Kadhung Suudzon
Dhek tanggal
26 – 30 Desember 2013 aku melu rekreasi menyang Pulau Dewata (Bali), melu
rombongan Desaku, Peterongan-Jombang. Aku ngajak anakku, bapak ibuku sing
dhaleme ing Jombang-Jember, lan ponakan siji. Wah, jenenge rekreasi, isine mung
seneng thok. Sangu pira-pira koyoke bakal ora cukup. Apa maneh rekreasi sing
iki pancen takkhususna nyenengna atine wong tuwaku, mumpung isih padha sehat.
Budhal
rekreasi wis nggawa tas gedhe siji, tas cilik loro. nanging, angger mari metu
toko, mesthi tambah tas, paling ora tas kresek gedhe sing bek isine. Hla piye,
wong sajake bapak karo ibu pengin mundhut oleh-oleh sakakeh-akehe.
Bareng wis wayahe mulih nang Jawa, aku sakkluwarga tase
mundhak tikel loro punjul. Malih nggawa tas gedhe telu, tas kresek gedhe telu,
jajan sakkerdus, ditambah tas cangklong loro. Bapak dhewe nggawa bantelan sing
isi butuhe dhewe. Wong tuwa umur 65 tahun pancen kaya cah cilik, pas takinguk
isi tase bapak iku ana permen, jajan, aqua, anduk cilik, lan renik-renik
liyane.
Aku sakluwarga mudhun ing pertelon
Ketapang-Probolinggo, bali nang Jombang-Jember. Bis rombongan rekreasi yo melu
mandheg radha suwe saperlu blanja-blanja tape ing pertelon kuwi. Barang wis
dijejer rapi ing pinggir embong gedhe, nyegat bis. Ndilalahe liwat bis Ladju
Ambulu, tapi penumpange jan bek jejel riyel. Sakwise aba karo kernet sing
nglebokne barang ing bagasi, aku mlebu bis nyesel penumpang liyane ,rapet gak
iso obah.
Rekreasi lumaku lancar, budhal slamet
mulih slamet. Hla kok tutuk omah nembe konangan tase kurang siji.
Tutuh-tutuhan, ning ora ana gunane. Aku terus pesen nang tukang becak, be’e bis
sing taktumpaki mau liwat maneh, takkon
nakokna tasku karo takgawani karcis bis siji. Tasku sing keri mau werna putih,
njabane ana tulisane Jogja. Sedina gak ana kabar, aku nlusur nang tukang
becake, jare kernete pas liwat, ora ana tas keri. Aku bali mulih kanthi
mbatin,”Mosok tas gedhe sakmono ora ana? Engko gek…gek…?”. Biyasa, wong kuwi
seneng mikir eleke wong liya tinimbang apike wong liya, klebu aku. Wis arep
kepiye maneh, barang ilang yo dieklasna wae akhire masiyo karo kepeksa.
Dina Kemis, tanggal 2 Januari 2014,
aku karo anakku lanang bali mulih nang Peterongan. Kawit arep mbukak lawang
pager, Mbak Tutik, tangga tengen omah ngabari yen ana tasku sing keri neng
pinggir embong pas aku numpak bis nang Jember, terus dijupuk rombongan rekreasi
liyane dicangking mulih. Dheg!,…wah, artine tasku ora ilang neng bis, tapi
klalen ora dilebokna bagasi. Ya Alloh, getunku sundhul wuwung wis suudzon
macem-macem. Pak sopir, Pak kondektur, Pak kernet, apuranen aku, ya?
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar