Januari Telung babak
Udan
nggrecik wengi iki ngelingake aku marang kedadeyan kang wis kawuri ing wulan
Januari. Dudu salahmu ning uga dudu salahku. Kahanan pancen ndadekake
samubarang dadi kaya ngene. Kahanan…yo…kahanan…, elingku karo Kak Anggitoku, kangenku
kang sundhul wuwung, daklerem jroning atiku. Terlarang sudah, rinduku padamu,…ngono
jarene Broery Marantika ing tembang kenangan.
Babak kaping siji , Januari kawitan…
Wis lumrah jaman saiki yen SMA kelas
siji tah kelas loro dha pacaran karo kakak kelase. Aku yo ngono. Biyasa to,
melu perkembangan jaman. Aku mentas munggah kelas loro nalika aku resmi pacaran
karo dheweke. Usume yen nyeluk kakak kelas nganggo sebutan Kak. Soale ing
sekolahanku ekstra wajibe pramuka, dadine sebut-sinebut kak wis anjrah. Tur
keren, sajake…Ono Kak Saiful, Kak Agus, Kak Muniah, Kak Mahari, Kak Zaini,…lan
kak-kak liyane.
Kak Anggito kuwi bocah pendatang.
Asline saka kutha Semarang, lan sekolah ing kutha cilikku iki amarga nderek
paklike. Mulane wiwit aku weruh kapisan, aku kaya ndeleng wong luar angkasa. Lha
piye pawongane putih, nggantheng, kribo pisan tur omonge logate beda, medok
banget. Gak onok sing madhani nek mung bocah sakklitere kecamatan Kencong wae,
pokoke beda. Apa maneh ing sekolahan kene dheweke dadi Ketua OSIS, wih, tambah
akeh skorku olehe mbiji. Pokoke!.
Aku ora ngurus omonge kanca-kanca yen
kak Anggito akhire seneng aku amarga mari ditolah Dik Saroh, adik kelasku,
utawa cinta sepihak marang Mbak Hasanah, kanca nunggal kelase. Pokoke aku jadian.
Mangsa borong opo komentare kanca-kanca aku wis ora ngreken.jurus mautku
ngenekake kak Anggito yaiku, nalika ulang taune aku ngado buku gado-gadoku sing
isi tulisanku khusus kanggo dheweke. Sakbuku. Ana crita, ana geguritan, lan
liya-liyane. Intine aku nge-fans dheweke sing ketua OSIS kuwi mau.
Dina-dina kang endah daklakoni bareng
Kak Anggito. Piye critane pacaranku? ojo
mikir werna-werna lho ya, utawa sing ora-ora. Wong ketemune paling yo yen dhong
latihan pramuka, terus mbina pramuka bareng-bareng, kegiyatan sekolah kang
nglibatake murid saksekolahan, utawa dolan menyang segara Paseban rame-rame .
Ora nate kok metu-metu runtang-runtung wong loro, wow sido dibandhem watu karo
bapakku. Wong aku iki putri tunggal, tur ayu dhewe (hehehe…), dadine yen
menyang ngendi-endi kudu pamit. Lha yen pamite ora tepak, mesthi ora
dikeparengake. Mulane supaya pamite gampang, dalan siji-sijine lungane kudu
rombongan. Paling ora lunga bareng bocah papat. Mesthi diidini dening Bapak.
Momen liyane iso bareng yen kegiyatan
sekolah kayata kemah ing Alas Purwo Banyuwangi,nalika pelantikan penegak bantara lan penegak
laksana, utawa kegiyatan Cross Country sing njlajah desa milang kori
sakupenge sekolahan. Masiyo rame-rame, gembul bocah akeh, ning aku tetep iso
ngrasakake perhatian luwih saka Kak Anggito. Geer,..yo?
Malah sawise tambah kenal apik, aku tansaya
kagum marang kak Anggito. Dheweke ngomong yen aku didadekna kanca spesial
amarga aku dianggep iso ngerteni dheweke. Ora mung yen wayah seneng-seneng
thok, ning uga iso didadekna papan curhate. Owalah, critane mula bukane
kesangsang ing kene iki amarga ono prahara ing keluwargane. Ngene, ngene, lan
ngene. Dawaaaa banget kedadeyane. Sedih lan nrenyuhake.
“Aku kudu sukses, Nok. Aku kudu iso
mbiayai sekolahe adik-adikku ing tembene. Dongakno yo?”. Aku mung nggah-nggih
wae. Aku ndukung pol pokoke.
Kak Anggito yen nyeluk aku ‘Dhenok’.
Mbuh alasane apa, tapi aku suueeneeng yen pas sepi kanca diceluk kanthi paraban
kuwi. Nok, Nok,…Dhenok. Angkahe aku kuwi dhenok debleng kaya boneka Barbie,
be’e.
Nganti awan kuwi,…
Aku sakanca dolan bareng nang Pantai
Ambulu, karo silaturahmi menyang daleme Bu Guru kang nembe babaran. Mbuh
disengaja mbuh ora, siji mbaka siji kanca-kanca ninggal aku wong loro. Yen
ndelok glagate koyoke pancen ana hal kang arep diomongake dening Kak Anggito.
“Nok, ibarate layangan, aku iki
layangan kang arep mabur dhuwur mbuh kapan baline menyang daratan”. Tenan ta,
kak Anggito mulai ngomong sajak serius.
“Malah saumpama taline pedhot, iso
uga aku ora mbalik ing daratan kang padha”, ujare karo nyawang lurus mendhuwur.
Atiku mikir utegku muter, apa
maksude?.“Maksude apa ta?”, semaurku sajak ora ngeh ngono. Yen
grayah-grayah koyoke aku wis nduga apa karepe. Ning, mosok iyo? Cuthel cukup
sakmene?
Kak Anggito nyawang aku tanpa kedhep,
mandheng manther, trus nggegem tanganku.”Ojo ngarep-arep aku kanggo mbarengi
uripmu mbesuke, iyo yen aku teka maneh, yen ora?”. Aku wiwit nangis. Genti
tangane kang dak ruket kenceng. “Aku emoh dadi beban, Nok. Kowe lan aku padha
dene nduwe cita-cita, lan iku isih adohh..banget keturutane. Ayo padha nguber
cita-cita dhisik, dene tembe mburi aku lan kowe tinakdir ketemu,…yo ora
apa-apa, nanging saumpama ora, dak eklasna kowe urip bahagia karo sapa wae!”.
Tangisku tambah seru. Aku wis ora iso ngomong maneh. Masiyo ing njero batinku
njerit sora,”Ora..ora bakal aku nggolek ganti!”.
“Aku mari rembugan akeh-akeh karo
Paklikku, ngenani piye bakale uripku lan apa wae kang kudu daklakoni. Aku ora
iso njanjeni apa-apa marang awakmu, Nok?”, bacute kak Anggito karo ngeculke
tangane. “Sepuranen, aku Nok?”, kak Anggito nangis sisan.
Aku bingung ning aku ya ngerti pancen
akhire kudu kaya ngene. Sakwise lulus Kak Anggito kepingin mbacutne kuliyah
neng Semarang ben cedhak karo keluwargane. Cuthel. Aku ora bisa nguwehi
pendapat apa-apa. Nalarku durung gaduk. Aku mung iso nangis, liya ora!.
Babak kapindho, Januari tengahan…
Sakwise lungane Kak Anggito bali
menyang pangkone ibuke, aku banjur ngegas olehku nggolek ilmu. Aku kudu kasil
dadi uwong yen aku pepingin bali sesambungan maneh karo Kak Anggito. Aku ora
nate noleh ngiwa nengen. Sekolah,sekolah, lan sekolah. First love never die,
takdadekake penyemangat sinauku. Aku tetep nganggep Kak Anggito tansah
ngeling-eling aku masiyo adoh-adohan. Aku ora nate nyoba golek gantine. Ora!.
Ping pisan, ping pindho, ping telu
aku nyoba nulis surat kanggo dheweke. Nanging ora nate siji sijia sing dibales.
Aku ora ngrewes, aku terus nguripake wewayangane ing telenging atiku. Lan aku
terus wae ngirimi surat Kak Anggito nganti wekasane aku lulus kuliyah, masiyo
mung setaun pindho.
Babak katelu, Januari taun wingi…
Kanthi tekad papat lima aku nlusur
nggoleki omahe Kak Anggito ing Semarang. Aku pancen wis nadzar, yen aku wis
lulus kuliyah lan cekel gawe maton aku kudu iso weruh gantilaning atiku kuwi ra
ketang sepisan wae. Dakcoba nlusur saka alamat surat yen aku kirim surat ngono
kae.
Hla iki ketemu,…Jalan Pramuka
K/17,…muga-muga durung pindah alamat. Aku ethok-ethok mertamu menyang omah pas
ngarepe , kanthi alasan aku nggoleki omahe kanca sekolahku mbiyen, ning isih
durung yakin bener nggake. Untung sing nduwe omah ,Bu Puspo,apikan, aku diidini
kanggo lungguh ing teras kiwa omahe. Ngiras-ngirus ngematake obah kliwere omah
ngarep. Kebeneran.
“Bu, mas-mas ingkang goncengan nitih
sepeda ‘Beat’ niku wau sinten nggih sing medal saking griyo ngajeng?” takonku
marang Bu Puspo. Lha piye wong pancen helm-an, yo ora ketitik sapa-sapane.
“Oh, menika Mas Aang”, semaure Bu
Puspo karo melu nyawang neng dalan. “Bidhal ngajar yen jam semanten”.
“Mas Aang sinten, Anggito?”, takonku
maneh. Jantungku nitir kenceng .
“Enggih, hla sing digonceng niku
nyonyahe. Nembe mawon simah, Mbak. Manten anyar”.
Aku njegreg, ora iso kumecap.
Kak Anggitoku temen-temen wis pedhot
taline, kesangsang menyang daratan liya.
…………
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar