Theklek Kecemplung Kalen
Sapa sing
ora weruh nek isine ndonya werna-werna?. Sapa sing ora ngerti nek menungsa iku
nasibe macem-macem?. Walah, ngelu dhewe nek mikir terus. Mikir...terus...nganti
umur terus tambah. Gak krasa wis meh umur ndas telu!. Genahe pase?..erhaes,
lah!.Itung dhewe, yen lulus SMA langsung kuliyah S1, bacut S2, saiki wis kerja
oleh telung taun...
Diomong elek,
aku yo ora elek, wong nate karnaval dadi putri ayu. Diarani bodho, wong aku
mesthi rangking siji. Sing mesthi aku iki kuper nek masalah pergaulan. Ngertiku mung sekolah,
sekolah, lan sekolah. Nguber biji, nguber rangking, nguber penggaweyan, akhire
koyok ngene iki. Kanca-kancaku sakumurku wis dha nggendhong anak, aku jik
pancet singgel.
Nek perkara penggaweyan, wo ojok
takon, bayaranku turah-turah. Rekeningku kebek mencep-mencep. Hla piye, wong
mung kalong nggo mangan thok? Hehehe...
Bapak ibu nglenggana ae nyawang
nasibku koyok ngene. Pancen nek takpikir iki mbiyen sing salah bapakku. Mulai
cilik bapakku sing dadi guru iku mesthi ngandhani,”Sekolah sing pinter, ben
penak mbesuke. Jaman saiki urip iku angel. Nggolek penggaweyan tambah angel.
Nek mek dadi arek goblok, rugi ibumu nglairake kowe mbiyen?”. Mulane mben aku
digusak kon rabi, aku ngeles wae,”Pak, Bu. Tiyang jaler niku wedi kalih kula
sing pinter niki, grogi ndisiki”.
Elek-eleka ngene aku mbiyen yo tau
onok sing nyenengi, masiyo aku gak nglawehi. Alias onok wae sing njajal nembak aku. Gak percaya?...percaya ae
talah,...
Pertama jamane SMP,... ana bocah
sakangkatanku jenenge Nanang, duduk kanca sakkelasku. Jaman iku jik usum
surat-suratan nek nyenengi kanca. Aku diwenehi surat liwat kancane sing
sakkelas karo aku. Aku sing pancene gurung siyap hal ngono iku, muring-muring
temenan. Aku isin dikoco-koco kanca sakkelas, kate ora dikoco-koco piye, wong
nek nguwehna neng ngarepe kanca-kancaku sakkelas pas bel istirahat.
Aku gak mikir dawa, Nanang takgoleki,
ketemu neng ngarepe perpustakaan karo geng-e.
Ora ngomong apa-apa, surat amplop kuning iku taksuwek-suwek neng ngarepe, terus
takguwak neng kranjang sampah. Aku ora ngurus piye tanggapane Nanang. Weruhku
muk aku isin, titik!.
Sesuke, aku dicritani Munawaroh,
kanca sakbangkuku, nek Nanang iku seneng aku mergane aku pinter, gelek dilem
guru-guru neng kelas liyane. Bar taksuwek-suwek surate, jarene Nanang nangis
neng jedhing. Aku getun sethithik!. Ya mung getun, wong pancen aku wateke
cengkal!. Kepingin njaluk sepura ae yo gak!. Sakjege iku Nanang ora tau gelem
sapa aruh nyang aku. Cuthel tekan sakmono.
Mulai dina iku, aku diparabi robot urip karo arek-arek. Aku ora
ngreken!.
Saiki , Nanang wis rabi, anake loro,
bojone uayuu, ketemu pas reuni akbar SMP taun kepungkur. Malah wis nikah nalika jik
padha kuliyahe, weleh weleh...
Neng SMA aku yo ngalami maneh ditembak kanca. Iki malah kanca
sakkelas, Hidayat, ketua OSISku pisan. Tapi pancen aku sing ora ngreken masalah
ngono, tresnane taktolak. Tapi carane ora ekstrim koyok jaman SMP, ganti
taksurati sing intine aku durung mikir masalah ngono iku.
Beda karo Nanang, Hidayat iki ora
lara ati. Malah saben sakkegiyatan, onoke ngilokna, ngece, tah, mbeda aku.
Nganti tak arani dayat lambe bejat. Piye gak bejat, nek alok koyok ngene...
“ Jok kanca karo Aya, areke gak butuh
wong liya, nek mati ngglundhung dhewe”
“Aya ki cocoke manggon lab, kanca karo torso”
Utawa, “Ngantek tuwek Aya kate
ngempeng mbok-e, mangkane gak gelem nduwe pacar”. Aku mung njureng, akhire
Dayat takgepuk sakrosane. Kapokmu kapan!.
Nanging, sakwise sering nyawang ,
ngamati sakpari-polahe Hidayat, akhire pas kelas telu aku sethithik akeh yo
ngrasakna seneng karo Hidayat. Nanging kasep, Hidayat wis pacaran karo adik
kelasku dhewe.
Nganti kuliyah S1, bacut S2,
bolak-balik yo onok sing sajak ngesir, nanging akhire dha mundur teratur, weruh
aku sedingin es. Yo tau arep
dijodhokna karo misanan teka bapak, aku emoh. Aku wis kadhung dadi robot urip be’e, batinku ngomong. Jane yo ora, mung aku ae sing durung
karep, kok! , batinku mbantah dhewe. Durung tiba jodho...mbokmenawa!, batinku
mungkasi dhewe.
Awan iki aku nglamun ing kafetaria
Rumah Sakit Husada Jombang. Bapakku kenek serangan jantung wingi sore.
...
Esuk mau pas aku teka, ibuk ngendhika jarene Bapak
mikirna aku sing pancet ae ora gelem omah-omah nganti seprene. Padahal adhikku
lanang, wis nyereng njaluk rabi . “Biyasa, ibuk golek kambing hitam”, semaurku atos. Padahal thithik akeh aku yo ngakoni
onok benere ngendikane ibuk.
“Mbak iki katene rabi karo sapa?
Pacar ae gak nduwe. Aku dikon ngenteni Mbak Aya, yo nganti uwanen gak ngarah
rabi!”, Wisnu, adhikku nyuwara.
“Wisnu,...kowe dhewe kuliyah kawit
lulus ae wis ngebet rabi”, aku males omongan.
“Sing penting wis kerja, kate
ngenteni apa maneh, sido Heni selak dirabi wong liya”. Pancen sakwise lulus
kuliyahe Wisnu nyambut neng bank.
“Sido wurung rencana lamaranku, Buk..Buk..”,
Wisnu nggresah. Sakjane Kemis ngarep Wisnu arep nglamar pacare. Mbuh sido tah
wurung, wong bapak gerah ngene?.
“Wis ojok rame kabeh, mesakno
bapak?”, ibuk nengahi.
...
“Aya?”, keprungu swara nyeluk
jenengku, mbuyarne olehku nglamun.
Aku noleh, ngira-ngira sapa yo wong
iki?, nganggo setelan ijo nom mateng, dasian, mesthine salah sijine kancaku
mbiyen. Tapi sragame koyok sragame Wisnu.
“Lali?”
“O, tibake arek pinter iku cepet
pikun, yo?”
“Utawa wis kenek alzheimer akut, be’e ?”
Aku gak pangling swarane. Hidayat!.
Taktampani tangane sing dithungna
ngejak salaman. Tibake Hidayat iku seniore Wisnu neng bank. Iki mau nyambang
Bapak, kawit ngerti yen aku, Gayatri, kancane mbiyen, mbakyune anak buahe.
Crita ngalor ngidul, akhire Dayat
takon,”Kok durung rabi ta, Ya? Ngenteni aku tah?”. Aku kaget, tibake Hidayat iyo
durung rabi seprene.
“Hla pacare mbiyen piye?, Mimin adhik
kelas?”
Hidayat ngguyu banter. “Mimin iku
misananku, gak ngerti tah?”.”Mesthi ae gak ngerti, wong jenius mosok tau
ngurusi wong liyo”. Aku mung nyebek.
“Kok gak teka reuni SMA ?”, aku
mindah topik jagongan.
“Wegah, palingo yo ngono ae acarane.
Pisah durung sepuluh taun ae reuni, durung kangen karo kanca-kanca!”. “Paling sing
ditakokna bojomu sapa, anakmu pira...males!.Mek kowe thok be’e sing kangen karo
aku!”.
Lambene sing kulina ngomong sakkarepe
dhewe kumat.
Patang ndina nunggoni bapak ora krasa, Sabtu,
Minggu, ditambah cuti rong dina, aku wis kudhu mbalik nang Yogya. Aku nguji
ujian skripsi sesuk. Suk mben Kemis sore tak mbalik maneh, muga-muga Bapak wis
iso kondur.
Mbuh apa ae rencanane Wisnu, pas arep
ngeterna aku, ora teka-teka padahal tiket sepurku wis meh jame. Ibuk bolak-balik ngebel, aku dhewe malah arep
ngojek ae . Sing teka malah
Hidayat, karo matur ibuk,“Ngapunten, Bu.
Dhik Wisnu tasik survei nasabah teng
Wonosalam”.
Ibuk mung nyawang karo mesem, mbuh
pikire ibuk piye yen nyawang Dayat mben bengi nyambang Bapak, ngiras-ngirus
methuki aku.
“Ayo, takterna nang stasiun!”, Dayat
ngatag karo nyangking tasku. Aku manut koyok kebo dikeluhi. “Kemis ngajeng kula
wangsul malih, Pak?”, pamitku karo ngambung astane bapak. Owalah, yen nyawang
Bapak, aku kok kepingin mutasi nang
Surabaya ae.
“Iki mau, Wisnu temenan survei, gak se?”.
“Yo gak, pas dheweke pamit arep
ngeterna kowe aku nggak ngolehi. Mending aku ae. Wisnu setuju”.aku wis ngira,
apal aku gayane Dayat.
“Gak gelem, tah? Iko akeh ojek nang
ngarep!”.
“Dayat,...koyok arek cilik ae!”,
takjiwit lengene.
“Wis ta lah, gak usah kakehan mikir,
wis padha tuweke. Ayo nikah karo aku ae, aku jik seneng kok karo kowe. Kowe rak
iyo, se?”, kandhane karo mbarengi mlaku nang mobile.
Wih, Hidayat pedene ngepol.
Aku gak njawab. Hidayat yo terus
crita liyane nganti tekan stasiun.
Aku diterna nganti ngarepe petugas
tiket. Nalika aku pamitan, tanganku digegem kenceng.”Gayatri,...pikiren
omongku, yo? Getun hlo kowe nek ngeculna aku maneh!”.
“Cepetan, ngomong. Gaktakculna hlo
tanganmu!”, Dayat malah ngencengi tangane. Petugas loro nyawang karo
mesam-mesem.
“Iyo, iyo takpikire...?”.
......
Tibake , sesuke bapak wis pareng
kondur. Cepet temenan pulihe, pikirku karo mbales sms-e Wahyu. “Mbak, kudu tetep balik yo, aku sido lamaran suk malem
minggu ?”, weh arep kawin temenanan arek iki.
Balikku numpak travel, mergane nggawa
barang pirang-pirang pesenane Wisnu. Omahku rame, padahal acarane jik sesuk.
Onok mobil loro ing ngarep omah.
“Assalamualaikum ..”, aku uluk salam.
“Niki, Gayatri yoga kula”, bapak
ngenalna aku nang tamune. Onok wong papat, pasutri karo koyoke.
“Iki wong tuwane Nak Dayat, Aya?...sakperlu
kenalan karo keluwarga kene”, ibuk miterangno, bapak mung manthuk-manthuk.
Cekak cukupe aku iki mau ditakokna karo keluwargane Hidayat. Kok
gak ngabari sik, se...Dayat iki?”
Neng ruwang tamu sisih kiwa aku
methuki Dayat.
“Sstt, wis ojok nyeneni aku. Aku
bolak-balik dikon rabi, aku jik emoh. Malah wingi arep dipeksa gelem gak gelem
dikon ngrabi anake kancane Bapak. Aku yo emoh. Langsung ae aku nyebut jenengmu,
eh...dina iki mau langsung nggenahna bener gak-e nang bapak ibu kene”, Dayat
njlentrehna kanthi serius...ngono.
Aku kamitenggengen.
Tapi,...rasane batinku kok...plong?,
wis tiba wayahe jodhoku?.
Ealah tibake aku iki klebu theklek kecemplung kalen, hehehe...
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar