Tresna Tuwa
Sakdawane
bengi iki aku jian kudu ngguyu terus. Owalah, lakone uwong pancen werna-werna.
Paling ora kenek dinggo kaca benggala, mbokmenawa mbesuk uga ngalami kedadeyan
sing padha. Rak ngono, ta?.
Ngomongake tresna jan ora onok
enteke, kawit mbiyen nganti saiki. Ora malehi utawa mboseni. Ibarate wong masak, seje tangan seje
rasane. Seje uwong seje pengalamane. Apa maneh modhel tresno sing unik kaya
sing dilakoni bulikku iki.
Awan mau
bulikku,adhike ibukku, kang ayu dhewe sakdulur nglencer karo bojone sing anyar.
Aku yo kaget, bulikku kuwi yuswane wis seketan punjul, lan rong taun kepungkur
dakweruhi nembe ditinggal tilar bojone. Bulik Almi kuwi bulikku sing paling
daksenengi, amarga wiwit aku cilik nganti gedhe, gak nate telat yen nyangoni aku.
Hla pancen bulikku nduwe toko gedhe dhewe sakdesa!.
Tur tumanggepe nang aku koyok nang
anake dhewe. Bulik Almi kuwi putrane loro, kakung kabeh. Mbiyen, pas cilikanku,
yen bulik mbeneri nyambang ibuk, aku mesthi banjur katut kegawa. Ndina-ndina
neng omahe bulik. Ngancani neng toko, melok paklik ngusungi blonceng, utawa
dijak marung neng warung langgananane. Seneng, dijak neng ngendi-endi, weteng
wareg, mulih jik disangoni. Hehehe...
Sakwise putrane wis loro, yen dhong
nyambang, aku sing kulinane mlayu nggendhong klambi, njaluk melu bulik, mesthi
sikilku panen cethotane ibuk,...”ngisin-isini, wis gedhe kok arep melu ae!”,
ujare ibuk karo nggered aku mbalik mlebu ngomah. Pancen isin temenanan kok yen
dakelingi saiki!.
Aku pancen gak ngerti yen bulik wis
nikah maneh, jarene wulan wingi, nanging
ibuk yo gak crita, mulane aku ra ngerti...hla aku lagi ketemu yo pas riyaya saiki. Maklum wae unjalku neng kutha liya.
“Aku
kepileng nalika ditinggal paklikmu mati ndadak, Ndhuk. Lan aku pancen gak iso
dikon urip dhewekan. Anak loro wis omah-omah kabeh. Omah gedhe dakenggoni
dhewe. Toko gedhe ngedol-edoli dhewe. Aku kelara-lara gak onok wong ngerti. Iyo
nek awan jik disaba tangga sing blanja, hla nek bengi...?”. bulik ngawiti
crita.
Paklikku seda kira-kira rong taun
kepungkur. Jalarane mung sepele, mulih saka sawah, sambat kathuk’en, tiba
semaput. Eh,...tilar. Gampang banget. Jarene jare, kira-kira kenek serangan
jantung. Owalah, muga paklik dipadhangna dalane lan dijembarna kubure!.
Bibit kawite piye ta, kok bulik iso jatuh cintrong maneh?...
“Aku rak nduwe garapan sawah sing diparo Kang Paijan,
hla ketepakan sing arep nebas panene wektu iku yo likmu anyar iki”, bulikku nutugna crita karo ngesemi
bojone. Wah, jan ketok yen tresna temenanan. Paklik yo mbales mesem. Ciiieee...
Banjur paklik anyarku genti
nyambung,”Paijan takon nang aku, Lik mboten kepingin semah malih, tah?”. Paklik
kondisine pas kuwi lagi wae ditinggal
bojone tilar. Malah durung satus dinane. “Yo akeh wae sing nawani, ning rung
pengin. Wong jenate bojoku jik kawit, kok!”....
”Tapi, kira-kira sapa sing mbok
tawakna?”, paklik takon maneh. Ealah, tibake paklik yo nguber info.
“Hla sing nggadhah sabin niki?”, Kang
Paijan ngomong karo ngguya-ngguyu.
“Hlo, si Almi randha, ta?”. Paklik
anyarku kuwi pancen dadi pengusaha luwar kota. Nang NTB kono, lho. Dadine
penggaweyane wira-wiri kulakan didol neng tokone ing NTB. Duda nalika yuswa
suwidak lima kanthi anak lima. Suwidak lima?...haah?. Nanging ojok ngenyek
dhisik, penampilane jik saemper Yusuf Kalla, malah luwih pideksa. Kulina wong
bakulan lan saba njaba kutha, fisike pancen top markotop. Gagah prakosa, tur berduwit.
“Yen Almi kuwi malah genah mbiyen tau
dadi muridku nalika SMP jaman taun
pitung puluhan.Ning aku wektu iku yo mung guru swasta. Mulane sakwise butuh
tambah akeh, aku banting setir dodolan nang njaba pulo”.
Mbuh piye critane, sakwulan sakwise
jagongan karo kang Paijan, paklikku nggenahna omongane Kang Paijan. Malah
kanthi bangga, paklik crita yen asline dheweke nduwe calon bojo akeh, nanging
sakwise diseleksi, kari onok loro. Bu guru sing ijik prawan , karo bulikku sing
randha. Sakwise rundhingan karo anak-anake, kabeh setuju yen paklik aluwung
milih bulikku sing randha wae. Wis pengalaman ngopeni bojo, tur paklik rak wis
manula,hehehe...
“Aku ketemu sepisanan karo bulikmu yo
neng omahe dhandhanne, Kang Paijan kuwi. Pas aku teka , bulikmu wis onok kono, daksawang
bulikmu lungguh ndingkluk karo dolanan salak. Nyawang ngono kuwi, atiku hlo, wis ndhredheg. Wah, aku sajake
sreg ki!”, Paklik nutugno crita karo mesam-mesem. Bulikku mung ngrungokake karo
ngguya-ngguyu sajak piye, ngono.
“Daktembung gelem, aku karep nglamar
eh njaluke dipamitna nang sedulur wedok sing tuwa. Piye-piye bulikmu jik nduwe
mbakyu, yo ibuku kuwi,...wah hla iki onok crita sing lucu!”. Lucu piye?...
Bulik genti nyambung,”Paklikmu wis
diwanti-wanti anak-anake gak oleh gonceng-goncengan sakdurunge ijaban. Hla
piye, wong aku yo kepingin methuki mbakyuku. Pamitan rabi karo nduduhna. Akhire
aku digonceng likmu iki numpak sepeda montor srunthul ora ngliwati embong
gedhe. Milih dalan makadam sing gak ngliwati ngarep omahe paklik tah bulik. ..”.
Omahe bulikku arahe kidul omahku.
Jarake kira-kira pitung kiloan. Hal yen arep mara pancen onok telung pilihan
dalan. Dalan sing kawitan, embong gedhe sing alus mulus, dalan kapindho lan
katelu kuwi dalan sidhatan utawa jalur
alternatif. Wujude dalam makadam, watu putih mingis-mingis.
“Hla neng dalan kuwi, rak
nggronjal-nggronjal, kathik numpak srunthul, lungguhane ra cukup, wong aku
sakloron gedhe karo, mulane pas nggronjal nemen, bulikmu takon, angsal meluk
napa, kula kuwatir ceblok..., aku yo njawab, oleh wae, wong adhewe rak yo
enggal nikahan”.
Tiba crita iki aku ngguyu kemekelen.
Jan...ngguyu amba. Paklik bulik yo ngguyu sisan. Apamaneh tibake anak-anake
wong sakloron kuwi dha ngerti pokale wong tuwane sing ndelik-ndelik olehe
goncengan. Ning mung dijarno wae, kate piye maneh. Kabeh dha crita pas wayahe
ijaban.
Aku eram temenanan, Gusti Alloh nek
ngatur umate kok jan tepak. Maksudku, bulikku karo bojo sing kawitan ketemu
sugih. Bojo sing kapindho, ketemu sugih maneh. Mbokmenawa amarga bulikku loman
yen sodaqoh...dadine bulikku dipenakno olehe urip ing alam ndonya.
“Hlo, onok maneh crita sing gak
ngenaki. Pas aku pamitan anak-anakku, aku asline gak oleh. Sing mbarep ngomong
karo muring-muring...wong bapak sewune ae
jik durung, kok wis arep golek ganti...”, bulik nutugna crita.
“Apa maneh nalikane aku jik randha,
wong pancen nek wis sore aku longgar, gak onok sing dakopeni, eh melok-melok
pengajian neng njaba sing mulihe bengi yo gak oleh mbek misananmu. Aku rak ya
bingung dhewe. Kon neng omah ae?, ...rak ya malah sumpeg temenanan!”.
Untunge, kabeh-kabeh banjur dha
nutur-nuturi, wong sakwise kuwi nalikane bar acara lamaran, swasanane wis adhem
ayem maneh. Apamaneh bar ijaban. Malah adhem ayem lan tentrem.
Pancen paklikku sing anyar iki
sakliyane gemati nang bulik, uga pinter ngepek ati sapa wae sing dikenali. Wong
sugih, kecek dhuwik, yen mung ndudut biru-biru tah abang-abang, entheng wae!.
Klebu aku!.
Yen nyawang bulikku sing urip kepenak
karo bojo kawitan, lan urip mulya karo bojo kapindho, seje maneh yen aku
nyawang uripe mbakyuku sing mbarep. Guyuku langsung ilang!.
Sedih atiku, mbakyuku dadi randha
amarga ditinggal glanggang nyolong playu bojone, katut babon liya, kathik
ditinggali anak loro sing ijik semega, sapa sing nadahi? Yo ibuk bapak sing
nrima maneh bali nang omah kene. Omahe didol, bamban urip anyar maneh. Senajan
ta mbakyuku pegawe, daksawang koyoke susah ae yen ngubetna gajine. Kok ngerti?.
Hla yen dakjaluki sangu, angele eram. Paling akeh didudutna ijo siji. Kuwi ae
sakwulan pisan!.
“Dhik, aku onok sing nyenengi maneh.
Bujangan umure patang puluh lima. Piye?”, mbakyuku crita.
“Bapak ibuk wis pirsa?”, takonku.
“Uwis. Jare ibuk dipikir maneh sing
jero. Mumpung durung kadhung!”.
“Kok bujangan ta, Mbak. Sampeyan wis
telung puluh wolu, lho?. Mesthine dheweke jik kepengin nduwe putra, hlo?”, aku
ngelikake.
“Perkara kuwi gampang. Wong kancaku
onok sing yuswane luwih akeh saka aku ae nduwe putra yo gak pa pa. Saiki
samubarang rak luwih canggih?”, mbakyuku semaur.
“Lara atine wis ilang tah?”, takonku
maneh.
“Hla iki yo salah sijine cara
ngilangi lara ati, Dhik?”.
Meh riyaya wingi, nalikane aku bali preian, omahku
lagi geger!. Mbakyuku, mulih saka kerja semaput, gak eling-eling nganti suwe.
Tibake, mbakyuku nampa kabar, sing isine pacare
mau arep nikah karo kancane mbakyuku sing uga ijik bujang, senajan ta umure wis
rada akeh. Dadine saksuwene iki nyedhaki mbakyuku mung kanggo nggolek info kancane mau. Dinggo batu loncatan ngono lho?.
Aku ambegan landhung. Isine urip
pancen onok bungah, onok susah. Yen diarani saka pakartine dhewe-dhewe,
mbakyuku kok yo gak nate tumindhak ala sing nggarahi dimala Gusti Alloh. Menungsa
pancen mung iso ngrencanakna. Hla yen sing ngecet lombok durung ngersakne, kate
piye?.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar