Mancal ing Dalan Nggronjal
Mulih sakwise patang taun bara lunga,
sekolah nang njaban pulo tibake ora ndadekake aku pangling nang rupane desaku.
Pancet. Ora manglingli blas!. Temenan...aku ora mbujuki!.
Hawane omahku wis dakrasakake
nalikane sikilku ngambah lemah Surabaya mudun ing Juanda. Banjur neng terminal
Bungurasih, golek bis Ambulu. Enak, ben
ora gonta-ganti bis maneh. Pasuruan
kliwat, Probolinggo bablas, Lumajang gak mandheg.
Stop!. Pertelon Margono, sing saiki jenenge
Jalan Pattimura, aku mudhun neng kono.. Aku wis disusul Mas Bayu, masku mbarep.
Sakdawane digonceng sepeda montor, aka
ngematno. Apa ae sing malih. Omah-omahe kok yo pancet modele, mung dalane saiki
wis diaspal. Malih alus mulus gak nggronjal-nggronjal maneh.
Kelingan nggronjal-ngronjale dalan,
aku ngguyu kecut yen mbayangno patang taun kepungkur aku digonceng Pras nganggo
sepeda jengki , bingung olehe milih dalan. Nanging rumangsaku tambah piye
ngono, soale yen pas ngliwati dalan nggronjal aku rak terus gondelan kenceng. Basa
kerenne, nyabuk, hihihi...
Aku nekad kuliyah neng Makassar , lan
malah gak mulih blas saksuwene patang taun yo amarga dalan nggronjal kuwi mau.
Ahh, dawa critane...
..........................................................................................................................
Nalikane aku kelas loro SMU, aku nate
kebrukan sepeda montor neng dalan nggronjal iku. Dalan makadam sing watune
gedhe-gedhe sakgajah, yen ngliwati pancen kudu ati-ati temenanan. Ndilalahe
onok sepeda montor loro salipan. Amarga kabeh golek dalan sing penak, sepeda
montor kuwi mau senggolan, tumplek karo. hla sing arahe padha karo aku,
ngebruki sepedaku.
Cocok iwak endhog!. Aku njungkel,
tiba semaput. Piye gak semaput, wong sirahku ngantem watu gedhe?. Untunge, Pras, sing nggarai semaputku gelem tanggung
jawab. Dheweke tibake putune Pak kades dongkol desaku,nanging Pras dhewe omahe neng Jember. Hla dina kuwi dheweke arep bali saka sambang
mbahe.
Seminggu aku opname neng Puskesmas
amarga kenek gegar otak ringan. Yo Pras
kuwi sing tlaten nyambangi . Pras
sakumuran Mas Bayu, masku mbarep. Malah tibake saangkatan kuliyah neng Poltek
Pertanian jember, mung beda jurusan.
Cekak cingkrange, jarene Om Kartolo,...aku
hla kok terus tir pada irenge, sir padha senenge karo Pras, sing nggarai semaputku. hla piye, sasat
saben minggu sakwise kuwi Pras mesthi
menthungul mara. Pikirku yen mung sambang mbahe kok gelek temen?, jarene ujar
dheweke ora iso nglalekake gingsulku,...hihihi...
“Ning, enak ngendi digonceng sepeda
montor karo sepeda pancal yen ngliwati dalan nggronjal iki?”, Pras takon. Aku sering goncengan karo Pras muteri desa, terus andhok tuku es campur
neng sandhinge Masjid Al Huda.
“Enak sepeda pancal?”, jawabku.
“Enak tenan, tah?”, Pras karo takon
maneh, nanging ujug-ujug sepedahe ngglewar. Cepet-cepet tanganku nyabuk ben gak
tiba. Gegere Pras dakgepuk rosa!.
Yen dakpikir jero Pras kuwi sing daksenengi apane, yo?. Mara
seneng, ngono wae. Ra kathik pertimbangan apa-apa. Aku dhewe nyawang olehe katon tanggung jawab nalika
nibakno aku kae. Tur maneh asline cah kene wae, mulane wong tuwaku heah heeh
wae nyetujoni.
“Pras, neng Jember gak onok arek
wedok sing mbok senengi, tah?”, takonku.
“Ora onok sing nyocoki. Mbuh kok
mara-mara kecanthol nang Wening?”, jawabe. Nyabukku dakrapeti!. Aku dhewe melu
resepe kanca-kancaku, jarene yen nduwe pacar iku kenek nggo vitamin, nambah
semangat yen sinau. Pancen bener, 100 persen!.
Setaun ora krasa nganti aku lulus SMU
lan aku ketampa kuliyah neng Makassar kanthi jalur prestasi. Seneng eram atiku,
apa maneh nalikane Pras dakkabari
dheweke yo melu bungah. “Kuliyah neng endi wae, ra po po. Mbesuk ketemu gedhe
langsung nikah, yo?”, guyone.
Nanging, aku isih eling temenanan
nalikane sore iku bapak ibuku kedayohan wong wadon ayu sing tibake ibuke Pras.
“Ngapunten sanget, bapak, ibu, lan
Dhik Wening,...kula dolan mriki mboten
niyat nglarani ati keluwarga mriki. Nanging kula namung pengin ngaturi
pirsa...”. akeh-akeh ngendikane ibuke Pras. Nanging intine, keluwarga besar
saka ibuke Pras ora setuju yen Pras gegandhengan karo aku sing nunggal desa
karo keluwarga mantanne ibuke Pras. mbuh piye critane, bapak ibuke Pras kuwi rak pepisahan, Pras katut ibuke, dene bapake saiki kerja neng
Batam.
“Piye, Ning?, bapak ibu...ora kok
ngongkon kowe pisah karo Pras, nanging saiki punjerno pikiranmu kanggo kuliyah,
nggih?”, Bapak ngendika wijang. Aku mung manthuk.
Aku ra po po. Aku ra po po. Batinku.
Aku kudu nggayuh lintang dhisik. Perkara liya kenek dipikir mburi!. Aku
sapatemon terakhir karo Pras nalika aku
arep budhal nang Makassar. Mas Pras weling akeh-akeh, dheweke gak ngerti yen
ibuke mentas teka kene.
“Wening,...titip atiku, yo?”, ujare
Pras lirih. Aku mung manthuk karo nangis. Bapak ibu sing mirsani yo mung
ambegan gedhe.
Sakwulan rong wulan aku isih
sesambungan karo Pras. yo
telpon-telponan, sms-an, kirim e-mail, nanging sakwise atiku pas kanggo
mungkasi, Pras daktelpon...
“ Pras, koyoke aku kudu luwih fokus
nang sinauku. Aku kepingin adhewe kekancan biyasa wae. Dadi saumpama kowe nemu
kanca wadon liya, taksumanggakno. Nanging aku ojok dienteni, yen aku gak iso
mbalik, piye?”, swaraku dakmantepno banjur telpon daktutup. Nanging sakdurunge
daktutup keprungu swarane Pras
njelih,”Wening...apa...karepmu?”.
Aku ganti nomer hp, kabeh keluwarga
dakwanti-wanti gak oleh ngabari Pras apa
wae. Aku pengin nuruti karepe ibuke Pras. aku uga wanita masiyo durung omah-omah, nanging aku iso ngrasakno apa sing
dirasakno ibuke Pras. dikhianati karo wong nunggal sakdesaku!.
Nanging sakdawane aku kuliyah, aku
ora iso selak yen Pras tansah gumawang neng ngarepe mripatku. Mbarengi
sakdawane lakuku. Akhire isoku mung nangis!.
...............................................................................................................
Tibake aku nduwe rasa kangen kang
gedhe marang bumi klairanku. Marang wong-wong sing nyayangi aku. Bapak, ibu,
mas, adik,...lan Pras?. saksuwene patang taun aku ora ngambah desaku. Bapak ibu
wae mben taun nyambangi. Dene yen pas preian aku luwih seneng melu kerja freelance neng apotek-apotek gedhe ing
Makassar. Ngiras-ngirus golek pengalaman.
Bengine omahku rame, dulurku nglumpuk
kabeh.
“Wening, kok pinter men, tas lulus
wis langsung kerja?”, Mbakku takon. “Aku
nglebokna lamaran nalika meh lulus kae, Mbak”, semaurku. “Mulai kapan?”,
mbakyuku takon maneh.”Wulan ngarep, Mbak”.
“Ning, adoh-adoh saka Makassar, entuk
cantholan tah gak mosok mung oleh gelar apoteker?”, genti Mas Bayu takon. Aku
mung gedheg. “Jik eling Pras, yo?”, masku ngomong maneh. Mbuh kok,
yo...saknalika aku nangis. “Bar mbok putus kae, Pras terus ..!”, Mas Bayu ora
sido nutugno crita. Tangisku sansaya banter.
Gembolane atiku daksuntek. “Aku jik
durung iso nglalekna, Pras. Aku...!”, jelihku. Acara kangen-kangenan buyar
kesaru tangisku.
Bengine dakcoba ngebel nomere Pras.
diangkat...
“Sinten, nggih,...hallo...?”, swarane
Pras. aku gak pangling!. Aku sakkal ngejer wurung nelpon.
Dakenteni
be’e ditelpon genti, tibake ora!. Ngapa aku kangen banget, yo karo Pras?.
Sesuke aku nang jember, nang panggonanku kerja. Wah, gedhe banget apoteke.
Aku mlebu methuki pimpinane, nggenahna kapan aku mulai kerja. Jagongan ngalor
ngidul piyambake takon,”Mbak Wening ora eling karo aku?”. “Mboten, Bu”, jawabku
jujur.
Aku pancen ora nate nduwe kenalan tah
dulur neng jember kota kene. Wonge
ngguyu, kacamatane dicopot. Aku nyawang kanthi tliti, koyok nate weruh, tapi
kapan?. Aku lali temenanan.
“Aku , ibuke Pras!”.
Aku kaget sakplengan.
“Mbak Wening, dawane mangsa ndadekake
aku saiki iso nyawang kanthi bener. Sesambunganmu karo Pras mbiyen ora onok
sing salah. Aku dhewe kang egois. Mulane nganti seprene Pras dakkon nglalekake
sampeyan yo isih ora gelem, aku pasrah. Yen pancen Mbak Wening jodhone Pras,
lan saiki Mbak Wening durung onok sing mengku, aku wis ikhlas”.
Lambeku mingkem njithem. Wewayangane Pras katon cetha wela-wela.
Sakdawane numpak bis mulih aku aku nglimbang pikir, najan ora iso dakselaki ono
rasa bungah ing njero dada!.
Pras coba dakbel . Nanging ora
diangkat. Oh ya,..hla nomerku iki
dheweke rak gak nduwe.
Dak sms wae...Pras, aku kangen...(Wening).
Hpku geter,
onok sms mlebu. ...engko bengi ojok neng endi-endi dakpethuki
neng omahmu...saka nomere Pras!.
...Pras...
...ojok nyeluk aku Pras,...kudu Mas Pras!.... posisimu neng endi?...
...njero bis ka jember, wis tutuk Gumukmas...
Bis mandheg dalan Pattimura maneh.
Aku ora kepingin disusul. Dakniyati mlaku wae, wong jik awan kok!. Nanging sapa
kuwi, ...ngguyu neng ngisore wit pelem senden sepeda pancal?, haaah, Pras?.
“Kok kliter desaku ae, se...Pras...eh
Mas Pras?”, ujarku karo salaman. “Kok ge-er
temen?, wong kerjaku lho neng kene?”,
jawabe karo nduding tulisan neng kaose. “Penyuluh lapangan Pertanian”. Wkwkwk...sak-tim
karo Mas Bayu rupane,...
“Kangen tah kangen,
Ning?...mbujuki,yo?”, Pras njendhul sirahku. “Aku dhewe sing kangenku sundhul
wuwung, untung iso dakredam kanthi pethuk keluwargamu saben ndina. Jahatmu gak
ketulungan, Ning..Ning?”. aku ngguyu nanging karo nangis. Nangis karo ngguyu,
ora iso nyauri. “Kowe tambah ayu, Ning..wis nduwe pacar maneh tah ora?”. “Aku
lho wis nduwe...!”. “Ra ngurus”, jawabku galak. Hahaha...guyune mas Prasku
nggrebeki dalan.
Awan iki aku goncengan sepedha pancal maneh. Ngeling-eling
kedadeyan kang wis kawuri. Aku lan Pras wis ora perlu ngomong apa-apa maneh.
“Mung dalane wis ora nggronjal,
yo...Ning?”, Pras nyuwara. nyabukke tanganku dakrapeti!.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar