Bancakan Pilkades
Aku jan getun tenan kepancal didolani
calon kepala desa . Umpama aku bar mulang mau terus mulih mbokmenawa ora kaya
ngene dadine. Getunku sethithik akeh amarga pak calon mau kabare ora saderma dolan
thok, nanging karo bagi-bagi angpao.Yo
wurung oleh angpao iku mau sing marakake tuambah getun bin gela. Aku lali nek
dina-dina iki dinane kampanye calon-calon kepala desa ing desaku.
Lagi kawit njagang Beat , Bu
karji tangga ngarep omah crita kanthi semangat papat lima,”Bu Eni, niki wau
kabeh tiyang sakblok didayohi kalih disangoni Pak kaji Jupri sing calon kepala
desa niku. Njenengan mboten wonten, nggih mboten dienggoki”.
“Kula kok mboten njenengan suwunaken
mawon?”
“Oh, nggih mboten wantun, wong kalih
asistene dicawangi sinten-sinten sing nampa
sangu, …salahe njenengan mboten ndang rawuh!”.
“Nek ngoten nggih mboten sisah
criyos,…maraaken gela mawon!”, semaurku karo mbukak pager omah. Atiku
mbedhodhog.
Mbak Tutik tangga tengen omah melu
ngombyongi, “Nggih, Bu Eni.Niku wau cucuke sumerep menawi rayat kula cucuke
calon setunggale, dadose kula nggih mboten wantun nyuwunaken”.
Bu karji alok maneh,“Eh, dicritani
kok sauté sengol,…ngaten lho….”. Mbuh jik dawa maneh ukarane Bu Karji, ning aku
wis ora ngrewes, aku terus wae nglebokne sepedha, atiku mangkel campur getun.
Mendahneya senenge oleh angpao iki mau, mbuh pira-piraa, sing penting rak kenek
nggo crita, owalah bahno barang wis
kadhung.
“Muga-muga pas calon sitoke kliling
aku pas ono omah”, pikiranku ngenam dhewe. Bar mikir ngono aku banjur salin lan enggal-enggal
tandang gawe omah.
Pancen gang ngarep omahku kuwi ambane
mung watara telung meteran, mangkane yen jagongan cukup dha metu nang ngarep
omahe dhewe-dhewe banjur banter-banteran ngomong ngono wis iso komunikasi. Lha
pancen kabeh ibu-ibu rumah tangga, srawunge luwih akrab tinimbang aku sing
seminggu dher kerja dadi guru. Pethuk-pethuke jagongan ya ngono kuwi mau, yen
ora pas budhal utawa mulih ngajar, yo yen pas prei karo nyegat bakul wlijo.
Untunge omahku manggon pojoke gang
wates kali gedhe. Lha neng pinggire kali gedhe
mau ono warung cilike Yu Kunthil. Dadine cocok. Menawa pengin krungu
gosip apa wae, mung kari nimbrung jagongane wong mlijo utawa wong marung kopi.
Pas tenan!.
Tahun iki pancen tahun pilkades, hla
piye wong sedina breng sakkabupaten ana pilkades satus patlikur desa. Mbuh apa
sebabe kok pilkades dibarengna kaya ngono mau. Biyasane yen ora bareng kan iso
ndelok pilkades desa liya pas wayahe itung-itungan. Yen barengan ngene iki
dadine yo mung ndelok ing desane dhewe wae.
Esuke tangga-tangga gangku lan gang
liyane padha mlaku-mlaku nang pasar kabeh, ndilalahe dinane Minggu, aku papagan
pas mlaku-mlaku esuk, anak siji anak loro digandheng kabeh arep dijak tuku
apa-apa neng pasar. Nggawa tas gedhe-gedhe, be’e dodolan sakpasar arep dituku?
Hehehe…, pancen yo lumayan yen amplop siji isine telung puluh ewu, sakomah ono
telung hak pilih artine oleh sangang puluh ewu. Wow, padha karo blanjaku rong
dina. Getunku nggremeti atiku maneh.
Sawise mlaku-mlaku, watara jam setengah eneman, neng
warunge Yu Kunthil wis rame, ana wong lanang enem jagongan sinambi ngopi.
Minggu-minggu, biasa. Dina santai. Taktenger karo mepeni umbah-umbahan wingi
sore, sing jagongan kuwi ono Pak Rosid,
Mbah Mus, Pakdhe Karman, Cak Kentus, mbuh sing loro sapa maneh aku ora paham
jenenge.
“Mau bengi aku dolan nang omahe Kaji
Jupri. Lumayan oleh sangu seket ewu”, aloke Pak Rosid, sing dadi ketua RT.
“Lha yo mesthi ae, wong sampeyan Pak
RT. Nek awak-awak ngene yo durung karuwan…!”, jawabe Pakdhe Karman.
“Ora kok. Wong kabeh tamu sing teka
disangoni ”, Pak Rosid semaur. “Wis ta ayo mengko bengi takterna, nek ora
percaya!”, tutuge.
“Nggih, percados!”, Cak Kentus
nengahi. “Ning, kinten-kinten sinten nggih sing unggul?”, Cak Kentus takon.
“Jago loro ketoke padha kuwate!”.
“Wah, nek jareku yo Kaji Dulah. Wong
kaji Jupri ‘cara’ ngono kok yen ngopeni rakyate”, Mbah Mus nyuwara. “Aku tau
ngurus KTP anakku, eh, dingel-ngel. Tanda tangan blangko ae semaya, hla kok
tanggaku ngurus padha dinane iso beres, mbuh piye kok ngono!”.
“Tapi yo durung mesthi, wong pilihane
wong ora iso dipesthekna. Saiki A sesuk B yo iso ae”, wong lanang kang ora
dakweruhi jenenge nambahi.
Buyar. Jagongane sigeg. Ono sepedha
montor loro mandheg. Cucuke salah sijine calon kades rupane.
“Yu Kunthil, sapa ae sing ngopi dina
iki taktanggunge, beres. Pokok suk mben gelem nyoblos…iki…!”, karo nduduhne
gambare salah sijine calon.
Wah, ora usah ngenteni engko awan,
kumbahan daktinggal, aku yo melu njaluk kopi sakcangkir , nimbrung karo
wong-wong liyane. Ning kopiku dakgawa
mulih, dakombe neng omah wae. Lumayan, oleh gratisan!.
Tahun iki calone kepala desa ing
desaku mung ono loro. Pak kaji Jupri karo Pak Kaji Dulah. Sing siji lurah incumbent,
dene sijine calon wurung neng pemilihan sakdurunge. Aku yo bingung sakjane.
Wong karo-karone wali murid ing sekolahanku. Untunge aku durung kecipratan
apa-apa. Dadine sithik akeh isih iso netral. Mbuh maneh yen terus entuk
bom-boman? Lha iki mau wis entuk kopi gratisan.
Pancen yen wis rejeki, ora ngarah
keliya. Sore iku pancen dakniyati ora lunga-lunga, kabar slentingan Pak kaji
Dulah sekaliyan arep tinjo. Meja kursi wis dakkebusi, jogan yo mulus daksapu
bola-bali. Malah nang anakku lanang ruwang tamu disemprot parfum. Ealah, yen
gak saiki kapan maneh didayohi calon wong penting?. Yen wis dadi? Halah yo gak
ngarap sanja-sanja. Saiki rak ibarate ‘tlutuh lamtoro, sing butuh mara’ rak,
ngono, ta?
Alhamdulillah. Temenanan. Wis
didhayohi, disangoni amplop loro isi telung puluh ewuan. Lumayan, kena nggo
tambah blanja, batinku. Jagongan sedhiluk, yo mung basa-basi, wong pancen
niyate yo mung njaluk donga pangestu. Lucune, kawit mlebu omah, bojone Pak kaji Dulah wis mbukak dompete,
tata-tata arep nguwehi amplop. Nganti ngapal be’e tangane, reflek…
Bengine Yasinan jalukan saka Bu Zaki
oleh rezeki maneh. Kudhung uuaapiik, model anyar sumbangan saka Pak Kaji Dulah
jarene. Yasinane lingkunganku asline malem Jum’at, ning yen jalukan, dinane
sakkarepe sing njaluk. Jum’at kepungkur jane yo ono dum-duman kudhung paris
saka Pak kaji Jupri, ning aku ora mlebu, amarga nunggoni anakku sing patah
tulang lan operasi ing RSUD Jombang.
Malem pilihan swasana jan rame tenan.
Aku karo tangga-tangga dha medayoh nang nggene calon kades. Mlaku dhampyak-dhampyak
sak anak-anake digawa kabeh, marane diurut gilir kacang, mulai nang omahe Pak
Kaji Jupri dhisik, oleh mangan bakso sakmangkok. Terus pindah nang nggene Kaji
Dulah, oleh mangan maneh sega rawon. Wareg lan seneng.
Ndilalahe nang nggene Pak Kaji Dulah
aku ketemu Yu Marni, sing jarene wong-wong Yu marni iki wonge kaji Jupri. “Bu,
njenengan terose dereng angsal dum-duman king mrika?”, ujare Yu marni karo
kethip-kethip arah omahe Kaji Jupri. “Menawi kudhunge mpun kula jalukna, tasik
wonten teng griya”.
“Alah, Yu…gak pa pa. Saiki rak wis
dina tenang, dudu wayahe dum-duman maneh, pancen durung rejekiku”, semaurku alon.
Isin yen dirungokna tangga liya. Guru kok ndremis. Ning saumpama Yu Marni langsung menehi ngono
apa yo tak tampa?, koyoke iyo wae, biasa… sedhakep ngawe-awe. Laire gak gelem
batine ya yo wae, sapa wonge sing gelem nulak rejeki?.
Ing dina pilihan, pas dina rebo
wekasan, aku ora iso bareng tangga-tangga nalika budhal nyoblos amarga
sekolahan ora oleh prei. Enak, tanggaku disediyani pirang-pirang kendaraan.
Kari milih, ono bentor, lin, kol pikep, lan kereta kelinci. Wih, mendahneya
senenge, gratis. Mbuh iku mau kendaraan teka panitia pilkades tah teka calone
aku ora paham.
Jam setengah siji awan, nalika aku
mara nang aula bale desa, wis ora kepethuk sapa-sapa, kari onok panitiane thok,
sajake wong-wong warga desa kabeh wis milih esuk mau. Aku nyawang mantene rong
pasang ing ndhuwur panggung, dha dikipasi bojone dhewe-dhewe, padahal
rumangsaku yo ora pati panas, wong saben dina udane nggrecih. Panas njero
sajake.
Akhire, nalika mlebu bilik swara aku mesthi
kudhu milih, yo piye maneh, gelem gak
gelem meksa kudhu milih antarane loro. Sapa sing dakpilih? Aku ora wani
kandha-kandha, kan kudhu LUBER, hehehe…
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar