Mr. Ghostwriter
Ora ana wates kanggone tresna
Kapan tekane, kapan dumadine...
Mbanyumili tanpa isa takalangi
Ah, swarane ati nembangake kidung katresnan kanggomu...
Pawongan sinarawediku!
***
“Eka,” panjelihku mbuh kaping pirone.
Bantere swaraku jan koyok mecahna
gedohane kuping sapa ae sing onok sandhingku. bah-bahna! Hla piye, kit wingi
sore takbel gak diangkat, tak-sms gak dibales, takmiscall tambah...bolak-balik.
Paketane taksawang ya aktif, ning tulisanku neng WA gak diwaca blas. Mek centhang loro abu-abu!
Pawongan sing takceluk Eka blas gak
gelem tumoleh. Mlaku sakngisorku. Sakjane jarake ya gak sepira adoh. Mek telung
meter. Tapine, Aku kudune piye? Mosok
mencolot ka tingkat loro ngene iki? Mlaku muter liwat undhak-undhakan? ya adoh! Eka, Eka...jaim kok ya dipek dhewe!
Usuman remedi ngene iki pancen angel
kepethuk kanca-kanca. Kejaba padha bareng kenek remedi, mesthi gathuk kepethuk.
Hla ya iki masalahe! Pawongan sing diparabi profesor neng jurusanku merga
puinteree gak ngarah kenek remedi. Mueneng, gawanane buku,kacamatane kandhel.
Weehhh...
Kabeh kanca sakjurusan ngertine Eka
iki kanca kenthelku. Nek gak aku sing sakjane ngentheli dheweke. Sapa ae
ngerti, biji-bijiku akeh-akehe kekatrol saka nyinaoni cathetan uga wewarahe Eka
nek aku ngampung sinau. Ngono ae aku ya jik kenek remedi sakmatakuliyah. Hla
piya, pancen mata kuliyah sing takremedine iki tes lisane mbledhos bijine..wkwkwk...
Kit kekancan rong taun iki aku gak
tau onok masalah karo Eka. Eka penak nek dijak jagongan, apa maneh bab pelajaran
malah isa dadi kanca curhat barang. Penake iku, Eka gelem ngrungokna, sinambi
maca. Gak komentar gak piye. Paling akhire muni ngene..”Wis bar critane?
muga-muga sesege njero dhadhamu dadi suda!”
“Kadingaren pethal ka Eka? Swaramu
lho mbribegi kupingku.” Endah nyuwara karo semperat ngalih ka
sandhingku.taksawang pawongan loro neng sandhingku ya ngalih ngedoh.
Ngerti gak? Tingkat loro neng
kampusku iki, khususe neng jurusan pariwisata, koyok pojok biru cafe ngono kae.
Ana meja-meja dipayungi, njur isa pesen
panganan sakdawane lurunge. Wihh, kampus idaman pokoke!
Sikilku takjak lungguh. Panyawangku
nang ngilange Eka kandheg nalika lakune menggok ngiwa. Neng kiwa kono onok
ruwang senat, njur ruwang UKM (Unit Kegiatan Mahasiswa) lan liya-liyane.
Apa takuber mrono, ya? Atiku takjak
rundhingan. Ah, enggaklah. Isa-isa aku engko ngrungokna diskusi golongane
mahasiswa-mahasiswa pinilih sing klebu garda depane kampus. Unggul pinunjul.
Nek aku se,...yo ngene iki ae wis..slowly
slowly..
***
“Ka, aku sajake onok sing nyenengi, deloken
iki..” alokku karo nduduhna gambar-gambar sing dikirim sawenehing pawongan nang
WA-ku telung ndina kepungkur. Sapa,
ya? Nomere gonta-ganti gak kenek dilacak.
“Sajake kowe seneng?” jawabe Eka
tanpa mindhah panyawang. Dinane iki dina pungkasan ulangan akhir semester.
“Kuwalik, Ka. Paling dheweke sing
seneng nang aku. Aku mbayangna wonge iki sajake romantis ngunu nek ndelok
ukara-ukara sing diwuwuhna sakngisore fotoku. Paling ya dheweke fotografer
kawakan. Lan ngetutna saparipolahku neng sosmed,”
bacutku tanpa kenek diselani.
“Alah, mben dina mbokenteni ngono
kiriman gambar editane Mr. Ghostwriter
iku,” pangecene Eka.
“Paling kancamu, ya Ka. Awakmu rak ya
kulina motoni sakehe modelku,” bacutku karo manther nyawang Eka. Pangece uga
panyawang nyengese wis kebal aku!
“Kurang gaweyan ae nggawe koyok
ngono. Aku motoi fashion showmu rak
merga tugas kampus.Trus maneh, pancen kabeh fotomu mbok-unggah tanpa sensor. Ndonyamu kinupeng kanca jagad maya thok.” Sengol
jawabe Eka karo nata bukune tata ngalih.
“Eka,hak apa kok kowe nganti ngomong
koyok ngene? Aku kan gak ngganggu awakmu. Gak ngaru biru uripmu. Gak oleh ta
aku onok sing ngidolakna?” jawabku gak kalah atos. Muringku tata. Ambekna
ngerti ta dheweke piye sesambunganku uga kiprahku neng dumay? Wong pawakan jadul
ngono!
Omong atosku entuk piwales larang.
Bar iku, nalika ujian lesan, Eka babar blas gak gelem nemehi clue jawaban koyok biyasane. Engga
akhire aku...kenek remedi!
Dina sesuke,lan sesuke maneh engga
preian buyar aku gak isa nemoni Eka maneh. Dudu aku waleh nggoleki, Ekane
pancen ngilang kadya mlebu bumi!
“Eka nginep nggene mase kit wingi,
mbakipene babaran. Tur maneh dheweke gak kenek remedi se, dadine ya anggep ae
wis prei ndhisiki. Mulakna...
Tangisku kutah sangarepe kosane.
Kanca-kancane dha ngertakna lan ngguyu prihatin ngrungokna critaku.
“Owalah, ojok dilebokna ati wis
pokale Eka. Pancen areke setel ngono, rak awakmu ya wis ngerti watak wantune,” ujare
Jafar kanca sakkamare.
Aku manthuk kamisesegen!
Gelaku, Eka gak kober ngerti nek apa
sing diomong wis taklakoni sakbare . Aku gak sembarangan maneh ngumbar foto
neng sosmed, apa maneh bar onok
kedadeyan salah sijine fotone kancaku dibajak wong liya kanggo promosi barang
gak nggenah!
“Nomere Eka ganti, ta?” takonku sakwise
kuwi.
“Enggaklah. Gak kenek mbokbel, ta?”
aku manthuk!
“Eka ruepot uga saiki. dheweke maju
lomba mahasiswa teladan, rak ngerti se?” Jafar mungkasi ukarane sakdurunge aku
pamit mulih.
Ya ya ya. Aku ngerti sakndhuwure
ngerti.
Sakdawane jumangkah bali, gumawang
ing sangarep mripatku, mula bukane aku caket karo Eka ing mangsane orientasi
mahasiswa anyar sing lungguhe urut absen!
Ngerti se, senajan aku iki wis ngudi
ilmu ing pawiyatan luhur,olehku gaptek ngalah-alahi arek bayek. Mulakna nalika
aku blajar browsing materi kuliyah,
pawongan sing lungguh sandhingku ujug-ujug mbateg laptopku lan mbenakna apa
salahku. Wow! ...aku sing saben dina jejer gak kober ngematna, tibake dheweke
jan pinter thag-theg obahe tangane.
Ojok nyalahna aku sakjane, hla
dheweke kuwi lho sakjeg kawitan MOS gak tau onok omonge, lan...jujur..ya...tipe
profesor ngono lho. Kacamataan kandhel, pawakan kuru, lan mripate tuajem, angel
ngguyu! Jenenge Eka Sugeng Ariyadi...
Sakbare iku, ...kenek dipesthekna aku
malih kelet karo Eka. Gak krasa ngantek patang semester.
“En, awakmu ki jane apane si Eka, se?
Kok mrono-mrene bareng? Pacarmu, tah?” ngono aloke kanca-kanca saben ngerteni
aku barengan karo Eka.
“Yo enggaklah. Sapa aku sapa Eka,”
jawabku karo ngiberna poniku. Poni sing isa agawe juri modhel kampus menehna
juara siji kanggoku!
“Akeh sing arep nembak kowe,
lho...tapine wedi mbek bodyguard-mu
iku,” bacut bisike kancaku.
“Hahaha...selow ae..wis. Aku ya gung mikir mrono,” jawabku karo ngethipi Eka
sing wis ngadeg arep tumuju ruwang perpus.
Tumbu oleh tutup. Senajan meneng,
kaprigelane Eka anggone moto sakliyane pinter ing kuliyah, agawe aku isa eksis
seprene kadidene modhel kampus, uga nutupi apa kurangku. Suer!
***
Sewengi natas sakbare iku, aku mikir
apa ae sing wis taklakoni kanggo males budi becike Eka. Gurung tau tibake.
Pangucap atosku wingenane dawa kumlebat maneh. Lan aku tiba getun saiki. Getun
keduwung gak isa taklereni. Engga aku nampa WA saka Kandi sakbare.
“He, sing nggawe gambar lan macak
fotomu iku tibake Eka. Tenan iki. Aku ngerteni nalika dheweke lagi upyek corel-an ing lab. Weehhh, fotomu thok
sing onok layar komputere! Eka gak isa selak maneh wingi, pas dikupeng aku
sakanca. Ning dheweke wanti-wanti gak oleh menehi weruh kowe!”
Pangrasa keduwungku sansaya nemen. Mr. Ghostwriter-ku tibake...
Akhire? Sakbare remedi dina kawitan,
aku ambyuk. Tipesku kumat!
***
“En, onok sing nyambang. Oleh mlebu,
tah?”swarane ibu mecah pangangenku. Telung ndina neng rumahsakit kawit iki onok
kanca mara.
Aku manthuk.
Eka ngadeg ing lawang. Mesem muanis
banget! Surprise, Eka gak kacamataan, malih saemper Afgan dadine..
Nyawang eseme Eka, gak krasa eluhku
netes dueres tanpa isa takalangi. Tangane Eka sing dilungna nyalami takgepuki
rosa!
Aku gak kolu ngomong!
Cuthel
Ingkang
ngintun:
Dhien
Nurhayati
d.a. MTs
Negeri 9 Jember
Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong
- Jember (681767)
No. Hp.
081-252249232
Tidak ada komentar:
Posting Komentar