Halaman

Translate

Rabu, 12 September 2018


Tresna Gumelar kanggo Mas Gandi (bageyan 1)

Tresna Mujudake Pangrasa
Angin wengi sumribit mlebu sajroning panganggoku,
Ngirimake pangrasa atis nlusup palunging atiku!
Cuwa? Kemba? Mbokmenawa...
Apa werdine tresna? Kudune piye mujudne pangrasa?
Ahhh...
~Gurit Panjer Sore~

Kanca, jawaben pitakonku iki -saumpama kowe nate ngalami- kira-kira padha apa gak karo sing tak rasakna! Gatekna ae omongku engga sliramu paham, ya?
 Ngene, nalikane awak kesel lan  apa sing dikarepna gak kaleksanan,  sakbare iku rak mesthi thukul pangrasa sengit, kudu nangis senajan mek mimbrik-mimbrik amarga rasa jengkel lan sengkeh ngebeki jagade ati? Iya, tah gak?
Durung maneh nek bab ngono iku gak pisan pindho, ning kebalenan makaping-kaping. Hara? Sapa sing betah? Sapa sing kuwat? Betaha, kuwata, sing mesthi dudu aku!
***
“Rapate marine nganti wengi, Rit. Gak nutut nek mara nggenmu. Mulakna aku gak isa nyusul mrono!”
Sms ka Mas Gandi taknggeng ae, temalah takjarna. Bah-bahna! Wegah mbales. Kit mau wis takbel bolak-balik, tak-miscall  gak karuan ping pirane. Ya gak gelem ngangkat, kok. Akhire ngene iki, aku kepanjer neng ngarep kosan seprene. Kit bar maghrib ngantek jam wolu, bayangna...!
“Mas, menawi mboten saged nyusul mboten napa-napa, ning bales mawon sms kula!” ngono alokku sajroning batin, nelangsa. Sakrepotan? Enggak. Wolungrepotan! Bayangna, sms kawitan takkirim jam papat sore mau. Engga menthungul jawabane jam wolu iki mau!
Yo ngene iki nek mahasiswi wis nduwe gandhengan resmi alias tunangan, ning kerja kantoran, nggak match rasane. Pethuk angel, bareng ya angel. Wehhh, meri rasane nyawang kanca-kanca semlamber mbek gandhengane dhewe-dhewe kit mau! Malem Minggu rek, malem Minggu...hiks!
Perkara neng nduwur iku durung sepira. Pikirmu paling nek saben dina gak isa bareng, wayah prei rak isa? Jare sapa? Prekethek! Aku iki lho wis tunangan onok nek nem wulan. Bayangna maneh ya, aku gak tau blas dijak metu nang endi tah nang endi. Mara ngapel rak pethuk? Pisan ae, ya gak!
***
“Rit, beneran tah awakmu wis tunangan? Mbek sapa?” pitakon kang padha ka pirang-pirang kanca taktampa nalikane aku ngumumna nang kanca-kanca kuliyah nek aku wis kecancang tali sesambungan resmi. Ngerti se gak usah kabar liwat radio tah tipi, kesuwen. Liwat status WA!
Aku manthuk karo nduduhna ali-ali neng driji manis tangan kiwa nalika mlebu kelas dina iku. Takobah-obahna ngiwa nengen. Seneng uga, se!
“Terus piye kabare Rahman? Soulmate-mu? Krungu-krungu awakmu cedhek karo dhe’e sakdurunge iki.”  Fatim nyuwara banter sampek takuncali buku.
“Rahman ki jik sedulur nunggal buyutku, Mbakyu!” jawabku cepet. Sapa sing sa ngalahna raketku karo si Rahman? Kanca kit bayi cindhil, engga tiba gedhe sasate dheweke sing nggendhong lan njunjung aku nek onok apa-apa!
“Eling, gak? Wahyudi kelas sandhing rak ya gung mbokjawab japri-an tresnane? Ealah...” alok gela bin getun metuka lambene Lilis.
“Wahyudi wis nembak awakmu ngono? Dheweke rak seneng piala bergilir?” hahaha...guyu banter ngetutna omonganku. Sapa sing gak ngerti Wahyudi. Tiba nyenengi hla kok gak mek siji sing diantebi. Kojur se,...wong arek kelasku iki sasate awak akeh ati siji. Nyebar dadine sapa ae sing ditembak dheweke!
Lilis ngguyu ngakak paling banter saiki!
“Terus, piye? Kenal neng endi? Heran ae, se...aku! Mosok prawan begidakan koyok awakmu kok jik gampange dicencang?” Alah mbuh. Arep njawab apa. Nuruti pitakone kanca pancen gak onok enteke.
“Sing mesthi saiki aku wis...IKI!” jawabku cekak karo nduduhna maneh ali-ali polos sing mlungker neng driji manisku. Mak jegagig Rahman nyedhek lan nyekel tangan kiwaku. Dheweke nilingi sedhela sakdurunge nyuwara.
“Tandha iku gak penting. Sing penting aku weruh nek awakmu mrana-mrene ya dhewekan. Bareng aku terus malahan. Gak tau weruh blegere wonge bareng awakmu. Ali-ali ae isa ngapusi! Jok ngarang crita nek niyat ngemohi aku kanthi nduduhna ali-ali!”
Rahman nyebek gak percaya mbuh kanggo ping pirane! Lambeku takgeget rapet.
“Gurit, nek crita sing luwih masuk akal. Jok ndadekna bakalan awu-awu dadi tenanan. Eman atimu!” Rahman nyuwara banter sinambi njendhul bathukku!
“Awu-awu? Akon-akon?” swara ting klesik cinampur panyawang ngganggo tandha pitakon gedhe kewaca neng bathuke arek-arek.
“Sing pengin ngerti critane, kene takkandhani. Mbayar sepuluh ewu!” Rahman ngguwak swara maneh.
“Rahman. Gak takaku dulur nek lambemu ngember. Sing penting saiki!”
“Buyar-buyar, dosene rawuh!” cluluke Lilis. Taklirik Rahman ngirim esem sing beda karo biyasane!
Akhire...cahya nggumun, meri, lan sapunggalane ngilang binarung atiku sing tambah tidha-tidha! Kanca-kanca buyar tumuju panggonane dhewe-dhewe.
Eseme Rahman sajak nduduhake nek omonge nyedheki bener!
“Saumpama sing ngomong dudu ibukmu, palinga aku nomer siji sing gak percaya, Rit!” bisike Rahman ngantem pangrasaku sing paling jero!
***
Nate aku dipeksa ibuk dikon mara nang omahe pas wayah tanggal abang, sapa weruh isa methuki. Wonge nang endi jajal?  Hiking, munggah gunung golek inspirasi ngono ngendikane ibuke.
“Ndhuk, masmu jik golek inspirasi. Munggah gunung Bromo bareng kanca-kancane. Mbeningna pikir amarga penggaweyane dirasakna tambah akeh lan abot. Refreshing uga jarene. Gak semayan tah mau?”
Golek inspirasi? Wis kerja neng kantor kok jik golek ngono iku? Kerjane hlo neng dinas keuangan, gak cocok blas alasane! Refreshing kok koyok nguntal pil!
Dina-dina biyasa gak nate tah mbokpethuki? Rungokna ya omonganku nek pitakonmu koyok ngono!
Dijak pethuk isuk, lagi metu ka kantor nekani undhangan seminar!
“Mas, mangke kula tak methuk Njenengan nggih? Kula pengin ngertos carane nggarap itung-itungan teng tugas akhir kula!”
“Sepurane ya, Rit, aku lagi tata-tata nekani seminar iki. Wis butuhmu apa, engko tak-emaile!” cekak, mek ngono jawabe!
Dibel awan, jare ngeloki mangan gratisan neng restoran anu.
“Mas, siang niki wonten wekdal mboten? Rencang kula ngadaaken tasyakuran sakcelake kantor Njenengan. Medal nggih, sekedhap. Kan istirahat!”
“Sepurane Rit, aku saiki wis meluncur ka kantor. Onok kanca uga ngundhang mangan gratis. Bancakan lairan putrane.”
Dibel sore, jare jik nutugna penggaweyan alias nglembur.
“Mas, kula mampir daleme Njenengan nggih. Niki dikintuni ibuk oleh-oleh king Bali.”
“Titipna ibuk ae, Rit. Aku nglembur. Sorry!”
Dibel bengi? Ya saiki!
Akhire ya ngene iki, aku mutusi numpak gojek mulihe koyok minggu wingi. Kanca-kanca wis sumebar tekan omahe dhewe-dhewe sajake. Ketiwasan. Ketiwasan!
Apa maneh malem minggu ngene iki, ngenteni gojek gak cukup sepuluh menit. Macet neng endi-endi....mulakna, muntabku taktokna kabeh kit sakjam pungkasan. Taktulis sakdawan-dawan apa ae sing takpikir, takrasakna, uga sing wis taklakoni sasuwene iki. Tak-sent nang Mas Gandi. Buyar-buyar wis!
***
“Oleh mulih ka kosan, pokok diterna bakalanmu!” ultimatume ibu taktampa nalika aku mancik semester enem, pas ngawiti PPL (praktik pengalaman lapangan) ing njaba kutha. Mulihku seminggu pisan, ngenteni disusul mas tah adhikku. Weehhh, alamat, gak isa mancala putra mancala putri nek ngene. Tibake, jik klakon rong minggu, dadine koyok ngene? Gurung keturutan gonceng ngethapel. Tapi dudu salahku, se? Wong ibu ya nglenggana ae nalikane nyawang tekaku tanpa diterna bakalan sing didaman-daman kit dina dadine.
***
Ssttt...kawitane aku ya gak seneng kok karo Mas Gandi. Blas. Aku rak mahasiswi, jik seneng edrak-edrek, mlayu mrana mlayu mrene. Jik seneng-senenge mbegarna jangkah. Mara-mara ditaleni atine. Hahaha...apa aku disebulna, ya?
Disebulna iku padha karo disuwukna ben manut madhep mantep karep, jarene jare wong tuwek ngono.
Tapine tapi, sakjeg digathukna aku kok ya kemataaaa ae karo pawongan kang nduweni jeneng endah lan gagah iki “Gandi Prayitno Katon Gumelar”. Ngerti gak artine jeneng bagus mau? Ngendikane bapake Mas Gandi ngene...
“Gandi iku takjupuk ka jenenge tokoh idolaku, Mahatma Gandi. Prayitno iku pangajabku ben anak lanang dadi menungsa kang tansah ngati-ati uga waspada sajroning urip. Katon iku mbalik nang ibukmu, seneng nang Katon Bagaskara, sing nyanyi lagu legendaris “Yogyakarta”. ( ehemmm...ibuk so sweet!)  Njur Gumelar iku jeneng gawan ka nduwur-ndhuwurku, tenger keluwarga sing nduweni arti ...”
***
Pikiranku kok munyer tekan endi-endi. Stoooppp!
Kadidene pegawe ya mesthilah angel kepethuk nek gak diniyati. Nek aku ngono sakwayah-wayah pokok wis metu ka kelas ya isa ae. Saka critane ibuke, Mas Gandi iku puinter kit cilik. Apamaneh babagan itung-itungan. Saben-saben juara nek onok lomba. Malahan, lulus kuliyah langsung ketampa kerja. Dudu langsung ketampa kerja. Mas Gandi iku alumni sekolah kedinasan neng keuangan, ya bener ae metu langsung megawe!
Dadine, kacek umurku karo Mas Gandi ya gak sepira ae. Gak ngantek sepuluh taun. Persise? Ya erhaes, rek!
Mek siji kurange, Mas Gandi gak isa srawung mbek wong liya. Meneng, mueneng pol. Apa sing dipengini gak tau diomong, apa sing dikarepna gak tau dingerteni wong liya, kejaba ibuke! Mek ibuke sing isa nyrapat uga ngerteni senajan gak kewetu omongan sangarepe putrane. Ibuk sing hebat uga keren ngono iku, ya?
Aku isa maklumi. Pancen sakwise kenal luwih suwe, apa sing dingendikakna ibuke jan jebles gak ngguwak thithik-thithika!
Senajan nek takrasak-rasakna akhire saya suwe malah dadi senep. Koyok dina iki!
Kok manut ae se dijodhokna jaman sakmene? ...mbokmenawa menthungul pitakon koyok ngono sajrone batinmu. Pitakon kang nggawe tandha pitakon sansaya dadi gedhe, imba ukuran angka 48 nek dibandhingna angka normale huruf 12!
Isaku mek ambegan landhung. Liya ora!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar