Halaman

Translate

Selasa, 11 Maret 2014

Banjir Ing Tengahe Banjir



Banjir Ing Tengahe Banjir
Awan iki, Mas Aham ‘Afganku’ mara menyang kos-kosanku saperlu nyambangi aku karo ngabari yen sasi ngarep, sakwise aku wisuda, Mas Aham arep nglamar aku.Owalah Mas Aham, Mas Aham, yen dhong wulan udan lan usum banjir ngene iki, aku kelingan maneh crita mula bukane kenalanku karo Mas Aham setahun kepungkur…
Bali mulih ing preian semester pas rendhengan ibarate kaya marani penggaweyan. Lha piye, preian sing kanggoku arep dakgawe seneng-seneng ing omah, malah omahku kebanjiran. Aku yo nggumun, wong mataun-taun mulai aku isih cilik nganti tumekane gedhe, lagi saiki desaku keleb banyu. Pancen ibu nate crita , mbiyen cilikane, nate menangi banjir, sakdurunge kali wetan omah ditanggul dhuwur. Critane, banjir saiki iki amarga tanggul kali sisih kulon jebol. Yo mesthi lah, omahku sing pas nomer lima saka tanggule kali keleb nganti setengah meter jarene.
Pas banjir dheng, aku ora ngerti. Pokoke nalika aku mulih, methuk ibu, bapak, mas lan adhikku ora ing omah maneh, nanging ing dhaleme simbah sing jarake watara limang kilo saka omahku, ngungsi critane.
“Piye kahanane omah, Dhik?, barang-barangku ing kamar piye?...aman ta?”, pitakonku nrecel nang Kholis, adhikku.
“Kabeh kenyut!”, semaure atos, sajak anyel amarga sedina muput dijak Bapak ngusungi barang sing iso dislametna.
“Nggih napa, Pak?”, pitakonku ngalih menyang Bapak.
“Alah, ora…!, sesuk wae delengen dhewe!”, jawabe Bapak kanthi ngguyu cilik. Nanging, atiku rumangsa ora kepenak. Soale kabeh barang kesayanganku ono kamarku. Biyasa, saben cewek mesthi nduweni ‘sesuatu’ sing spesial, ta?.
Bengine aku nderek ibu sing bidan desa menyang bale desa saperlu ngrewangi menehi pengobatan marang warga desa sing lara amarga kena banjir. Wah, jan rame banget. Dakkira ibu nambani wong lara dhewekan, tibake direwangi wong lima maneh petugas saka Puskesmas. Wah tandhange jan cukat trengginas kabeh, ono bageyane dhewe-dhewe.
Petugase ono sing lanang siji, nganggo kaca mata, hla iki daksawang saka kadohan olehe gemati yen ngopeni saben pasien sing nyedhak ing mejane. Akeh-akehe para warga kena lara ISPA karo gatel-gatel. Wih, mendahneya aku menangi banjiran mulai dina kawitan, palingo aku ya…padha koyok warga liyane, wong kulitku yo gampang gatel yen kaclop banyu rada suwe. Maklum, kulite wong ayu,…cieee!.
“Buk, petugas kakung, kados mirip Afgan, ingkang ngopeni teng meja kilen nika sinten?”, takonku marang ibu sing pas sela pasiene.
“Keneng apa?, naksir ta?”, semaure ibu.
“Ibu niki, tanglet kok mboten dijawab?”, samaurku sewot.
“Kuwi Mas Hamdan, putrane Pak Kades sing dadi mantri ing Puskesmas”.
“Oh, mangkane kula kok mboten paham, king tebihan ngaten ketingale tiyange lumayan nggih, Bu?”. Aku karo ibu pancen akrab, soale aku putri satu-satunya, tur ibu nyambung yen dakjak nggosip. Hahaha…
“Wow, gayamu pancet ae yen weruh bathuk klimis”,ibu ngguyu kekel.
“Yo mesthi kowe ora kenal, Hamdan kuwi sak umuran masmu mbarep, Didik. Apa maneh, masmu rak kawit cilik melu simbah, dadine kanca-kancane ora nate srawung nang omah. Beda karo Mas Fajar lan Mas Wahyu, kowe mesthi apal kancane”.
Aku mung manthuk-manthuk. Sakdurunge bubar kabeh, aku mulih dhisik. Ngantuk pol!.apa maneh aku mung kapatah ngewangi mbunteli obat sing kanggo stok dina sesuk. Elek-elek ngene aku arep dadi apoteker, lho? Promosi sithik, yo!.
Esuke, temenan, isih uput-uput aku wis ngamplok neng goncengane sepeda montore Bapak. Bapakku rak pegawe pengairan, dadine sakliyane ngendhangi omah, uga ngopeni pakaryan mbangun tanggul sing jebol.
Omahku jan manglingi temenanan. Lawang cendela omah katon mung rong pertelon. Pancen omahku karo embong, isih dhuwuran embonge, apa maneh sakwise diaspal mbiyen kae. Mulane embonge mung banjir saksikil.
“Fir, bapak terus menyang tanggul, yo, mlebuwa omah dhewe, wong neng kono yo onok masmu karo kancane sing nunut turu!”, ngendikane Bapak pas ngedhukna aku.
“Nggih!”, jawabku cekak.
Aku mingkis clana, terus mlaku nyedhaki omah. Daksawang saka iringan omah ono wong turu nglepus ing bayang njaba, mesthi iki Mas Didik. Wah, dakkagetane wae.
“Mas,…!”, aku mbengok ing sandhinge kupinge. Eh, ora tangi, malah raine sing ditutupi syal separo malah ditutupi sarung kabeh. Dakbaleni maneh, “Mas…!” malah luwih sora.
Hla kok saka lawang ngarep aku onok sing nyeluk,”Fir, kapan olehmu teka?”. Aku kaget, dadine wong iki mau dudu Mas Didik. Untunge bareng daksetitekake, dheweke nggawe headset, mulane…
Cepet-cepet aku njangkah karo mencolot, lha piye wong pancen mlaku ing banyu. Kecoprat-kecoprot.
Untunge kursine isih kena dilungguhi. Aku njajal rasane kursi omah, eh, pancet kok. Mung rasane maknyes ngono, kursine kadhemen.Nanging aku ora kepingin lungguh suwe-suwe, sakwise jagongan sedhiluk, kabar-kinabaran karo masku mbarep, aku cepet-cepet nginguk kamar. Alhamdulillah, kamarku wutuh, masiyo sikilane tempat tidure keleb, ning barang-barang ing dhuwur meja lan lemari wutuh ora dipindhah-pindhah. Yen isine lemari mesthi tambah aman, wong kuncine dakgawa terus nganti tekan kos-kosan, je!.
Sakwise kuwi  aku ngewangi Mas Didik ing pawon, sing wis mulai nyumet kompor gas. Untung elpijine gak kentekan. Lucu yen masak ing banjiran. Rumangsaku sembarange kampul-kampul.
“Dik, ora ono anget-angetan, ta?”, keprungu swara saka njaba. Iki mesthi swarane kancane Mas Didik. Huh, wis tangine awan, malah kaya juragan. “Iki lho aku wis ngongkon adhikku nggawe kopi, entenana!”, semaure Masku. Wow, njaluk diwenehi pelajaran, batinku.
Aku jumangkah nyedhaki mas Didik sing wis nata gelas lima. “Kok akeh, Mas?”, takonku. “Lha mengko sisan kanggo Bapak lan rewange sing mampir mrene!”. Aku cepet-cepet nyendhoki gula, ning salah sijine gelas sing wis daktengeri, dak tambahi uyah. Kapokmu kapan, raja males!.
Sakwise rampung nggawe, kopi kancane mas Didik dakladekna. Ealah, jebule wonge yo ijik pancet mlungker. Kopi dakseleh ing meja sandhinge. Aku ora maelu, titenana sedhela engkas. Aku ra mikir dawa, kopi daktinggal aku terus jumangkah mlebu ngrewangi masku, eh ora dhing, ndelok masku sing ibut makani bebek ing pekarangan mburi. Senenge nyawang bebek sing swarane rame karo padha silem ing banyu. Mendahneya aku dadi bebek, ora usah minggrang-minggring yen arep njangkah kaya saiki.
“Dik, kowe arep mateni aku tah?”, kancane Mas didik mbengok sora. Aku ethok-ethok kaget. Mas Didik mlayu mengarep. Aku mung njinggleng ono lawang pawon. Tata-tata, sedhela maneh aku mesthi diomeli masku.
“Firda, mrene…!”, masku nyuwara seru.
“Mbok apakno kopine Mas Aham iki mau?”. Aku mung ndingkluk amarga rumangsa salah. Salahe dhewe, wong nduwe kanca kok raja lelet. Pas aku neng ngarep, kancane masku wis menyat nang jedhing. Kemu be’e.
“Rungokna, ya. Mas Aham iki mau kawit iso turu bar Subuh, sewengi dher jagongan karo aku lan kanca-kanca liyane. Aku dhewe bar Maghrib wis turu terus Isya’ tangi , hla mas Aham lho durung turu blas kawit awan. Ayo njaluk sepura yen wonge bar ka jedhing?”.
Mas Aham? Tenan ta? Aku pancen durung kenal. Jenenge wae kawit ngerti saiki. Aku pancen bocahe bandhel, wis genah salah, aku yo ijik ngenyang.
“Lha dakkira kancane mas kuwi wonge males, mosok wis awan kok jik bubuk. Mulane…”, ujarku.
“Mangkane, yen arep ngapa-ngapa takon-takon dhisik!”, semaure masku kereng.
Wong sing arane Mas Aham kuwi sakwise saka jedhing mbalik lungguhan mbarengi masku. Mripate mencureng nyawang aku. Aku yo mencureng pisan, ning terus ndingkluk. Wedi.koyoke sakklebatan aku nate weruh praenan iki, mirip Afgan sithik-sithik, ning ora nganggo kaca mata. Nanging kapan? Ing ngendi?
Mas Didik nyenggol sikilku. Aku tanggap.
“Mas Aham, kula nyuwun pangapunten, niku wau kula klintu nglebetaken sarem. Kula wastani gendhis?”, ujarku lirih. Isin.
“Pancen mboksengaja kayane!”, wih, jawabane kok atos?
“Aku emoh nyepura, pokoke aku kudhu mbokgonceng nganggo sepedha onthele bapakmu!”. Wah, iki ngono model ngukume bapak pas aku sakdulur jik cilik. Sapa sing salah, mesthi dikon nggonceng sing dinakali nganti lega atine. Aku ngerti iki ngono akal-akalane Mas Didik. Nanging Mas Didik ora nyuwara blas, malah sajak mbela kancane.
“Lha tasik banjir ngaten?”, aku ngenyang.
“Halah wong neng embong lho banjire wis surut. Ora onok alasan maneh, saiki uga!”. Mas Aham menyat ngadheg. “Aku dadi bose, arahe aku sing nemtokna!.
Sakjane nyepedha pancen hobiku. Aku mbiyen tinimbang dikongkon ngrewangi masak, aku luwih seneng unjal sepedhahan dikon blanja. Tapi dinane iki, wah jan apes temenanan. Yen nganti konangan kanca-kancaku, apa kata dunia?.
Mas Didik enggal ngetokna sepedha onthele bapak. Aku dhewe mung lungguh njegreg nggetuni polahku mau. Malah Mas Aham wis ngadheg ing sandhinge karo jagongan klesik-klesik.
“Cepetan, Fir…!”, Mas Didik nyeluk aku. Gelem gak gelem aku nyedhek terus nuntun sepedha menyang embong, sakwise aku siap mas Aham nyengklak karo ngaba,”Nang bale desa”. Wadhuh, nang bale desa, neng kono rak ana ibuku?. “Lintune mawon, Mas…teng mrika wonten ibu?”, aku wurung nyandhak pedhal karo noleh.
“Ora iso, pokoke bale desa!”.
Aku ora wani mbantah maneh, dakgenjot sepedha kaya pas cilikanku. Tibake, rasane kaya ngene nggos-nggosan. Maklum wis suwe ora nyepedha tur nggonceng sisan. Nyetir karo mikir, sepedhahku ngglewar nalika embonge radha munggah. Brruuuaaakkk!!!, …nabrak tetean pinggir embong. Aduh, piye momotanku? Aku krengkalan tangi, tibake mas Aham ora piye-piye. sajake sakdurunge sepedha ambruk dheweke wis mencolot. Tangane mas Aham diulungke, aku direwangi tangi. Ya Alloh, aku rumangsa kedosan!.
“Kula nyuwun pangapunten saestu, Mas?” eluhku dleweran. Mas Aham mung ngguyu manis. Saiki Mas Aham malah persis Afgan, soale yen ngguyu tibake ndekik pipine. Sikilku sing babras diusapi nganggo saputangane.”Mengko wae ing bale desa diobati,ya?”. tangisku tambah banter.
Akhire ganti aku sing digonceng nutugna laku. Aku mung kaya sapi dikeluh bareng dicritani ibu yen Mas Aham kuwi mau yo mas Hamdan sing dadi mantri ing Puskesmas, lan uga kancane Mas Didik, mulane aku mau kok sajak tau weruh praenane. Tibake…!.Bengi kuwi sakwise pasien entek pancen diniyati ngumpul sakkanca ing bale desa, terus Mas Aham katut masku tunggu omah. Mulane olehe turu kok angles temenan mau esuk, bener yen olehe kepayahen. Isoku akhire mung getun, getun, lan getun. Nanging saben aku nyolong nyawang Mas Aham lan konangan dheweke, mas Aham malah mesem muuaanisss ngono, nggarai aku salting.
Wah piye iki? Banjire sajake nuwuhake winih banjir tresna ing sajrone atiku?

                                                            Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar