Kepingin Daging Rendhang
Ing
sekolahanku, MIN Rejoso, jadwale ekstra pilihan iku ing dina Rebo. Nah,dhek
dina Rebo, tanggal 13 November 2013, ana kedadeyan sing kanggoku lucu banget,
malah kaya ora bisa nglalekake nganti dinane iki.
Wektu iku jam 12.35 WIB, aku rak arep
shalat Dhuhur sing panggonane ana sisihe ruwang guru, ning sakdhurunge nang
sholatan mesthi ngliwati ruwang guru, wong papan shalate paron karo ruwang
guru,hehehe…
Sakdhurunge wudlu aku ngliwati mejane
Ustadz Misbah kang pener ngarepe jedhing. Wah, beliaunya nembe asyik
murak bontotan saka omah. Tak lirik sega putih lawuh rendhang daging.
Hemm…enak, batinku. Tur ambune rendhange jan nyegrak, ngono…
“Monggo, Ustadzah, menawi ngincipi?”,
aloke Ustadz Misbah sajak ngerti isine atiku sinambi muluki sajak nikmat.
“Oh, enggih, kula badhe shalat…!”,
semaurku karo mlebu jedhing. Pikirku, wong iwake sakbungkus plastik seprapatan
mesthine rak turah nganti aku bubar sholat Dhuhur.
Olehku sembahyang Insya Alloh ya
tuma’ninah neng rakaat pertama, hla kok neng rakaat kedua krungu swarane Bu
Nurul saka meja liya. “Ngapunten nggih Ustadz, kula ngincip rendhange,…”. Dheg,
batinku. “Alah gak pa pa wong paling ngincip mung siji, mesthi engko jik onok
turahe”, batinku nyuwara. Aku nutugne sholat, tapi kupingku iki lho kok krungu
ae jagongane ustadz Misbah karo Bu Nurul iku mau. Mulai ora tuma’ninah shalate,
sajake…
“Monggo, monggo, niki tasik
kathah,…!”, jawabe Ustadz Misbah.
“Enggih suwun, setunggal mawon”,
aloke Bu Nurul.
“Lho, mboten usah setunggal, sedaya
mawon, kula nek maem sampun mantun, kok!”, jawabe Ustadz Misbah maneh. “Ning
mboten wonten sekule”.
“Lho, nggih sembah nuwun Ustadz,…”,
ujare Bu Nurul.
“Wah, uueecaa..Ustadz, empuk tur kraos
bumbune, mboten napa-napa lintune kula beta mantuk mawon damel lawuh teng
griya”, Bu Nurul nambahi. Wah, Bu Nurul ngincipi iki, batinku karo cleguken
dhewe pas rakaat pungkasan.
Alhamdulillahirrobbil alamin,
shalatku ya mentas, tapi mbuh pahalane, wong disambi karo mikir daging
rendhang, hehehe…
Nuwun – Cuthel
(Dimuat ing Rubrik Ana-ana Wae - Jaya Baya edisi November 2013)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar