Halaman

Translate

Jumat, 05 Desember 2014

Harisku , Atiku , dimuat di Panjebar Semangat No. 47 - 22 Nopember 2014



Harisku, Atiku

Mripatku jik kober nyawang kembang-kembang ing latar sakdawane lurung menyang ruwang operasi. Aku wis siyap!. keprungu tangise ibuk lirih, dene bapakku mung katon ndremimil ndonga. Mulane...
“Tega temen kowe, Aida...,Aida...,Aida...”, swarane Haris jik gemontang neng kupingku. “Aku ora perduli kowe lara apa..., aja mbok cuthel tekan semene “, swarane Haris keprungu gerok. Mbek nangis mbokmenawa?.
Aku pancen emoh dadi sanggane sapa wae. Yen bapak ibu, yo mesthilah, wong aku putrane, ning yen Haris?. Aku ora iso mbayangake kepriye tangkepe kaluwargane Haris ndeleng aku sing gopokan lara.  Jantung mania, hehehe...
Salahku dhewe pancene, kenek apa nalika Haris nelakake rasa tresnane, aku mung manthuk ngiyani. Takpikir Haris paling yo akhire waleh-waleh dhewe ngadhepi aku sing ringkih awake. Nanging tibake ora, neng sekolahan Haris kadidene tameng kanggoku. Ing samubarang kegiyatan Haris sing ono sambungane karo bau suku, Haris maju ngarep dhewe makili aku. “Kowe seneng aku, nyawang apane se ,Ris?”, nate aku takon ngono. “Kowe pinter, mesthi juara siji. Enak ta aku gampang nek nyonto?”, jawabe entheng. Duh, Haris..so sweet!. Kebek dadaku dielem gegantilaning atiku.
Nganti dina iku,...”Aida, kowe se gak piya-piye dadi kanca spesiale Haris, malah akeh untunge tinimbang rugine. Nanging apa kowe  mikirna masa depane Haris?”, Mbake Haris, Mbak Iftah,  nelpon. “Apa sambungane, Mbak?”, semaurku. “Akeh, yen Haris mung mikirna kowe, sido-sido wurung olehe arep ngleboni kuliyahe neng Bandung, Haris lho kandha emoh adoh karo kowe!”, Mbak Iftah nutugna ngomong. Aku dhewe klebu neng Malang.
Atiku trataban sakkala. Aku kaget campur getun. Dadine saksuwene rong taun iki aku dadi malane Haris. Ora nutupi kasunyatan, sakwise kenal karo Haris, laraku arang-arang malah koyok ora tau kumat. “Aida nemu tamba sakwise rumaket karo Haris, hla pikirane seneng terus...”, ibu nate ngendika. Nanging aku yo ngerti bapak karo ibuku sing mung pegawe cilik njungkir walik, nyelengi dhuwit akeh kanggo ngoperasekna kelainan  jantungku.
Pancen aku kudu genti mbales kabecikane Haris. Aku kudu mikirna masa depane. Mulane sakjege lulusan aku ngilang neng omahe simbah Sidoarjo, karo ngenteni jadwale operasi.  Aku kudu kendhel mungkasi hubunganku karo Haris, ben aku ora dadi pepalang dalane Haris.
 Ibukku, sing uga kanca curhatku, mung weling,”Ndhuk, ...lair, pati ,jodho, rejeki kuwi wis ono sing ngatur. Mbuh suk kapan yen Haris jodhomu, mesthi ketemu. Terserah sampeyan arep mutusna apa, ibu ora ngalangi, dalanmu, dalane Haris jik dawa”.
Akhire, kanthi ati tatag, Haris daktelpon.
Pett,... mripatku peteng, aku dibius nggrambyange pikiranku cuthel.
Dina kapisan sakwise operasi, aku wis iso ngguya-ngguyu. Krasa seger, ...kuwi sing dakrasakno. Aku ora ono sing nyambang sakliyane keluwargaku. Pancen iki uga salah sijine saratku. Aku emoh disambangi wong liya!. Ora ngarah kanca-kancaku ngebel, hp-ku wis dakganti kertune. Masiyo ta, Haris, Haris, ...ketok terus neng ngarepe mripat.
Dokter Rahman, sing ngopeni aku neng Dokter Sutomo kene, tibake asline sakkabupaten karo aku. ”Mung aku wis suwe neng kene, Mbak.  Anakku ono loro sing neng Jombang, mbaturi eyange, ”, ngendikane. Dokter Rahman uga crita, yen bojone uga nate lara kaya aku, nanging sakwise dioperasi waras-wiris nganti saiki.
Yen nyawang dr. Rahman ngguyu, aku eling guyune Haris. Yen sajak keladuk ngguyune mesthi lambene ditutupi. Ya Alloh, aku kok kelingan Haris terus, se?. Pengin ngebel, wis gak nyimpen nomere. Nanging batinku ngantepi, aku kudu nutugna ap sing wis dakwiwiti.
Esuk iki dina terakhir neng rumah sakit. Aku nyawang tanggalan.Mesthine Haris saiki wis neng Bandung, yen ngelingi jadwal sing tau dakweruhi neng surat penerimaane kae. Mbuh mara-mara eluhku dleweran, ngelingi ucapku  pungkasan nang Haris kang nylekit.
“Aida?”, keprungu swara saka mburiku. “Swarane ...?”, batinku. “Aida, mpun sehat, ta?”. iki koyoke swarane Haris. Aku noleh,...Haris temenan. Haris dakgapyuk, eluhku mili tambah banter. Aku kangen,...kangen temenanan,...
“Kendhel men medhot tresnaku,...saiki sapa sing kelangan?”, Haris ora gelem ngguyu. “Kuliyahmu?”, takonku karo kamisesegen. “Ora ono masalah karo kuliyahku, aku wis mari daftar ulang?”, jawabe Haris teges.
“Aku lara-laraen, Haris...”.
“Aku wis ngerti. Gara-gara telpone Mbak Iftah, se?. perkara laramu, ora masalah , ben diopeni bapakku?”. Neng lawang daksawang bapak, ibu, dr.Rahman ngguyu bebarengan.
“Sing penting, atimu rak kanggo aku,  Aida?”. Aku manthuk, tanganku digegem kenceng.
Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar