Perkemi
Pancen, wong ki ora oleh ndisiki kersa alias kemeruh dhisik, opo
maneh yen nganti neng ngarepe wong akeh,…wow…isine ora ilang-ilang seprene.
Saumur-umur aku pancen durung nate numpak sepur temenanan, yen
numpak gerbong yo nate mbiyen jaman melu Jambore daerah ing Madiun 1988. Nanging
sepisan kuwi, thok!.malah wis lali piye rasane. Hla dhek tanggal 22 November
2013 aku rak ngeterake bocah-bocah lomba ing Bogor, bocah wolu dibarengi wong
tuwane dhewe-dhewe budhal mulih numpak sepur.
Budhale numpak sepur Brantas jurusan Stasiun Senen saka Stasiun
Kertosono jam setengah loro awan. Padahal iki sepur ekonomi lho, kahanane jian
uuaapikk tenan, lungguhane penak, jedhinge resik. Wah,aku sakrombongan jan
seneng banget. Apa maneh akeh wong dodol gilir gumanti. Mulai dodolan panganan,
buku-buku, souvenir, lan liya-liyane. Aku malah wis ngrancang, sesuk yen bali
mulih arep mborong sakabehe jajan ing sepur. Mumpung!.
“Bu, saene tumbas jajan sakmenika menapa mbenjang mantuke, nggih?”,
ibuke Nana takon. Kanthi teges dak jawab,”Alah Bu, mbenjang mawon menawi sampun
kondur. Hla menawi sakmenika mangke ewet mbetane”.
Kabeh wali murid ya manut, wong aku gurune sing paring dhawuh,
dadine ora ono siji-sijio sing tuku jajan utawa oleh-oleh ing sepur Brantas. Mung
dha tuku panganan mateng nggo ngisi weteng.
Bareng mulihe, rombonganku numpak sepur Gaya Baru Malam Selatan
saka Stasiun Jakarta Kota. Lho, kok onok selatane?, tibake jalur KA kuwi ono
loro, liwat lor karo liwat kidul. Aku yo kawit iki ngertine. Pikirku, ngliwati
dalanan wingi maneh tibake ora!.
Masya Alloh, hla kok ing sepur iki ora ono wong dodol siji-sijira.
Mung ono pelayan kafene sepur kang
wira-wiri bolak-balik. Hla piye, ngene iki? Rencana arep borong memborong
wurung temenanan. Wali murid maune jik anteng pas kawitane, mbokmenawa wae ing
stasiun ngarepe ono bakul munggah.Nanging bareng wis bar Isya’ ,mulai dha
piya-piye ngono. Mosok yo’o adoh-adoh
saka Bogor ora tuku jajan opo-opo. Sapa maneh sing ketutuh, yen ora aku?
Aku njajal takon marang salah sawijining penumpang liya,”Bu, mboten
wonten tiyang sadeyan napa?”. Piye jajal wangsulane,”Enggih, Bu. Menawi KA Gaya
Baru Selatan mboten wonten ingkang
sadeyan”. Wah, aku bingung temenanan. Untunge nalika sepur mlebu Stasiun
Yokyakarta, mandheg rada suwe, aku sakanca iso tuku oleh-oleh sak-entuke, ora
ngenyang blas. Hla piye, wedi yen ditinggal sepure.
Yo ngene iki yen dadi anggotane Perkemi ‘Persatuan Kemeruh
Indonesia’,…oleh-olehane, isinnn!.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar