Ayahe Sadewo
Jengkelku gak karu-karuwan nyawang
bocah sithok iki. Wis tekane telat, sragame gak pepek, bukune onok sing keri,
sandalan pisan. Tekane mben dina paling cepet nalika ndonga wis mari. Takitung
neng buku kasus, wis genep ping enem tanda tangan pelanggaran.
“Dewo,...sesuk ayahmu kon methuk Bu
Guru. Takbel pindho yo gak nate gelem rawuh. Apa perlu dikirimi surat wae?”,
alokku karo ambegan gedhe.
Sadewo, muridku sing super sembarange
mung clelekan sajak gak salah. “Dewo, mireng mboten dawuhe Bu Guru?”, tanganku
mara nyiwir kupinge kiwa.
“Ayahku repot, Bu. Bu Guru mawon
tindhak omahku”, Dewo njawab karo klecam-klecem. “Bu Guru nek nyiwir gak lara
blas?”, aloke karo mlayu nang bangkune.
Nyekel kelas enem pancen butuh
tanggung jawab ekstra. Yen kesabaren, bocahe nrunyak. Yen kekerengen, dikomplain wali murid. Serba repot!. Apa
maneh model Sadewo, sing jarene dheweke koyok salah sijine personil Coboy Junior. Gayane puol. Malah jarene
wis nduwe pacar barang.
“Enggih, Bu. Sadewo nggadhah pacar.
Namine Rukmi kelas gangsal”, Ninik adul-adul.”Wong Sadewo pas nyurati Rukmi
ngengken kula?”, Ninik nambahi ukara.
Ealah, cah-cah. Jamane pancen sarwa instan. Apa maneh sinetron neng tivi gak
prei-prei topike kuwiii wae.
“Demi Alloh kula mboten
pacar-pacaran, Bu. Ninik pancene ember...!”, Sadewo mbela awake nalika takkonfrontir karo laporane Ninik. “Wong
kula lho jik cilik,...ngendikane ayah, sakniki pados sahabat mawon!”.
“Wis, Bu Guru ngandhani thok. Saiki
sekolah sing bener, ben pinter. Suk nek wis gedhe, pinter nyambutgawe, ...”,
omongku kandheg.
“Kawit golek pacar, ngaten tah, Bu?”,
Sadewo nutugna. “Persis omonge ayahku”. Ngelingi tingkahe Sadewo pancen
nggarakna ngguyu-ngguyu senep!.
“Mengko yen wangsul takterna, Wo. Bu
Guru kepingin methuki ayahmu”, welingku nalika arep ganti jam kapindho. Sadewo
mung manthuk.
Aku pancen klebu guru anyar neng
kene. sakdurunge, aku limang taun ngajar neng kecamatan liya. Mulane durung
apal watak wantune wali murid.
“Sadewo kuwi wis gak nduwe ibu. Ibuke
tilar rong taun kepungkur. Saiki diopeni mbahe sing nunggal omah. Mesakna jane,
jaman onok ibuke yo gak pati keplaur, wong ibuke ngopeni toko neng pasar”, Bu
Asni wali kelase nalika kelas lima crita nalika aku nakokne latar belakange
Sadewo.
Awane aku sido ngeterna Sadewo mulih.
Gak sepira adoh jane omahe saka sekolahan. “Yen numpak sepedah enak, Wo.
Sampeyan mesthi gak telat terus!”, ujarku karo markir Beatku.
“Mboten pareng teng Ayah. Mundhak
kecelakaan kados ibukku”, Sadewo njawab entheng. Aku kaget. Dadine ibuke Sadewo
tilar amarga kacilakan?.
“Mbah Uti. Mbah Uti wonten bu
guru...”, swarane Sadewo nyeluki simbahe. Let sedhela onok priyayi sepuh sak-ibukku
minarakna aku. “Monggo, Jeng guru pinarak. Ngapunten Sadewo ndamel masalah
malih, nggih?”.
Jagongan ngalor ngidul, akhire sebabe
Sadewo mben dina kocar-kacir sragam, buku, lan ubarampe sekolahe amarga yen
mulih sekolah disusul ayahe langsung dijak nang tokone. Mulihe wis bengi, mben
dina onok ae sing keri.
“Yen arep wangsul barang-barange
ditata maneh, Wo. Mau teka nggawa apa, nggawe klambi apa, ben sesuke gak repot
maneh”, welingku nang Sadewo. Siji sing tak-elem masiyo mben dina ketriwal
apa-apane, Sadewo gak tau gak nggarap PR.
Keprungu swara mobil mlebu. Mbahe
Sadewo gage mapag nang ngarep.
“Niku ayahku, Bu”, Sadewo mbisiki
kupingku. Pancen mau ayahe Sadewo takbel yen anake takterna mulih saperlu
kepethuk wong tuwane.
Dedeg piyadege pideksa, mbambang
awak. Sak-umuran mbokmenawa karo aku. “Kula ayahe Sadewo”, wonge ngelungna
tangane ngajak salaman, banjur lungguh adhep-adhepan. “Wo, ndang maem kono,
ayah tak jagongan karo bu guru”, swarane ulem adhem. Sadewo manut,
klunuh-klunuh mlebu.
Apa sing kedadeyan taklaporna kabeh,
buku cathetan pelanggaran siswaku ditiling-tiling.
“Saene Sadewo mboten usah langsung
dijak teng peken, Pak. Wau kula tangleti terose larene purun menawi numpak
sepedah. Kersane...”, omongku durung tutug wis diselani omongane ayahe
Sadewo,”Kula sing dereng angsal, Bu. Sadewo menawi sepedahan biyasane
ugal-ugalan”.
“Dicobi mawon, Pak. Larene nggih mpun
kelas enem”.
Sakwise ayahe Sadewo tanda tangan
neng buku kunjungan wali kelas aku pamit mulih, nanging dicegahi mbahe Sadewo
dikon melok mangan awan neng kono amarga wis dicepakno karo kancaku. Kanca?
Ealah, sing ngladeni manganku hla kok
Wahyuni, kanca kuliyah, saiki kanca guru seje sekolahan. Tibake Wahyuni iki
bulike Sadewo, hla iki mau ngepasi mampir. Aku mangan bareng Wahyuni neng
ruwang tamu.
“Kowe mosok gak kenal, karo Bimo,
ayahe Sadewo?, mbiyen neng kampus ketua senate dhewe. Oh iya, wektu iku kowe
lagi cintrong karo ...”, Wahyuni langsung meneng.
Sapa wae sing kenal aku mesthi ijik eling piya
lelakone tresnaku jaman semana. Abimanyu Prasetyo, gegantilaning atiku, sing
nganti seprene jik ngiseni atiku, ilang nalika munggah gunung. Wektu iku wis
meh wisuda, nggo ngisi wektu sakbare yudisium karo ngetutna adik tingkat
latihan munggah gunung.
“Anakku wis loro, lho. Umure dhewe
wis ngancik telung puluh, kowe ngenteni sapa?”, Wahyuni nutugna omonge.
Aku gak semaur. Ora pisan pindho sing
ngandhani koyok ngono. nanging binggete atiku gak iso ilang seprene. Saumpama
wektu iku Abi kenek takpenggak, mesthine gak koyok ngene uripku.
“Apa sing kedadeyan iku takdir. Ojok
nyawang memburi ae. Bukaken atimu,...utawa takgolekna piye?”, Wahyuni, sing
mbiyen jagoan humas mulai promo.
“Gampang wis lah. Takpikire, rebut
cukup aku pamit dhisik”, aku mungkasi jagongan karo pamitan. “Openana
ponakanmu, mosok bulike guru, ponakane koyok arek gak kerumat ae!”, ujarku.
Wahyuni malah ngguyu banter.
“Hla yo sing kepanggonan sekolahe lho
sing ngopeni, wong Dewo gak gelem melok aku!”, semaure maneh karo noleh neng lawang
tengah. Tibake Mas Bimo ngadheg neng walike slambu, banjur mlaku ngener
panggonanku jagongan. Aduh, isinku bar ngomong koyok ngono. nanging uwonge
koyoke biyasa ae.
“Mas, iki Arini kancaku kuliyah sing
jare sampeyan mbiyen koyok Lady Di.
Lali tah lali?”. Aku karo Mas Bimo
pandeng-pandengan, banjur ngguyu bareng. “Pangling, Yun aku nang Dhik
Arini...”. Akhire aku wong telu jagongan maneh sakwetara.
Sakwise kuwi, Sadewo malik grembyang.
Gak nate telat, sragame lan atribute jangkep, sepatune pepek. Hla sing
nyenengna maneh, mben dina Sadewo nguwehi aku jajan sangune. “Njupuk nang toko
tah, Wo?”, takonku . “Mboten, Bu. Nggih tumbas. Tokone ayah lho toko bangunan”,
Sadewo njawab karo ngonceki coklate. “Bu guru mboten nate teng peken
kabupaten,nggih? Tokone ayahku gueedhee...lho?”. Sadewo, Sadewo...umukmu ki
lho!.
“Bu, kula suk liburan badhe teng
Bali. Nderek ayah golek ibuk malih?”, Sadewo mbisiki aku. “Hah,...apa neng Bali
onok sing dodol?”, jawabku angger wae.
“Mboten, teng Bali wonten sedulure
ayah sing purun dados ibukku, terose ayah... Tapi...”.
“Tapi apa?”, aku nyawang Sadewo.
“Kula mboten purun nggadhah ibuk malih!”, Sadewo ngomong karo mlayu ngilang
saka kelas. Owalah Wo, Wo. Mbuh pikiranku kok ngelingi Mas Bimo, ayahe Sadewo
sing klebu duren. Duren...duda keren!.
Nganti awan iku,...
Aku milang-miling maca jenenge toko
bangunan. Arahe wis bener, iki toko sing dimaksud. Aku pancene dikon bapak
kepala sekolah mampir nang toko “Nakula Sadewo” njaluk stempel kuitansi
blanjane rehab jedhing sing kesingsal siji, ndilalahe aku rak sakdalanan arep
ngajokna kenaikan tingkat nang dinas pendidikan kabupaten.
Brruaakk...,nalikane tanganku nyopot
helm, bokonge sepedahku ketotol pikep. Aku njungkel sakkayange, ketatap spion.
Sirahku klemun-klemun, sajake olehku markir kurang maju.
“Bu guru,bu guru..., Dhik Arini?”,
ana sing nyeluk aku. Tibake Mas Bimo.
Dadine iki mau tokone?. “Sepedahe takopenane, engko takterna ae!”, Mas Bimo
mungkasi perkara. Banjur kuitansi takduduhna.
“Jarene arep tindhak Bali, Mas?”, takonku
ngisi wektu nalika diterna mbalik nang sekolahan. Mas Bimo taklirik mung mesem.
“Dewo gak gelem!”, jawabe cekak.
“Mben takpamiti golek ibuk maneh,
sing diomong pengin ibuk koyok Bu Arini, sing galak tapi nyayangi muride, sing
gelem dijak jagongan muride, sing...,sing...pokoke akeh ta lah?”, Mas Bimo
mbacutne ngomong. Aku ngrungokake karo njengkerut. Mosok Dewo ngelem aku koyok
ngono?.
“Ngerti gak Dhik, mbiyen nalikane
sampeyan sakkosan karo adikku, sampeyan nate takrequest dadi pacarku. Eman, aku kalah cepet karo sapa iku...”.
Atiku mbatin, mosok se, kok Yuni gak
nate crita?. Aku gak semaur nganti tekan
ngarepe sekolahan. Isin campur ewuh,
nalika mudhun aku mung ngomong “Suwun, Mas...wis diterna”. Mas Bimo mung mesem.
Esem sing mulai dina iku bolak-balik ketok nang ngarepe mripatku.
Sesuke, sesuke, lan sesuke maneh ana
ae alasane Mas Bimo methuki aku. Ngeterna sepeda, takon perkembangane Sadewo
nek sekolah, mamitna Sadewo dijak lunga embahe, ...aku seneng ae nampa tekane.
Nganti wengi iki, ana sms mlebu ...Bu
guru,eh...Dhik Arini saumpama sampeyan takjak nang Bali, piye?...kersa ta?...
Takbales...lho ketemu pirang perkara?...
Sms balesane cepet banget tekane...sakperkara!. dudu merga aku nggolekna ibuk
nggo Dewo.Nanging atiku kepilut sampeyan. Ra sah kakehan mikir maneh, selak
kiamat, lho...
Maca sms sing keri iki, atiku kok sajake kepilut sisan. Lho mlebu sms
maneh...nang Bali iku kanggo bulan madu,
hla sakdurunge ayo ijaban dhisik, setuju?.
Yen wis ngene iki aku kudune piye?.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar