Puber Kapindho
Mbuh kenek apa atiku rasane kok
lara,lara lara luuaaraa. Apa ana sing nyalahi? Yo ora ana. Ning pancen aku
dasare wong gampang krasa rumangsa, kaya apa wae malih dakanggep pangece.
Mula bukane mau bengi, aku facebook-an
karo kancaku. Biyasa, sakliyane ngomentari statuse kanca-kanca, utawa
gawe status dhewe, senenganku mbukak profile kanca siji, lan
kanca sijine maneh. Nanging aku nduwe kebiasaan elek sing pancet dakleluri,
sakjege aku pisahan karo bapake arek-arek, aku pancen ngefans karo kanca
spesialku jaman sekolah mbiyen. Yo ora ngapa-ngapa, nalika wanita dilarani
, mesthi nggolek pelarian. Hla pelarianku yo ngono kuwi, ndelengi fbne
kanca spesialku mau. Ning aku yo ora kepingin sambung ing kekancan, cukup weruh
wae aku wis lega.
Aku iki mbuh wong wedok kaya apa,
pancen dakakoni ing sajroning uripku aku nate jatuh cintrong ping pindho.
Nanging padha-padha buyare. Sing pertama buyar amarga pisah sekolahe jik padha
cilike, masiyo dakakoni mbok nganti kapan, elingan tresna kawitan ora bisa ilang.
Apa maneh, iki jan tresna sing manjing balung sungsum, cinta pertama je….mbuh
nek kanggone dheweke, wong jarene Ribut, kancaku, anane aku ditembak karo
dheweke amarga dheweke kepanasen ati ditolak kanca sakkelase.
Aku ora ngrewes lan ora ngruwus,
pokoke aku weruh dheweke ngakoni lan nelakaake rasa tresnane marang aku pas
nalika umurku pitulas taun, ing wayah ulang tahunku. Ngene katene dikon
nglalekake, ora iso blas!. Yo isih ana ta lah, masiyo dakslempitna neng njerone
ati sing pualing jero. Mesthi ana, ta kanca sing ngalami koyok aku?. Lagune
Broery piye,..”biarlah kusimpan rinduku terlarang”…
Lha tresna sing kaping pindho, buyar
sakwise lima las taun bebrayan. Dudu merga apa-apa, ndilalahe bapake arek-arek sing
pancen nggantheng, ana sing seneng, terus padha cintronge, yo takculna.
Tinimbang aku dadi palang pemisah, wong ora mung pisan pindho, dadine aku wis
jeleh urip koyok ngono terus.
Kenalku karo bapake arek-arek mbiyen
ing bangku kuliah, diploma keguruan, pinter qiro’ah. Aku isih eling welinge
ibuk, dikon nggolek bojo sing ngerti agama, amarga aku dhewe awam ing ngelmu
agama. Mulane dheweke dakpepet ae, akhire yo tir padha irenge, sir padha
senenge, masiyo ing wayah iku uga krungu kabar slenthing yen asline bapake
arek-arek kuwi mentas ditinggal rabi pacare. Nanging siji pancen onok prilakune
sing aku ora sepira seneng mulai mbiyen, dheweke iki lumayan supel yen karo
sapa wae kanca wedok, apa maneh sing ayu-ayu. Kojur nasibku, akhire aku pisahan
tibake yo kesandhung masalah siji kuwi.
Cuthel cukup sakmene hubunganku karo
tresna sing kaping pindho. Aku ora munafik, yen diomong aku saiki gething
kepati karo bapake arek-arek, pancen iyo. Ning aku yo ora nutupi yen aku yo tau
seneng nalika urip bebrayan. Apa maneh nganti nduwe anak loro, mesthi yo ana
memori sing ora iso daklalekake. Nanging saumpama dikon theklek kecemplung
kalen, wo..aku ora kepikir blas. Wong pisah nganti resmi wae angele ora jamak. Apamaneh
aku sing nggugat, yen buktiku ora tepak, mbokmenawa iso dipending barang
neng pengadilan.Moh-moh temenanan, pokoke emoh. Titik!.
Limalas taun aku setyatuhu, ngabdi
leladi karo bojoku. Ora nate aku ngono-ngene. Weruhku mung omah, sekolah, omah,
sekolah. Nganti sing jenenge fb-an lagi ngerti yo pas bar pisahan. Ngono
wae isoku diwarahi anakku sing gedhe. Jarene, ibuke ben gak sedih nemen-nemen.
Owalah, Ndhuk, kok mbeneh temen, kowe?. Aku pancen lugu alu, ora iso brai.
Nanging yen mung ditandhingna Syahrini, ngono yo jik luwih akeh Syahrini
punjule, hehehe…
Nalika aku iso mangerteni facebook-e
tresna kawitanku, aku koyok-koyoko pengin mlayu marang dheweke. Nek iso, umpama
iso, mbaleni jaman sing wis kawuri. Ning yo mesthi ae tangeh lamun, wong
dheweke malah wis nduwe anak telu, yen maca statuse. Lha yo iki sing
ndadekake atiku lara, yen aku ndeleng dheweke sajak akrab utawa nulis komentar
kanggo kancane sing ketepakan aku kenal, aku lho meri lan iri. Mosok iki
pangrasa cemburu?, cemburu sing salah kamar mesthi. Aku dhewe pancen
ngrumangsani kok aku malih kaya ngene. Saumpama aku iso mbaleni wektu, saumpama
aku iso ngomong luwih akeh jaman iku,…ah kabeh wis kadhung.
Aku dhewe kaya ora nyawang anak loro
sing butuh kasih sayangku. Apa wong-wong liyane uga ono sing ngalami nasib kaya
aku?. Iki be’e sing diarani puber nomer loro. untung puberku sakwise ‘bebas’
yen ora bebas utawa sakdurunge mbiyen, wah sido saingan karo bojoku olehe
selingkuh. Nanging rak ora, ta?. Pancen Gusti Alloh jik ngeman awakku. Hla yen
bapak ibuke gak nggenah terus anake piye? rak ngono ta?.
Nanging ndonya pancet muter seser,
ora perduli onok sing ngongkon alon, rendhet, utawa mandheg. Malah kanggoku
luwih becik mbalik mlaku mundur wektune, ben aku iso mbaleni urip nalika isih
umur 17 an utawa sakdurunge rabi mbiyen. Terus daklakoni apa-apa sing durung
daklakoni. Hehehe…lamunane wong stress, yo?
Ndilalahe dina iki mau aku lho terhubung
karo kancaku lawas yo jaman sekolah mbiyen, tapine dheweke salah sijine
sing nate daktolak tresnane. Terus piye?, aku iki ora ngelem-ngelem awakku,
sakjane sing nembak aku mbiyen ki uuaakkeeh. Gak trimo itungan siji, loro,
utawa telu, ning luwih yen sejinah. Nanging yo kuwi mau wong nek pilih –pilih
tebu, tiba bongkeng…
Pancen aku dasare ora sepira ayu,
ning aku pancen pinter. Gak percoyo? Takono ta lah mbek sapa wae sing nate
kenal aku. Mulai mambu bangku sekolah nganti kuliah, malah nganti lulus S2
wingi aku tiba unggul. Sumbing, sumbing, ibuk sumbing, jare anakku…sumbing kuwi
basa gaule sombong. Ben-benna talah, mosok urip kok nggrantes terus. Masiyo
kelangan bojo, wong aku yo wis tuwuk bareng si mantan, 15 tahun,…wis
mblenger-mblenger, saiki bah-bahno dipek WIL-e aku malah seneng gak ngopeni
anake uwong.
Terus piye critane kanca sing nate
daktulak mau?, ngene mula bukane…, mbiyen jaman SMA kelas siji kancaku iki mau
tau ngirimi aku surat cinta. Ning amarga aku wis seneng karo si tresna kawitan,
dheweke daktolak mentah-mentah. Mosok pacaran ae arep selingkuh? Kan kudhu
setia?. Mataun-taun, hla kok dheweke seprene jik nyimpen rasa nang aku, masiyo
dheweke yo sempat nikah ning ora dadi. Pisahe dudu merga aku lho, dheweke wis
pisahan adoh sakdurunge aku pisahan karo bojoku.
Owalah aku kudhu piye yen ngene, ati
cilikku jane yo muji syukur e alah, barang wis sutiran ngene kok yo jik onok
sing gelem ngembus. Nanging, yen dakpikir jero aku koyoke wis ora kepingin
omah-omah maneh. Wis ngene ae talah. Urip bebas merdeka, ketemu kanca-kanca
lawas masiyo mung liwat facebook. Aku jik trauma nggo mbaleni urip
normal jejodhowan maneh. Enak saiki, iso guyon, iso cemburu, iso muring-muring,
koyok umur mbalik enom maneh. Wis ta lah, pancen jagongan ora ndelok rupa iku
paling penak. Nggombal kana, nggosip kene, nggedabrus apa wae, bebas. Pokok ora
nglanggar aturan moral lan susila, dijamin gayeng apa maneh yen sing dirembug
padha dhong-e. iso jam-jaman ora mentas. Lali umur tenan pendhek-e. Puber
kapindho, puber katelu, bablas diringkes dadi siji, ibarate.
Aku ora leren-leren ngaturna matur
nuwun marang Gusti Alloh kang Maha Sugih, nganti dinane iki aku isih dikeparengna
ngguyu, sehat waras-wiris, lan digampangna rejeki ing sajroning uripku. Ben wis
cukup sakmene lakon uripku, aku mung pengin siji iso ngamping anak-anakku
nganti gedhe lan mandiri urip dhewe. Sokur maneh yen dikeparengna nganti dadi
mbah, mbah buyut,…Amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar