Halaman

Translate

Selasa, 03 April 2018


Rel Sepur Kandhang Tresna
Rel sepur minangka saksi,
Thukule tresna marang sliramu
Mbanyumili tan isa dakendhani
Tresna ndheweni...
Isih gumawang klebate esem
Nyangking kangen
Ah,...mbuh suk kapan
Aku isa mbusak wewayangane?

***

Aku gak isa maneh ngliyakna panyawangku saben ngliwati rel sepur tumuju Desa Sukoreno iki. Ngerti se, dalanan embong gedhe Wonorejo ka sekolahanku lurus ngulon, terus tekan Toko Ijo menggok nengen, onok rel sepur malang satengahe embong. Rel sepur kawitan!
Gelem gak gelem aku kudu liwat, takinggati takinggiri ya mesthi takliwati, hla piye, wong dalan tumuju omahe murid-muridku ya mek siji iki. Ngerti mboten, dinane iki, sakjeg nem wulan kepungkur aku dadi guru neng salah sijine SMP kecamatan kene.
Rel sepur tilas jaman lawas, ning ijik uga malang sakndhukure dalanan. Jarene jare se arep diuripna maneh, mbuh suk kapan?kok rel kawitan? Onok pira jan-jane rel sepure, se? ...wah,nek ditakoni ngene iki aku ya malah bingung dhewe. Wong pancenne sakmengalor iku dalane duwawa..., isa tembus Semboro!
Kok ngomongna rel kawitan se, kit mau? Hla pancen saben takliwati tansah ndudut atiku metu. Ndudut nganti sakoyot-oyote!
***
“Wong awakmu wis pengalaman, nek ngalami  witing tresna nang sapa ae ojok nyawang rupa.., dikandhani bolak-balik ijik ae ngeyel, ngrewel, mulakna...” ah, dumeling swarane Hermin mlebu metu kupingku. Hermin kanca lawas sing asli omah neng wewengkon kene.
Ojok nyalahna aku, Min! Piye maneh, pancen rupa iku mesthi kesawang nomer siji nek nduwe kenalan anyar. Ojok goroh! Hermin ae lho bojone saiki janakane Desa Wonorejo sing ngganthenge gak ketulungan. Meri..aku meri!
...
Aku gak selak nek mbuh iki wis ping pirone atiku kesangsang kanggo dolanane nasib. Kecanthol karo kanca dhewe, karang semandhing uga, ning...mburine ya ngene iki mbuh talah..baper gak uwis-uwis...engga aku kemba kanji kanggo mbukak ati maneh. Suer!
***
“Mbak, sampeyan gak eling ya nang aku?” swara panyapa mlebu nang nomer hape-ku. Biyasa se, wong pancen nomerku terkenal sak-Indonesia raya.Hla gak kawentar piye, wong pancen tak-upload mejeng gedhe neng profile fesbuk.
“Aku, Pupung...adhik kelas pas jaman SMP” bacut ukarane. Sapa? Pupung? Adhik kelas neng SMP? Hla ya mokal aku apal. Wong kanca sakangkatan ae angel elinge. Apa maneh jaman wis kepungkur. Sepuluh taun, rek! Nek adhik kelas ngelingi aku ya pantes, wong aku mbiyen tau dadi ketua OSIS, je...
“Sampeyan rak Mbak Hanni, se? Sing jutek jaim uga jadul mbiyen?” weh weh weh ukara tutuge kok gak ngenaki ngene?
Aku diarani jutek, aku isa nrimakna. Sapa ae sing kenal jaman sekolahku ngerti nek aku iki nduwe praenan sombong. Pilih-pilih kanca, angel ngguyu. Serius thok! Prinsipku sing ndhisikna tumandang gawe tinimbang jagongan ndadekna aku angel nek dijak ngomong sokur ae gak onok tujuwane. Disapa sapa ae, paling aku mek manthuk. Kejaba ana bab wigati sing kudu dimarekna. Ketua OSIS rek, ketua!
Tapine aku diomong jaim...jaga imej...wow, sik sik sik. Aku gak tau rumangsa ngono. Terserah nek diwadani, bah bah sakomonge!
Hla paraban sing keri dhewe, nyengak banget neng kupingku...jadul? jaman dulu? Wehh..ngono ya sing  onok neng angen-angene adhik kelasku?
Pancen aku gak nyelaki nek dandananku mben dina pancet, gak tau malih, tah ganti. Rambut dawaku takuncrit siji, gak ponian nyisan. Menggok paling adoh ya takklabang siji, wis!
“Aku lho kenal kabeh nang mantan-ne sampeyan, jok selak. Widi, Syahroni, Abimanyu, nganti sapa iku...Galih? kabeh kanca SMP-ne dhewe. Sampeyan dlajah siji mbaka siji. Koyok kurang uwong ae neng kono-kono. Kuliyah neng Malang barang cantolane hla kok tanggaku kene ae, Wonorejo!”
Aduh aduh, nek iki wis ngarah nang kebohongan publik. Aku gak trima! Pancen aku nate srawung raket karo jeneng-jeneng sing disebutna, tapi ya mek saderma kanca. Ngerti dhewe se, neng papan panggonan adoh, apa maneh nek wis kuliyah, kanca sakdesa paribasane malih koyok dulur dhewe! Apa maneh kanca nunggal sekolah sakdurunge.., kenal aten-atenne, weehhh kenek dinggo papan jujugan takon-takonanan!
Dawa ukara balesanku. Intine dheweke iku adhik kelas sing gak ngerti sapa asline aku mbiyen. Ngomong sakenak udele. Ee...malah ngguyu amba dheweke nampani omongku!
“Kok nyolot se, Mbak. Aku rak ngomongna apa sing ketok teka kacamata mripatku. Perkara tibake gak cocok ya...monggo kersa.” bacut jawabe karo menehi tandha pitakon gedhe kanggoku nek kepingin ngerteni sapa dheweke!
Akhire aku kok pengin methuk dheweke. Arah-arahe pas. Rel kreta kawitan, menggok ngetan...
Mosok ngapusi ya arah-arahe? Ngetutna rel kok dawa eram, dalan cilik sisan gak kenek nggo salipan. Kepalang tanggung taktutna ae dalane. Gak onok wong sakugel-ugela, sepine uga ndrawasi, apa maneh kiwa tengene kebek tanduran jagung sing wis meh panen, hiihhh nek aku onok sing nyulik piye? Hehehe...ke-pede-en dadi uwong, ngono mesthi aloke Hermin nek takcritani.
Engga gak let suwe, ketok pucuke gentheng mujur ngetan. Hla,...aku ngantepna ati wis. Sepedah takenggokna ngiwa, njur watara sepuluh meter menggok nengen nang bangunan modhel panggung.
Tolah-toleh, menthungul pawongan loro saka mburi nggotong dhadhuk.
“Madosi sinten, Mbak?” aloke sopan.
“Menika leres kandhang ayame Mas Pupung?”...durung kober dijawab, menthungulpawongan saka njero. Hla, guyune ...ah, tapine aku kok pancet ae lali sapa dheweke , nalika akhire sapatemon ngene. Pawongan gedhe dhuwur, ngganthenge ngalahna pacarku sing keri dhewe. wkwkwk...
Lali, lali, lan lali sing takjarna. Takceluk dheweke kanthi paraban mas, senajan umure rong taun ngisorku. Pungkas Pratandha. Mas Pupung, Mas Pupung...
Ilang kabeh ticak omonge sing nylekit nalika aku nyawang usaha mandhirine. Pengusaha pitik potong. Gak baen-baen, kandhange modhel tingkat, guedhe mujur ngetan. Isine pira jajal pitike? Pitung ewu iji!
Adoh jagonganku sakbare iku. Sing paling penting, info pungkasane sing taksenengi. Dheweke ngaku jik singgel. Ngejomblo..masbro-ne!
Alah-alah senajan panas kenthar kok ya atiku krasa adhem maknyess ngono...nyawang esem pait madune, panyawang edhume, kaya angin nemokna susuhe. Saknalika iku uga, panahe atiku wiwit takpunjerna nang dheweke!
***
Akhire,wong pancen aku iki mulang muruk sacedhake kono saben dinane, gak kurang akal kanggoku sapatemon karo Mas Pupung sakwise kuwi.
Kapindhone, aku mara ngomong njaluk lemah subur sing ditandhon neng saklore kandhange. Jarene se, lemah iku nek wis akeh dikirim nang Bali. Lemah ae madolna, ya? Pikirku gak percaya!
Mulakna aku nggiring arek telu karo nggawa glangsing njaluk lemah mau,  taknggo ngrabuk kembang-kembang anyar neng sekolahan. Aku rak kajibah bageyan pertamanan?
“Njaluk lemah tah njaluk lemah?” sembir Hermin nalika takcritani.
“Aku kenal nang Pupungmu iki. Eling a karo Ajeng, adhik kelas uga, iku lho mayoret-e drumband, wakil sekretaris  ? hla Ajeng iku...rak gebetane Pupung jaman semana”
Hermin paling pinter nek dikon golek info. Apa maneh asline omahe Hermin rak ya Wonorejo kene? Aku dhewe senajan asline mek tangga kecamatan, tapi wong gak tau srawung, ya bener ae gak ngerti.
“Awakmu pancen gak kenal nang Pupung. Aku eling jaman SMP-ne. Rak omahku sak-RT, se? Arek ndableg-e pol. Tapi gak tau ngganggu adhewe sing nguplek ngopeni organisasi...ngono pas taksurvei lan taktakoni kok ngantek kancaku sing uayu iki gak kober ngenali?”
“Awakmu se,...jaim mbiyen...” hla iki tembung jaim metu maneh!
“Sajake kok onok glagat arep ceblok pangrasa tresna, ya?” Hermin nguber takon. Wis, prei. Jagongan langsung takpungkasi.
***
Kaping telune aku mara tanpa aba. Nalika aku mulih ka nyambangi murid sing gak mlebu telung ndina merga lara tipes, aku nyelakna menggok nang kandhang tresna. Ciee...
Sepi!
Olehku njagang sepedhah neng njaba pager. Jangkahku takendheg neng njabane lawang bangunan ngarep kandhang sing setengah nutup. Keprungu swara cilik cumengkling,saka walike gedeg. Swara wedok iki!
“Mas, piye critane kok ngantek Mbak Arini sajak seneng Njenengan, iki lho isine WA-ne sing dikirim kok koyok ngene? Gak ngerti ta nek adhewe arep tunangan? Cemburu aku!” dhegg...wesi gligen guedhe ngantem atiku!
Gageyan aku malik jangkah sakdurunge konangan. Sepedhah taktuntun rada adoh kawit takuripi.
Wis, prei. Kembang sajrone atiku sing wiwit mekar ngrembuyung alum sakpole. Takpateni geter tresnaku, kudu takpeksa mati. Ndonya rasane koyok ambleg pancenne. Pangentha-entha entuk Janaka sandhing sekolahan kabur kanginan.
Isih uga aku nyelakna nyawang photo profil ing WA-ne sakdurunge sepedah taklakokna. Tangisku kutah sakdawane dalan tumuju sekolahan.
“Mbak Arini, mau nyambang kandhangku ya? Kok gak pinarak? Jathuk’a takkenalna...”swarane Mas Pupung taktampani tanpa isa njawab.
Hape takpateni sakwise nomere takblokir. Aku gak kuwat nampani pangucape Mas Pupung. Atiku ajur mumur!
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni Siti Nurhayati
d.a. MTsN 9 Jember
        Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)
No. Hp. 081-252249232


Tidak ada komentar:

Posting Komentar