wis ngaso wae ing kene. Mengko sesi kapindho ae melu
kegiyatan maneh, kenalan yo jenengku Widhiyarto”, bacute omonge. “Iki, ngombe
teh anget,”. Daktampani teh kang dilungake, dakombe glegek-glegek langsung
entek. Bar turu, ngombe anget, …jian pas!. He he he…
“Piye,
Wid,..pasiene wis oke?”, salah sawijining Mbak-mbak takon. Tanpa njawab Mas Widhi
ngacungake jempole kiwa karo ibut nulis ing buku gedhe.
“Dina iki
mau bejaku, pas piketku isih isuk wis oleh tamu. Ayu sisan!”, Mas Widhi ngajak
ngomong. “Jenengmu sapa?”. “Oh ya, Saraswati,…wong ono jenenge kok aku takon
barang”. Lucu, aku seneng nyawang dheweke.
“Wayah
orientasi ngene iki ojo nganti teka telat, budhale diesuki. Yen wis telat,
terus gupuh, panik, akhire kaya ngene dadine. MOS-e kurang patang dina
lho,…kudhu dijaga dhewe kesehatane”, dakrungokna khutbahe Mas Widhi mau tanpa
semaur. Pancen aku sing salah, umpama aku mau gelem diboncengna ayah mesthine
aku ora telat. Nanging aku ngeboti budhal bareng Dian sing sakklompok karo aku,
amarga wis janjian budhal bareng. Lha kok nalika Ayah wis tindhak, Dian nelpon
yen sepedhahe bocor, lan dheweke malahan yo numpak angkot. Aduh, aku sing
kerepotan dhewe. Lan akhire aku uga numpak angkot D2 sing liwat ngarep omah,…akhire
maneh….telat!!.
Pancene aku
iki wonge gampang terpesona. Gampang kagum. Diapiki sapa wae sethithik,
ngono aku wis iso ngelem nganti sundhul wuwung. Ning suwalike yo ngono, yen aku
dieleki sapa wae sethithik, aku yen ngundamana entek amek kurang golek. Watek,gawan
bayi mbokmenawa. Ibu sering ngendhika, “Yen apik aja kenemenen, ning yen elek
uga aja kenemenen. Biyasa wae, wong ora ana manungsa kang sampurna”. Nanging
pambijiku marang Mas Widhi kang gaul, supel lan kharismatik kuwi ana alasane,
kok. Apa maneh bareng luwih kenal, pambijiku mau ora mung sekedar isapan
jempol, lho?.
Dakarani
gaul, amarga nyandhang penganggone ora ketinggalan model. Supel, wong Mas Widhi
pinter olehe ngajak jagongan, penak ngono. Lha kharismatike, mbuh piye
rumangsaku “ada sesuatu” daya tarik saka kapribadene Mas Widhi. nate nulung iku
be’e sing nggarahi aku rumangsa kaya ngono mau.
Mulane, saben dina nganti buyare
kegiyatan MOS aku mesthi nggolek cara supaya iso ndeleng, sukur maneh iso
sapejagong karo Mas Widhi. Carane macem-macem. Mulai sing njaluk obat neng pos
kesehatan, melu ngeterna kanca sing lara utawa semaput, sering-sering nang
jedhing, amarga jedhinge ngliwati pos kesehatan. Akalku akeh, ya?
Mulane aku mantep milih ekstra pilihan PMR sawise
kuliyah mulai aktif, ora noleh ngiwa
noleh nengen maneh,sakliyane amarga alasan ing ndhuwur mau, aku yo nate melu
PMR ing SMU mbiyen. Tur aku rak yo gopok lara, dadine cocok. Maksudku, nek lara
rak cedhek karo obat, ta? Hehehe. Lho, kojur lan mujur ing ekstra iki aku iso
sapatemon maneh karo Mas Widhi. Seniorku iki tibake ketuane. Pathengku ora
karuwan. Mben sesi latihan aku ora nate telat. Kaya ono sing nggeret aku supaya
mlebu terus.
Aku koyoke jatuh cintrong temenanan iki!. Nyawang
eseme, wae aku wis seneng. Nyawang guyune wae aku wis marem. Aku rak penggemar Sherlock Holmes. Aku mulai
ngimpun data-datane Mas Widhi. Oh, dheweke lair ing wulan Desember koyok aku.
Alamate asline Semarang, semester 8, alamat kose …lho, cedhak daleme Budheku.
Enak pancen dadi mahasiswi lokal koyo aku ngene. Saben wilayah aku mesthi luwih
paham tinimbang mahasiswa pendatang.
Apa maneh Mas Widhi wonge kumraket,
aku sing asline isinan dadi malih wani nyuwara saben kegiyatan PMR. Malah nalika pilihan
pengurus anyar aku wis katut dadi kader sekretaris.
“Saras, aku wingi weruh sampeyan nang
Jalan Pramuka nomer 17?”, takone Mas Widhi nalika bubar latihan sore iku. Kos-kosane
Mas Widhi Jalan Pramuka nomer 15.Dheg,…wah Mas Widhi ono perhatian nang aku
sajake.Atiku tambah seneng.
“Oh, niku dhaleme Budhe…!”, semaurku.
Dheweke manthuk-manthuk karo nyuwara,”Ohhh”.
Kawit kedadeyan sore iku Mas Widhi
sajake seneng banget nakokake keluwarga besarku. Kayata, Budhe sedulure pira,
asline keluwargaku iki saka wilayah ngendi, sapa wae misananku. Malah sering
takon-takon karemane sedulur-sedulur misanku. Pikirku,”Mas Widhi pedekate be’e”.
batinku mumbul dhuwur, sajak kaya wis dadi pacare. Utawa wis meh …? Ah, aku
ngrengga pikiran kang endah.
Esuk iku Mbak Hana, putrane budhe
mara nang omahku, ngabari ibu yen mengko sore diutus Budhe ndherek nampa tamu.
Aku sempat takon, “Mbak , sajake ana
tamu penting, ya? biyasane Budhe rak mung nelpon ..?”. Mbak Hana mung ngguyu
nambahi ayune. “Alah, iyo Dhik saras, ono tamu saka adoh”. “Wah, paling
lamaran, yo?”, wingenane ibu kok gremeng-gremeng karo Ayah yen Budhe arep ana
acara lamaran”, tutugku. “Insya Alloh, Dhik. Dongakna wae lancar”, ujare Mbak
Hana. ”Oh ya, happy birthday,…adhikku sing uuaayuuu?”, sambunge Mbak hana karo
ngesun aku. “Hadiyahe nyusul,yo?”.
Mbak Hana iku sekolah ing AKBID, lan meh lulus. Kari wisuda, ngono
critane. Beda karo aku, jik kawit ngrambah pawiyatan luhur.
Dina iki tanggal siji Desember, aku
mulih saka kampus kanthi ati kang berbunga-bunga. Arume kembang ing sadawane
lurung kampus ora iso ngalahake arume kembang-kembang ing telenging atiku. Lha
piye, wayahe esuk gathuk aku wis dipapag Mas Widhi ing sanjabane kelasku karo
aba ,”Sugeng tanggap warsa, adhiku sing ayu…?”, karo maringi buntelan cilik,
sing bareng dakbukak isine cokelat Toblerone. Wuuiih,…Malah bacute “Mengko
awake dhewe mesthi ketemu maneh”. Kapan? Alah oraa mengko, sesuk rak yo ketemu
maneh, batinku.
Sedulur-sedulurku sakliyane Mbak Hana,
kanca-kancaku, kabeh uga akeh kang kirim sms utawa nelpon ngucapne HBD,
malah ibu sing wis repot nggawe jajan kanggo digawa menyang dhaleme Budhe
mengko sore isih nyempatake nggaweake ingkung karemanku. Ibu ngendhika,
“Alhamdulillah, sakjege mlebu kuliyah wis ora nate mlebu metu rumah sakit
amerga lara jantung lemah. Wis tumbal tulak sawan bali ndalan,…ilang larane kari
ayune kari pintere…”. Pancen bener ngendhikane Pak Dokter Puji,dokter langganan
keluwargaku, tambaku jane gampang, atine kudu seneng, mesthi waras. Leres ,
Pak!.
Aku melu ndherekna Ibu lan Ayah
menyang dhaleme Budhe. Wah, katone acarane ora baen-baen, jajan maneka warna,
masakan werna-werna ana. Aku langsung ibut ngrewangi Bulik-bulik liyane ing
ruwang njero.
Ngadepake Isya’ rombongane tamu teka.
Aku ora pati maelu, biyasane ngono kuwi seremoniale rak acarane kaum
pinisepuh, aku nutugake ngirisi semangka.
“Lho, bakalane Mbak Hana wis kenal
karo Saras barang”, slenthing keprungu swarane Ibu. “Ah, mosok?”, batinku. Aku
terus wae ngirisi semangka.
“Saras,…”, swara kang dak kenal nyapa
nyedhaki aku dibarengi mbak Hana. Aku kamitenggengen, nganti ora krasa tanganku
kepiris. “Saras,…wis olehe ngiris, kuwi drijine kepiris”, swara kang dak kenal
mau gemontang maneh. Apa iyo? Aku gedheg-gedheg dhewe, ladingku ceblok. Mbak
Hana cepet-cepet mbuntel drijiku karo hansaplas. “Kowe rak wis kenal Mas Widhi,
ta?”, takone Mbak Hana. Aku mung manthuk, mripatku kembeng-kembeng. “Wis gedhe,
Ras. Kepiris ngono wae kok nangis?”, ujare mas Widhi karo ngguyu lirih.
………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
Nganti
Desember saiki, rong taun pas aku durung iso nglalekake Mas Widhi. Aku isih
semengit marang tanggal siji Desember. Mesthi nangis nganthi bantal teles, yen
ngelingi nasibe tresnaku sing ora keturutan.Nanging isine atiku tetep daksimpen
rapet. Pet!.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar