Ndhuwure Langit Ana Langit
“Terserah
njenengan, Mas. Aku wis gak mikiri. Njenengan gak nyapa aku, gak pa pa.
Njenengan lunga nyepi neng gunung kaya biyasane yo gak pa pa. Golek maneh sing
ngerti karepe njenengan ?. Terserah! Wong lanang kok cemburuan!”.
Arep
piye maneh. Nduwe bakal bojo kaya aku kudune tahan banting. Sapa sing gak kenal
aku?. Ora mung kembang desa, aku iki kembang kecamatan ibarate. Mulai wetan lor
kidul kulon omahku sasate kabeh wong lanang, apamaneh sing nggantheng, kenal
aku. Ayuku masiyo aku ra umuk, pancen imbang nek mung karo Angelina Jolie, apa
maneh lambeku,...wow jan gak nguwati sapa ae sing nyawang. Kana-kene ngaku dadi
pacarku, iku wis lumrah. Masiyo ora ana sing nganti mlebu ati temenanan.
Iku
mbiyen, kanca. Sakdurunge aku ditaleni Singgih. Sapa Singgih sing akhire iso
ngenekna aku?. Singgih jane yo kancaku dhewe. Kanca beda kelas mulai SD. Kacek
rong taun. Runtang-runtung kaya dadi bodyguardku
mulai cilik nganti aku gedhe. Saksi urip, ngerteni kabeh sapa ae sing tau dadi
kanca cedhekku. Nek mung dikon ngabsen, Singgih ngapal neng njabane sirahe!.
Kok
aku milih Mas Singgih?. Hla yo iku ,
sing dibutuhna wong wedok iku rak gak mung prejengane thok, tresna thok, ning
rak yo tanggung jawabe. Taksawang Singgih yo wis cekel gawe mapan, yo nelakake
seneng neng aku, wong tuwaku ngerti
keluwargane. Kurang apa?.
Masalahe
malah manggon neng Singgih dhewe. Cemburune jian gak nguwati!. Rumangsaku
sakdurunge aku gelem disingseti dheweke toleran
nang solah tingkahku, bareng saiki?.
Nate
pas ngeterna aku blanja neng swalayan, aku ketemu Joko, kanca lawasku. Mung
sapejagong biyasa. Pancen Joko bocahe kemraket ngono, yen ngomong karo
jowal-jawil...sethithik. Walah, tekan omah, Mas Singgih langsung komplain.
Terus
maneh, nalikane aku nekani kondangane Asri, neng kono aku ketemu Imam, yo kanca
karibku,wis nduwe anak bojo, jagonganku
nganti suwe. Mas Singgih, nesu maneh.
Mulane takuneni kaya ngono mau, wong gak pisan
pindho. Sms takkirim, bar ngono hape takpateni!.
Sesuke
aku budhal kerja ngisuki. “Ra bareng Singgih, Tut?”, ibu takon sajak nggumun
nyawang aku ngetokna sepeda montor. “Mboten, Bu. Kula wonten dines njawi!”. Ibu
gak ngendika maneh.
Biyasane
yen wis aku negesi ngono, Mas Singgih banjur mara asok kaluputan tah piye. Ning
iki nganti seminggu dheweke gak menthungul. Arep takbel dhisik, aku tengsin. Arep takampiri, kok sajak piye.
Engko gek lara?. Tiba sing keri iki, atiku moncat-mancit. Takcoba ngebel kanca
sakkantore.
“Mbak
Ain, Mas Singgih wau mlebet?”, takonku.
“Lho,
gak ngerti tah nek Mas Singgih wis seminggu iki dipindah neng kantor pusat?”,
Mbak Ain mangsuli semu kaget. Kantor pusat?. Berarti saiki dinese gak neng
kantor cabang wilayah kecamatan kene.
Awan
iki, kanthi alasan ana kepentingan keluwarga aku pamit mulih dhisik, aku nyoba
nggoleki eh ora mung kepingin mlapati kepriye dinese Mas Singgih neng kantore
sing anyar. Ndilalahe neng lift aku ngrungokake jagongane karyawati loro.
“He,
pimpinan sing anyar, Pak Singgih, wiih wonge jan...sumeh lan grapyak”, jare
sing cilik ireng manis.
“He’e.
infone sing gres, yo durung ana sing nduwe lho...”, jawabe
sing putih ayu karo ngguya-ngguyu. “sajake ana peluang..”.
Atiku
sedut-sedut krungu omongan kaya ngono. “Awas, ya...durung weruh yen aku
iki...”, omongku njero ati.
Metu
saka lift aku salipan saksrit karo pawongan sing dedeg payadege persis Mas
Singgih. Wong loro lanang wadon mbarengi mlaku . Sajake jagongan penting. Sing
nggarahi aku sedut-sedut maneh, nyawang sepatune wong wadon iku lho...meh
limalas senti be’e. tur bodine...kaya gitar. Mendahneya nek disawang saka
ngarep. Tambah sip mbok menawa...
Aku
mulih. Aku wis gak iso nutugna detektif-detektifan kaya ngene. pancen bener
jarene unen-unen, neng ndhuwure langit ana langit. Aku sing rumangsaku ayu
sakkecamatan, mung metu sethithik saka kecamatanku, tibake akeh sing ngungkuli
ayuku. Apamaneh skill-ku?. Mbokmenawa
aku kalah adoh.
Bar
salat maghrib, sakwise wiridan, aku lungguh suwe. Ngelingi aku iki sapa. Yen
takpikir jero koyoke pancen tingkahku luwih akeh nyebeli sapa wae sing kenal
aku tinimbang nyenengna. Aku sakkarepe dhewe. Aku ora nate nggatekne perasaane
wong liya. Yen aku jagongan karo sapa ae sing takkenal, nganti lali wayah. Mas
Singgih iso nganti kesirep yen ngenteni buyare jagonganku. Padha ae nek pas
ngeterna aku blanja.
Kanggoku
pancen saksuwene iki Mas Singgih kaya batur kinurmat nek ngono. Pas aku butuh
takceluk, pas gak butuh takjarna. Yen ngandhani aku mesthi taksemauri, utawa
malah taksengap sakdurunge mari. Ya Alloh, apa sing wis taklakoni?. Isin aku
ngelingi polahku. Pikiran warasku ngrespon,Iki artine aku kudu njaluk
sepura.
Agahan
aku menyat arep menyang omahe. “Mbak, arep nang endi?”, Udin adikku takon. “Wis
bengi, Mbak”, Udin nulak ngeterna.
Nanging akhire gelem ngeterake sakwise takiming-imingi bakso rong mangkok.
“Mas
Singgih dereng rawuh, Mbak”, rewange ngandhani. “Tapi, ibu sekedhap malih rawuh
saking yasinan”. Lho alah iki mau rak malem jemuwah. Aku cepet-cepet pamit, gak
enak medayoh kok kemis bengi kaya ngene iki.
Mak
jegagig, nalika Udin nyetater sepedah, mobile Mas Singgih mlebu latar. Mobile
mandheg. Dheweke metu. Seminggu gak ketemu rumangsaku kaya setaun, eh ora
sewindu..., kangen?.
“Din,
mbakmu tinggalen ae. Engko takterna!”, Mas Singgih ngatag Udin karo ngetokake
dompete. Udin pancen kerep disangoni. “Oh, enggih Mas”, jawabe seneng karo
nampani duwik ijo siji.
Aku
cepet-cepet ngomong,”Mboten usah, Mas. Njenengan tas rawuh rak jik sayah. Aku
takwangsul ae!”.
“Din!”,
mung ngono aloke Mas Singgih gak ngreken omongku. Udin keplayu nggeret sepedahe.
“Bye, Mbak Tutik”, aloke karo mlesat
saksepedahe.
Kunci
mobile dilungna rewange, Mas Singgih lungguh neng kursi njaba teras.
“Gak
kepingin salaman karo aku, Tut?”, Mas Singgih mbukak omongan karo nyopot
sepatune. Aku bingung arep piye. Biyasane pancen aku sing kaya ndara putri.
Dheweke sing ngejak salaman dhisik!.
“Mangke
ae yen njenengan wis siram. Ambune lho kecut...”, akhire aku semaur sakmuniku. “Yo
wis, enteni wae”, Mas Singgih mlebu nyangking tase.
Aku
ngenteni neng ruwang keluwarga. Omah amba mung dienggoni karo ibuke. Bapake wis
tilar limang taun kepungkur. Aku ijik eling, wulan wingi Mas Singgih, nggenahna
kapan aku siyap dijak nikahan. Aku durung njawab. Pancen janjine pas lamaran
ngenteni saksiyapku. Mas Singgih akhire mung ngomong ngene, “ Ngenteni siyapmu,
mbok nganti uwanku metu separo kowe durung siyap!”.
Nggo
ngguwak sepi aku nyetel tivi. Mbuh merga sedina mau aku kliter adoh, maksliyut
aku wis kesirep. Nglilir-nglilir,...ya Alloh...taksawang jam neng tembok
nduduhake angka sepuluh. Sikilku wis diujurna mendawa, dislimuti. Mas Singgih
kesirep pisan neng kursi liyane. Mung ibu,...lenggah anteng karo mirsani tivi
sing swarane dicilikna.
Agahan
aku ngadeg nyalami bakal ibuku. “Ndhuk, bubuk kene ae, ya?, mau masmu wis nang
omahmu, mamitne. Gampang , engko bubuk neng kamare Mbak Dewi!”.
Keprungu
swarane ibuke, Mas Singgih tangi . “Ibuk tak menjero dhisik, ya?”, ngendikane
Ibuk karo jumangkah mlebu.
“Wis
ngomonga takrungokna, Tut. Ngantukku yo wis ilang, kok”, Mas Singgih nyuwara.
Aku lali kabeh apa sing arep takomong saka omah mau.
“Aku...”,
omongku gak kewetu.
“Tuti,
adhikku, calone ibuke anak-anakku...,”Mas Singgih ngomong maneh, kaya pimpinan
kantorku, ketara yen njaga jarak!.
“Pertama,
aku njaluk sepura yen saksuwene iki aku ngribeti uripmu kanthi polahku sing gak
nyocoki”.
“Kapindho,...”
Durung
tutug ngrungokna taksemauri,”Mboten Mas. Aku sing salah. Aku akeh salahe.
Seprana-seprene aku gak nate ngurmati njenengan, aku nyuwun pangapura!”.
Mas
Singgih ambegan landhung. “Nanging, Tut...rong taun taklakoni, aku kerep gak
iso ngerem emosiku, apa maneh sampeyan durung siyap takrabi, sajake aku kudu
mikir pindho, Tut...”.
“Aku
mau mesisan matur bapak ibu, aku njaluk wektu telung wulan nggak mbarengi
sampeyan. Aku kepingin nata pikiranku maneh!”.
Aku
gak iso semaur, aku yo gak nangis, nanging eluhku ndlewer dhewe. Aku mikir dawa
neng kamare Mbak Dewi sakbare iku.
Azan
Subuh keprungu, aku cepet-cepet tangi. Njur aku dikon adus lan sarapan. Kabeh sing
ngaba ibuke. Mas Singgih gak ngejak ngomong blas.
Sapa
sing kolu mangan yen atiku rasane ajur mumur?. Segaku sing wis didemna kawit
mau gak takuthik. “Maemen, Tut. Eman...gak kepingin ngrasakna masakane ibukku,
tah, ndang takterna mulih?”, akhire Mas Singgih nyuwara.
Takpikir jero, sedina rong dina, dudu
sapa-sapa sing kudu ngowahi sikape,aku dhewe. Aku gak mikiri maneh apa sing
arep diputusna Mas Singgih. Aku bakale nurut.
Aku blajar njaga sikap, njaga omongan, njaga wayah yen srawung karo sapa
ae. Ora gampang nyrengkal lan maido yen dikandhani gak cocok.
Rupane
malihe tata lakuku dirasakna Udin. “Wih, Mbak Tutik saiki wis dewasa. Jempol loro pokoke!”, Udin
ngelem, karo ngeterna aku budhal. Sepedahku arep disilih nggo KKN.
Sore
iki, aku ngitung bunderane tanggalan neng meja. Ijik sakwulan punjul sedina gak
ketemu Mas Singgih.Udin kok gak teka-teka?. Katon Mas Singgih saka kadohan. Isinku
ilang, aku mlayu banter njur nggapyuk Mas Singgihku. “Mas, aku kangen!”. Mas
Singgih ngelus rambutku. “Padha..., aku gak betah ngenteni telung wulan...”.
“Tut,
nderek aku, ya?. Milih gawan nggo nikahan”.
“Nikahane
sinten, Mas?”, takonku lirih, atiku dheg-dheg cepet.
“Yo
nikahanku karo...widadariku sing saiki nresnani aku”, jawabe Mas Singgih
mantep.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar