Layang Kanggo Kancaku Lawas
…
Mbuh arep dakwiwiti teka ngendi olehku crita. Aku isin njaba njero. Lha piye, ora genah sangkan parane mara-mara aku kepengin nulis surat iki. Aku ora bisa mbayangake yen nganti tumiba ing awakmu, mbok menawa guyumu lakak-lakak maca critaku. Wis sakkarepmu. Mbok guyu kenek, mbok buwang kenek, terserah, sing penting gembolane atiku wis takwudhari, ben aku isa ngliwati dalane uripku kanthi padang ,kanggo nutugna uripku.
…
Kancaku,
Eling ta kowe yen aku wis nglakoni urip jejodoan karo bojoku wis udakara limalas taunan. Rong windu kurang, urip bareng nganti nduwe buntut loro.
Godane urip mesthi wae silih gumanti. Godha rak macem–macem ta? Isa digodha kaduwekane, digodha anake, digodha rejekine, utawa digodha imane. Kabeh godha koyoke wis takusahaake dakkendhalekna, nanging lha godha sing pungkasan iki sing ora iso dakalingi. Ora nggodha aku ning nggodha bojoku. Shalate jangkep, pasane ora tau telat, ning bareng tiba atine…?.
Siji godhaning ati sing runtut kaping telu tumiba marang bojoku. Yaiku kegodha wong wedok liya. Lha pancen bojoku nggantheng, cekel gawe mapan, cukup saksembarange. Dadi idolane guru-guru sakkecamatan paribasane. Witing tresna jalaran saka kulina, witing tresna jalaran saka ngglibet, mbokmenawa salah sijine asal muasale. Aku pancen yo padha-padha ngayahi dadi guru, ning beda kementerian. Dadine asring salipan saben dinane. Bojoku preine Minggu, aku preine Jum’at. Apa yo merga prei gak bareng dadine koyok ngono?, malah uga kegiatan tambahane ya ora nate kepethuk. Bojoku saliyane ngajar, yo aktif neng sembarang kalir kegiatan guru. Mbina murid prestasi, ngurusi KKG, ngelesi murid LBB, lan sakpanunggalane. Pokoke bojoku jan top markotop kegiyatane. Lha aku yo yen wis buyar sekolahan mbalik nungsang jempalik ngopeni omah.
Terus piye larah-larahe kok njur kegodha wong wedok liya?. Ya kuwi mau, bojoku pancen wong sing apik atine, asring dadi papan curhate kanca-kancane. Nganggo tandha kutip utamane curhate kanca wedok. Kancane pancen ayu-ayu tur taksawang pancen dha ketok gaul. Seje karo aku sing ndeso tur kuper. Aku pancen ngrumangsani yen umurku padha karo bojoku, mung kacek wulan. Nate dheweke ngomong,”Dhik, ojo muring-muring ya, jare kanca-kancaku aku iki wonge nggantheng, ning nyonyahe wis katon tuwa!”. Aku mung meneng wae. Senajan ta nelangsa jroning batin. Mbok menawa nek bojone wong liya, sing lanang wis dibalang sandhal ngomong koyok ngono.
Bojoku nate daktakoni,”Mas, yen saumpama isa nikah maneh, njenengan golek bojo sing koyok apa?” Jawabe spontan,”Aku kepingin nduwe bojo sing umure limang taunan ngisorku, sing centhil, manja, lan kudhu ayu!” Eh, aku ngelus dhadha, pancen mesakake bojoku yen ngono. Asring aku ngaca, daksawang pancen awakku wis melar amba, ora kaya nalika rabi limalas taun kepungkur. Apamaneh yen nyawang lambeku, sing asring dikoco-koco bojoku koyok lambene kebo. Soale lambeku ora alus koyok lambene wong-wong, ning onok ngget-nggete. Kebo enom menawa sik gak dirasa, bareng kebo tuwek koyok aku, dadine yen ngliwati yo koyok ngliwati polisi tidur. Nggronjal-nggronjal gak penak blas. Bek….e…
Aku iki wonge jan paling ngugemi rasa percaya, aku percaya nang bojoku, mangkane aku ora nate ngaru biru mbuh apa wae kegiyate neng njaba omah, aku ora sepira ngopeni. Weruhku, pokoke budhale pamit, lan yen sore utawa bengi bali neng omah. Pokoke yen neng omah tak servis sing memuaskan rak ya wis. Omonge tangga ting klesik ora nate dhak gape.
Apa takjarna nalika bojoku kegodha atine? Yo ora, masiya aku pro poligami ning ana syarate. Isih eling aku dhek wulan pasa tahun wingi, bojoku takkandhani, nek pancen kepingin rabi maneh, goleka prawan, goleka randha, engko taklamarna. Lha iki ora, srendhel gondhel kaping telu karo bojone uwong. Rak cilaka mencit!
Ning saiki, dina-dina iki aku wis mupus karo urip rumah tanggaku. Lha piye, wong aku wis waleh karo prilakune sing puancet koyok ngono. Opo maneh WIL sing nomer telu iki, gak baen-baen. Bojoku sing ngarepna kepala sekolah anyaran je. Sakdurunge ya kanca padha guru ngono wae. Pancen kepala sekolah iki luwih sembarange teka aku. Aku pancen yo kenal, wong dheweke asring dolan neng omahku. Lageyane sajak ngalem, eseme lan guyune nyenengake. Onok wae sing dilakoni karo bojoku yen dhong mara neng omah, umpamane nggarap laporan, konsultasi maneka werna, uga akhire jagongan ngalor ngidul. Aku pancen ngurmati privasi, paling-paling aku metu nek ngladekake wedang, terus mlebu maneh. Liyane yo takjarna wae, wong arahe sing dirembug aku ora mudheng.
Paling batinmu misuh-misuh, wong bojo dijaluk uwong kok dikekna. Eee, rungokna dhisik critaku durung tutug. Kancane bojoku kuwi jan cintrong temenanan karo bojoku. Apa buktine?...Biyuh sms-e sakpikul yen dhong konangan aku, isine …ck…ck..wis kalah thok pokoke cah enom-enom saiki. Koyoke wong wadon iki ngendhem tresna, utawa mbiyen rung kober yang-yangan kanthi katog, dadine sakwise saiki nemu PIL sing nyocoki, kaya dibyurake kabeh tresnane. Nate nalika dakpijeti, terus pas wis liyer-liyer daktakoni,”Mas, njenengan seneng apane se karo si-M iku?” Apa jawabe?“Aku wis kadhung ciiiiintaaa, ngono!” Banjur wonge keturon.
Nah, saiki takduduhi bukti-bukti sing nggarakna aku lega lila ngeculna bojoku ben dipek si WIL mau.
Kaping siji…
HPne bojoku sakjege sms-e sering takwaca (ya takbales barang kadhang-kadhang), didelikna rapet pet. Alasane bojoku aku dianggep ngintimidasi kancane. Tapi wong akalku akeh, ya aku weruh ae se panggonane ndhelikake! Penguasa omah rak aku..! Neng endhi ae olehe ndelikna?. Kadhang dislempitne njero tumpukan klambi. Kadhang dislempitna neng njero lemari buku. Tau yoan neng ndhuwure lemari buku. Sing lucu nek ndeleh-ndeleh dhewe terus lali panggonane. Ngliter sewengi olehe nggoleki. Tau saking mangkelku, nalika hp-ne taktemu neng antarane skripsi-skripsi, terus tak singitne neng njerone papan dolanan anakku. Lha piye, onok sms 72 jumlahe, teka si WIL mau isine ora karu-karuwan, malah onok sing isine ngelek-elek aku barang. Iki lho conto sms-e…
“Piye, rasane takambung mau?”
“Aku kangen, Pa!”
“Lho kok mundhut sarapan, apa durung dimasakna bojone?”
“Aku kepingin mbaleni kedadeyan kang endah kuwi lho, Pa?” (kedadeyan apa, ya?, pitakonku jroning batin!)
Piye caraku nemokna hp iku? carane nemokne gampang pol, nganggo panggilan masuk, mesthi hp iku nggeter, wong pancen ora dipateni, tapi yo ora diwenehi nada dering. Sewengi dher ndekne ora turu. Taktogna wae. Kapokmu kapan! Isuke gayane kumat, mesthi nangis-nangis, karo njaluk sepura. Tak jarnaaa ae. Tapi suwe-suwe aku yo ngesakna, terus takbalekna, bojoku janji ora katene sms-an sing nggarahi atiku lara. Janji, suer!
Paling pitakonmu, kok ora mbokcegah se perilaku ngiwa iku mau?
Pancen aku yo kliru, maune takpikir koyok wong kulina soto, eh ya ben talah ngincip-ngincip rawon tah ngrasakna gule. Malah welinge ibukku jan tak anut tenan.”Nduk nduwe bojo guru iku kudhu jembar dhadhane. Ojok gampang cemburu. Nek neng njaba yo dhuweke wong akeh, nek neng omah iku dhuwekmu”.
Aku wis nyegah, liwat sms balesan nganggo nomere bojoku, tak bales liwat nomerku dhewe, malah tau tak telpon barang. Tapi sithok iki pancen ulet, nek nomere wis dhak onangi mesthi terus ganti. Seprene aku nyimpen onok pitung nomer sing nate digawe.
Aku nelpon terakhir wulan April, pas malem Jemuah Legi. Aku eling temenanan soale taktelpon karo budhal Yasinan neng omahe Mbak Dhenok.
“Bu, pripun niki kok sms-e sajake hubungane wis tambah erat?”, Kula tak ngajokna gugat cerai mawon, wong pimpinan kula nggih mpun semerep!”, kandhaku.
“Nggih empun kesesa, Bu. Dipun penggalih rumiyin malih!”, jawabe si WIL alus.
Eh, karepku mbok njaluk sepura tah piye, malah ora. Pancen koyoke dhek-e ora rumangsa yen wis ngganggu rumah tanggaku .
Kaping pindho…
Bengi iku bojoku ngumbah mobil neng ngarep omah. Suwiii banget sajak seneng atine. Mulai bar Maghrib nganti meh setengah sanga. Aku dhewe lagi glethakan neng mbale amarga aku radha kurang enak awak. Ngelu campur nggreges. Dhak sawang liwat pager wesi sing kenceng karo nggonku turon, bolak-balik bojoku mlebu mobil . “Paling Ayah sms-an, Buk?”, ujare anakku sing gedhe nalika nggatekake panyawangku. Atiku mesthi kumesar. Ngeluku tambah pleng-pleng.
Bubar ngumbah mobil, bojoku pamitan turu neng kamar. Dheweke ngerti yen aku pas gak penak awak seneng turu neng mbale ben ketok godhong-godhong neng njaba karo maca-maca novel nganti keturon. Tapi aku ora isa turu. Jam sepuluh bengi, aku shalat Isya’. Nalika ngliwati kamar daksawang bojoku turu angler nganti ngorok-ngorok, ngamping hp-ne sing lagi dices.
Kesempatan, aku kepingin weruh apa wae isine sms-e mau bek-beke durung dibusek. Temenan, bareng takdelok isine jan nglarakake atiku.
“Aku dhewean, Pa?”
“Ilham neng endhi, umpama aku neng kono awake dhewe iso pijet-pijetan, iso grayah-grayahan,iso lus-lusan lan…”
“Aku sayang Papa!”
“Aku kepingin cepet-cepet nikahi Mama”
…
…
Ya Rabbi, dadine ngumbah mobil mau, karo sms-an koyok ngono iku. Alah ben, biyasane ya ngono. Nanging atiku kok ngejaki mbukaki apa wae isine hp iku. Soale iku hp anyar durung onok sakwulan rumangsaku olehe ngijolne, aku durung kober nguthik, wong ora nate ketok mata.
Dakbukak file video,…. Masya Allah, aku sanalika ngejer dhewekan. Onok video sing ora dakkira blas. Neng kono si WIL katon megal-megol mung ngganggo kemben utawa pinjungan andhuk, dibarengi swara mesrane bojoku. Mesthine video kuwi sing nyuting bojoku. Nek gak salah ya neng sawijining kamar hotel. Aku ora kuwat nyawang.
Dumadhakan anakku mbarep nyedhek, tibake anakku durung turu. Dheweke melu nyetitekake video iku. Ujare,”Aku lho ngerti wis suwe nek Ayah selingkuh, Ibuk ae sing mboten semerep!”
Anakku jan pinter temenan, video mau sakbanjure dipindhah neng laptop, flashdisk, lan hp-hp liyane. “Engko nek konangan, mesthi video iki dibusek, Buk. Mangkane takpindhah-pindhahe!”
Aku mung meneng, ora ngira babar blas yen bojoku wis semono dohe hubungane karo si WIL-e. dakpikir sewengi, aku koyoke wis ora isa maneh mertahanake jejere bale wismaku. Aku kudu bertindak.
…
Pungkasane, ya ngene iki saiki uripku. Isih wira-wiri urusan karo sidang ing Pengadilan Agama. Aku ora arep ngrusak karire wong loro iku mau, aku ora nuntut apa-apa, nganti tekan Irjen barang aku mung alasan ketidakcocokan , ora ngungkit masalah kuwi. Ben Gusti Allah kang mbales, aku ora niyat nggawe wirange wong liya.
Nanging atiku wis mantep, tujuwanku mung aku kepingin bebas, aku pengin nylametne uripku dhewe, umurku ora tambah enom, yen kedadeyan kaya ngono-ngono wae, iso-iso aku sing rusak, urip nggrantes nganti tuwa, lan aku pancen wis emoh dadi pepalange tresnane bojoku. Dongakna wae urusan iki enggal rampung, ya kanca. Engga aku isa enggal bamban urip anyar, nutugne urip karo nggedhekna anak-anakku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar