Tumusing Ujar
Tangga anyarku siji iki pancen
jian...super. Tangga tembok, amarga dheweke ngekos neng omahku. Aku dhewe
durung nate sapatemon. Nanging aku wis iso ngira-ngira kaya sapa pawongane saka
critane Yu Kesih, rewange ibuku nalika aku arep budhal kerja.
“Wiih, Mbak Arin. Pokoke tiyang sing kos
anyar niki mboten padha blas kalih sakdereng-derenge. Nek ngganthenge pancen kados
Lee Min Ho, tapi pethithete kados..., hiiih...”, Yu Kesih gak nutugna ngomonge.
Aku mung iso njenggureng mbatin,”Mosok?”. Mulai lair procot paribasane aku wis
kenal wong ngekos, mulane hal ngono kuwi gak taktanggepi. Lumrah lan wajar.
Menungsa duwe gawan watek dhewe-dhewe. Rak ya, ta?.
Wis kawentar sakkecamatan kene yen Kaji
Abdullah, yo bapakku, juragan kos-kosan. Pekarangan omahku amba, pinggir embong
gedhe. Pancen bapakku kreatif, mulane terus mbangun kos-kosan cacahe sepuluh
kamar. Laris manis, mulai bakul bakso, tahu thek, lontong balap, sate madura,
soto lamongan, ana. Wong pancen kos-kosan nggo bakul-bakul neka saka luwar kutha.
Nganti omahku disingget dikosna pisan. Ning ora nggo wong bakulan, mung kanggo
wong kos omahan utawa pegawe sing durung nduwe omah dhewe.
Sakjane telung taun kepungkur aku gak
setuju nek omah bageyan sisih kiwa dikosna pisan. Nanging piye maneh, sedulurku
wis lunga kabeh saka omah, kamare dha kosong. Aku karo bapak lan ibu trima
manggon sakkencengan lawang wis kekamban.
“Rin, aja kaget, ya...sing ngekos omah sisih
kuwi saiki wong lanang. Ning gak suwe kok, mung kira-kira setengah taun nggarap
apa ngono”, ngendikane ibuk rong dina kepungkur. Aku mung manthuk.
“Mbak, yen nyetel kaset aja
banter-banter. iso budheg kupingku!”, swara santak iku mlebu kupingku. Taksawang
neng lawang ngarep wis ngadeg pawongan sing aku durung kenal. Tangane sraweyan ngusapi rambute karo anduk, mentas
adus koyoke. Apa iki wong kos sing anyar?.
“Hla biyasane yen dina Minggu aku pareng
nyetel kaset banter, Mas”, jawabku slow wae
karo nyilikna volumene. Wah, bener kandhane Yu Kesih!.
“Aku nek Minggu awan jatahe turu, aja diganggu!”,
bacute.
“Nggawe headset wae, Mas. Sedhela engkas kanca-kancaku yo mrene dolan,
gitaran”, bacutku. Taktoleh, wonge wis ngilang!.
Dina Minggu dina prei. Isone ngumpul
karo kanca ya dina iki. Apa maneh aku, Wini, Dewi, lan Safitri, sing katelah kwartet imut alumni SMK 5 wis dha kerja kabeh, aku dhewe kerja
dadi kasir tokone ibuku dhewe, lan kuliyah neng kampus cedhek omah .
Lagi enak-enake jagongan sinambi
gitaran, mara-mara...mak jedherrr..., lawang kosan sisih kiwa dibukak njur
ditutup banter. Aku sakkanca kaget!. “Wow, wong kos anyaran iki njaluk
takrujak”, Dewi sing temperamen nyuwara karo menyat ngadheg.
Thok...thok...thok..., lawang dithothok
saka njaba. Gak dibukak-bukak, Dewi nyuwara banter,”Mas, dadi wong kos iku sing
sopan..., yen rumangsa kebribegen kupinge disumpel sandhal”,karo nggepuk lawang
sakkayange. “Wi, rusak lawange, lho?”, alokku nyegahi.
“Wis, nek modhele wong kosmu kaya ngene,
Minggu ngarep ngumpul neng omahku ae. Ayo bubaran”, Dewi nggondhok. Aku mung
iso ambegan landhung!. Mingguku acarane rusak, aku gak iso nyuwara wong sing
kos iku wis mbayar kanggo nem wulan.
Ngadhepi wong liya pancen kudune sugih
sabar. Aku wis blajar sabar kit cilik. Mulane aku setel meneng wae senajan wis
ping pindho ana kedadeyan sing gak menaki ati.
“Pak, ingkang ngekos samping niku
ketingale tiyange gampil muring-muring”, aturku nang bapak.
Bapak pandheng-pandhengan karo ibu.
Banjur ngendika,”Arin, wis pokoke disabarna setengah taun iki. Mas Gayuh, yo
sing ngekos iku rak misanane Bu Mei, gurumu, watak wantune pancen keras lan
kasar, asline wonge apik, kok. Asrama kantore jik direhab”.
Nganti sore kuwi, nalikane aku mulih
saka toko, irungku ngambu barang gosong saka omah kosan. Ceket-ceket aku
nginguk mbokmenawa ana apa-apa. Lawange gak dikunci, berarti ana wonge. Tenan,
setrika mancep ndhuwure klambi. Agahan cop-copane takjabut. “Iki wonge nang
ngendi?”, batinku karo lingak-linguk. Nanging swara jebar-jebur saka jedhing
nandhakna nek wonge lagi adus. Aku mung iso gedheg-gedheg dhewe. Untung ana
aku, yen ora?. Kober taktamatna barang-barange. Komputer sakpirang-pirang
ditata rapi. Servis komputer tah makelar komputer be’e!.
Ndilalahe bengine, komputer nggonku
nggarap tugas kuliyah ujug-ujug ngadat. Siale maneh, file durung taksimpen neng flashdisk.
Gawat!. Biyasane mas-masku dhewe sing mbenakna. Lha saiki?.
“Ibuk, yoknapa niki...data kula ilang.
Mbokmenawa ana wong sing iso mbenakna, nek lanang takpek bojo, nek wedok
tak...”, bengokku sora, lali nek neng teras akeh wong kos dha jagongan
ngilangna kesel sakwise sedina kerja. Adatku pancen yen panik , alok ngono niru
ngomonge Dayang Sumbi neng film Sangkuriang. kabeh keluwargaku wis apal, wong
kos ya dha apal. Wong jagongan neng njaba ndadak sepi, ning njur rame maneh.
Wis biyasa!.
“Hiiss. Pakulinan omong ngono kok jik
pancet ae. Ana malaikat liwat kawit weruh lho...?”, ibuk alok karo nyedhek.
“Wis jarna, sesuk masmu taktekakna”.
Mak jegagig, Mas Gayuh menthungul.
Tanpa aba, mung manthuk nang ibuk, langsung nguthak-uthek komputerku. Setengah
jam thok, byar ..., komputerku murub maneh, tur garapanku gak ilang.
“Anti
viruse kudu diinstall maneh. Flashdiskmu kebek virus, mulane hang...”,
Mas Gayuh ngomong karo terus menceti tombol-tombol.
“Sembah nuwun, Mas. Lan pangapunten
sampun ngarani njenengan makelar komputer”, aturku tulus. Mas Gayuh mung mesem
sethithik, njur mbalik metu. Ibuk mung mesem sajak ngece nang aku!.
“Hlo Rin, eling ujarmu, ati-ati tumus...”,
ibuk ngendika karo mlebu nang kamar. Aku mung mencep!.
Sesuke aku nyelakna nggoreng gedhang
nggo ngaturna panuwunku.
“Nggarap napa, Mas?”, aku basa-basi
takon karo nginguk sakdurunge mlebu nalika lawange menga amba minggu esuk.
“Makalah,
nggo ngisi acara”, Mas Gayuh njawab karo nyopot headset-e sing tibake mung
dipasang sisih. “Kanca-kancamu gak mrene maneh?”.
“Duka nggih. Mboten mbokmenawi ngantos
njenengan pindah”, jawabku karo ndeleh piring neng sandhinge. “Suwun saestu,
Mas pitulungane. Saumpami mboten, wadhuh...usaha kula sakwulan niki ical
sedaya”.
“Alah iku hal biyasa. Adhikku yo modele kaya
kowe!”, Mas Gayuh nyelakna nyawang aku sedhela.
“Gak pa-pa kok kancamu dolan mrene,
pancen nek tensiku lagi dhuwur, aku gampang mumbul . sakjane aku mung butuh
tenang. Pas kerja yo pas istirahat. Gak ana gangguan apa-apa!”, bacute.
“Menawi ngaten, yen nyetrika gosong
malih kula jaraken, lho?”, jawabku.Wonge katon mlengak kaget. “Lho, tibake
Arin, ta sing nyopot. Takkira ibu. Wah, impas
nek ngono”.
“Kok mau bengi kowe ngomong ngarani aku
makelar komputer. Dasare apa?”, Mas Gayuh takon karo nutugna ngetik.
“Hla niki komputere kathah”, jawabku
isin.
“Ohh,...kuwi. Pancen aku iso nyervis
komputer, kok!”.
Sakjeg kuwi, aku blajar carane ngopeni
komputer lan laptopku nang Mas Gayuh yen ana wektu longgar. Suwene suwe aku
malih akrab kaya nang masku dhewe, malah swarane sing santak jan ngangeni!.
“Rin, yen ndeleng watekku, mbesuk ana
gak sing gelem takrabi?”, takone sawijining dina.
“Nggih wonten mawon, Mas. Wong njenengan
tiyang sae!”, jawabku saktemene.
“Yen ngono, saumpama aku gak ana sing
gelem, Arin gelem ora karo aku? Eling lho, wis nate janji sing disekseni wong
kos akeh”, Mas Gayuh nutugne omonge.
“Owalah, Mas. Alok kula nika mpun
dipercados. Kula mpun ngomong ngaten milai kula alit. Saben barang kula ilang
tah rusak,...mesti lambe kula mbengok ngoten”, jawabku trawaca.
“Oh,...tibake ngono. ning sakwise iki
aja gampang ngomong ngono. iku klebu nadzar,
lho?”.
Nganti awan iku, nalikane mulih kuliyah,
aku nyipati ana rame-rame neng saknjerone pekarangan. Ana apa?.
“Mbak Arin, aja kaget. Wong kos neng
kamar papat, sing dodolan gorengan iku tibake setaun kepungkur tibake buronan.
Iki mau digiring polisi”, Yu Kesih laporan. “Bapak ibu nderek neng kantor
polisi kangge saksi”.
“Hahh?”, aku nggumun eram. Wonge sing
neng kamar papat iku jik telung wulan ngekos, wonge meneng, sopan,lan gak nate
telat mbayar kos.
“Kok ngerti nek wonge iku buronan,
Lik?”, takonku pengin weruh.
“Duka,...mesthine wonten sing laporan”,
jawabe Yu Kesih karo mlaku nuju omah. Aku mung iso ambegan landhung. Jik gak
percaya!.
Kagetku tambah maneh sakwise dicritani
bapak yen Mas Gayuh iku sakjane polisi sing nyamar. Dadine?.
................................................................................................................
Seprene wis rong wulan saka kedadeyan
tangkepan neng kosan omahku. Aku wis lali. Kamar sandhing omah dijarna kosong.
Wong barange Mas Gayuh durung dipindah. Ngendikane
bapak ben dijupuk kapan-kapan gak masalah.
Mben aku mulih saka ngendi-endi, mesthi
takkoberna nginceng kamare. Ana sapletik pangrasa kangen nang dheweke.
Mbokmenawa teka, mbokmenawa,...
“Arin...?”, swara sing takkenal nyapa
saka walike kupingku. Aku njomblak!. Swarane Mas Gayuh.
“Kok kaget, kangen nang aku?”, kupingku
tengen dijewer tangane kiwa. “Jik pancet ae senengane nginceng kamarku”.
“Badhe boyongan, Mas?”, takonku karo
ndhingkluk. Isin konangan.
“Ora. Wong omahku rak neng kene. Janjimu
jik kenek taktagih, Rin?”, Mas Gayuh nakokna janjiku, janji abal-abalku
wingenane dawa. Ndhingklukku tambah nemen.
Mung batinku njawab
sakrosane,”Saged...saged...saestu, Mas!”.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar