Halaman

Translate

Selasa, 11 Maret 2014

Masalah Buat Elu



Masalah Buat Elu?
Saksuwene  10 tahun ngajar ing MIN Rejoso, aku kapatah dadi wali kelas enem A suwene enem periode. Mulai  tahun 2007 nganti tahun 2013 iki. Ing madrasahku kelas enem ono telung kelas. A, B, lan C. Bocah kelas enem A pancen gonta-ganti, nanging tipikal arek-areke  paling ora yo padha. Wis terkenal tekan ngendi-endi yen jeneng kelas A ing MIN Rejoso, iku pancen kelas pilihan. Kelas super, nganti sing dadi wali kelas kudu bener-bener wong – wong sing super…sabare!. Termasuk aku, mbokmenawa ngono?.
Pendak taun mesthi ono wae kenangane. Lha iki kenangan sing paling nganyelake kanggoku ing tahun 2013. Critane ngene, …
Muridku siji iki kang jenenge Ilham Risalalloh pancen  rada piye ngono. Yen gurune ngomong utawa nerangna, senengane dheweke  crita dhewe nang kancane. Lagak gayane memper Mr. bean, mangkane yen pas Ilham ngomong wae, dakcluluki,”Bean,…gentenan yen ngomong!”. Bocahe yo meneng terus karo lenggat-lenggut kaya gayane Mr. Bean. Sapa wonge sing ora ngguyu nyawang tingkah kaya ngono mau?.
Ndilalahe awan iku aku nerangna sinambi tutur-tutur masalah tawuran pelajar sing saiki kerep kedadeyan ing Indonesia. Olehku nerangna temenanan, wong bocah-bocah sing biyasane rame dadi anteng kabeh. “Mulane, Cah…mulai saiki yen bergaul kudu milih-milih kanca, kepingin wangi yo kancaa bakul lenga wangi, ning yen kepingin ireng yo kancaa karo bakul areng…?”. Hla kok, Mr. Bean nyeletuk,”Masalah buat elu?” karo nyawang aku. Atiku saknalika gregeten. Kanca-kancane pating klesik. Biyasa, tanganku terus mlayu golek kuping.
Aku wis ora ngrewes omonge Mr.Bean mau.Sakrampunge nerangna, bocah-bocah dakwenehi tugas nggarap soal, banjur  sing wis mari  dibijekna.
Wis kulinane yen mbijekna nang aku, bocah-bocah ngadeg urut, siji mbaka siji. Pas gilire Mr.Bean mbijekna dheweke yo gilir mbijekna. Ning pas tiba urute aku ethok-ethok ora weruh, mung mara dakceluk bocah sing gilir mburine. “Vivi…”, rampung ,terus “Aqthob…”, yo wis rampung. Mr. bean klewa-klewo terus ngomong seru,”Bu, gilir kulak ok diliwati mawon?”. Daksawang praenane, aku banjur mbaleni omonge mau,”Masalah buat elu?”. Bocahe  lha kok malah semaur,”Lho, Bu Guru mboten pareng balas dendam, dosa, Bu?”. Krungu omonge ,aku malih ngguyu campur mangkel . owalah Bean, Bean,…
                                                      Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar