Layang Kanggo si M
Apa salahku?
Apa salahku??
Apa salahku???
Marang sliramu…
Nganti tega ngrusak pager ayu bale wismaku.
Telung
taun sliramu ngubek-ubek panguripanku,
Ngepyuri
tresna kanggo sisihanku,
Nganti
dumadine prastawa ‘iku’…
Ora kurang olehku nyancang,
Ora prei nggonku leladi,
Nanging akhire…
Atiku kecacah ajur mumur,
Kadya kejegur sumur, ambyur,…
ora bisa bali mendhuwur.
Saiki,
Ndelika ing pucuk gunung
Nyilema ing dasar samudra
Aku wis ora maelu
Aku ora ngaru biru.
Nanging elinga,
Gusti Kang Maha welas ora sare
Entenana piwalese!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar