Nasibe Topenge Anakku
Udakara rong minggu kepungkur,
tanggal 28 Januari 2014, anakku oleh
tugas saka Bu Dian, gurune SBK dikongkon nggawe topeng. Wiih, senenge jan ora
jamak. Mulih sekolah langsung golek lempung dienggo babonane topeng. Dheweke
wira-wiri nglumpukna kertas, kanji, karo lengser. Wis, aku sing ora ngerti
apa-apa ditugasi nggodhok koran dicampur kanji. Kabeh beres, dheweke mulai
nyithak topeng. Kari mepene. Ealah, anakku yo iso nggawe topeng tibake…
Ndilalahe udan nggrecih rong dina
,malah ing ngendi-endi banjiran, topenge di jarno wae ana ing ndhuwure meja
belajar, karo ngenteni panas. Kenek dibedhek, topenge ora kober garing, malah
dikruyuk semut. “Buk, topengku dipangan semut”, jerite anakku weruh topenge
mbrindili ilang kanjine. “Owalah, le..udan-udan ngene, semute luwe, gak onok
sing dipangan, dadine kanjine topeng dikruyuk…!”.
Akhire, topeng kapisan ora dadi.
Nanging, bocahe ora patah semangat, banjur nggawe maneh topeng sing ke-loro.
amrih ben cepet garing bengine didobeli dikipasi karo kipas angin,
wer…wer…wer…, nanging topenge kok yo ora garing-garing? Malah wis dipepe ing
panas srengenge sedina muput.
“Buk, topengku kok mboten
garing-garing,nggih…padahal wis dipepe karo dikipasi barang?”.
Dak delok, tibake, lempunge
ketelesen, dilemeki lengser pisan, dadine bubure mbanyu terus. Banjur njemumut
mbrodholi gak kenek diangkat.
Ora let suwe, kanthi semangat papat
lima, anakku nggawe maneh topeng sing ka-telu, dakdelok apik, soale wis sinau
karo rong pengalaman sakdurunge. Apik tenan!. Bareng wis garing, dakgawa nang
sekolahan, kari ngecete, gampang soale arep dicet bareng-bareng kancane
sakkelas.. Amarga dina Senin wingi mulih isuk, topenge dititipna nang lemari
guru. Lho, sesuke getun keduwung olehku nyawang, topeng sing uuapiik mau
dikrikiti tikus. Den baguse sekolahan keluwen be’e, sampek topeng kertas
dipangan.kabeh dijur, ninggal mripat karo irunge topeng. Jan cilaka, yen koyok
ngene!.
Anakku getun temenanan, aku malah
rumangsa kedosan. Mulane Selasa awan aku melu tanggung jawab ngrewangi nggawe
topeng maneh. Saiki wis ora usah nggawe bubur kertas, nanging model kertas
dicelup, niru carane sing neng LKS. Amarga diuber wektu ndang diklumpukna.
Sakwise topeng ka-papat dadi, aku
nggremeng dhewe,”Owalah, le…nggawe topeng wae kok nganti ambal-ambalan…!”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar