Halaman

Translate

Senin, 15 Desember 2014

Crita Cekak "Tumbu Oleh Tutup", Jaya Baya No. 14 Minggu I Desember 2014



Tumbu Oleh Tutup
“Kowe dadi apa ngandhan-ngandhani aku koyok ngono?,...pancen aku sekolah dhuwur nganti nyekel ijazah lima. Katene nyapa?. Pancen saiki golek penggaweyan angel, aku wis ngerti. Tapi ojok hubungna nganggurku karo jumlahe ijazahku. Niyatku sekolah pancen golek ilmu. Gak nggo golek penggaweyan. Terserah saiki aku kerja wiraswasta, gak nggawe ijazahku,...aku ae gak rewel kok kono sing ngeyel!”...ambeganku nggos-nggosan sakwise ngoceh ngalor ngidul mbales omongan nylekit sing mung saklarik ...Gak eman ta, ijazah nganti lima, nek saiki mung ngrumat wedus?...
Batinku jik nutugna maneh, sing penting sekolahku niyate golek ilmu sing manfaat. Nglakoni urip jujur, gak korupsi, iso mangan mben dina, wis gak ngaru biru wong tuwa. Kurang apa?. Pancen aku gak dadi pegawe sing jame mesthi, nyandhang nganggo nyetil, sepatune nggilap, tase  bermerek, durung maneh wedak lan gincune,...weh...
Mbokmenawa aku sing cengkal tah gak nduwe perasaan, ping pisan ping pindho, aku ngalami koyok ngono mau. Jamane kuliyah mbiyen, yo tau. Saiki kebalenan maneh. Gak pa pa!. Pancene sapa sing gelem ngrabi prawan sing nduweni usaha nernak wedus?. Hahaha..., kok kanggone sing weruh lan kenal aku, Sing krungu critaku ae paling mikir ping suwidak jaran nek arep ngenal tah ngrabi aku!.
Aku pancen nernak wedus. Nutugna usahane bapakku sing kawitane mbiyen blantik wedus. Aku anak tunggal, dadine masiyo aku anak wedok, latihane kawit cilik yo ngopeni wedus. Biyasa ae melu bapak ngarit, ngedusi wedus, tah melok ngedol neng pasar. Saiki malahan aku wis nduwe rewang telu, wong wedusku jumlahe akeh, tur karangane omahku jan amba tenan.
Bapak wis ngunduri sepuh, sembarang tandang gawe ngongkon. Apa maneh aku, sing nduwe ijazah sarjana loro, yo wis gak ngarit maneh ta lah, wong iso mbayari rewang. Hehehe...
Bapak ibuku ngguyu ae saben takcritani wurunge sesambunganku. Diputusi durung jodho, mben ngono. Wong tuwaku pancen klebu wong tuwa sing jembar dadane. Masiyo umurku saiki wis slawe munggah, gak gupuh tah piye, palingo ibuk ngendika,”Bapakmu mbok ojok dikongkon nggendhongi cempe ae tah, Ndhuk?”.
Niyatku sekolah ben oleh ilmu sing manfaat iku gak mung abang-abang lambe, ijazahku sarjana sing pertama sarjana peternakan, wis tak amalna, saiki aku mulai ngecakna ilmu saka ijazah sarjana sing kapindho, manajemen ekonomi. Gak usah takdawakna crita mundak mboseni, intine aku wis iso nyelengi duwik akeh rong taun iki amarga manajemen ‘perwedusan’ku kasil.
“Mbak Dina, dipadosi blantik”, aloke Kang Paijo saka ngarep omah. Mben dina onok ae blantik nggoleki. Apa maneh arep riyaya besar ngene iki. Aku gak sepira ngreken jane, soale wedus-wedusku wis akeh sing payu wulan wingi. Mung pancen rata-rata jik dititipna dijupuk nek wis dhenge riyaya. Yo iki sing takarani manajemen purna jual. Sing tuku gaktakkon nambahi biaya maneh. Takanggep sodaqoh ngopeni ae. Bapakku kawitane gak setuju cara ngono mau,” Iso rugi Din...Din...”, bapakku ngresula dawa. Nanging bareng saiki weruh omzete tambah rame, bapak mung mesam-mesem ae neng sandhinge kandang.
“Kambinge mpun telas, Om”, aku nyalami karo ngomong cekak aos nang wong lanang sing diarani blantik Kang Paijo mau. Rumangsaku nek ndelok blegere kok adoh karo blantik-blantik kenalanku, batinku.
“Kula Burhan, Mbak. Saking dinas peternakan, badhe ngecek kesehatane kambing-kambing teng mriki?”, semaure karo ngetokna kertu pengenal saka sak-e.
“Oh, biyasanipun Pak Panji”, jawabku maneh. Pancen pendak telung wulan pisan onok pegawe dinas peternakan kliling mriksa.Tur nek mara nggawa mobil onok tulisane, hla iki mung sepeda montoran.
“Kula petugas enggal, Mbak. Dinten niki sedaya disebar kangge mriksa, sing celak-celak mawi sepedahan mawon”. Pawongan sing takceluk om mau miterangna sajak ngerti apa sing takpikir.
“Oh, enggih. Ngapunten,...Pak”, aku kecipuhan. Cocoke takceluk mas, palingo umure unda-undi karo aku, tapine..., wah...mas saiki luaraaannng je!.
Taktutna, mben takon takjawab, dipriksa kabeh mulai untune, kulite, lan sakpanunggalane dideloki, dicathet. Tliti temenanan. Sakjam kawit rampung. Sakwise tahap konsultasi, Pak Burhan pamit mulih.
 “Mbenjing malih ngebel rumiyin Pak Burhan, kersane saged tata-tata?”, omongku nalika mbarengi mlaku nang ngarepan.
“Lho kok ndadak ngono barang, kambinge ayu-ayu nggantheng-nggantheng, kok?”, semaure. Alah-alah senengku eram wedusku dielem koyok ngono. “Sing nggadhah nggih luwih ayu?”. Sing iki gak ngelem maneh, ngenyek sing iyo!.
“Mpun ngenyek,..nggih mesti ta lah ayu kula tinimbang wedus kula?”, omongku karo nyebek. Taksemauri ngono Pak Burhan mung mesem, karo nyetater sepedahe.
“Din, petugase kok nggantheng eram?”, ibuk nyapa saka iringan omah nalika aku mbalik mlebu. “Jik ngganthengan bandhotku”, jawabku banter. Hla kok onok tangan njawil pundhakku,”Mbak, ngapunten kaca mata kula sajake kintun teng lebet?”, Pak Burhan ngomong karo sajak piye, tibake wong iki mau mbalik maneh. Mbokmenawa krungu omonganku karo ibuku mau?. Wiiihhh, isinku, Ibuk malah ngguyu kemekelen!.
.......................................
Onok undangan reuni SMA. Aku wis gak nggape sakjane, mung amarga Sisil, kanca raketku, ngebal-ngebel, aku kepeksa budhal. Reuni akbar iki kanggo limang angkatan. Angkatanku klebu sing buncit dhewe. Kanca-kancaku mbiyen tibake yo akeh sing jik legan. Jaman kemajuan temenanan, saiki umur slawe wong tuwek sajake gak gupuh maneh yen anake durung payu, hahaha...!. klebu aku karo Sisil. Single keren, kuwi Sisil, megawe dadi pegawe bank. Mung Sisil kancaku lawas sing ngerteni apa sing taklakoni. Gak ngaruh nang kekancan, ngono kandhane.
Aku mung lungguh manis, beda karo Sisil sing mider koyok kupu-kupu. Pancen kanca sing dadi relasine yo akeh!.
Aku kepethuk Ramli,  salah sijine mantanku, Rumangsaku si Ramli kerja nang luwar jawa, tibake kerja neng bank sisan koyok Sisil. Kagetku senajan mung sethithik, tibake Ramli saiki wis jadian karo Sisil. Owalah ndonya nek cilik!. Sing mbaturi nggarahi aku kaget. Pak Burhan, petugas saka dinas peternakan wingenane tibake kancane Ramli. Wonge nggleges ae nyawang aku. Ramli bisik-bisik nang dheweke, banjur nyuwara,”Din, Burhan iki persis sampeyan, pecinta hewan. Putas-putus karo cewek-ceweke yo jalaran koyok adhewe mbiyen, untunge dina iki pas dadi ketua panitia reuni gak onok ambune apa-apa!”. Pak Burhan mendeliki Ramli.
Ramli mbiyen gak seneng blas nang penggaweyanku, jarene nggarahi aku gak ketok feminin, tur dheweke pancen gak betah ambune wedus. Tresna kilat critane...
“Nanging dina iki kok Dina ayu tenan, yo?...gak ketara nek...”, durung tutug Ramli digered Sisil. Aku mung meneng ae senajan atiku getem-getem. Gak akeh uwong palingo takbalang sandhalku.
“Ra usah digatekna omonge Ramli,...oh ya, nek aku rak wis kenal se?”, Pak Burhan ngomong karo pamitan. “Ngapunten, aku tak munggah panggung dhisik...”.
Wis, alamat dhewean. Untung acarane banjur dimulai. Kanca akeh, malah akeh sing lali. Bapak ibu guru, kok koyoke pancet ae. Jik enom-enom. Suer!. Barokahe ngopeni anake uwong be’e, awet enom panjang umur. Amin...
Ngopeni acara koyok ngene, apa maneh lomba pidato, ... amarga uuaakkeh sing maringi sambutan, suwe-suwe dadi boring, aku mbukaki toko online-ku sing takenggo dodolan wedus. Jaman canggih, wedusku yo takdol liwat internet. Takpasang foto sakregane, beres. Pesenan teka dhewe. Nek pesenan njero kutha malah takterna nang panggonane.
 Onok pesenan mlebu, fotone bandhotku sing paling larang diarepi. Malah gak ngenyang blas. Langsung dikon ngirim dina iki, bukti transfere malah wis onok!. Age-age aku pamit Sisil, mulih dhisik. “Aku onok bisnis, Sil...kowe ben diterna Ramli ae, yo?”.
Sorene pesenan takterna, nek ndelok jenenge sing pesen, koyoke wis sepuh. Omahe gedhe model kuno, pekarangane amba. Teka njaba ketok nek sing nduwe wonge hobine ngopeni kewan. Neng iringane omah ketok bebek, banyak, menthok, pitik ting slamber. Weh,...kewane rucah temenanan!.
Aku diparakna nang mburi, malah neng kene kandhange luwih gedhe. Sakliyane wedus, onok sapine barang. Aduh, senenge...gak srantan aku ngelus bandhot karo takbisiki, krasanna neng kene yo, Ndhot?”.
“Lho, bandhote wis diterna?”.
Aku noleh. Pak Burhan neng tengah lawang kandhang. Dadine sing pesen iki?...
“Aku pesen nganggo jeneng abahku,... aku gak seneng pas sampeyan bandingna karo bandhot. Mulane bandhote taktuku, arep takkurbanna suk mben!”, omonge sengol, gak nganggo basa maneh.
“Lho, kok saingan karo bandhot. Gak pareng, Pak. Pancene bandhotku sing iki nggantheng eram, kok!”, semaurku gak ngangge basa pisan karo ngguyu kemekelen.
“Nanging, aduh aku seneng eram nyawang kahanan neng kene, akeh kewan rumangsaku jan nyenengna!”, aku alok karo mideri kandang. Takuthiki ndase sapi-sapine, wedus-weduse,...sing ngopeni mung ndlongop nyawang tingkahku. Pak Burhan mung mesam-mesem.
 “Din, saumpama sing nduwe bandhot taktuku pisan gelem apa ora?”. Hah?. Tapi aku gak kurang akal njawabe,”Nggih gelem mawon. Pokok njenengan mboten isin, kalih betah teng ambune...”.
“Nek ambu yo tak dusane se,...ngono ae kok repot!”, jawabe Pak Burhan karo ngguyu sumringah. “Wong aku yo sering ambu padha, kok!”, bacute.
Hahaha...akhire aku ngguyu bareng sakloron.
                                                Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar