Ngrembuyunge
Kembang Tresna
Saben preian kuliyah aku mesthi ngopeni
tanduran kembang sing ngrembuyung neng latar ngarep. Ora mung siji maceme
kembang. Ana kembang matahari, kemuning, gladiol, mawar, kembang kertas, malah
ana rosela barang. Ana sing kembang tanduran dhewe, ana sing nandure saka winih
tukon.
Winihe ora sembarang winih, nanging
winih sing diparingi sedulurku. Bapakku sing dititipi winih-winih iki kanthi
pesen aku dikon ngopeni. Ora pa pa, ora iso ngopeni wonge, ngopeni kembange ae
wis nyenengna ati, kok binarung ndhredege ati mbayangna pawongan sing menehi...hehehe...
Awan iki aku bali nglilingi
kembang-kembangku dibarengi sing menehi winih, hmm...sing menehi winih sapa
hayo?...
...
Simase nggawe gempiyak , sarungan,
kokoan ,nyangkluk ransel, taksawang tambah mendhuwur simase kacamataan, mripate
bunder, nggawe kupluk kaji,apa maneh yen mandheng,...jan..., ditambah pipine
ndhekik. Aduh, gak nguwati. Pakulitane ireng manis, resik alus, ijik gumawang neng angen-angenku kesan
kawitanku.
Critane,
neng daleme simbahku, rong taun kepungkur pas riyaya idul fitri rak kepanggonan
acara temu sedulur. Senajan ta kanggoku dhewe, gak sepira ana manfaate. Hlo
kok?. Hla piye, mben keluwarga teka, siji mbaka siji, lungguhe yo kumpul
keluwargane dhewe-dhewe. Teka salam-salaman, sarapan, lungguh acara, absen,
mbayar-mbayar, ana ceramahe, njur mangan maneh, buyar.
Saumpama oleh usul, acarane mbok yo
ditambahi sing iso nggo ngraketna paseduluran utamane maneh kanggo sing
enom-enom. Kayata kuis tah tebak gambar, cerdas cermat, lomba pidato, e hla
nggladrah. Pokoke kanggoku, acara ngene boring
banget. Beda yen kanggo sing tuwir-tuwir, lungguh nyedhak, ngelingi
nostalgia jaman cilikane, gayeng. Anak putune dijarna wae.
Sedulur yen wis ngrembuyut pancen
senajan kepethuk rong taun sepisan kok ya gak ana kangen-kangene. Jaman saiki
senajan ana temu sedulur, sing akrab mbolak-mbalik ya sing sakpetarangan thok.
Jareku lho?.
Akhire, taksawang sing enom-enom isone mung ngaji alias nguripne
hape-ne dhewe-dhewe. Mbuh chattingan, facebookan, lan liya-liyane.
Paling banter selfi-selfian, hehehe.
Malah wit gedhang sing neng ngarep omahe simbah laris manis dienggo selfi.
Alami, ngono...
Nalika kawit dha rawuh, aku ngrewangi
ibu melu ndeleh jajan lan ngethukna unjukan. Pancen ibukku wonge grapyak
kemraket, sakwise ndeleh piring siji, njur
ibu ngajak jagongan siji mbaka
siji ponakan, misanan, lan mindhoane sing bar diladeni, lan aku dikenalna lan
dikon nyalami. Hla..., pas simas iku mau, makdheg...jantungku mandheg. “Nana, iki
Mas Royyan,eling ora?.
Aku
mung manthuk. “Hardiyana, Bulik?”,simase ngomong karo nyalami. “Iyo, iki Nana.
Saiki wis kuliyah semester loro”. Manthukku tambah seru. Eling kedadeyan esuk
sakdurunge acara...
Neng ngarepe daleme simbahku rak ana
gerdhu. Hla, nalika aku njupuk lengser sing dikirim kanggo wong rong rondha bengine,
neng kono ana pawongan loro sing lagi ngruntel turu. “Mpun enjing, Lik. Enggal
kondur”, alokku karo ngranggeh lengser.
Mak cekekal wonge karo tangi. Lho, sing
siji dudu tanggaku. “Mbak, kula niki wau dalu tilem teng musholla ngajeng njur
pindah leyehan teng mriki kesirep sareng lik Sarmin”, omonge nyawang aku sing
sajak gumun. Aku mung manthuk-manthuk.
“Njenengan niki tiyang pados amal napa?”,
takonku maneh. Hla pancene penampilane ...???.
“Kula niki tasik putu buyute Mbah
Dahlan, sing badhe ngawontenaken temu sedulur...”. kagetku kepati. “Hla, niki
daleme...”semaurku isin. “Enggih, kula sampun semerep. Ning badhe uluk salam
mboten sekeca, tasik kedalon”.
Kanthi isin-isin thithik,simase takaturi mlebu ngomah, njur siram. Simas ireng
manis lagi ibut nata barange nalika aku ngethukna teh. “Plastik niku isi napa,
Mas?”, takonku nggumun. Ana rentengan plastik cilik-cilik isine bunderan cilik-cilik.
“Oh iki tanda tresna”, jawabe karo nglebokna plastik mau nang kotak kado. Wehh,
tresna?. “Yee, simase wis nduwe bakalan, nggih?”.
“Ora, mung dikon ndeloki salah
sijine anake sedulur mbokmenawa aku iso cocok karo dheweke”, jawabe jujur.
“Jaman ngene kok jik dikon
delok-delokan. Pados dhewe, Mas. Ehm, ...sinten nggih sing bakal dipirsani?”, takonku
karo ngrewangi masang pita neng kadone. Ahh, atiku kok mara-mara nggendhelong
kaya ana cuwa sethithik?.
“Mbuh, ya. Ibuku jik mengko
nduduhine. Jarene dheweke wis kerja. Aku kepingin yen wis kenal, taktaleni,
njur rabi. Ra sah kakehan ribet sakdurunge nikahan”, jawabe serius. “Wah sing mesthi sanes kula, nggih
Mas. Wong kula tasik tas menclok kuliyah”, lageyanku sing kulina nglucu
mara-mara metu.
“Ngene wae, yen sampeyan takdadekna
cadangan, piye?. Sampeyan ketoke yo rung ana sing nduwe ngono?”.
hehehe...akhire aku ngguyu bareng. Ana-ana wae, kaya soal ujian ae ana cadangan
barang mas, mas...
“Kok mboten sareng keluwarga, Mas?”, aku
takon liyane. “Ora, wong aku lagi praktik neng Jember kene. baline engko aku
melu rombongan”. Simase lugas lan prasaja. Low
profile tenan.
...
Sakwise ngetutna ibu njagong ngalor
ngidul, aku kober nglirik simase lagi ndhingkluk maca buku. Gemes aku nyawang
alime... karo jumangkah mlebu akutakon nang ibu. “Bu, kula pangling sing asma
Mas Royyan niku, mboten nate nderek ta?”.
“Jare sapa, mben temu sedulur dheweke yo
mesthi melu. Kowe ae gak nate gelem nyetitekna nak dulur dhewe. Ngapa, saiki naksir
ta?”.
“Ibuk niki...?”, alokku banter. kabeh
sing ana pawon noleh, lambeku mecucu.”Hla pancen rong temu sedulur kowe ora
gelem melu, mesthi pas reunian sekolah. Mulane, ora wanuh lan ora weruh”. Uhh,
kok malah aku dadine sing disalahna!.
Nalikane nata soto piringan karo Sofi,
aku langsung curhat. “Fi, aja rame-rame sajake aku kepingin nge-like simas sing iku lho...”, tanganku
nduding sethithik.
Sofi mripate langsung ngetutna arahe
drijiku. “Wah, nek aku malah sir karo kakange, sandhinge iku jenenge Firdaus. Nek sing kuwi, weh, ketok apane kawit mau mung
lungguh ndhingkluk sajak ora maelu apa-apa”.
Sofi kuwi misanan sing saumuran lan
daleme ketepakan cedhak karo omahku. Mulane aku cocok yen sapejagong karo
dheweke.
“Jerene dina iki arep kepethuk calone, Piye yo,Fi aku kok yo sajak nge-like simase?”, jawabku karo
takon.
“Hei, Hana Hana, ...Ya Alloh, ngimpi apa
kowe sakkal-sakkal pengin nge-like,
kaya facebook ae, yen mung perkara
arep ketemu calone, ra masalah kuwi...janur durung mlengkung?”, ujare Sofi karo
nata sendok soto. Njawabku kandheg saknalika nalika ana sing njawil gegerku.
“Mbak Nana, aku nyuwun tulung pundhutna
tasku sing taksalap neng kamar tamu”, gak ngira simase wis ngadheg mburiku.
Sofi olehe ngguyu gak wis-wis nyipati kahananku. Muga-muga ae gak krungu rerasanku
mau.
“Kok dipundhut sakniki?. Badhe kondur
riyin napa?”, aku nyuwara karo jumangkah mlebu ngomah, simase ngetutna.
“Mboten, mengko bareng bapak ibu, mung
arep njupuk sesuatu mau kae”, jawabe.
Dhegg!. Tangaku sakkal nggegem rapet.
Dadine simase wis temenan arep bakalan karo nakdulur dhewe?. Sapa?. Nanging aku
ora kepingin ngerteni luwih adoh, mundhak nggarai gela.
Aku wis ora kumecap maneh. Lan lambeku
dhipet rapet nganti seprene, rong taun iki.
...
Aku jumangkah tumuju panggonan praktik
magangku, sawijining klinik bersalin. Wis akeh pasien ngantri. Iki dina
kawitanku praktik.
“Mbak Hana, Hardiyana?”, ana swara alus
nyapa. Aku ora pangling. Simas iki, Mas Royyan!. Macake pancet. Sarungan,
kokoan, nganggo kopyah kaji. Alime uga pancet!.
“Mriksaaken sinten, nyonyahe?”, takonku
karo tolah-toleh nggoleki bojone. Mas Royyan mung ngguyu lirih. “Ora, aku dhewe
sing priksa”. Ana-ana wae,...batinku.
Sakwise ngisi prosedur praktik, aku
dikon mbarengi dokter sing ana kamar nomer loro. Takwaca neng ngarep lawang praktik,
tinulis dr. R. Hamzah. Aku langsung dikon mlebu.
Pak dokter lagi mriksa pasien. Nalika
malik awake,...sakkala ngejerku gak uwis-uwis. Pak dokter seng neng ngarepku,
tibake Mas Royyan. Wadhuh, piye iki?.
“Riyaya ngarep rak temu sedulur maneh,
ya?. Manggon neng omahku, Mbak Hana rak rawuh ta?”, pak dokter eh Mas Royyan
ngejak jagongan sakbare praktik.
“Duka, nggih. Praktike ketingale mboten
saged ditilar”, jawabku ewuh.
“Ngerti ora, nalikane temu sedulur neng
omahe mbahmu, aku rak teka ngisuki. Ya padha alasane, wektu kuwi aku ora bisa
ninggalna praktikku. Saumpama gak digetak ibu, palingo aku yo ora budhal.
Hehehe”, simase nutugna ngomonge.
“Mpun krama, nggih?. Angsal sedulur
ingkang pundi?. Panci sederek menawi mpun sakbuyut ewet nyambung rakete”,
takonku.
“Ora sida. Wong dheweke ora seneng karo
wong sing ngluthuh kaya aku. Mulane sesuatu
kuwi terus taktinggal neng omahmu, taktitipna bapakmu. Ora mbokopeni?”.
Aku ora semaur. Barange wis ora
taksimpen maneh. Malah wis dha ngembang ngrembuyung, wong sesuatune iku winihe
kembang-kembang saka Malang.
Ning ra perlu mara nang omah, wong aku
wis nyimpen fotone kembang-kembang kuwi. Mas Royyan sajak seneng olehe nyawang.
“Kembange jan ngrembuyung nyenengake. Nuwuhake tresna marang sing nandur lan ngopeni”,
Mas Royyan muni dhewe karo mbluetooth
nang hapene.
Lambeku ora kumecap, mung atiku mekar
saknalika!.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar