Ajining Raga
Pegel,
waleh, mben krungu ibuku ngunekake pameo kunone...ajining raga dumunung ing busana, ajining diri dumunung ing lathi...Piye
gak pegel?, piye gak waleh?...jaman saiki broo...dikandhani
maneka werna aji-aji, wis gak njaman sajake.
Ukara
ajining raga dumunung ing busana, kaya jik durung ngeh kanggoku.Hla piye, wong rumangsaku, saiki akeh wong sing
nyandhang nganggo apik, pantes, tibake pinter ngapusi. Pituture becik, andhap
asor, eh...uga seneng ngapusi. yen wis ngono, rak malih ora aji maneh ta?.
“Kuwi oknum,...aja digebyah uyah!”, ibu mben mungkasi kaya ngono.
Ibuku
pancen jik turunane wong kuno be’e, mben samubarang mesthi ana angger-anggere.
Ngene gak oleh, mengko kualat. Ngono gak oleh, mengko gak ilok.
Pancen
lambeku paling tipis saksedulur. Aku bakate mbantah mben dikandhani ibu.
Nyrengkalan,...”Temi, ajining diri dumunung ing lathi....”. ukara-ukarane ibu
iki kaya dadi lagu wajib meh mben dina.
“Yen
surup-surup aja nyanyi banter. Gak ilok!”,...hla piye se bu,... wong hobiku
nyanyi, nge-band barang, rengeng-rengeng karo adus mulih kuliyah sore, batinku.
“Temi,
gak pareng lungguh tengah lawang, gak ilok lho?. Sing nglamar mbalik”, ibu
langsung ngendhika sora nalika aku njarag lungguh tengah lawang.
“Isis,
Bu. Kalih maca crita niki lho?”, semaurku gak kalah banter.
“Wong
wis kuliyah kok prilakune pancet. Awas kualat nek gak manut ngendhikane ibu?”,
ibu nyedhak,...lan werrr...kupingku diciwir. Aku mung gela-gelo setel ndableg
kaya biyasane.
“klambine kuwi, lho Tem. Sing sopan ta lah. Suwalan
cendhak kaose ngapret. Awake diregani. Ajining raga...”, durung tutuk ibu
ngendika aku mlayu mlebu kamar karo nyuwara,”Dumunung ing busana...,
jadul...jadul...”.
Mbuh
merga gawanku dadi ragil, kabeh wong saomah praten nang aku. Khususe ibu.
Rumangsaku wong yo mung neng omahe dhewe, nyandhang nganggo sak-sake rak yo gak
pa pa, apa maneh iki dina preian,...yen masalah lambeku sing nyrengkalan,
pancen gawan bayi, kate piye?. Batinku,”Free
pisan-pisan ngaten lho ibu?”.
Mulane
aku paling alergi nek dikon melu
acara ngumpul utawa temu sedulur. Ndilalahe preian iki ana acara temu sedulur
sing manggon neng daleme budhe. Budheku iki wis suwe manggon neng Lampung,
saiki mbalik neng tanah jawa amarga pakdhe wis pensiun.
Kawitane
aku emoh melu, isin wis gerang dhaplok jik nginthil ae. “Gak pantes nek ana
sing gak melu, mbakyumu lan masmu ya mara karo bojone dhewe-dhewe”, ibu
mungkasi owelku.
Ibuku,
penata busana paling apik sak...omahku, nganggoni aku sakdulur lan putune batik
sing padha. Sandhal werna padha,...”Iku mengko ana acara foto bareng. Ben
kompak!”, Ibu nyiwel lambeku sing njabrut. Mbakyu masku lho, jik anggep cah
cilik, hehehe...
Wis
persis kaya sing ana neng pikiranku, acara temu sedulur yo wis ngono iku.
Lungguhe pancet ae nglumpuk sakdulur. Bayangna, ibuku sedulure wolu. Racake
putrane telu papat, tambah putu-putu...kemriyek rame. Terop gedhe, tumplek
bleg. Acarane digawe jan profesional tenan, ana MC tamu lan campursari barang.
Addduhh,...nganggo
klambi pepek kaya ngene rumangsaku gerah
kabeh, ing tengahe acara aku pamit nang mburi. “Mbak, aku tak neng jedhing
dhisik. Kebelet...”, pamitku nang Mbak Arin. “Yo, aja suwe-suwe”, semaure Mbak
Arin karo nguru-uru putrane neng teras.
Akhire
aku iso ambegan lega. Bar ka jedhing, tambah lega.
...jreng
jreng jreng,...ana swara wong gitaran neng iringane omah cedhake pawon. Jiwa
detektifku ngithik-ithik. “Taknginceng sedhela...”, batinku.
“Sapa
iku?”, swara bening nyapa aku. Gelem gak gelem aku menthungul. “Kok neng kene,
Mas...Om? gak nderek acara neng ngarep?”, takonku isin merga konangan.
“Iso
nyanyi lagu iki?”, dheweke ra njawab, malah ngunekna musike lagu “Sandiwara
Cinta”ne Armada. Aku heran, neng acara ngene tibake ana sing nyandhang
nganggone sakkarepe dhewe. Kaos oblong, clana levis buluken bolong sethithik
neng dengkule, kaca mataan ireng sisan. Ra formal blas. Aji-ajine ibuku gak
dienggo neng wong iki!.
“Saged,
tapi...”, aku ewuh dhewe. Wong durung kenal kok sajak kemenal.
“Lungguh
kene, sedhela. Kancani aku, mesthine kowe salah sijine tamu neng ngarep, ta?”,
wonge nyuwara. Aku manthuk. Wong-wong sing rewang neng pawon dha nyawang ting
klesik.
“Aku
Nasrudin. Celukanku Didin. Iki omahku”, omonge. “Oh, berarti njenengan iki
misananku. Aku putrane adhike Budhe”, lambeku mulai ngecipris.
Nyanyi
saklagu, rong lagu gak krasa. Aku malah krasan neng kene, nganti,...”Temi, ...,
tibake neng kene ta adhikku iki mau!”, keprungu swarane Mbak Arin. Karo noleh,
pawongan kuwi ngaba aku karo tangane. Aku manut. ”Mangga, Mas...”, pamitku.
Tanganku ndada, wonge ngguyu sethithik, njur ndhingkluk maneh.
“Sapa
kuwi, Tem?”, Mbak Arin takon. “Mboten tepang, Mbak. Mara-mara mawon ngejak kula
nyanyi”, jawabku. “Piyambake so cool,
ngono, Mbak”.
“Kowe
aja gampangan raket karo wong anyar. Delengen tah, penampilane kaya ngono”, wiihh...Mbak Arin hla kok kaya kembarane
ibu.
“Kowe
aja ngilang-ilang ae Tem. Kaya bocah umbaran ae”, ibu kober pidato neng penere
kupingku nalika foto bareng. Aku mung peace...,
lan jlaapp... jepret!.
Acara
pamungkas, ana penampilan dadakan tibake. “Sakmenika, wonten suwunan saking keluarga
Budhe Raharjo,...badhe nyanyekaken lagu...” lan sakteruse, aku gak sepira
nggatekna. Ubet...tata-tata arep mulih.
“Tem,
Temi...deloken ta lah. Wong iku,...wong iku...”, Mbak Arin njerit lirih. Aku
sakkal nyawang. Hladalah, pawongan sing nyanyi bareng karo aku mau, dandanane
yo plek pancet kaya mau, munggah panggung.
Swara
ting clerit ngomentari mara-mara sirep nalika gitare mulai dijreng..., wonge
nyandhak mike, njur suwarane sing
bening kaya mau metu maneh,”Kanthi hormat kula nyuwun pitulungan sederek kula,
Utami, ngrencangi kula wonten mriki”. Aku kaget, tolah-toleh, akhire maju merga
diduding bapak.
Rong
lagu bar, keprungu keplok ambata rubuh. Nalika mudhun, putrane budhe ngathungna
jempol tengenne, karo mbukak kaca matane,..hlo karo kethip sisih barang. Dheg
dheg dheg, atiku nitir seneng?...seneng
diakoni kabisanku, utawa seneng dikethipi?.
ibu
mung ndomblong nyawang. Mbuh apa sing dipikirake.
“Tibake
mbakyuku yo nduwe anak kaya Temi, ya...Pak?”, ibu ngajak bapak ngendikan
nalikane mulih.
“Mbiyen
budhal nang Lampung putrane jik dha cilik-cilik, saiki bareng gedhe pangling
kabeh. Iku mau sing nyanyi jenenge sapa?”, ibu jik nguber ae golek info. “Hla
model ngono kok jarene wis kerja, kerja apa ya, Pak?”, ibu nutugne takon.
“Namine
Didin, dados arsitek, Bu”, jawabe bojone Mbak Arin. “Kula wau kober jagongan
kalih piyambake”. Aku mung meneng ae ngrungokna. Lambeku takkunci rapet.
“Jaman
pancen wis malih tenan. Owalah,...”, ibu ambegan landhung. Getun tah piye gak
kober ngandhani putrane budhe, mbokmenawa...
Ra
ngenteni sesuk esuk, bengine ibu wis
ngebel mbakyune masalah mau awan. Aku krungu wae, wong diloudspeker...”Dhik, aku iki anak sakpetarangan nggawa model
dhewe-dhewe, tiba si Didin, pancen modele kaya ngono. Kanggoku sing penting
akhlake apik, manut nang wong tuwa, ...”. lan sapiturute, ibu gak nyela blas,
sungkan tah piye aku gak ngerti.
Ngentekna
dina preian, sakbare nyipati putrane budhe, rumangsaku ibuku luwih moderat. Yen ijin arep latihan band, gak
sepira ditakoni macem-macem kaya biyasane, gak pati dicacad nyandhang
nganggoku, sauger sopan..!. Ana paedahe uga temu sedulur kanggoku!.
Wis
kaloka sakkutha kene yen band kampusku ngedab-edabi. Undangan manggung gilir
gumanti. Nganti dinane iki, ana undangan saka salah sijine kantor sing mbukak
cabang neng kene. Kampus ngidini, mangkat wis!.
Kantor
jaman saiki, ana ruwangan band-e barang lho..., wiih krasan tenan karyawane.
Malah aku sakkanca wis disuguhi band-e kantore.
Aku
kaya gak salah deleng, sing nggitar kok kaya kenal?. Senajan ta klambine formal
sragaman. Aku gak pangling?. Sakkal lambeku, nyeluk...”Mas Didin..?”. Lha temen
se, wonge ngathungna jempole.
Acara
lumaku lancar. Malah aku kober duet maneh karo Masku, seneng...!!.
Mulihe
aku katut mobile Mas Didin. Dheweke sisan silaturahmi kawitan jarene. Ibu olehe
nggumun gak uwis-uwis. Gak percaya blas!.
“Mosok
iki Didin sing wingenane?”, ibu keceplosan ngomong. Mas Didin mung
ngguya-ngguyu.
“Hla
ndamel ngaten rak sragam kantor, Bulik?”, jawabe enteng. “menawi wekdal bebas,
nggih sakkersa kula rasukane”. Ibu mung ngguyu ngrungokake. Njur...
“Temi,
rungokna omonge masmu iku. Klamben iku ndelok empan ndelok papan. Aja sukur
nggawe, ya?”, ealah aku maneh sing kenek skak!.
“Enggih,
Ibu?”, jawabku. Mas Didin nyumbang ngguyu maneh. Ih, ngguyune so sweet.
Lumakune
dina, aku malah asring dijaluk nyanyi neng kantore Mas Didin yen dhong ana
acara. Lumayan, disangoni barang. Apamaneh bonuse jan nyenengake. Apa? iso
cecaketan karo masku, Mas Didinku, hehehe...
Kerep
srawung karo wong akeh, beda-beda kahanan ndadekake aku iso mangerteni karepe
ibu. Unen-unene ibu gak salah blas. Utekku saiki wis waras saengga iso nyawang
kanthi ati wening maknani artine.
Solah
tingkah, nyandhang nganggo, njaga omongan,...ajining raga dumunung ing busana,
ajining diri dumunung ing lathi. Leres saestu, ibu...
Njerone
sumur iso diukur, njerone ati sapa sing meruhi?. Kenal, gelek srawung, padha
kasenengan, suwene suwe aku tinemu jodho karo Mas Didin. Piye lan kapan?.
Ibuku
karo budhe dhewe sing nggathukna. Ngenani undangane, entenana wae, ya?. Hehehe...
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar