Kejiret Tembang Lawas
Genjrang – genjreng, genjrang
– genjreng mbribegi kuping. Rumangsaku cah-cah kos-kosan mburi kuwi pancen
kurang penggaweyan. Hla mosok wis bengi sakyahmene, jik asyik dha gitaran.Jam
sepuluh bengi, bayangno?.mulaine biyasane bar Isya’.
Pancen nasibku, ngekos
manggon pojok mburi sing watesan tembok karo kos-kosan liya. Kos-kosanku madhep
ngalor, kos-kosan kuwi ngadhep ngidul. Jane ya wis rong taun olehku ngekos, nanging
semester iki rumangsaku gitarane saya sregep, mben bengi malah. Kos-kosane
cah-cah lanang mburi, jarene akeh sing jurusan seni, kuwi info saka Nurmala
sing kose saembong karo kos-kosan mburiku. Yen ramene kaya ngene, Sing dadi
korban yo kupinge tanggane. Terutama, aku!. Padahal Senin ngarep wis wayahe UAS.
Wihh,…ora kaop mahasiswi pinter koyok aku, sing sinau ngenteni ujian. Hehehe…
Yen Mamik, kanca
sakkamarku mesthi kupinge dipasangi headset, aman. Sirahe gela-gelo karo
sinau sinambi ngrungoake lagu saka hp. Ning mosok yo’o kuping disubel
alat terus, wah, yo rumangsaku. Mangkane gelem gak gelem akhire aku yo sinau
karo ngrungoake swarane gitar Genjrang – genjreng kuwi mau.
Nanging, aduh…saiki kok
swarane gitarane sajak malih melo. Ganti ana sing nyanyeake lagu jadul. Aku brandhangan metu ka kamar ngematna.
“Mawar berduri, cukup sekali…”. Swarane sing nyanyi ulem sisan.
“Alah, mben mbengi
ngomplain swarane gitaran kos-kosane tangga, kok saiki ‘begitu’ ?
mangkane ta lah dadi uwong iku yen membenci jangan terlalu, ..?”, swarane Mamik
sing kaya bledheg ngagetake aku. Aku ora ngerti yen Mamik yo wis mari olehe
sinau.
“Kadingaren, yo, kok
lagune kepenak dirungokna!”, semaurku.
“Hla pancen seleramu lagu
slow, lagu lawas-lawas sisan, dadine kepenak. Sembarang ki yen nyocoki yo
kepenak. Mangkane ta lah ojok nggrundel wae,…wis aku arep turu dhisik, sugeng
menikmati…!”, semaure Mamik karo mlebu maneh terus mapan turu.
Yen nitik swarane jelas
dudu wong sepuh sing nyanyi. Sakpocapan malah kaya swarane Ubay, finalis
Indonesian idol saka Semarang. Hehehe…, ora ngecap pancen uueenak tenan swara
ing walike tembok kuwi mau.
Esuke, aku mlaku-mlaku
karo kanca nunggal kos ngliwati gang mburi. Walah, pancen wong kutha,
sakyahmene, jam lima esuk sik sepi. Durung ana lawang menga. Umume kos-kosan
ing kene nyandhing karo sing duwe omah. Lumayan yo omah cedhak kampus, akeh income
saka usaha mbukak kos-kosan. Kontrakan uga ana, ning ing gang liya.Mendahneya
neng kampungku, ngontrakna omah apik wae ora payu, soale kabeh dha nduwe omah
dhewe-dhewe.
Pener mburine kosanku aku
clingukan. Kok aku ngerti yen omah cet ijo iki sing kenceng kosanku?. Gampang,
soale memehane kosanku ing ndhuwur, lantai loro. dadine katon saka gang liya.
Wadhuh, saka kadohan memehane berkibar-kibar, katon separo. Sing separo
ketutupan wit pelem sing gedhe. Mlaku-mlaku ngiras-ngirus nggolek bahane
praktik. Jurusanku rak biologi, hla mene aku arep praktik jenis-jenise kembang.taksawang
pancen omah iki sing paling edhum lan kebak tanduran kembang, lan uga ana
tulisan gedhe ing latare omah “CATERING JATMIKO”.
“Ngapa, Mbak kok
clingukan?...arep ana perlu tah?”, ora sadar ing ngarepku wis ana mas-mas nyurung gerobak sampah. Mesthine iki sampahe
usaha catering, yo?. Mas-mas kuwi nggawe topi cekuthuk mlesek menjero.
Kanca-kancaku wis lumaku radha adoh ing ngarepku.batinku iki mesthi tukang
kebone omah iki.
“Anu, kula pareng napa mboten
nyuwun kembang Bougenville ingkang ungu
niku?, badhe kula damel bahan praktik teng kampus”.
“Pareng wae, malah gelem
ora saumpama dakpethikna sing abang lan putih sisan, nanging jupuken engko awan
wae, saiki aku sik repot ?”, semaure si Mas kuwi karo arep mulai nyurung
gerobake.
‘Oh, enggih sembah nuwun.
Kalih tanglet,…pareng mboten?”. alise munggah karo, “Takon apa, ra sah basa
Mbak?”
“Mboten, namung heran
mawon. Ing kene yen bengi swarane rame kok yen esuk sepi temenan?”, semaurku
mulai campur ngoko. Biyasane uga sing nyurung gerobak iki wonge tuwek, kok
ganti?, ning pitakon sing keri mung dakpendhem jroning ati.
“Ya mesthi ta lah, Mbak.
Sik dha turu…, wong Minggu”, ujare si Mas kuwi. dasare aku iki ora iso nahan
isine ati, aku takon maneh,”Mas, sing gitaran nyanyi lagu lawas-lawas mau bengi
kuwi sapa, ta? Enak men swarane”.
“Oh, kuwi swarane Mas Jatmiko putrane pak kos kene,
saiki rak dheweke njupuk cuti taunan, kerjane neng Bengkulu . wis rong taun ora
tau sambang”. Mangkane kok sakjege ngekos ing kene, kawit mau bengi ana ‘nada
lain’ sing dakrungokake. “Ngapa, seneng ta karo gitarane?”. Aku mung mesem.
“Mengko awan yen kula arep
njupuk kembange, nyuwun teng sinten?”
“Jupuken wae nang satpame,
matura mundhut kembang saking Mas Kukuh, ponakane omah kene”, sambunge karo
mulai mlaku. Oh, ponakane, dakkira tukang kebun, hihihi…
Daksawang kanca-kanca dha awe-awe ngongkon aku
cepetan. “Mangga Mas Kukuh, kula daknguber kanca-kanca!”.
“Biyasa, mulai SKSD, ya?”,
grenenge Mamik. “Mbok yen kenalan ki nyawang-nyawang, wong tukang nyurung
gerobak sampah dikenal, Andini, Andini..!”, sambunge Asni. Kanca-kancaku dha
ngguyu ngakak ngrameni embong.
“He, nyawang uwong aja saka njabane thok, gak
ilok lho?”, jawabku. Ndilalahe gerobak kuwi parane yo ngener mlakuku sakanca,
muga wae ora krungu guneme Mamik karo Asni mau.”Minggir-minggir, idolane Andini
arep liwat…!”, Mamik mbengok sora. “Ya Alloh, …pancen cah-cah ki …!”, batinku.
“Nek Andini se tahan
banting ngadhepi sampah, wong bapake juragan barang bekas neng ndesa”, sambunge
Mamik. Aku ora selak, pancen bapakku pengepul sampah ing ndesa. Malah merga
kerja kuwi aku sakdulur iso ngangsu kawruh ing pawiyatan luhur. Ning aku mung
meneng wae, Mamik kuwi kanca nunggal kampung karo aku, mulane ngerti sapa aku.
Nanging Mas Kukuh kuwi ora
noleh ora piye terus wae ngludur nyurung gerobake menyang panggonane nglumpukna
sampah ing TPS pojok gang.
Awane aku mbalik mrono
saperlu njupuk kembang. Masya Alloh, kembange diparingi uakeh, ditata neng
njerone tas. Ndilalahe mas Kukuh yo ana kono lagi jagongan karo satpame. Wih,
yen ora nganggo topi mlesek tibake lumayan, hlo...mirip thithik-thithik Salman
Khan, bintang filem India idolaku.
“Suwun nggih, Mas. Kalih
nyuwun pangapunten wau enjing kanca-kanca kula…?”, aku durung mari ngomong wis
disemauri.
“Ora apa-apa. Pancen hobiku ora pantes
dicedhaki wong wadon sing ayu-ayu kaya sampeyan ngene iki, eh mesthine sampeyan
umure ngisorku, paring asma…eh, aku eling Andini?”
“Widih, hla kok malah
ngelem aku”, batinku. Irungku menga mingkup.
“An, sampeyan kok seneng
lagu-lagu lawas?”, Mas Kukuh bali takon.
“Enggihlah, wong saben
esuk wayah jam setengah lima nganti jam enem,mulai aku isih cilik menu rutin
ing omahku nyetel radio “Tembang kenangan” kaya acarane Gita FM yen ing Jombang
kene . Dadine kaya ngapal neng kupingku”. Tapi pancen aku dhasare wonge lembut,
ciee, yen krungu lagu lawas tur melo, aku mesthi kenyut.
Tibake Mas Kukuh iki uga
nyenengi lagu lawas, malah jarene sing mbarengi Mas Jatmiko nyanyi ya dheweke.
Gitaran bareng, ngono.mbuh ta lah ,aku seneng yen dheweke nyritakna lagu-lagune
Mas Jatmiko, lagu lawas tur sedih. Owalah, kepingin pisan-pisan aku kepethuk Mas
Jatmiko kuwi. nanging jare Mas Kukuh , Mas Jatmiko saiki lagi alergi ketemu
wong wadon, jik trauma. amarga mari kelangan wong sing ditresnani taun
kepungkur. Ditinggal kawin, jarene….
Wengi-wengi candhake, genjrang
– genjrenge malih dominan lagu-lagu lawas. “Sepanjang jalan kenangan, kita
slalu bergandeng tangan…”. Tiba lagu iki,batinku, “Wong pacare wis lunga
kok yo jik dinyanyekna lagu kuwi…?”. aku melu mangkel mbayangake ana wong wadon
nglarani atine wong lanang. Banjur ditutugna nganti pirang-pirang lagu maneh.
Mben mari saklagu banjur dikeploki, kaya ana show wae!.
Esuke yen pas ketemu ing
embong, aku mesthi ngoberna nggo jagongan karo Mas Kukuh, sinambi mbarengi
olehe nyurung gerobak.
“Mau bengi lagu apa sing
paling kepenak, An?”
“Enak kabeh, mung aku ora
seneng yen Mas Jatmiko nyanyi lagu “Sepanjang jalan Kenangan”, wo wong
bar putus cinta kok jik nyanyeake lagu kuwi!”, alokku sewot.
Mas Kukuh ngguyu
kemekelen, wong sing putus karo pacare kuwi Mas Jatmiko, kok aku sing mangkel.
Pancen lucu, ta?.
“Ngono kuwi durung jodho,
An…jenenge?”, sauté Mas Kukuh. Jagonganku
mbanyu mili,malah karo jagongan ngalor ngidul bab sampah. Sethithik akeh aku yo
pakar persampahan, marisi bakate bapakku.sapa nguyahi segara?. Mas Kukuh dhewe
critane,lulusan sekolah pertanian, sing arep kerja ing Jombang kene, mulane
nderek budhene. Pantes kok seneng tanduran. Buktine aku saiki diwenehi kembang.
Ya ta?
Nganti rong minggu candhake,
saksuwene wulan ujian, aku isih iso ketemu Mas Kukuh nyurung gerobake, yen
dhong mlaku-mlaku karo kanca-kancaku. Sapa sinapa, masiyo karo dikoco-koco
cah-cah aku ora maelu. Wong dheweke sakhobi karo aku, je. Yo seneng sampah, yo
seneng kembang. Malah nate ping pindho aku diparingi pethikan kembang sing wite
mari dibabadi. Nanging esuk iki pas aku ngliwati omah kuwi kok gerbange jik
kancingan rapet?.
“Piye, An…pujaan hatimu
kok ora menthungul?”, salin penggaweyan be’e?”, gojloke Mamik. Mbuh ya, kok
kaya ana rasa kelangan ora ketemu Mas Kukuh. Kangen ngguyune yen lagi crita. “Kecian,…kawit
kenal Arjuna sithok, ra ketang tukang sampah, eh…wis ditinggal?”, Mamik
nggojloki aku maneh, karo ancang-ancang mlayu. Dakuber dheweke, awas yo…yen
kecekel dak jiwit pol pokoke.
Kanca-kanca liyane dha
keplok-keplok nyawang aku uber-uberan karo Mamik.nganti ora sadar, olehku mlayu
meh ketubruk Avanza sing mlaku mlebu gang. Kacane dibukak, keprungu
swara,”Andini?”. Lho, hla kok sirahe Mas Kukuh menthungul karo mesem. “Sorry,
An. Aku ngeterna cateringe Budhe ing seminar esuk uput-uput , dadine aku durung
sempat nyurung gerobak?,…nggoleki aku, ya?”. mbuh piye rupaku krungu ujare Mas Kukuh
kaya ngono mau, apa maneh kanca-kanca dha ngrungokna. “Uh, ke ge-er en,?”,
walesku karo mecucu. Mamik ngguyu nyekakak karo nggoceli wetenge. “Andini,
Andini…wohe apel ceblok ora adoh saka wite, …seleramu cocok kanggo ngembangna
bisnise bapakmu?”.
Bengi iki kabeh santai,
pekan UAS wis rampung, remidi-remidi wis beres, tugas-tugas semester wis lunas
kabeh. Kari ngetung dina nggo mulih preian. Bu Mahmud, ibu kosku gita-gita olehe
nggoleki aku ing kamar.
“Mbak Andini, dipadosi Mas
Bagus?”, “Kok tepang nggih?, padahal teng lingkungan mriki kawit seniyen Mas
bagus mboten nate nyaba kos-kosan cewek!”.
Ora rumangsa kenal Mas
Bagus, aku semaur entheng,”Kula mboten nggadhah kenalan namine Mas bagus, Bu?”,
semaurku karo njangkah metu saka kamar.
“Wis pokoke dipethuki
mawon rumiyin?”, ngendikane Bu Mahmud.
Ing teras lungguh
ngungkuri lawang nggawa gitar, karo genjreng-genjreng lirih dak sapa,”Madosi
kula?”. Pawongan kaca mata an ireng kuwi mung ndingkluk. Malah terus nyanyi, “Kutuliskan
lagu ini…kupersembahkan padamu”. Aku ora pangling, iki swarane Mas Jatmiko
mburi kos-kosan..
“Mas bagus niki napa Mas
Jatmiko sedhereke Mas Kukuh, nggih?”, aku njelih. Dheweke mandheg olehe
gitaran, kaca mata irenge dicopot, terus ndangak. “Lho, kok Mas Kukuh?”.
“Jenengku Bagus Jatmiko,
parabanku Kukuh. Alamatku Andini wis ngerti. Critane uripku Andini yo wis ngerti. Piye, gelem ora dadi pacarku?”.
“Hah?”
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar