Udan Kawitan
Udan kawitan sakwise ketiga dawa, ceblok
ing wulan November iki. Angen-angenku tumlawung adoh neng dina- dina patang taun
kepungkur, padha-padha pas udan kawitan ngene iki.
...
Aku mlaku dhewekan sakdawane lurunge
kampus. Aku ngener fakultas bahasa lan
sastra. Sepi. Kuliyah jam kawitan wis diwiwiti. Sakwise MOS mahasiswa anyar ing
September wingi, pakuliyahan mulai dilaksanakake.
“Tata?. Telat...?”, ana swara nyapa saka
mburiku. Eh, tibake iki mau aku ana sing ngancani mlaku?. Pak Andi, salah
sijine dosenku. “Mboten, Pak. Kula mlebet mangke jam sedasa , niki madosi Pamungkas,...lho
terose tindak tebih, Pak. Mpun rawuh?”. “Koyoke Pam mau neng ruwang komputer,
ngrevisi apa ngono..., oh ya, wingi sore tekaku”, Pak Andi ngendika maneh,
banjur ngathungna tangane menggok neng ruwang sekjur. Pamungkas, misanane Pak
Andi, celukane Pam.
Aku kenal Pak Andi, lan Pak Andi paham
karo aku amarga misanane Pak Andi, Pamungkas sing manggon neng daleme, kanca
akrabku. Pak Andi pancen tipe dosen sing gaul,
dadine yen dong pas gak ngajar, rumangsaku kaya sakumuran ae karo Pamungkas.
Mas Andi, ngono Pam yen nyeluk pas swasana nyantai. Yen masalah rukune, Pam karo mase
jian rukun eram. Malah kadang-kadang taksawang Pam goncengan sepeda montor karo
mase. Liya dina bareng sakmobil. Liya dina maneh, aku sing nunut, amarga
kosanku sakdalanan karo omahe. Lumayan, gratis...nyuda jatah saka simbahku.
Lho, kok simbah?. Iya, aku iki arek
melas sakmelas-melase. Aku diopeni simbah kawit bayi procot, bapak ibuku tilar amarga kacilakan.Yo wislah putus
critane. Aku weruh rupane bapak ibuku
mung saka foto-foto lawas thok. Mbiyen jaman cilikanku, malah rumangsaku aku
iki putrane simbah. Ngerti yen putune sakjege lulus SD dicritani simbahku
dhewe.
“Ta, ngenteni aku tah?”, Pam menthungul
saka ruwang komputer. “Kangen tah piye?”, Pam senengane nggojloki aku. Senajan
ta pancen temenan, aku kangen karo Pamungkas.
“Iyolah. Jaremu arep ngrevisi proposal kegiyatan sing wingi
mbokjokna ”, semaurku. “Kangen?, nggaklah Pam..., apa sing takkangeni saka
awakmu?”, aku males omongane. “Ngapusi!”, Pam ngomong karo mencureng nyawang
aku. “Nek gak kangen aku, terus kangen karo sapa,...karo Mas Andi?”. Yo ngono
kuwi guyonku karo Pam, dheweke mesthi senengane nggathukna aku karo Pak Andi.
Padahal, sing tak senengi iku...dheweke!.
Aku lan Pam padha dene dadi sekretaris
panitiane. Suk wulan Desember ngarep HMJ-ku arep ngadhakna bakti sosial kanggo
mengeti hari ibu.
“Wis mari, kok. Beres maubengi. Ki mau
takprint, mung wacanen karo benakna
tulisane sing klira-kliru. Kowe rak ahline tata bahasa...”. aku mesem wae dilem
Pamungkas karo nampani proposal.
“Saiki ayo miwiti rapat, sajake
kanca-kanca panitia liyane wis nglumpuk”, Pam ngatag karo miwiti mlaku ngener
ruwang HMJ. Pamungkas iki bocahe teges, cag-ceg samubarang gawe.Nyantai thithik
lah, Pam.., batinku karo ngetutna jangkahe.
Pamungkas karo aku tanggal laire padha. Taune
yo padha. Konangane pas matrikulasi ndhisik kae, aku karo Pam diguyang banyu
amarga nepaki ultah. Sakjeg iku aku karo
Pam kelet nek wis neng kampus. Kegiyatan sing takeloki akeh-akehe padha, dadine
Kanca-kanca dha ngarani aku iki soulmate-e
Pam. Tapi rumangsaku koyoke aku sing ngeleti Pam, kok!.
Setaun
kepungkur sakjane simbahku rada owel nalika ngerti aku ketrima kuliyah
neng Bogor kene, sing ateges aku kudu kos. Adoh saka desa cilik ing perenge
Gunung Tembok kana, Padahal kancane simbah mung aku thok!. Putu saka anak lanang siji, padahal sawahe simbah
gilar-gilar amba neng ndesa, mulane senajan owel akhire aku diculna kuliyah
neng IPB. Sapa yoan suk sing nutugne kabeh usaha tanine nek gak aku?.
“Ta, dikon Mas Andi mara nang ruwang
TU”, Pamungkas ngomong sakwise maca pesen neng hp-ne. “Karo kowe yo, Pam?”, semaurku karo nyawang Pam. “Enggak,
aku pancet neng kene nutugne rapat iki. Saiki, Ta...cepetan...”.
“Ana apa, ya?”, batinku. Aku jik eling pas
tes wawancara mbiyen, Pak Andi sing nginterview
aku. Kabeh critane uripku taksok, gak kliwat siji-sijia. Siji sing takeling,
Pak Andi nggenahna kanthi tliti jenenge ibukku. “Ibumu asmane Asih Wulandari?,
kok aku kaya nate krungu?”, ngono Pak Andi nate takon. Aku mung manthuk. Ndonya
iki amba, kok mung jeneng sing padha, rupa padha ae akeh, ngono batinku.
“Aku minggu wingi melu pertemuan
dosen-dosen neng Jember. Nalikane wektu lodhang, aku ngoberake nggoleki
keluwargane bojone bulikku”, Pak Andi ngendika karo namatake kertas loro neng
ngarepe.
“Teng Jember,...wadhuh, niku tanah
klairan kula...Pak?”, sautku cepet. “Uga tanah klairane Pamungkas!”, Pak Andi
mbacutne omong sajak serius!.
“Lajeng, hubungane kalih kula napa?”,
aku takon. Kertas loro sing neng ngarepe diduduhna aku. Sakkawit aku gak
ngerti, bareng takwaca...kertas loro mau fotokopi akte klairan. Padha persis
jeneng kuthane, wong tuwane, mung beda jeneng areke!. Aku gak percaya, aku Paramitha
Sasmito karo Pamungkas S. Nugroho sedulur?. Sedulur kembar?. S neng tengahe
jenenge pam kuwi Sasmito padha!.
“Aku methuki simbahmu!”, Pak Andi
ngendika lirih. Sakkal aku mlayu metu karo nangis seru. Ora!. Iki gak bener!.
Pamungkas dudu sedulurku!. Pamungkas...
Tangisku sansaya banter. aku ndelik neng
jedhing. Simbah taktelpon. Aku ndeprok lungguh!. Aku nangis kamisesegen karo
ngrungokake mbah kakung ngendika...
“Nduk, Mita...anakku, putuku sing
ayu...rungokna, ya...nalika bapak ibumu kacilakan, bapakmu langsung tilar. Dene
ibukmu babaran kanthi operasi. Pas iku ibukmu kondisine koma, mulane bayi loro,
mupakat diopeni siji edhang. Kanggo marasna perihe ati kelangan anak, aku karo
mbah utimu sepakat kowe direngkuh kaya anak dhewe. Wis gak usah dikandhani nek
ijik nduwe ibu utawa nduwe dulur. Mbukak urip anyar nglalekna coba sing wis
ana. Tibake dadine kaya ngene, Ndhuk...”, simbah kakung sajake nangis neng
pucuke hp.
Pamku, Pamungkasku, sing dina-dina iki
ngrenggani impenku tibake sedulurku. Nyalahna simbah?, ah...gak iso lah aku
nyalahna pawongan sing wis ngopeni aku saka lair procot tiba gedhe saiki. Aku
mlayu sakdawane lurung kampus. Kaya-kaya aku pengin ngilang...
“Tata,...arep nyang endi, ayo mlebu
mobil!”, Pak Andi ngerem banter mobile neng ngarepku. Pak Andi mbateg tanganku
nyurung aku supaya mlebu mobile. “Iki kasunyatan Ta. saiki uga kowe takjak nang
ibumu. Pam uga!”.
“Kula dereng siyap, Pak”, tangane Pak
Andi takendhani, aku banjur mlayu maneh. Aku gak ngrewes. Aku terus mlayu...
Aku wis neng stasiun arep bali nang
Jember. Simbah bolak-balik ngebel maneh, jarene saiki wis neng Stasiun
Rambipuji arep nang kosanku. Hp-ku geter, sms saka nomere Pak Andi. ...Tata, Pamungkas semaput neng omah, saged
mriki?...
Ana panggilan mlebu, saiki saka nomere
Pam. Takangkat...”Ta, aku gak semaput Ta. aku malah seneng yen kowe sedulurku.
Kowe neng endi? Taksusul, ya?”. Hiih,...Pamungkas jan gak melo
blas!. Aku nguwatake pikir. Saksuwene iki aku ora nate rumangsa kelangan, yen
saiki aku nemu nugraha iso ngerteni keluwargaku, ibu lan sedulurku, apa maneh
sing kudhu taklakoni yen ora nggedhekna syukurku?. Atiku takmantepna bali mulih
tumuju kos-kosan.
Pamungkas wis ana ngarep kosanku.
Langsung nggapyuk meluk aku. Padahal wingi-wingi ora wani meluk blas. “Ta,
Gusti Alloh nggathukna aku karo kowe minangka sedulur. Dadine saksuwene iki
pangrasa asihku iki amarga ana tali tresna sedulur sing saiki wis gathuk”, Pam
ngomong pener kupingku. Pak Andi mung nguwasake, mesem amba sajak lega. “Gak
salah, Ta. nek aku kit wingenane dawa nggathukna kowe karo Mas Andi!”,
Pamungkas takjiwit rosa. Ora iso mbokmenawa saiki-saiki uga aku ngrubah kompase
atiku!.
Sesuk isuke neng kosanku rame eram. Ana
simbah papat saka rong keluwarga, bapak-ibuke Pak Andi, aku lan Pam. Hla ibu?.
Pas jam pitu aku sakrombongan budhal
nang sawijining desa pucuking gunung. Ibuku ana kono. Sakwise babaran,
piyambake nandhang amnesia parsial,
akeh memori sing ilang saka utege, mulane banjur ditirahna neng sawijining
panti usada, sakwise waras, malah gak gelem bali nang kutha. Eling kabeh
lelakone uripe malah jik setaun rong taun iki, ngono critane Pakde. Penggaweyane
nandur kembang, resik-resik, ngopeni panti karo yen esuk ngewangi ngulang TK.
Wis ora nikah maneh seprene.
Pamungkas mlayoni ibuke. Aku digered melu.
Ibuk mung nyawang aku sakloron genti genten. Nanging banjur meluk aku dhisik.”Paramita?,
anakku...”, aku lan ibu kutah tangis bebarengan. Simbah karo uga. Mung Pam sing
ora, malah cengengesan!. Udan kawitan ceblok. Langsung deres. Udan kawitan
nyiram ndonya, ngedhemne jagad. Nggathukna ibuku karo aku!.
.......................................................................................................................
Udan kawitan taun iki, sore iki,
taksawang saka cendela kamarku neng Jakarta kene. aku ngetutna Mas Andi sekolah
maneh, sakwise telung wulan kepungkur aku resmi nikahan.
“Kangen sapa, Ta?”, swarane Mas Andi ulem neng
sandhinge kupingku karo meluk saka mburi. Aku mung nggresah alus. Wewayangane
simbah, ibuk, lan Pamungkas nglegewa ngarepe mripat. Pamungkas saiki ndosen
neng Poltek Jember, karo mbarengi simbah. Ibuk kala-kala dolan nyambang.
“Mas, eling mboten nalika kawitan
ngabari sejarahku mbiyen?”
“Eling...!, pas udan kaya ngene...”.
“Saumpama njenengan mbiyen gak
nggoleki...”, omongku durung tutug, lambeku ditutup tangane Mas Andi. “Gusti
Alloh sing ngatur, Ta...,hei, kae lho ibuk ngejak chatting-an”.
Tangane Mas Andi takarasi, batinku
ndremimil ndonga, muga uripku, keluwargaku sakteruse kinayuhan rahayu minulya. Amin.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar