Halaman

Translate

Rabu, 25 Januari 2017

Crita Romansa (Pedhese Lombok Sajroning Atiku)



Pedhese Lombok Sajroning Atiku
Lombok lalang, kopi lalang, sing mulah beliko...
Ibuku gak leren-leren nirokna omonge Babah Cina jaman cilikane mbiyen karo nampani lombok tukonku saka pasar.  Aku ngguyu kepingkel-pingkel ngrungokna. Maksude omonge Babah mau ngene, lombok larang, kopi larang, sing murah bligo...
Senajan saiki regane lombok sundhul langit, ibukku wis gak kaget. “Kit aku cilik wis kerep ngalami, Ndhuk...wong simbahmu tani lombok” ngendikane nalika taklapori nek lombok seprapat ngancik rongpuluhewu.
“Munggah mudhune rega iku wis biyasa, apa maneh kanggone wong sakumurku” ngendikane karo mbukak lombok sing dibuntel koran. “Adhewe lho tukon seprapat wis awet kanggo seminggu, wong sakomah gak onok sing seneng pedhes” bacute.
“Sing paling seneng ngene iki bulikmu. Nandur lombok kit jaman mbiyen mula nutugna bakate simbah. Gak larang gak murah, nandurrr ae. nek tiba ngene iki, isa turu kasuran dhuwik”.
Isaku mung mringis. Seneng uga mbayangna bulik sing asli tani panen dhuwik. Soale mesthi sesuk tah emben mampir nang omah nyiprati rejeki nang mbakyune. Lan aku? Ya mesthi ta lah kelerepan rejeki pisan. Disangoni... ra ketang abang siji masiya aku saiki wis kerja. “Suk nek wis rabi ya gak taksangoni maneh” saben ngono ukarane Bulik. Siipp!
Aku ngetokna isine tasku maneh. Hla iki, karotengah kilo lombok titipan saka ibuke Handoko, omahe sandhing pas. Aku rak mulih dhisik, mulakna nalika kepethuk mau aku dititipi.
“Buk, kula ngeteraken lombok titipan king ibuke Handoko, nggih? wonten pesenan sekul lalapan kathah ngendikane kalawau hla lomboke enggal diolah rumiyin teng rewange”
“Ngeterna lombok tah ngeterna lombok?” swarane bapak mbeda. Mbuh kapan mlebune bapak nang pawon, ujug-ujug kok melok jagongan.
“Alah ya ben, Pak. senajan mambengi wis kepethuk, jenenge arek enom, sapa eruh saiki isa nyawang maneh. Wiris, ojok mlebu omahe, lho...arek wedok dijaga tata trapsilane” ibuk semaur sinambi nuturi aku.
Ealah Buk Pak, sinten yoan sing arep mlebu omahe? Batinku. Sungkan uga! iya nek mbiyen, mlebu metu koyok omahe dhewe sakdurunge Ratri, adike Handoko kerja nang Surabaya!
“Gampang mpun, kula paringna Mbak Pratiwi” jawabku karo mlayu metu. Pratiwi kuwi mbakyu ipeneHandoko, lagek sakwulan nikahan oleh mase .
Saktleraman aku kelingan nalika mbaturi ibuk ngrias bakal ipeku nalika walik ajang wingenane dawa. Putri Nganjuk sing ayune uleng-ulengan.
“Mbak, kok larang temen se guyune?” alokku karo masang idep. Mbak Pratiwi mung mesem nampani omongku. “Mosok se?”jawabe alus. Mbak Pratiwi iki mbuh pancen jodhone Mas Prastiyo. Padha-padha baut masak, Kepethuk nalika dha pelatihan masak ing Surabaya, sakwulan bare dadi. Ndilalahe tibake jik sedulure budhene Nganjuk. Klop, wis!
“Sakjane aku nate nduwe kembange ati, Dhik. Ning wong dheweke gak gelem nyingseti, setaun sakdurunge lulus kuliyah nang Surabaya, dheweke takpedhot. Ealah, ndonya kok ciyut men, ya...”ujare maneh karo ambegan dawa. Kok koyok wong gela?
Hmm, aku nyuthel pikiran nglambrahku. Sing penting dina-dina iki atiku mekar amba. Sapa sing gak seneng isuk uput-uput kepethuk calon maratuwa neng pasar, kathik sayang eram nang aku. Karang semanding. Bapak ibuke Handoko wong liya ning sumedulur kit jaman bapak-ibu padha bibit kawit manggon perumahan kene.
Keluwargaku nduwe usaha konveksi lan rias manten. Dene keluwargane Handoko mbukak warung mangan karo bisnis katering. Tiba dinane saiki, anak putu wis gemrayah, ninggal anak ragil lan kakang ragil. Aku lan Handoko.  Aku digathukna pas karo mantenane Mas Pras wingenane.
Sakjane aku ya gak sepira kenal karo Handoko, seje nek karo sedulure liyane. Wong Handoko kit cilik dipupu budhene Nganjuk kana. Nek preian thok mara mrene, mulih-mulih saiki, sakwise kerja neng kuthaku kene ae.
Nanging ya pancene wong urip iki sing digoleki apa se? Handoko wis cekel gawe mapan, lan aku uga wis kerja. Wong tuwa ya wis padha ngerteni, aku manut ae nalika dijodhokna. Tresna rak isa ngetutna! Wong aku golek dhewe bolak-balik tiba jedhot! Nek gak aku sing klepat nglungani, ya pacanganku sing cucul tinggal glanggang colong playu. Seri dadine.
Tresnaku thukul kawiwitan nalika aku ngopeni Handoko lara lan opname neng rumah sakit panggonanku kerja. Sakdurunge ya gak pati wanuh. Sakweruhku tiba larane sakwise mulih saka melok lamarane mase. Wong opnamene neng panggonanku kerja, mulakna aku sing dititip-titipi ngrawati.
Dina-dina kawitan Handoko mlebu rumah sakit awake koyok kenek dilempit. Kuru sakkuru-kurune. Kenek tipes karo gangguan lambung. Koyok wong anoreksia. Gak gelem mangan blas. Sedina rong dina, akhire merga tlatenku ngopeni, uhukkk, Handoko malih gelem mangan. Panase mudhun. Tipese dadi lan warase.
Handoko ki pawongane mueneng. Alim pol. Apa maneh nang aku sing arang sapatemon sakdurunge. Nanging dudu aku nek gak isa rumaket kekancan. Bandha blater, sumeh , welas asih,...ojok ngomong nek aku gak isa nggogrogna atose karange ati.
Sithik mbaka sithik aku ngerteni piye crita sing lagi nggubet dheweke. Krungu saka Ratri uga saka ibuke. Handoko dina-dina iki, sakjeg mulih mrene asline lagi kepedhotan tresna. Mbuh, pacangan modhel piye, LDR (long distance relationship...tresna adoh-adohan) be’e engga banjur pedhot, mbokmenawa. Wis jamak lan lumrah lah kanggone bocah enom, klebu aku dhewe. Sauger gak keterusan koyok handoko iki. Mangan ati ngrusak awak dadine. Pengalaman kuwi rak guru kanggo urip sakteruse, ya ta?
Eseme Handoko metu sethithik mbaka sethithik ngetutna saya pulihe awake. Malah pas seminggu olehe nginep neng rumah sakit, guyune isa kewetu. Lan guyu iku sing jangget neng sajroning atiku, guyu kang isa ngilangna wewayangane sapa ae sing nate mlebu neng atiku sakdurunge. Ketaman asmara, ngono jare kasete warunge ibuke Handoko.
“Wiris, saumpama atiku mung sakcuwil kanggomu, kowe isa nrimakna?” aloke Handoko alon wengi kuwi, aku mung manthuk karo melu nyawang lintang. Telungwulan pas saka larane, wengi kuwi aku lagi ngaso sedhela sakwise melu ubet rewang nikahane mase Handoko.
“Padha kok Mas, atiku dhewe ya wis gak wutuh. Wong bolak-balik taksigari. Ning percayaa, wiwit aku digathukna karo sampeyan, aku wis nyiyutna panyawang lan madhep mantep nang sampeyan” jawabku thokleh. Handoko tumoleh. Eseme kaya sinaput mega. Sajak sedih. Aku kuwatir larane teka maneh merga kekeselen dinane iki. Tanganku ngranggeh bathuke. Ah, gak panas kok! Batinku nyicil ayem. Malah tanganku banjur digegem kenceng.
“Iya” jawabe cekak. “Aku seprene durung isa nglalekna kembange atiku, sabar, ya? Dawane dina muga-muga aku lan kowe isa mbalekna ati kanthi wutuh maneh. Gak palang tumoleh kanggo liyane” dawa omonge Handoko. Sirehku sumendhe pundhake. Lesss...mripatku merem binarung ucape sing ora kober takrungokna.
----------------------------------------------------------------------------------------
Cekekal aku mlayu metu karo nyangking buntelan lombok. Lawang ngarep warung jik tutupan. Nginguk lawang iringan wis menga separo. Aku mlaku alon, lan mlebu menjero karo ngingeti sapa sing neng njero pawon. Sepi. Nanging ing ruwang pakiwan sandhing pawon, sing kalingan lawang mbukak nutup, keprungu ting klesik wong lanang wadon jagongan. Lagi korah-korah sajake, ketitik swarane banyu mili lirih saka kran. Aku mbatin iku mesthine kakange Handoko lan bojone. Jangkahku kandheg sedhela. Aku monga-mangu. Sungkan, je!
“Tiwi, oleh aku ndemek tanganmu?” keprungu swarane sing lanang. Ealah, onok tresna sakndhuwure korahan tah iki mau? Weeh, isuk uput-uput pamer kemesraan, duuhh. Sakmenit rong menit takenteni metune. Ealah, wong aku dhewe ya kesusu selak tata-tata budhal kerja, aku manekna cluluk.
“Ehm, kulanuwun” swaraku njugar swasana. Ewuh uga sakjane, ning kate piye maneh?
Banyu kran keprungu dipateni. Menthungul praenane Mbak Pratiwi ditutna pawongan sijine. Mripatku mlorok sakkedhok, buntelan ing tanganku sakkal ceblok. Pedhese lombok koyok ngebeki sajrone lambeku. Lambeku mangap-mangap gak kewetu swarane. Persis nalika mangan sambel kepedhesen lan kumudu-kumudu nggolek banyu ngombe.
Pawongan karo kuwi, tibake Handoko lan bojone mase!
Cuthel


Tidak ada komentar:

Posting Komentar