Mas Bisma, Editor
Tresnaku
Mbuh ngimpi apa aku sakdurunge,
ngleboni taun 2018, aku entuk rejeki ngedit telung buku ka penerbit. Biyasa
rek, mahasiswa meh wisudha sing pinter koyok aku gak nate nyiak-nyiakna wektu,
apa maneh bayarane lho lumayan gedhe? Wkwkwk...ngerti se, nek saklembare sewulimangatus kanggo amatiran modhel aku?
Bayangna dhuwik takolehi teka telung buku mau? Isa nggo tuku android anyar, la la la la la
Tas takuncalna, sepatu takkipatna
paribasane, laptop takuripi. Paketan takbukak, njujug email mlebu. Karo
ngenteni download-an mlebu kabeh, aku
salin klambi, nglebokna klambi kotor nang mesin cuci, mbalik nyawang laptop,
engga...
Hladalah...mripatku mlorok sakkedhok.
Menthungul jeneng sing wis taksimpen rapet neng njerone dadaku saka salah
sijine bakal buku sing arep takedit. Bisma
Nugraha!
Takbaleni maneh, koyok gak percaya
nang mripatku dhewe. Jeneng iki, jenenge pawongan iki sing wis suweee taktumpuki
sakehing buku sing bar takwaca uga sakehing naskah sing bar takedit. Jeneng
kang nate nlusup sajroning ati telung taun kepungkur. Telung taun kanca, telung
taun, utawa pawongan liya nggawe jeneng padha? Ora!
Takjujug mburi maca biografine,
kadidene sarjana kehutanan, Mas Bisma dhines adoh, ing Sulawesi kono. Kutha
Kendari pase. Potone jan nggantheng eram pokok gak eling swara nylekite.
Pancen bener iku wonge!
Owalah...ngilanga, ndhelika, lungaa
sing adoh, ojok ngetok maneh! Jeneng iki kok ya dina ngene jik nggodha atiku?
Ngorat-arit blumbange pangrasa sing lagi ae banyune isa bening anteng ora
gemoyang maneh. Stop!
***
“Bis, iki anggota anyar asil saringan
tim editor kampus,” cluluke Mbak Luluk nang komandan majalah kampusku sing kawentar.
Pawongan sing diceluk Bis mek ndhangak sedhiluk, bar ngono nutugna ngetike.
“Wis dikon tandha tangan kontrak
kerjane?” saute tanpa nglereni obahe tangane. Ana uga pawongan liyane sakiwa
tengene. Takitung meja utama siji, sing dipanggoni simas kuwi, lan meja gedhe
sing dikupengi patang kursi. Dewan redaksi!
“Wis, beres. Siyap tumandhang gawe.”
Jawabe Mbak Luluk karo nggered aku tumuju mejane sing onok tulisan gedhe wapimred... wakil pimpinan redaksi.
Wow...
Sepisan maneh Mbak Luluk nduduhi apa
ae tugasku, minangka editor yunior mbarengi si...
“Kenalna, jenengku Bisma Nugraha.”
Akhire aku koyok entuk pangakon neng ruwang kene. Simas sing bolak-balik dijak
omong Mbak Luluk, ngathungna tangane. Taktampani lan taktamatna praenane. Gak
onok esem gak onok sumeh sakcuwil-cuwila...wkwkwk.
“Tata, Mas. Jangkepe...,” durung bar olehku
ngomong wis disaut.
“Iftah Camila Kusumadewi. Aku wis
apal ka biodatane...bla bla bla ...” Dawa
thirik bacute tanpa kenek diselani. Ning bener uga omonge, kok!
Prei wis nek kenalan modhel ngene
iki, jagongan langsung cuthel sakdurunge kawiwitan. Mati gaya dadine, wkwkwk
Terus piye critane? Dina-dina sakwise
kuwi aku nungsang njempalik ngetutna apa ae sing dikarepna Mas Bisma kanggo ngetutna
jadwal kerja tim kene. Mulai mbenerna ejaan, nata tulisan, layout, engga...
“Kepilihmu iki adedasar apa, se? Kok lemot banget nek diajari,” alok ngono
kulina takrungokna koyok nguntal pil pait. Bah-bahna. Aku rak wanita perkasa,
tahan banting. Taktrima ae omong nylekite nganggo kuping tengen taktokna kuping
kiwa!
Niyatku pancen sinau. Kadidene anak
saka pengusaha penerbitan ka kutha asalku, aku pancen kudu nguwasani babagan
iki. Salah sijine aku nekad njegur nang ndonyane jurnalistik kampus lan njajal
kabisan nalika ana lowongan editor majalah kampus. Pawitan ngeditorku ya sinau
otodidak ing ngomah, diwarahi bapak!
Ndilalahe pas wektune, majalah kampus editore kawisuda siji,
...dalan mlebuku kebukak sakwise ngetoni tes ping pindho. Bleng.
Neng kene, aku kepethuk Mas Bambang
sing gentle banget minangka pimred, Mbak Luluk, Mas Denni, lan
liya-liyane. Kabeh grapyak semanak, nularna ilmu kanthi esem gak medhit blas.
Mek siji iki thok, ri-ne. Ndilalahe dheweke editor seniorku. Weehhh...
Tenan, kit dina kawitan iku aku gak
isa nemokna sumehe senajan sakcuwil-cuwila. Kerenge matambah-tambah saben
dinane. Salah sethithik koyok arep nguntal uwong. Uripku persis cacing ing
gurun ngono kae. Blingsatan merga karepku dhewe!
Ana sawijining wayah nalikane aku nggetuni
marang kendhone utegku nampani piwulang uga prentah saka Mas Bisma. Hla piye,
salah maneh, salah maneh, gak krasa eluhku netes mbuh kanggo kaping pirane...netes
eluh wis gak isa ngarani maneh saking geleke!
“Nek niyat mikir liya jok neng kene,
Ta. Penggaweyanmu kudu mari dina iki.” swarane Mas Bisma sing lagi rembugan
karo Mbak Luluk mbalekna kuwarasanku. Jekekal aku njejegna geger lan mbacutna
olehku ngedit naskah reportase kampus.
Engga
sakwise kuwi, Mbak Luluk sing arep mbalik nang mejane, njawil aku lan
mbisiki...“Oh ya, engko sakbare iki, awakmu rak gak mlebu kelas, melok aku ya?”
Tenan.
Aku dijak Mbak Luluk tumuju
perpustakaan nalika aku methuk piyambake.
“Rungokna omongku, aja diselani, ya.” Mbak
luluk miwiti ngomong karo lungguhan neng bangku njaba ruwangan.
“Aja serik nang Bisma, ya? dheweke
nate sesambungan tresna karo kanca nunggal angkatan, kancaku uga. Rong taun
kepungkur. Nalikane mulih ka baksos...”
Mbak Luluk thirik olehe nyritakna
piye nalikane Sandi Kusumadewi, ya kembang atine Mas Bisma, tilar amarga kacilakan nalika digonceng dheweke.
Pangrasa getun keduwung kok gak dheweke sing ae sing mati? Dhadhaku koyok
jinojoh wesi dligen ngrungokake.
“Dheweke gak
wani maneh nyedhek sapa ae. Ndonya rasane kebek pangina kanggone jarene. Uripe
wis gak wutuh maneh nalikane ana nyawa liya sing wis klayu merga salahe. Akhire
sikepe malih koyok sing mboksipati mbendina.” Mbak Luluk mungkasi olehe crita.
Cetha wela-wela saiki mula bukane!
Wiwit dina iku aku nduwe panyawang
seje marang Mas Bisma. Ngetutna mobah mosike tim majalah kampus, lan caket rumaket
karo Mas Bisma, gaya sombonge, sok kemintere, lan sakehing ukara nylekite,
malah andadeake aku kok ngrasakna “something”.
Pangrasa seje sing aku dhewe gak isa njarwakna. Uwong iku nek beda karo liyane
pancen isa ceket neng ati. Ceket iku kelet, basa sidoarjoane Mbak Luluk!
Pangrasa mau apa gething sing
taksusun engga nyandhing dadi pengin? Hla piye, sedina gak krungu swara santake
ngojrahi salahku, aku malih kangen...piye iki?
Engga ukara ultimatum kewetu saka Mas
Bisma akhire.
Sebabe mek sepele, aku nggawe cerpen
sing tak-upload neng blog-e kampus.
Gak onok sing sing ngerteni. Eh, Mas Bisma isa nyrapat...
“Pangrasamu iku dudu seneng. Kuwi mek
obsesi. Mripatmu sing mesthi ngetokna sinyal tresna gak menaki atiku. Stop wiwit saiki! Editen jenengku ka atimu.
Jok pisan-pisan ndadekna aku pilihan. Aku emoh nglarani sapa ae maneh.” Cluluke
tanpa guyu!
“Senajan niku sanes salahe
njenengan?” alokku seru. Mas Bisma gak njawab. Lan sikepe nang aku sakwise kuwi
malik grembyang. Grapyak? Sumeh? Nyemanak? Gak blas.
Piyambake malih meneng pol, ngejarna. Mek
nguwehi perintah dikon ngono-ngene, ngoreksi penggaweyanku tanpa ngomong dawa, temalah
akhire akeh-akehe olehe ngongkon lan ngoreksi liwat sms
tah nota cilik.
Engga telung wulan sakwise iku, Mas
Bisma pamit mundhur ka editor amarga arep fokus nggarap skripsine, ngono
alesane. Atiku jan koyok dijebol ka panggone. Luarra sakpole!
Nanging jok omong nek aku pasrah lan
puthul tekade mek merga ngono. Saben dina aku menehi ukara-ukara nyemangati Mas
Bisma, senajan gak nate dibales. Aku wis ngrasa seneng pokok wis diwaca. Aku
uga nduwe harga dhiri rek. Ngerti nek gak
dikarepi, aku ya gak nate nonyol-nonyol mara nyedhek tah ngertakna. Wis cukup
isa sinambung liwat ukara. Luwih ka cukup nggo nambani semplahe atiku.
Malah nalika wisudhaan aku ya melok
bungah nyawang ka dohan, karo ngliput kegiyatan. Lega masi cuwa, gak pa pa!
***
Aku tumiba marang kasadharanku dhewe.
Taksawang file-e. Ah, udan tangis gak
isa takselaki. Apa maneh tulisane Mas Bisma wujud novel. Taktilingi takramesi
ukara-ukara ing sinopsise. Apik, endah, uga nrenyuhake. Takwaca lembar siji
nganti sepuluh, ah sajake wis bener kabeh tulisane senajan durung mambu editan.
Nomer anyar ing ngarep layang setrum kanggo
ngubungi pengarange gak srantan takpiteki.
“Mas, kula ingkang ngedit seratane
njenengan. Sajake sampun sae, kok. Sugeng tetepangan, nggih?” alokku ngawiti
jagongan, tangisku takempet metune. Apa jik titen nang swaraku, ya?
“Diedit sing bener. Jok ngantek
nggawe kuciwane sing maca. Lan aku pengin telung wulan ka saiki, buku iku kudu
wis dadi,” jawabe santak. Hlo hlo hlo...
“Mas Bisma?” jelihku tanpa isa
taktahan maneh.
“He eh. Buku iku arep taknggo nggo
suvenir nikahanku. Awas, kudu dadi, ya?” ukara jawaban iki sing nggarakna aku
gakkuwasa nutugna jagongan. Telpon takpateni. Tangisku saya deres binarung
tekane udan sing sajak ngiwi-iwi.
Sedina, rong dina, seminggu gak
takcandhak. Engga penerbit nggenahna kapan marine olehku ngedit.
Akhire, sakwise salat dalu bengi iki,
takwiwiti nyandhak novele Mas Bisma...separo mlaku, Takbaleni nutugna maca
sinambi ngedit. Pangrasaku keli sajrone critane.
Alur critane runtut, isa nggunggah
ngedhukna pangrasa, fiksi murni ning uga keselip engga pungkasane crita ketemu
ukara koyok ngene...
Critaku iki uga takkhususna kanggo sawijining jeneng kang tansah aweh
semangat nang aku, ngetutna saparipolahku, senajan ajur atine, pribadi tangkas
trengginas kang ora isa taktemokne kembarane. Tata!
Entenana tekaku ing lawange atimu, saumpama korine isih uga binukak
kanggoku, aku nedya nekani undhanganmu nalika semono.
“Mas Bismaaaaa...,”bengokku ing
walike telpon nggegerna bengi!
Cuthel
Ingkang
ngintun:
Dhien
Nurhayati
d.a. MTs
Negeri 9 Jember
Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong
- Jember (681767)
No. Hp. 081-252249232
Tidak ada komentar:
Posting Komentar