Halaman

Translate

Selasa, 11 Maret 2014

Alu karo Lumpang



Alu Karo Lumpang
Pancen repot yen dadi randha. Apa maneh randha anyaran. Yen randha anyar tur ijik kinyis-kinyis ngono kena diarani siiiplaah. Lha kaya aku ngene iki piye?, randha anyar, umur 38 tahun buntut loro. Enom gak enom, tuwek gak tuwek. Magak saksembarange pokoke. Umpamaa, iki umpama lho, kepingin golek brondong, mengko diarani randha gatel, lha umpama kepingin golek maneh  mbah tuwek sing sukur melek, diarani kedonyan. Repot ta lah pokoke.
Samubarang sing daklakoni ono wae sing nyoroti. Sokur yen sorotane apik, hla iki sorotane mbleret, rak cilaka!. Diarani artis tapi gak onok honore, diarani terkenal tapi kok terkenal statuse sing randha.Jerite atiku, “Kok beda ya karo kanca sing dadi duda, enak ngono, tur enjoy aja?”. Padahal aku dadi randha ya dudu merga salahku, tapi merga bapake arek-arek sing minger keblate, hehehe…
Esuk iku aku arep nyuwun tulung Mas Zia, TU ing sekolahku, ngajari carane  ngapload foto neng nggone facebook,…eh, nalika bubar, durung nganti mlebu kantor guru wis disemoni kancaku,”Bu Eni, mpun caket-caket sanget kalih Mas Zia, soale piyambake badhe semah, lho…?”. “Maksud, lo?”, batinku. E alah, ndahneya Mas Zia takkon nggonceng aku ngalor ngidul, rak malah misuwur ora karu- karuwan. Repot!.
Tak akoni pancen uripku saiki wis ora saklumrahe wong urip normal. Mbiyen nduwe open-openan, nduwe jadwal rutin mulai tangi esuk nganti turu maneh.Saiki bebas merdeka. Masak yo wis ora wajib, umbah-umbah ora tamtu, mangan turu sakpenake, warung nyandhing, pokoke dhuwik gajian jik cukup ngono wis ta lah, kaya raja pokoke.
Anak-anakku ndilalahe manut-manut. Sing gedhe wis mondok, dadine aku karo sing cilik thok. Penak aturane. Yen esuk paling sarapan Energen, mie instant, utawa endhog mata sapi. Ngecopna beras sakgelas neng magic com, wis beres cukup kanggo anakku sedina. Aku dhewe arang-arang mangan sega, ora niyat diet ning pancen wegah ae. Mbiyen sakdurunge pisahan bobotku 67 kg, saiki kari 55 kg. wis ideal, ora koyok nangka diblongsong maneh. Ngono wae yo dikoco-koco kanca-kanca,”Wah, sedhela engkas…ndang payu maneh, Bu!”. Rumangsane wong-wong ki hilang satu tumbuh seribu, be’e. ora ngerti piye susahe proses pisahan, walah, amit-amit aku emoh nglakoni mlebu metu ruwang sidang maneh maneh. Kapok poll.
Yen ing kantor kanca-kanca dha jagongan bab-bab sing panas ngono kae terus karo klesak-klesik, lan karo nyawang aku sajak piyeee ngono. Batinku,” Aku lho wis ora kepingin ngona-ngono maneh. Setrumku wis dakpateni. Critaa banter lho aku ora apa-apa!”.
Mulane aku terus akal ngguwak swara, piye carane supaya aku ora dadi krikil ing antarane kanca-kanca.
Sawijining dina dakjujug guru sing sering dakparabi radio masyarakat. Kabar apa wae mesthi nyambung neng kanca-kanca liyane. Awan iku, ndilalahe ruwang guru lagi sepi, aku mara-mara crita,”Bu, njenengan rak ngerti se nek Bapakku wong pinter?”.
“Enggih, terus?”, jawabe durung sepira nggape karo iwut tandha tangan neng buku absen.
“Bu, nafsu syahwatku lho teng Bapak wis dijupuk teka awakku”, bacutku.
“Enggih? Mosok saged?”, takone karo nyawang aku. Mulai kasil rupane akalku.
“Enggih, lha piye, aku iki ibarate babon, yen langsung dibirat rak iso nglolosi, nggoleki jago. Mulane nafsuku mau dijupuk, hla suk yen aku wis siap tempur maneh, nafsu iku dibalekna nang awakku”.
“Saged saestu napa, Bu?”, takone sajak nggumun.
“Ya mesthi iso, Bu. Buktine njenengan rak weruh se, aku masiyo meh setaun ora kambon jago yo ora ngana-ngene, iki pancen amarga ‘kuwi’ mau!”.
Jaman saiki pancen jaman modern, mutakhir, ning klenik ya isih ono kok, malah luwih canggih tinimbang pendapat sing rasional. Strategiku sukses, kabar kasebar yen aku wis ora nduwe setrum maneh, ora ngarah ngana-ngene, terutama karo kanca-kanca lanang ing sekolah. Swasana sekolahan dadi adem ayem maneh. Alhamdulillah.
Aku iki wong apik. Temenanan. Aku iki wong super apik. Nanging masiyo aku pisahan, aku dadi randha dudu amarga salahku, ning pancen stigma masyarakat, pandangane kanca-kanca ora kabeh positif. Daktrima wae.Randha pisah urip kuwi pancen sanggane abot. Ya lair ya batin. Apa ya mung pangrasaku bae?, dakkira ora.
Nalika aku melu RAT Koperasi, aku sapejagong karo salah sawijining guru, mbuh aku ora takon saka sekolahan ngendi. Ngobrol ngalor ngidul, ndilalahe bu guru mau crita,”Ana kancaku lho, Bu ditinggal mati sing lanang mesaake temenanan. Ngopeni anak dhewe, mbuh iso kuwat apa ora. Tapi dadi randha amarga ditinggal mati ngono kuwi luwih mulia tinimbang dadi randha sing pegatan”. Dheweke ora ngerti yen aku iki yo klebu randha pegat.
“Lho kok ngaten, Bu?”, ujarku.
“Mila ana bedane antarane randha mati kalih randha pegat?”, takonku maneh nguber jawaban.
“Sak apik-apike wong wedok iku nek wis rumah tangga yo ojo pegatan, piye wae masalahe dimarekna, nek keturutan pisah,..hiii…ora onok apike!”, sambunge sajak bener-benera dhewe. “Masiyo randha mau rumangsa bener, tapi wis ta lah, mesthi kaya wong gatelen ngono kae, nguber-uber saben wong lanang sing neng cedhake”.
Ya Alloh, Astaghfirullohal adzim, padha wedoke ae pendapate koyok ngono. Digebyah uyah padha asine, antarane wong wedok sing apik karo sing nakal.
Ndilalahe, nalika aku pas mari ngurusi kenaikan tingkat, aku ketemu ibu kuwi maneh, nyegat angkot neng ngarepe kantor koperasi. Ning beliaunya sajak mari gerah. Wong nganggo jaket kandhel karo pasuryane pucet. Sepedah montorku dakjagang ing cedhake.
“Bu,…?”, aku nyapa ndisik karo nyalami. Sajake wonge isih eling karo aku.”Gerah menapa?”, takonku maneh.
“Enggih, niki mantun operasi usus buntu. Kula saking koperasi pados sambutan arta!”, jawabe.
“Kok piyambakan, sinten ingkang ndherekaken?”
“Anak-anakku wis padha kuliyah, Bu. Lha bapake kuwi lho, Bu.. tak eman-eman, takbukakna toko neng pasar, hla kok katut tangga kios. Kula sakit niki nggih kalih ngelu ngraosaken tingkahe bapake”. Karo kaca-kaca mripate.Aku mung ndlongop. Mengko yen kedadeyan pisah kaya aku rak,…dadi wanita sing ora mulia maneh kaya ature pas kae?. Ah, mandar muga yo ora nganti kedadeyan kaya kang dak pikir. Aku ora kepingin nular-nularna penyakit pisahan, kok…
“Sabar mawon, Bu. Insya Alloh, Gusti Ingkang Akarya jagad mboten nyoba umate ngluwihi wates kemampuan Panjenengan, Bu?,” tembungku karo nyalami pepisahan.
“Mugi-mugi njenengan mboten nglampahi kados kula, dados randha pegat”, alokku maneh.
Mbuh piye pikirane ibu kuwi sakwise krungu omongku mau. Soale angkote wis mulai mlaku.
Awan iki, ndilalahe guru-guru ngumpul kabeh ono ruwang guru sakwise ono suntikan Diphteri masal , lan bocah-bocah wis diulihake kabeh. Arep dha kundur, durung iso, hla wong ngenteni jam minimal ceklok 12.30 WIB.
Biyasa, pak Yusuf, Pak Misbah, lan guru-guru kakung liyane mesthi jagongane senengane nyrempet-nyrempet masalah ngono kuwi. Ibu-ibu ya mung ngrungokake.
“Bu Yuni lho, wis biyasa disuntik saben ndina wae, kelaran kaya ngono. Mendahneya Bu Eni sing setaun gak onok sing nyuntik”, ujare pak Yusuf, ngomentari critane sambate Bu Yuni nalika disuntik ing ruwang kelas 6a.
Aku langsung semaur,”Wong suntik cilik ae kok kelaran!”.
“Suntike kurang gedhe, be’e?”, semaure Pak Fiyul. Ger..kabeh ngguyu.
“Piye, Bu Eni dakgolekna suntik gedhe ta?”, ujare Pak Misbah.”Suntik cilik kurang krasa se?”, sambunge.
“Pak, njenengan ngertos bedane alu karo lumpang?”, takonku.
“Napa?” “Napa?”, sauté wong-wong saur manuk, persis kaya murid-murid ing kelas. Hehehe.
“Nek alune padha, lumpange beda, rasa dheplokane mesthi padha. Ning yen alune beda, lumpange padha, rasa dheplokane mesthi beda.”
“Maksude napa, Bu Eni? Napa hubungane kalih suntik menyuntik wau?”, keprungu pitakon sajak heran.
“Ya ngono kuwi mau ibarate lumpang aku wis emoh klebonan alu sing beda. Ibarate kesuntik, aku yo wis emoh disuntik ngganggo jarum liya. Cekak cuthel”.
“Oooo?”, koore metu. Kabeh kanca-kancaku terus ngguyu kabeh.  Ora ana maneh sing ewuh pakewuh amarga statusku, swasana jagongan yo dadi enaak, ngono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar