Halaman

Translate

Selasa, 11 Maret 2014

April Mop



April Mop
Wengi iki tanggal 27 April ing omahku rame banget. Rong kluwarga ngumpul gayeng, jagongan ngalor ngidul ing acara lamaran. Senajan ta dibarengi udan nggrecih, acara tetep lancar. Aku ora iso nutupi sepira gedhene rasa syukurku amarga kedadeyan ing wengi iki dikawiti crita kang nganyelake ati, utawa malah meh gawe patah hati.
-----------------
Aku asline nampa surat werna abang ati iku dhek mau awan. Ibuku kang ngandhani pas aku mentas mulih ngajar.
“Dhin, kae lho ana surat undhangan teka kancamu ing ndhuwur kulkas!”. Ngendhikane ibuk karo iwut nata meja nggo dhaharan.
“Nggih, Bu. Saking sinten, Bu?”. Semaurku karo mlebu kamar salin klambi.
“Mbuh ya, aku ora ndelok sapane. Ning jare Sekar mau teka kanca kuliyahmu!”.
Nanging aku banjur lali. Amarga bar mangan awan aku kesusu selak bali menyang sekolahan kanggo ngelesi murid kelas enem . Aku lagi eling yen nampa undhangan bar sholat Maghrib. Omah kahanane sepi, mesthine kabeh dha ngumpul ing dhaleme pakdhe sing jejer omahku, wong misanku awan mau mentas babaran. Sapa ya kancaku sing arep nikahan?, batinku.
Kleset-kleset aku marani surat undangan ing dhuwur kulkas. Dhak waca jeneng ing ngarep katujokake marang aku, lengkap sakgelarku. Wah, iki mesthine pancen teka kanca kuliahku. Wernane kang apik dhak telengi, wah ambune wuuangiii. Agahan dhak dudut alon-alon saka plastik bungkuse.
Mak tratap, atiku njomblak. Sing ngundhang Dhimas Hariyadi. Dhimas kuwi dudu kanca kuliyahku, dudu kanca sekolahku, ning dheweke kuwi …
Enggal wae aku mlebu kamar, dhak saut hp, dhak pencet nomere Dhimas. Suwe ora enggal diangkat. Dhak coba dhak baleni maneh. Lha, iki diangkat!
“Sinten niki?” , swarane wong wadon.
Aku ora sido kumecap, hp dhak pateni. Aku wedi mengko gek wong wadon kuwi bakal bojone Dhimas. Atiku moncat mancit hp terus dhak uripi maneh,lan aku ngirim sms siji, beke mengko dibales. Dhim, undhanganmu wis dhak waca, aku kepingin ngomong…
Sawise kuwi sidane aku glibegan dhewe. Dhakenteni nganti sakjam smsku ora dibales. Aku bingung muter-muter ing kamar. Biyasane yen onok smsku mlebu Dhimas langsung mbales utawa malah ngebel. Geneya Dhimas temenan ninggal aku?.  Mosok sakwulan ora kepethuk, Dhimas langsung mlangkah nang pelaminan?. Wong wadon ngendhi sing wis iso njiret atine Dhimas?
Isih eling aku kapan kedadeyane aku kenalan karo Dhimas. Wektu iku aku ngeterna ibuk ziarah haji neng nggene Bu Kaji Masfufah kancane ibuk sing dhaleme Peterongan. Ibuk wis mlebu dhisik, aku sik nggolek panggonan parker sepedha. Ndilalah, onok wong lanang nggawe topi elek mbabati pager. Terus dhak celuk,”Cak, tulung papakna sepedhaku iki. Aku bingung ora iso markir, panggonane wis kebek kabeh”.
Lha kok wong kuwi meneng ae. “Woo, kupinge budheg. Gak krungu omongku”, grenengku.
Ya Alloh, wong kuwi langsung malik awake dhak kira wis tuwa hlakok sik enom, nggantheng sisan. Tanpa ngucap langsung marani sepedhahku trus dibateg dipapakna panggonane.
Lha Illah, lambeku mau ngomong apa?. Ngrumangsani salah, aku terus nyedhaki dheweke,”Sepuntene nggih ucap kula wau,…kalih matur suwun?” alokku.
“Nggih, sami-sami!” ujare karo klepat ngalih mlebu omah liwat iringan.
Aku terus mlebu nggoleki lenggahe ibuk sing sajak gayeng jagongan karo bu kaji anyar.
“Jeng, putraku sing kuliyah neng hukum rak wis ketampa kerja neng Jombang kene, saiki aku wis ora sumelang maneh yen ninggal omah!, Kene dhak kenalna!”
“Dhim, Dhimas…”. Bu Kaji Masfufah nyeluk putrane.
Aku sing enak-enak ngrasakna kacang arab langsung keselek, lha piye…wong sing arane Dhimas iku ya wong sing dhakjaluki tulung markirna sepedhahku.
“Sing ayu kuwi Dhini, putrine Bu Kaji Fatimah, wis kenal pa durung?”, bu kaji ngenalke aku.
“Sampun, Bu. Kalawau teng ngajeng”, ature Dhimas sopan.
Aku saknalika kuwi ora kumecap uga ora kepingin mangan apa-apa. Isinku temenanan. Ning Dhimas ora ngomong masalah parkir mau, malah iso crita lucu-lucu marang tamu-tamune ibukke. Sajake wis lali!. Aku njur pamit nyang jedhing, eh hla kok Dhimas dikon nduduhake panggonane. Aku malih ngetut Dhimas, pas karo mlaku Dhimas ngomong,”Sampeyan nduwe utang karo aku lho…”. “Utang apa?” semaurku. “Utang ngilokna”. Aku mandheg njangkah. Aku nyawang Dhimas. Wadhuh, blai…praupane Dhimas njenggureng. Aku wedi. Dhimas mandheng aku, bar ngono tangane nguyek-uyek rambutku…”He..aku mung guyon. Ngono ae wedi!”. Guyune kemekelen.
Sakwise kuwi wis jamake bocah nom-noman aku kenalan, ijol-ijolan nomer hp, lan dheweke yo malih sering mampir nyang omahku yen mulih dhines. Dhimas kuwi pancen wonge piye ngono. Jane dasare meneng, ning yen wis cocok jagongane, wah kemripik omonge lan lucune. Akhire, aku lan Dhimas pacaran…plus wis disetujoni bapak karo ibukku uga bapak lan ibukke Dhimas
Pikiranku kumlawung. Pancen dhak akoni aku sing salah. Wulan wingi, nalika arep budhal pelatihan suwene sakwulan ing Jakarta, Dhimas kandha arep nglamar aku yen wis bali. Ning aku semaur durung siap. Karepku nglamare suk wae yen aku wis iso nyembulih wong tuwaku dhisik. setaun rong taun engkas. Lha aku rak bocah putri, mengko yen wis dilamar rak terus enggal dikon cepet-cepet nikah, padahal yen wis nikah rak ya kudhu nengenake keluwargaku sing anyar?, ngono alasanku. Ning Dhimas pancen ora pisan pindho kandha yen arep nglamar, dadine kadang aku ora iso mbedakna ngendi guyon, ngendi temenan.
Dhimas yo biyasa wae, meruhi tanggepanku kaya ngono. Paling-paling mung ngomong ,”Aku selak tuwek, Dhin..Dhin!”. Dhimas pancen wis apal watekku sing siji iki, mulai kenal nganti saiki. Aku yen wis nduwe niyat kekarepan arang iso dienggokake. Kejaba yen darurat (hih, koyok perang wae onok darurat barang).
Malah pas arep bali Dhimas kandha yen wulan ngarep arep ngajak aku dolan menyang dhaleme simbahe ing Wonosalam. Panen duren, ngono kandhane. Nanging nalika wis meh nyetater sepeda montore, Dhimas ngawe aku supaya nyedhak, terus mbisiki,”Aku wedi kelangan sampeyan, Dhin!”. Krungu ngono kuwi dhadhaku tratapan.
Dhak lirik tanggalan, dina iki tanggal siji April, saksuwene sak wulan wingi aku yo pancet sms-an, lan yo telpon-telponan. Ora ono sing malih. Mesthine sesuk wayahe Dhimas bali, malah kandhane wingi bisa uga maju penutupane acara, ora tanggal loro esuk ning dadi tanggal siji awan. Yen ngono bisa uga saiki Dhimas wis bali, lan aku ora weruh kabar apa-apa.
Pancen sedina iki mau mau ora ono sms teka Dhimas. Sms-ku esuk mau yo durung dibales, pikirku Dhimas rak yo repot persiapan bali. Aku dhewe ya ibut nglatih bocah-bocah sing arep Porseni lan ngelesi kelas enem. Dadi…ngene iki akhire…
Jam setengah sanga bengi dhak wanek-wanekake nelpon. Muga-muga…
“Ono apa, Dhin?”  Swarane Dhimas ulem kaya biyasane. “Durung bubuk, ta?”.
Aku ora kewetu omong. Dhadhaku rasane koyok dijojoh paku pirang-pirang. Malah tangisku ngrameni wengi ing kamarku.
“Dhin, kowe kenek apa?”.
Aku mung ngambungi hp ngrungokake swarane Dhimas. Hpku kebek banyu.
“Dhin, ngomongo…ana, apa?”. Dhimas sajak gupuh. Aku ora kumecap, hp dhak pateni. Aku ngguguk tangisan dhewe karo meluk bantal. Piye iki…aku ngrasaake tresnaku kaya kabur mumbul dhuwur ning njiret ragaku. Dhimas…Dhimas…aku piye…?. Piye aku yen matur marang bapak ibu mengko?. Bola-bali bapak ibu ngrasani ing mburiku yen aku iki wis pantes .ngono kandhane Sekar, adhikku. Ning miturut Sekar, kabeh dibalekake karo sing arep nglakoni. Sekar pancen nate dhak jak rembugan masalah Dhimas sing arep nglamar aku.
Thok..thok..thok..
Kamarku dithothok saka njaba. “Mbak, durung sare, ta?”, swarane Sekar renyah. “Ki lho aku nggawe sega goreng. Aku yo ora durung turu merga nglembur nggarap tugas kuliyahku”.
Lawang dhak bukak.
“Lho, Mbak…kok …?”. Sekar cluluk kaget. Tanpa ngomong Sekar dhak peluk kenceng. Tangane kewuhan olehe nyekeli piring. Sawise melukku dhakwudhari, Sekar dhak wenehi surat undhangan saka Dhimas. Sekar sajak mikir melu prihatin. Genti genten dheweke nyawang undhangan karo nyawang aku.
“Lha Mbak se, arep dilamar ora gelem. Yo ngene iki dadine”, grenenge Sekar.
“Aku gelem, dhik. Gelem. Nek weruh koyok ngene dadine saiki-saiki aku yo gelem dilamar. Aku emoh kelangan Dhimas, dhik!. Aku…” omongku kandheg ketutup tangis.
“Tenane? Ora kosik kosik maneh?”
“Ning saiki wis kasep, dhik?”, tangisku tansaya banter.
Agahan Sekar mlayu metu. “Ayo, Mbak… melu aku!” Sekar mbalik karo nggeret aku.
Aku koyok sapi dikeluhi. Ngetutake lakune Sekar menyang ruwang tamu. Iki wis bengi kok ruwang tamu jik padhang njingglang? Lho…kok, ana Ibu, Bapak,…lan Dhimas?. Sikilku koyok mancep neng jogan. Panyawangku tempuk karo panyawange Dhimas. Ora ono esem ing praenane. Mandheng thok. Dhimas,…aku ?
“Mreneya, cah ayu…lungguh kene!”, ngendhikane Bapak. Aku mung mencureng. “Iki onok, apa?” batinku. Aku emoh lungguh, mung ndhepipil sandhing kursine Bapak. Tanganku kiwa nggoceli astane bapak.
“ Nggonmu pacaran karo Dhimas wis pirang taun?”
Aku nyawang Dhimas maneh. Ning Dhimas wis ora nyawang aku, dheweke malah nutugake  jagongan karo ibuk klesik-klesik sing lenggah jejere. Aku ngitung driji.
“Kalih taun, Pak!”.
“Ndhuk, sampeyan saiki wis dudu bocah cilik maneh. Wis nyambut gawe. Wis ndhuwe pacar nggantheng. Kok, arep dilamar wae jare ora gelem?. Ojo bapak karo ibu didadekake alasan”. Ngendhikane Bapak thok leh. Mesthine iki Sekar sing lapuran, awas…ya? , batinku.
Aku mung meneng karo ndhingluk kluk. Aku wis ora iso ngomong apa-apa. Apamaneh Dhimas arep… , tangisku ambrol maneh.
Ora kenyana Sekar muter rekaman swara saka hp-ne. Kuwi…rak swaraku ing kamar mau?...Dhak sawang Bapak, Ibu, Sekar, lan…Dhimas. Kabeh ngguyu. Onok apa?
“Mbak, sampeyan dhak April Mop. Judheg aku ngrungokake critane Mas Dhimas jare sampeyan jik nolak ae yen arep dilamar. Pas neng Jakarta Mas Dhimas nate curhat nyang aku”.
“Mulane Mas Dhimas dak  kon mrene tanggal siji, ki mau mulih saka Jakarta langsung njujug kene, tapi skenario lan sutradarane murni aku dhewe “, cluluke Sekar. “Ki mau meh batal, wong surate ora enggal diwaca kit awan mau. Dadine Bapak njagongi Mas Dhimas mulai jam wolu mau”.
Dadine, dadine iki mau mung akal-akalane Sekar?. Bocah cilik ngakali mbake. Tresnaku sing maune bakal kelayu sakkal bali ngebaki dhadhaku. Aku langsung mlayu.
Aku wis ora maelu opo-opo maneh. Ing ngarepe bapak, ibu, lan adhikku,Dhimas dhak gapyuk. Kangenku sundhul wuwung. “Saiki, detik iki, aku dilamar yo gak pa-pa. aku emoh kelangan maneh”, ujarku karo nangis.
Ah, atiku langsung adhem nalika tangane Dhimas genti meluk aku. Keprungu swarane lirih,” Tibake wedi ta yen dhak tinggal rabi?”.
Dhak jiwit rosa gegere Dhimas.
Bapak, ibu, lan Sekar ngguyu ger-geran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar