Dangdut Nasional
Pas istirahat jam pertama, aku mlaku
menyang ruwang perpustakaan, nalika ngliwati ngarepe kelas IIIb, bocah-bocah dha nggawe sepatu karo nyanyi
dangdutan sing lagi ngetrend ,”Mending tuku sate timbang tuke wedhuse,
mending…”. Apal plek!. Pancen sekolahan nggenku kelase paralel nganti 22 kelas,
aku dhewe ngulang kelas enem, dadine bocah-bocah kelas telu ora sepira wedi utawa
sungkan karo guru sing ora mulang kelase, malah, nalika aku mandheg sedhiluk
nyawang bocah-bocah kuwi, hla kok tambah ndadi olehe joged karo nyanyi sajak
seneng onok sing ndelok. Owalah cah-cah,…
Ndilalahe dina iki mau aku yo pas
dadi guru piket, lan ngisi jame guru SBK sing diutus nderek rapat neng Jombang.
Aku ngleboni kelas IVb. Tugas daktulisna, sing mari banjur dakbiji. Nganti wis
bar kabeh olehe nggarap, jame isih durung wayahe ganti, bocah-bocah dakajak
nyanyi lagu nasional. “Lagu nasional apa wae sing wis iso, Cah?”, takonku. Ora
ana sing semaur.
“Wis ayo nyanyi bareng lagu Maju Tak Gentar”,
aku nyuwara. Hla kok ora onok sing apal. “Ganti, lagu Padamu Negeri”. Malah ora
onok sing iso. “Ndangdut mawon, Bu?”, keprungu swara banter saka mburi. “Ora
pareng!”, semaurku karo isih ngelingi kedadeyan wayah istirahat mau.
“Bu, nyanyi lagu Ibu Kita Kartini
mawon, kula sakanca saged soale mpun diwulangi”, bocah wadon ngarep dhewe
nyuwara.
“Nggih, wis. Ayo nyanyi bebarengan!”.
“Siji, loro, telu”, …
Akhire, sakkelas padha bareng-bareng
nyanyi lagu Ibu Kita Kartini, apal lan lancar. Tapi, iki nyanyi sing kaping
pindho, soale nyanyi pertama digawe model koploan, lan sajake wis dha lancer
sak tabuhane meja barang, lha piye mben oleh saklarik terus dha diimbuhi
tabuhan karo uni..bukak thithik jos…, contone, Ibu Kita Kartini putri
sejati, putri Indonesia harum namanya, bukak thithik jos…. “Lho lho lho
?”, lagu sakkal dakendheg. “Wah, enak ngaten, Bu. Dangdut nasional..?”,
bocah-bocah komplain.
Sakdurunge ganti guru jam terakhir,
aku nyempatno takon,”Cah, lagu nasional apal mung siji loro, hla yen lagu
dangdut, apal pirang lagu?”. Walah, piye jawabane, “Oh, nggih apal sedaya,
Bu…!”. Owalah, cah cah, ora iso nyalahna sampeyan, piye pancen wis jamane
mbokmenawa. Hehehe…
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar