Tresna Siningit
Aku wis gak kuwat maneh ngempet
pangrasa iki. Rasane dadaku kudu jebol wae. Aku kudune piye?...
Wis udakara rong taun aku kuliyah
neng Surabaya, lan aku nderek neng ‘daleme’ mbakku kene, perumahan dines
sekolahan. Kuliyah karo ngiras-ngirus ngekos gratis. Mbakku dhewe, ngetutna
kakunge sing dadi guru. Mbak Arini ngisi wektune karo mbukak kantin, ngopeni
duwit cilik, ngono kandhane.
Aku dhewe yo gak gelem mung nyangur
nganggur yen dong gak kuliyah, biyasane melok kulakan utawa nunggoni kantinne
mbakyuku. Mulane gak aneh maneh yen cah cilik saksekolahan kenal karo aku. Piye
yen nyeluk aku?...Bulik Dini, Bulik Dini,...kaya nyeluk bakul lombok, hehehe...
“Mbak, aku gawekna mie sing pedes!”,
cluluke Pak Adi karo mlebu kantin. Atiku trataban. Pak Adi guru olahraga anyar,
pindahan saka sekolahan liya setengah taun iki. Eseme jan gak nguwati.
Meh mben dina Pak Adi tuku apa tah
apa neng kantin kene.
“Dereng sarapan teng ndalem napa,
Pak?”, takone mbakyuku sing kawit mlebu kantin saka iringan. Aku iwut ngempakna
panci cilik.
“Mboten wonten sing nyepaki, Bu. Wong
kula teng griya kiyambakan”, semaure Pak Adi.
“Lho, enggal pados mawon, kersane
wonten sing ngopeni?”, mbakyuku nutugna jagongan. Mine wis meh mateng,
takcemplungi lombok lima kaya biyasane.
“Mpun nggadhah dim-diman, namung
dereng kula tanting...”, Pak Adi semaur karo sajak piye. Batinku, Pak Adi
mesthine wis nduwe bakalan tah apa ngono.
“Monggo, Pak. Sekecakaken”, alokku
karo ngaturi mi neng meja. Wis, mung ngono. wonge yo nampani ora semaur
apa-apa. Gelem kemrecek jagongan mung karo mbakku. Karo aku mung yen butuh thok!.
“Garpune gak ana tah?”, Pak Adi
ngomong karo nguwasi aku. Hlo ya, garpune durung ana?. Cepetan daklungi. Wonge
nampani karo mesem sithik,...wadhuh...
Pak Adi kuwi wonge grapyak semanak,
aku asring nyetitekna saka kantin. Nang kanca guru lan nang sapa wae. Wih, sapa
ya sing bakale diwengku Pak Adi?. Batinku nggrambyang. Pancen aku
nedheng-nedhengi umur gampang kasmaran. Bolak-balik aku jatuh cintrong, masiyo
ra tau dadi temenanan. Arep dadi piye?, wong cintrongku mung kandheg neng
njerone atiku dhewe?, hahaha...mung tanganku thok sing gak selak nulis kabeh
apa sing dakrasakna neng njerone buku gado-gadoku.
Sing paling keri yo saiki iki, aku
mbangun wewayangane Pak Adi. Sakparipolahe yen pas kenceng mripatku daktamatno.
Ngguyune, santake swara yen pas nguring-uring cah-cah, apa maneh yen pas voli
karo guru-guru, wih servis-e penak
tenan. aku sapejagong sepisanan nalika Pak Adi nggenahna kuliyahku.
“Dini kuliyah neng Akper, ya?,
berarti kancane Sekar, arek Candi”.
“Kok tepang Sekar, Pak?”, takonku. Pak
Adi mung mesem karo njawab, “Ada deh!”.
Sakjane gak ana masalah kanggone sapa
ae ngenani aku nyenengi Pak Adi, nganti awan iku nalika aku mulih saka
kuliyah...
“Din, kowe nyenengi Pak Adi, ya?”,
Mbak Arini takon tanpa tedheng aling-aling. “Iki apa?”, mbakku ngathungna
tangan karo nyekel buku gado-gadoku. Aku gak iso selak, pancen perumahan mung
rong kamar, aku gak nduwe privacy
blas neng kene. Mbakyuku sithok iki
pancen ngalah-ngalahi polisi telik sandi.
“Kuliyah kawit wae wis macem-macem!”,
mbak Arini nyuwara maneh. Aku nyebek gak semaur. Mbak Arini rak yo ngono se?,
Mas Budi, garwane kuwi lho entuke nguber nalika kuliyah mbiyen. Mas Budi budhal
ngajar, mbak Arini budhal kuliyah, numpak padha angkote. Eh, tibake kuliyahe
Mbak Arini tutup buku bukak terop. Ilmune ing tata boga dicakna neng kantore eh
kantinne. Weh!.
“Jeng,...kok muring-muring kaya
ngono. sak-aken Dini. Wong senenge lho mung ditokna njerone tulisan, gak
kewetu...?”, Mas Budi nyedhek karo ngelungna Dimas putrane.
“Aku gak padha, Din. Mas Budi mbiyen
jik singgel. Gak masalah, hla
iki...!”, Mbak Arini nutugna kutbahe karo nggendhong Dimas. “Untunge Pak Adi
gak ngerti, yen ngerti rak suda siji langgananku!”. Mbak Arini menyat metu saka
kamar. Aku mung meneng karo nutugna sinau. Buku gado-gadoku disita mbakyuku.
Arep dibong be’e!. setel meneng pancen paling aman ngadhepi babon ngamuk,
hihihi...
Bar kuwi wis ora ana kedadeyan
apa-apa. Mbalik kaya wingi uni. mung yen ana Pak Adi tuku apa-tah apa, Mbak
Arini langsung ngladeni, aku dikon mlebu. “Ben gak golek kesempatan”, mbakku
nate ngomong.
“Dini, kowe melu mbakyumu, ya?”,
Sekar kanca raketku ngecipris. Mripatku mlorok amba. “Aku ngerti, wong masku
saiki ngajar neng kono. Mas Adi, ngerti ora?”. Rumangsaku Sekar iki anak
ontang-anting, wong aku tau dikon ngisekna biodatane. Iki artine Sekar ..?. padahal
siji-sijine kanca sing ngerteni yen aku falling
in love , yo mung Sekar. Atiku kebat-kebit. Untunge aku gak nate nduduhna
jeneng asline pangeranku!.
Nganti sore kuwi, ..
“Bambang ketiban genteng. Bambang
ketiban genteng!”, swarane bocah-bocah saur manuk. Aku mlayu metu. Pancen
sekolahan arep direhab. Jenenge bocah gak oleh nyedhek tambah nyedhek. Payon
sing wis meh amruk gentenge ucul, dadine...
Daksawang gak ana guru blas. Mas Budi
yo pas metu. Agahan aku nulungi, ngecakna ilmuku ing keperawatan. Untunge
tatune gak sepira, mung mbendhole sirahe sing gedhe sakendhog gak kenek
dicolong.
“Piye, ngelu napa mboten?”, takonku.
Si Bambang gedheg. Rumangsa salah mbokmenawa. Ora ngerti yen Pak Adi wis
nyedhak sandhingku. Atiku saknalika mekar dheg-dheg sar.
“Suwun, Din. Iki mau cah-cah arep
dakjak latihan volli. Hla kok malah kaya ngene. Aku telat, amarga ngeterna
Sekar mulih”, Pak Adi njlentrehna. Atiku sing mekar langsung mingkup krungu
Sekar sinebut. Iki artine, Sekar kuwi ?...atiku mutusi.
Akhire yo ngene iki, dakkuwat-kuwatna meksa gak kuwat maneh ngempet pangrasa iki, kanthi
alasan nyedheki kampus amarga kuliyahku tugase tambah akeh, aku njaluk ngekos.
Mbak Arini sarujuk wae senajan Mas Budi nyegahi. “Penak ana Dini neng kene iso
ngrewangi dodolan, iso ngrewangi neng UKS yen ana bocah tiba tah lara, Dini iso
nulungi!”, ujare Mas Budi gela. Mbak Arini menter ae ndukung karepku.
...
“Din, ana sms mlebu!”, Sekar njawil sikutku. Hapeku pancen geter!. Daksawang, alah, nomer gak kenal wae.
Takjarna ra tak waca. Sekar mandheng kenceng,”Kok gak dibukak?”. “Wong iseng
sajake!”, semaurku sukur muni. “Sapa weruh penting”, Sekar nggremeng alon.
Bare kuliyah aku mlaku bareng Sekar
nang kantin kampus. “Piye, saiki wis ganti sapa pangeranmu?”, Sekar takon.
Biyasane mben sakwulan tokoh idolamu wis ganti?”.
Aku mecucu. Sekar ngguyu
kepingkel-pingkel. “Sajake kowe seneng temenanan karo tokoh guru idolamu, gak
ganti blas seprene?”. Sekar dakgablok buku. Saumpama dheweke ngerti yen aku
nyenengi bakalane, mbokmenawa dheweke wis ngedohi aku.
Bengine sms awan mau kawit dakbukak. “Din, sesuk iso apa ora melu neng lamarane
Sekar?” –ADI.
Oh, iki nomere Pak Adi? Kepethuk
pirang perkara aku arep dijak lamaran?. Agahan Sekar dakbel.
“Awan mau kok gak crita yen arep
lamaran?”.
“Hla kowe methuthut ae. Melu, ya?
Mbature keluwargane Mas Adi?...aku seneng banget yen kowe iso melu, wong malem
Minggu ae.”
“Aku gak iso, Sekar. Sepurane!”,
telpon daktutup. Akhire yo ngene iki. Aku nangisi nasibku. Sewu pangeran
dakciptakna, tiba siji sing keri, ...aku kaya wis gak iso nggawe pangeran anyar
maneh. Sesuk aku tak mulih ae ngendhangi ibu bapak neng ndesa, batinku.
Aku wis gak kuwat maneh ngempet
pangrasa iki. Rasane dadaku kudu jebol wae. Aku kudune piye?...tangisku tambah
seru!.
Lawang kamarku menga. Mbak Arini
nyambang. Bar saka tuku klambi nggo mbaturi Pak Adi lamaran sesuk jarene. Tangisku
kutah maneh. Nganti Mbakyuku mulih aku gak kewetu ngomong apa-apa. Sajake
mbakyuku yo ngerti apa sing dakrasakna. “Aku seneng kowe wis iso dadi bocah
sing realistis saiki”, ujare Mbak
Arini karo ndeleh mie ayam senenganku.
Malem Minggu, aku lungguh neng teras
kosan dhewekan. Kanca-kanca dha week-end
dhewe-dhewe. Saiki lamarane Sekar. Sakperih-perihe atiku, aku jik kober
ndongakna muga acarane lancar.
Ana sepeda montor mlebu ngarepan.
Sing numpak helm tropongan. Sapa, ya?. Helm dibukak, aku kaget sakkayange. Pak
Adi..., aku gak percaya. Temenan kuwi Pak Adi, nyedhek karo nyuwara, “Ra sah
ngomong apa-apa. Rungokna, Sekar kuwi anake bulikku. Nalika aku ngomong yen aku
seneng kowe, Sekar gak ngolehi. Amarga kowe nduwe idola uuakehh”.
Aku mung ndingkluk ngrungokna, gak
obah gak mingket. Sekar ngerteni aku njaba njero. Aku gak iso selak. “Saiki yen
aku ngomong terus terang seneng Dini, engko gek aku sukmben dilalekna?,
digolekna ganti?”, Pak Adi ngecipris ngomong karo ngguyu lucu.
Aku gak semaur. Mung sirahku
gedheg-gedheg nrithil. “Ra sah ngomong apa-apa. Aku wis maca buku gado-gadomu
sing kleleran dinggo dolanan ponakanmu”, Pak Adi ngomong maneh karo ngguyu
banter. Aku isin temenanan. Mosok yoan bukuku diklelerna?, awas yo Mbak Arini!.
“Wis ayo saiki enggal salin, acarane
Sekar selak diwiwiti”, Pak Adi ngatag. “Aku mlayu mrene sakwise Sekar njamin
nek kowe pancen seneng temenanan karo aku”, bacute. Adduh,...kembang-kembang
tresna ing telenging atiku langsung mrujuk maneh.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar