Dalane
Urip Dalane Ati
“Sebel
aku nek pas ana kuliyahe Pak Eko”, alokku saka bangku karo nata bukuku sing
ting slengkrah sakwise sesi jame dosen killer
bin medhit biji, Pak Eko Satriyo. Aku ora wedi nyuwara wong aku dhewekan neng
njero kelas. “Sebel, piye?”, keprungu swara saka walike gegerku.
Owalah,...takkira wis gak ana wong liya.
“Ris,
kok jik neng kene?”, aku malah takon karo noleh, nitik swarane, iki Haris!. “He’e...kontakku keri. Wis kit mau aku
ngrungokna swaramu, coba, sebel piye?”, Haris nguwasi karo njengkerut bathuke.
“Wah, urusane iso dawa nek musuh profesor yunior
fisika sithok iki. Haris, anak emas
lan tangan kananne Pak Eko”, batinku.
“Biyasa
lah, Ris. Mosok makalah mung kari ngrevisi gak gelem mbiji. Padahal UAS rak
minggu ngarep. Hla nek bijine suk emben wis disetor, aku sesuk rak kudune
methuk beliaunya nggo nyetorna
makalahku sing wis bener”, jawabku sewot.
“Hla
pancen kudune ngono. kowe dhewe maju ngeri-ngeri,...dadine saiki gedabalan
dhewe”, Haris malah nyemauri sing nggawe aku tambah nggondhok.
“Wis,
ra sah komentar Ris. Nggarai tambah pegel ae atiku”, aku semperat metu sakwise
ngomong kaya ngono. Dupeh pinter awakmu, Ris..., gak ngerti rekasaku pas
nggarap tugas akhir semester iki.
Kuliyah
bandha seneng thok tibake gak cukup, sakwise klebu temenanan,...bunci utek
pas-pasan aku keponthal-ponthal nglakonine. Seje karo kanca-kanca liyane,
apamaneh yen dibandingna karo...Haris!. kaya bumi karo langit. Adoh banget
sungsate. Haris jago saksembarange, melu LKTI, menang. Melu lomba debat, umpang.
Sembarang lomba sing ana gandheng cenenge karo kuliyah,...weehhh...diuntal
kabeh pokoke. Aku?...kok nggarap kanggo lomba, mung netepi tugas sing sifate fardlu ain ae...rekasane gak
karu-karuwan!.
“Hei,
Puspa pupuse gedhang, rungokna talah...piye yen sakdurunge mbok ketik maneh, revisianmu takwacane, aku lagi gak ana
gaweyan awan iki. Piye?”, Haris mlayoni nguber karo ngomong. Pupuse
gedhang?...iku rak wadananku saka Pak Eko?. Mben aku gak iso njawab tah
komentar mesthi dialoki ngene,...owalah Pus, Pus...Puspa pupuse gedhang, kapan
utekmu dadi padhang?”.
“Heehh?,
gak salah kupingku? Tenane?”, sakkal aku mandheg grek. Haris takpandheng
tumemen. “Iyo tenan. wis ayo lungguhan neng kantin, takwacane njur ketiken, print, setor mesisan,...takterna, oke?”.
Hwadduhh, bungahku gak karuwan.
Haris
kanggoku dudu sakmadya kanca, nanging kanca rumaket. Hla piye, dheweke uga melu
cawe-cawe neng panti asuhan sing diopeni bapak. Seminggu kaping telu mara
ngrewangi ngelesi adik-adikku.
Panti
asuhan...?. Ngene critane...
Aku
wiwit cilik nganti gedhe urip neng sawijining panti asuhan. Ibu lan bapakku
sing ngopeni panti wiwit kawitan ngadeg rong puluh taun kepungkur. Omahku ya
neng njerone panti. Mangan, turu,sinau, dolanan ana kono. Bapak ibu tambah
sepuh, sapa mbesuk sing bakale nutugna jejibahan ngopeni sekolahan neng njerone
panti?. Mulane, aku kepengin urun jasa kanthi latihan dadi guru neng kono. Ndilalahe
ana kanca sakjurusan kaya Haris, sing lega lila ngrewangi,...
Dene
mula bukane aku kekancan lan akrab karo Haris amarga padha-padha melu neng
kegiyatan PMR.
“Pus,
direwangi kok malah nglamun. Iki wis takbenerna, ketiken maneh. Engko nek mari,
bar mbokprint, aku bel-en takterna
nang dhaleme. Aku weruh kok alamate...”, Haris miterangna. “Aku saiki tak nang
sekretariat, konsultasi kegiyatan baksos wulan ngarep sing takusulna neng panti
panggonanmu”.
Aku
gedheg-gedheg dhewe karo mbatin Haris ki kegiyatane pol. Ngono kok yo jik
pinter...ae. Yen sing nyenengi lan kepingin dadi kanca spesiale, wow, thirik
jagung, aku iso ndaftar, wong aku kanca rumakete, hehehe...
Bar
ngeprint, aku nyelakna ndelok hape
taksawang akeh sms mlebu. Gara-gara taksilent
se yen pas kuliyah, akhire hapeku gak muni yen ana telpon tah sms.
“Ndhuk,...enggal bali neng panti akeh
dayoh...” , ibu sing ngirim.
“Kok drg mlh?”, iki saka bapak.
“Kakak, help”, iki saka adik-adik piket
neng pawon. Lan isih akeh maneh sms liyane. Sajak ana gawe gedhe?, padahal
sewengi bapak mung ngendika yen dina iki ana kanca-kancane jaman kuliyah sing
nyambangi panti amarga lagi ana reuni neng kuthaku kene.
Aku
nglalekna semayan karo Haris mau, semperat aku enggal mulih. Mbokmenawa jik iso
ngrewangi apa tah apa neng panti.
“Mpun
buyar, Mbak acarane. Tamune dha enggal kondur niki wau”, satpam ngarep ngabari.
“Rame sanget, Mbak”, wuwuhe. Aku mung manthuk karo ngguyu, ben lega atine
taktampani critane.
Nanging,
ibu kok sajak duka?. “Puspa, nek bapakmu jik nduwe ati karo Rahayu, ora
apa-apa. Takkekna”, ibu ngendika karo mlengos nang bapak. Bapak malah mung
gumujeng gak leren-leren. “Ibumu delengen, Ndhuk. Kaya jaman kuliyah mbiyen.
Wong bapak lho seprene yo mung karo ibumu”.
“Rahayu
niku sinten, Pak?”, takonku karo bisik-bisik.
“Ki
lho wonge, difotoi terus nang bapakmu. Dupeh mantanne”, ibu nyedhak karo nduduhna foto neng hapene bapak.
“Owalah,
Bu. Wong dheweke karo...lho iki rak Pak Eko, dosenku?”, jawabku menggok dalan.
“Hla
iyo, Rahayu kuwi bojone Eko. Mbiyen pancen nate cedhak karo bapak. Mbiyeeen,
sakdurunge akhire dipek Eko”, Bapak nyaut.
“Hla
wektu kuwi njenengan gak ndang nelakna yen tresna, mulane...”, ibu nyaut gak
kalah cepet.
“Kok
bapak ibu gak nate ngendika yen Pak Eko kuwi kanca jaman kuliyah, wah sakjane
kula saged pedekate”, alokku getun.
“Omong
apa ae kowe iki, Eko kuwi dosen profesional,
aja nyedeki dosen amarga alasan kaya ngono kuwi. Ngisin-isini...”, ibu
semaur karo jik sajak nesu.
“Ibu,
kae lho dideleng cah-cah”, bapak mungkasi karo mlaku nang lawang nyapa
adik-adik panti sing pancen biyasa saba nang omah. Ibu ambegan landhung,
nanging banjur ngguyu amba, ngetutna jangkahe bapak. Melu metu sisan. Reuni,
reuni...
Heran
aku ngrungokna udrege wong tuwek. Foto-foto pertemuan mau tak deloki kabeh
siji-siji. Hmm, nyawang sumehe Pak Eko neng foto gak ketara blas nek dheweke killere setengah mati. Eseme malah
ngelingake nang Haris.
Lho
lho lho,...Haris. aku rak nduwe janji karo dheweke?. Agahan aku ngebel Haris
njaluk sepura. “Njur piye makalahku iki, Ris?, takterna dhewe ae, ya?. Aku
wenehana ancer-ancer”.
“Pus,
ngene wae. Saiki aku taknang omahmu. Sisan aku matur neng bapakmu yen arep
baksos neng panti. Oke?”, Haris mungkasi telponku.
Akhire
pas bar Asyar aku sida digonceng Haris budhal neng daleme Pak Eko. Nyetire gak
sepira banter, sinambi jagongan.
“Pus,...eling
ora nalika aku maca geguritan neng matrikulasi adik tingkat wingenane dawa?”, Haris
takon. Sapa sing ora eling, kabeh mahasiswa sing ngaku wadon lan isih jomblo
ngrumangsani yen geguritane Haris kanggo dheweke.
...Duh, lintang kang sumunar neng ngangkasa,
...tangeh lamun aku iso ngregem sliramu,
...sunarmu kumelap, apa uga kanggo aku?...
“Eling,...ning
mbokkanggokna sapa, Ris?”, takonku.
“Kanggo
someone sing nate nyumbang getih
nalika aku kacilakan lan ngopeni aku nalika aku durung sadar nganti sewengi muput”,
jawabe.
“Lho,
iku rak aku?”, batinku kumesar. Kedadeyan kuwi wis suwe, setaun kepungkur.
Nalika pendadaran pramuka, Haris kepleset tiba, semaput lan ngalami pendarahan.
aku melu ngetutna nalika digawa nang rumah sakit, malah aku nyumbang getihku
sing ndilalahe cocok karo getihe Haris. Lan aku uga sing nunggoni nganti Haris
sadar saka semapute.
“Puspa,
sampeyan iki gak iso ta maca isine atiku?”, Haris takon karo tangan kiwane ngranggeh
tanganku sing gocelan pinggire sadel. “Aku wis kepengin ngomong, suwee...banget.
nanging aku wedi yen ngganggu karepotanmu neng panti. Mulane...”
“Ati-ati,
Ris aja ngomong ae. Lagi nyetir”, tangan kiwaku nggableg gegere. Batinku,
ngimpi apa aku disenengi Haris? Kaya nemu nangka ceblok. Seneng nanging,...uga
kudu siyap-siyap ditawur cah-cah sak-almamater!.
“Aku
nyenengi Puspa apa anane, sing prasaja lan seneng tetulung karo liyan”, Haris
jik ngomong maneh. Atiku mekar sakamba-ambane. Haris sansaya rapet nyekeli
tanganku. Lambeku ora kuwasa nyuwara.
Mara-mara
Haris ngenggokna sepedahe neng ngarepe omah cekli lan katon nyenengake. Akeh
kembang-kembang tinandur, lan wit woh-wohan sing pating ngrembuyung. Hawa adhem
sumilir jan ngedhumake ati.
“Entenana,
ya”, Haris kok ya langsung mlebu sakwise ngucapake salam. “Kaya omahe dhewe,
ae”, batinku. Aku pancet ngadeg sandhinge sepeda montor.
“Lho,
monggo pinarak, Mbak”, ana ibu-ibu nyapa aku, aku eling praenane, iki pawongan
sing diomong bapak-ibuku mau. “Bu Rahayu?”, aku gage nyalami. Wonge ngguyu
nduduhne dekik pipine. “Kok ngerti nang aku?, ayo pinarak”, Bu Rahayu nggered
tanganku.
“Sampeyan
iki mesthine Puspa, ya...mau Haris wis ngebel yen arep ngejak kembange atine
mrene”. Kembange ati?, biyuh...biyuh..., nganti isin aku!.
Tibake,
Haris kuwi...putrane Pak Eko. Isin aku yen ngelingi omonganku ngenani piyambake,
nggunem neng ngarep mripate, paribasane. Bu Rahayu ngerti nang aku amarga Haris
gak prei-prei crita ngenani aku. Malah fotoku dipasang gedhe neng kamare.
Waduh,...waduh...
“Puspa
pupuse gedhang,.., tibake uga anake kancaku. Klop!. Lan uga...hehehe...”, Pak
Eko ngethipi Bu Rahayu. Bu Rahayu langsung ae nggablog bojone karo ngomong ,“Kula
lho mboten wonten napa-napa kalih bapake Puspa”.
Haris
sakkal njenggureng. Nanging banjur malah ngguyu amba,”Aku ngerti...aku ngerti”.
Gerr, kabeh ngguyu bareng.
Dalane
urip dalane ati, kuwi kabeh wis tinakdir. Taklakoni wae, dene sesuk kaya
apa..., Gusti Alloh kang luwih ngerti. Hehehe...
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar