Halaman

Translate

Sabtu, 07 Juni 2014

Aku lan Baskoro



Aku lan Baskoro
Wis rong minggu iki penggaweyanku yen bali saka sekolah mung angrem ana njero kamar. Omah anyar, lingkungan anyar, sekolah anyar, ndadekake aku senewen. Hla piye ora senewen, jajal?. Omahku sakdurunge ing Surabaya ,kota besar rek,hla saiki ing ndeso kesa keso. Desa Kondang Rejo. Jenenge Kondang Rejo? Nanging rejone endi?, yen bar Maghrib ora ana mobil liwat, paling-paling siji loro. Soale dalanan nggenku yen diturut ngidul terus jug segara Paseban. Yen ora dina liburan, mesthi wae ora ana wong lelungan nyang segara. Paling-paling yen esuk bar Subuh sepedha montor war-wer budhal nang pasar. Untunge omahku cedhak pasar, dadine lumayan rame stithik nggo ngancani ati sepi.
            Aku ora nyalahake Bapakku sing dadi guru, amarga milih mutasi bali nang tanah leluhure nggo ngancani simbah sing wis ngunduri tuwa lan ngopeni sawah tegale. Ibuku dhewe sing asli saka desa kene yo monat-manut wae, wong nyedhaki keluwarga maneh. Sing repot yo aku saksedulur. Aku dhewe pindah nalika unggah-unggahan kelas loro SMA, dene adhikku, Haris, kelas loro SMP.
            Bola-bali aku wis ngenyang, yen aku wani nunggoni omah dhewe ing Surabaya, nanging Bapak Ibu ora marengake. Mbesuk yen wis kuliyah nembe dikeparengake. Mbok menawa akhire kuliyah ing Surabaya. Akhire, yo ngene iki…
            “Tiara?, Tiara?”, keprungu ibu nimbali aku. Agahan aku nyaut aras-arasen, “Dalem, Bu?”. Aku sik pancet menceti hp dolanan game.
            “Mriki sayang, iki lho ana kancamu mara?”, keprungu swarane ibu maneh. Kanca sapa, aku durung duwe kanca. Yo wis kenal, ning mung sakderma kenal-kenal thok. Durung iso aku nemokna kanca kaya Dinar, Mutia, utawa Afifah ing SMA kene. Apa maneh mlebuku wis kelas loro, dadine malah luwih angel golek kenalan cedhak. Bocah-bocahe modhele serius kabeh, lan ora sepira gelem ngejak jagongan dhisik. Utawa aku dhewe sing jaim, saengga kanca-kancaku anyar wegah ngenal aku? Mbuh ta lah!.
            Daksawang ing ruwang tamu ana bocah lanang nganggo sragam Pramuka, lungguh adhep-adhepan karo ibuku.
            “Tiara, iki Mas Baskoro, putrane Pak Wiguno kancane bapakmu, tibake saksesekolah karo sampeyan, wis pethukana?”, ibu ngendika karo menyat mlebu nang ruwang mburi.
            “Tiara, mbok menawa gelem melu kegiyatan Pramuka ing sekolah, aku rak dadi pradanane, suk Minggu ana kegiyatan Cross Country. Nderek, ya?”. Sakdurunge aku ngomong apa-apa bocah kuwi wis ngomong nggrecih kaya wis kenal-kenala karo aku.
“Yo dakpikire, soale aku durung ana sing kenal , mengko gek…?”, sautku.
“Gek apa?, wis ta lah takjamin seneng. Kanca-kanca welcome kok yen Tiara melu. Tiara rak yo durung nderek ekstra apa-apa, ta ?”.
Pancen nalika dikon ngisi ekstra apa sing dakeloki aku durung ngisi apa-apa. Hla piye, ing sekolahku mbiyen aku melu ekstra pilihan PMR, ning saiki aku sik durung minat maneh. Dene pramuka, rak pancen wajib ain kanggo kelas siji.
“Pokoke iki dakparingi undangane, yen iso melu, tulung, hubungi aku ing nomer iki?”, ujare Baskoro karo nulis nomer ing waliking undangan.  Dheweke banjur pamit mulih.
“Sampeyan yen modele ngono angel oleh kanca lho, Mbak?”, mara-mara ibu wis ana mburiku. “Sing sumeh, sing ajer ngadhepi dhayoh,ben ndang oleh kanca anyar…!”, ibu ngelus gegerku. Ibu ngerti yen aku nanggapi dingin undangane sapa kuwi mau?, oh ya si Baskoro.
Boring, Bu!”, sautku angger.
“Daleme Pak Wiguno celak mriki napa, Bu?”, takonku.
“Iyo, tikukan ngarep sakdurunge omahe dhewe, hla wingi mobil sing dinggo ngangkut barang-barange dhewe rak mobile Pak Wiguno. Pak Wiguno kuwi sakliyane ngajar, nduwe bisnis angkutan sing dikelola Bu Wiguno,”.
Aku malah anyel barang ibu nyebut mobil angkutan sing nggawa barang-barang saka Surabaya. Apa maneh salah sawijing pawongan sing melu ngusungi, nganggo helm ireng pas njunjung kerdusku sing isine barang-barang pribadiku, ndilalah ceblok ‘makbruk’. Aku langsung mbengok, “Piye se, Mas kok iso ceblok. Wadhuh, padahal kabeh barang kesayanganku ana kono. Awas yen radioku rusak, tah laptopku error, dak…!”. Aku ora sido nutugna, ibu wis mencereng sajak nyalahake aku. “Wis weruh barang larang, penting mbok yo dijunjung dhewe, Tiara!”, ibu mbelani wong kuwi. kardus sithoke sing ana labele P3K gedhe, jik dicekel wonge dak rebut,”Untung obat-obatanku iki aman, yen iki sing ceblok,…gak dakampuni sampeyan?”, grenengku.
Pawongan sing nganggo helm ireng kuwi mung meneng lan matur njaluk sepura. Jan-jane yo ora salahe dheweke, kok. Wong pas wonge ngusung, aku sing mlaku ngarepe ndadak mbalik nggo mbaleni njupuk tas cilikku sing keri ing mobil. Aku malik awak ing tengah lawang , wonge mlaku banter, breesss, salipan wonge rada njungkel, kerdus loro ceblok sithok, pas..kerdusku karo, aku tenger soale kerdusku daktengeri lakban kuning lan taklabeli kabeh. Ampun!.
“Mas, ngapunten, nggih, Mbak Tiara pancen ngeman sanget teng barang-barange, napa malih obat-obatane, yoga kula niki pakar P3K,lho?”, ibu ngendika maneh. Aku wis ora ngrewes, bablas mlayu mengarep njupuk tas cilikku.
Sabtu  awan, bocah kelas siji sing arep cross country diklumpukna ing aula. Daksawang saka dalanan sisihe aula si Baskoro aweh pengumuman. Swarane lumayan enak dirungokna. Yuni kanca anyar sakbangkuku, ngomong,”Baskoro kuwi idola, lho ing kene. Bocahe top njaba njero. “Ngemeng epe, wae kuwi Yun, Yun,..”, batinku. Aku dhewe yo ora sebegitulah. Wong sapejagong wae mung sepisan.
Yuni dhewe terus nggabung panitia liyane, wong dheweke dadi seksi konsumsi jarene, aku ngludur metu nyang parkiran. Ah, aku yen dadi peserta yo emoh ta lah.., batinku.Yen maca undangan wingi lan ndelok susunan acarane, ing SMAku biyen cross country iki kira-kira kaya acara penjelajahan ning karo bakti sosial, mbokmenawa…
Meh wae nyetater ‘Beat’ku, ana swara nyeluk jenengku.”Tiara, Tiara,…sik mandhega dhisik!”. Oh, si Yuni mlayoni aku.
“Aku dikon Baskoro nyeluk. Gage ndang mrana!”
“Emoh, aku emoh melu…!”. Isin aku yen dadi peserta!”, jawabku karo mulai nyetater.
“Aku terus ngomong apa nang Baskoro?”.
“Sakkarepmu ta lah. Aku dak bali dhisik, yo?. Assalamualaikum…, werr aku ninggal si Yuni sing sajak gelo.
Bengine, malem minggu sisan, aku mung njithem neng teras dhewean. Bapak ibu tindhak daleme simbah, adhikku bar ngaji karo aku, nonton TV. Hp-an wegah, kanca-kancaku mbiyen yo wis arang-arang sing ngebel aku, fb-an yo males, maca status-e kanca-kancaku mbiyen malah ndadekna aku kepingin bali sekolah ing Surabaya. Owalah,…
Mara-mara ana swara ‘bruak’ banter banget saka embong ngarep. Aku cepet-cepet mlayu, adhikku uga wis njranthal saka ruwang tamu. Ana tabrakan!. Sepedha onthel mungsuh sepeda motor. Kiwa tengen tangga yo dha enggal nulungi. Korbane, jarene jenenge Yu Siti bakul endhog, digotong menyang teras omahku. Sing nggawa sepeda montor ora piye-piye mung tatu-tatu sakwetara, ning Yu Siti,sing numpak sepedha onthel,…?.
Aku tanggap, aku mlayoni kotak P3K, terus ibut ngecakna ilmune PMRku kanggo pertolongan pertama. Tatune lumayan parah, iki kudhu digawa nang Puskesmas kulon pasar. Tangga-tangga ora wani melu nguthik, “Wedi kliru, engko tambah nemen?”, jare Lik Saedi, tangga ngarep omah pas, apa maneh sambate Yu Siti jan ngaru ara.
Aku rumangsa kagum warga kene pasedulurane jik kenthel. Pas aku bar ngupakara sakwetara, mobil nggo nggawa kurbane wis teka. Cepet banget tanggap darurate?. aku rumangsa wajib melu ngeterake Yu Siti menyang Puskesmas, bareng wong loro maneh, salah sijine sing nabrak. Adhik dak pamiti karo dakkon  ngabari bapak ibu.
“Tiara?”, keprungu swarane Baskoro saka arahe setire mobil. Aku njomblak kaget. “Kok?”. Pak Saedi, ngguyu karo ngomong ,”Mpun kaget, Mbak. Mas Bas niku sakjege nggadhah SIM, nyambi dados supir panggilan . Apa maneh panggilan ndadak ngaten, mesthi nomer siji tekane!”. Oh ya, pancen keluwargane nduwe usaha angkutan, batinku mbenerake. Mesthine warga kene dha nduweni nomere kabeh, hehehe…
Baskoro olehe nyetir kepenak, apa merga mobile sing penak?, pokoke Yu Siti wis ora sepira ngaru-ara nalika diemot. Ora ana sing cemuwit, mung swarane gerenge mobil sing keprungu. Pisan pindho aku nyawang Baskoro. Ora ketara yen jik kelas telu SMA, katone wis dewasa kaya Om-omku. Hiih, mikir apa se, aku iki?.
Akhire, kabeh lega. Yu Siti wis diupakara sakmesthine. Urusan liyane ben dibacutna karo sing nduwe urusan, malah iki mau bojone Yu Siti yo wis teka nunggoni. Lik Saedi ngajak aku lan Baskoro mulih.
Aku dikon Baskoro lungguh ngarep jejer sopir. Baskoro malah sing mbukakna lawange. Ning sakwise iku, dheweke malah jinem ora ngajak omong blas. Daklirik praenane ora sumringah bersemangat  kaya budhale mau. Engko gek gara-gara awan mau?.
“Bas, matur suwun, nggih?”.
“Suwun nggo apa?, hal ngene iki aku wis biyasa”, cluluke karo tetep manther nyetir.
“Sepurane aku mau emoh mara pas diceluk Yuni”, dakwanek-wanekake ngomong maneh. “Aku isin yen melu cross country bareng cah kelas siji!”.
Baskoro ora semaur, nganti tekan ngarep omah. Pak Saedi mudhun, jagongan sakwetara karo Baskoro lan bapak sing wis mapag ing ngarep omah.
Aku bablas mlebu kamar, atiku krasa lara. Lageyane Baskoro sing kaya emoh ngomong mau nglarani atiku. Pancen aku ki mbarep, ugungan, gak kenekan. Kuwi sabdane ibu yen aku lagi purik.
“Tiara, Mas Baskoro pengin ngomong dhiluk?”, Bapak nimbali karo nothok lawang, ambal ping telu, lawang kawit dakbukak.
“Lho, kok nangis? Nangisi Yu Siti, tah?”. “Gage!, selak mulih lho…?”. Bapak ngguyu cilik karo nguyek sirahku.
Aku meneng wae, karo jumangkah metu.
Baskoro lungguh ing kursi sing daklungguhi mau sore. Aku lungguh ing ngarepe. Aku ora ngejak ngomong dhisik. Males!.
“Tiara, aku sakjane pengin ngebel awan mau, ning aku ora nyimpen nomermu. Janji arep ngebel aku, buktine kok ora. Ngene lho, sampeyan kuwi  ora melu dadi peserta, nanging dadi petugas P3K. Gelem ora?, aku iki mau Maghrib kawit mulih saka sekolahan, niyatku mrene, bar maghrib, tibake…”.
“Halah, mau ora gelem dakjak omong ae… ?”, batinku.
“Iku alasanku ngomong, sing pertama. Sing nomer loro, aku njaluk sepura, amarga wis nyeblokake barangmu nalika aku ngrewangi ngusungi, jane mung arep njupuk mobil,amarga sopire kesusu mulih, anake lara, aku malah melu ngusungi barang, kojur, diilokne pisan. Yo nalika iku aku ngerti yen sampeyan pakar ing P3K”
“Wow, pawongan sing nggawe helm ireng kae tibake Baskoro, dakkira tanggaku kene wae?”, batinku maneh.”Hah?”.
Aku ndangak kaget nyawang Baskoro. Praenane wis semanak maneh. Wis ora ‘dingin’ kaya mau. Aku nangis maneh. Mbuh nangisi apa? Sing mesthi sesege dhadhaku dak tokake. Baskoro mbacutake guneme maneh.
“Kaping telu, aku bangga ngrungoake critane kesigapanmu ngopeni kurban kacilakan kaya mau. Aku kepingin kowe mbesuk kuliyah ing kesehatan wae, lan dadi bidan tah dokter, trus  aku sing nyopiri, piye?”, Baskoro mandheng aku ora kedhep.
“Apa maksude?”. Nanging mbuh kena ngapa, dhadhaku rasane mekar, lan deg-degan sithik. Apa Baskoro seneng karo aku?.
Hahaha….,keprungu adhikku ngguyu cekakakan, karo nyuwara,”Aku setuju!”. Terus mlayu menjero.
Baskoro sajak isin bareng omonge dirungokna adhikku. Praenane abang ireng. Aku ora iso kumecap, mung mesem wae. Liya ora!.
Miss call aku, yo…?”, bacute lirih. Aku mung manthuk.
Baskoro pamit mulih, sakwise salaman karo bapak ibu. Adhikku mencungul maneh, ngomong banter, “Mas, don’t worry…dakjamin Mbak Tiara setuju, pokoke aja lali pajeke…?”
Baskoro ngacungke jempole. Bapak lan ibu dha sawang sinawang, terus ngguyu bareng.
Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar