Brintik Kelangan Larik
“Takkandhani, ya Mbak…sing
ngati-ati karo bapak asrama kene. Wonge rodok cluthak” olehe meling jian tenanan nalika aku
lungguh neng teres asrama pelatihan kantorku. Ngerti se, tenanan sing takmaksud?
Praenane gak onok semburat ngguyu sethithik-thithika. Ya ya ya, Mbak Sabrina, karyawan asli
kantor kene,
sing luwih kawentar kanthi paraban Mbak Brintik. Rambute brintik cilik,
mlungker apik ngono, nambahi manise. Brin, Brin, Brin,…Brintik…ngono mbokmenawa
mula bukane hehehe.
Mbak Brintik jik sedina rong dina iki takkenal. Gak nyeja
kenal apik se,
pancen asrama panggonanku pelatihan gandheng karo asrama karyawan, mek kalingan
pager wesi cendhek. Dadine, nek wayah sore ngene iki isa jagongan rame senajan
beda teres.
Aku dhewe dinane iki lagi ngetoni pelatihan
suwene sakwulan neng kene. Kadidene pegawe saka kantor cabang, isa katut
pelatihan ngene iki sawijining nugraha kanggo nimba ilmu kang luwih akeh.
“Sttt, sampeyan kok
ngarani ngono iku, apa alasane?” takonku nguber omonge. Mbak Brintik malah
kethip pindho, karo ngawe aku dikon nyedhek.
“Sing ngopeni asrama iki senengane ngejak warga asrama mlaku-mlaku, dijajakna
barang. Genti genten sing dijak. Apa maneh nek karyawan pelatihan, malah
sajak kesenengen wonge gonta-ganti sing dijaki. Aku ae wis neng kene setaun punjul, tapine…”
“Gak tau dijak jelong-jelong, se?” bacute Mbak Asmi, kanca sandhinge karo nyebek. Isaku mek ngangkat pundhak
karo mesem. Liya ora!
Rame lan nyenengake swasana asrama, kaya
perumahan panggonanku. Neng kene ana telung asrama. siji kanggo asrama pelatihan, loro kanggo karyawan
sing isih anyar, durung omah-omah, utawa durung entuk penclokan kang gumatok.
Hla, sing
tanggung jawab ki asmane Bapak Sumitro, daleme ngarep kantor pas,onok tokone
gedhe.
“Ojok manut omonge
Brintik, Mbak …keblinger sampeyan engko. Saben wong lanang dipadhakna kucing.
Iki cluthak, ika cluthak,…koyok urip gembul kucing ae. Aja padhakna
kabeh wong lanang kaya mantan bojomu” Mbak Asmi mbacutne omonge. “Sstt Brintik ki wis randha mulakna sensi”
Mbak Brintik mek mecucu
ngrungokake.
“Mulakna, dadi randha
pikirane nganggur, onoke neng batine ya ngono iku…sentimennnn
thok karo urusane wong liya” cluluke Mbak Asmi banter karo jumangkah mlebu. Aku gedheg-gedheg thok
ngrungokna.
Mbak Brintik, Mbak
Brintik, Staf arsipatoris abadi, ngono parabane. Sakjane neng kantor Pak Sumitro uga ndhuwurane Mbak
Brintik, bageyan keskretariatan. Jane klop. Cocok. Cocok gak gelem mbala..wkwkwk
Paraban cluthak
ndadekake aku kepingin nlisik sapa sejatine Pak Sumitro. Piyambake yuswane
udakara seketan, Dhudha mati telung taun kepungkur. Sakliyane kerja neng kene,
nduwe usaha fotokopi gedhe neng daleme.
Hla iki lho sing nggarakna metu istilah cluthak ka Mbak Brintik, amarga saben arep
kulakan tah metu nang ngendi, kanthi grapyak mesthi tawa-tawa sapa sing gelem
melok, apa maneh karyawan pelatihan sing teka pucuk gunung, mumpung neng kene,
ben weruh ramene kutha, ngono ngendikane.
“Mbak Utami gak pengin nderek?
Mumpung neng kene, mlaku-mlaku rame-rame bareng…” durung tutug ngendikane
nalika salipan neng teres ngarep, sakkal arek telu sakbarenganku, wis
ngathungna driji dhewe-dhewe.
Piye iki? Mbak Brintik mek
mlengos takpamiti!
“Anake lanang-lanang. Sing
mbarep wis kerja nang luwar kota. Nomer loro karo nomer telu jik kuliyah. Arang
mulih kabeh. Mulakna…bapake..” lambene Mbak Brintik jik kober nyembir.
Mendahneya nek neng kantor…
Ceket-ceket tanganku
taktutupna lambe, ben tembung cluthak gak metu teka lambene Mbak Brintik.
Aku manthuk sarujuk.
Tinimbang nganggur gak onok gaweyan. Garapan wis mari kabeh, tugas minggon ya wis taksetor awan mau.
“Mbak Utami sajake wis krasan,
nggih?” aloke Pak Sumitro karo noleh memburi saka kursi ngarepku.
“Nggih dereng, Pak. Wong
ganthilane atine teng mrika” jawabe Rina karo nyenggol pundhakku. Tangane
nduding ngetan ngener kutha asalku. Aku kecipuhan dhewe. Pak Sumitro nggleges ngrungokna.
Ah, jawabane
Rina malih ngelingake aku nang Pandhu Dewantara. Pandhu kanca sakkantorku, sing
uga dadi gebetanku setaun iki sakjane, ning sakdurunge aku pelatihan iki wis
ngedohi ndhisiki!
Gak kepingin
ngedoh piye, sakwulan rong wulan kawitan aku jik betah ae ngadhepi Pandhu sing
senengane tebar pesona, berbagi kebaikan nang sapa wae. Nek neng mburiku se gak
pa pa, hla iki neng ngarepku.
Jajal,
bayangna...enak-enak jagongan neng cafe pojok kantor, eh, ana kanca wedok njaluk
diterna nang ATM, diterna.
Terus maneh, jatah
presentasi kawitan, eh hla kok diundur neng dina sakbanjure, amarga dioper kancane,
engga Pandhu gak isa mbarengi aku buwuh nang Pakdheku. Dudu aku sing egois,
ning kok saben-saben Pandhu se sing ngalah?
Hla iki maneh, enak-enak
lagi serius ngapeli malming-an mbahas
dina tembe, ehm...dibel kancane dikon
nggenteni piket bengi, ya dilakoni. Sapa sing gak sebel lan mangkel tumpuk undhung
nek koyok ngono gak pisan pindho?
Wong ki ya oleh
apikan, ning onok silah-silahe, gak saben ngono-saben ngono, hla mbesuke piye?
Rumangsaku Pandhu kok dadi pacare wong sakkantor!
Mulakna, sakwise
aku positif dikon nekani pelatihan, aku menehi ultimatum nang Pandhu. Pilih aku tah pilih...
Ealah, jik
seminggu neng kene, siji loro telu solah tingkahe Pandhu sing gak taksenengi
menthungul taklakoni dhewe.
wingenane aku rak
kentekan dhuwik, gak ngerti lor kidul, tanpa pikir dawa Pak Sumitro ngutus Bayu,
putrane sing lagi prei kuliyah, ngeterna aku nang ATM sing paling cedhek. Bayu
manthuk karo ngguyu senajan dheweke lagi ana tamu jarene.
Butuh
mrana-mrene, Pak Mitro tansah isa ngongkon sapa tah sapa nulungi. Ben karyawan
sing pelatihan krasan, ngono mesthi ngendikane sumeh. Malah nalika laptopku hang, ngadat, Pak Mitro dhewe sing
ndandani. Ckckck...
Akeh kedadeyan
liyane ing kene sing nduduhake nek aku isih butuh wong liya kanggo mberesna
sakehing urusanku. Menungsa makhluk
sosial..., ukara sing wis ngapal kit jaman sekolah, nggedruk pangrasaku!
Pandhu..., ah
aku isa nyawang kasunyatan nek sing dilakoni kuwi gak pantes takcemburoni. Pandhune
dhewe ya gak nate ngono-ngene sakliyane apikan nang wong liya. Pandhuku, piye
kabarmu? Mbrantak kangenku.
Untunge Pandhu
gak seneng ngejak sapa-sapa mlaku-mlaku kaya Pak Sumitro. Hladalah...apa aku ya
arep madhakna Pandhu karo paraga cluthake Mbak Brintik?
“Mbak, wis kenal
ya karo Mbak Sabrina? Kerep ngilokna aku cluthak. Lucu banget, dheweke kuwi.
Sapa ae sing tau takjak metu rame-rame ngene iki mesthi diomongi ngono. Ra sah
kaget, asline atine apik, kok. Malah lunga ngene iki ya karo njarag dheweke,
kok!” Pak Sumitro crita karo nguyu banter mbuyarna lamunanku.
“Sajake
njenengan ketarik dhateng Mbak Brintik,
Pak?” cluluke Bayu sing lagi nyopiri.
“Hla kowe gelem
gak nduwe ibu dheweke?”...hahaha guyu ambata rubuh ngebeki mobil.
“Aku seneng
ngomong apa anane karo anak-anakku, Mbak. Anakku uga. Nalika aku pamit arep
golek kanca urip maneh, Bayu lan mas-mase uga sarujuk. Hla Bayu lho gak isa
ngopeni aku”. Bayu mek ngathungna jempol kiwane njawab ngendikane Pak Sumitro.
Hmmm, rukune
bapak karo anak iki! Batinku nyuwara.
“Ut...nglamun
ae, ki lho wis tutuk panggonane” Rina njawil sikutku.Hla kok panyawangku tempuk
karo mripate pawongan kang takkenali ing njaba mobil. Pandhu!
dina iki pas
sewune garwane Pak Sumitro. Aku sakanca dijak nang panti asuhan lan dijaluki
tulung ngrewangi ngedum sega kothakan. Aku durung isa ngerti geneya kok Pandhu
ana kene?
“Wis kenal se,
Pandhu ki anak mbarepku” Pak Sumitro karo mbukak lawang mobil. “Aku wis ngerti kok nek Mbak Utami
kuwi...”ngendikane kandheg kesusul guyune maneh karo meluk Pandhu. Mripatku
kaca-kaca.
Sakbanjure tanganku
diranggeh Pandhu sakwise aku uga metu. Gak srantan Pandhu takruket kenceng,
tangisku tumiba ing dhadhane.
“Sepurane, aku
Pandhu. Tenan..., aku...” omongku kandheg kalah karo iline banyu mripatku.
“Hmmm...wis,
mengko bengi ae ditutugna. Kae lho disawang kanca-kanca lan bapakku. Isin.
Kangen aku banget, tah?” bisike Pandhu. Gegere takjiwit cilik. “Aku salah
mahami solah tingkahmu”, bisikku.
“Ssstt...Utamiku
wis diwasa sajake” alus swarane nglegakna atiku.
***
“Dijak nang
ngendi ae mau, Mbak? Dipromoseni apa ae? Ana sing arep dipek bojo, tah?” Mbak
Brintik olehe takon gak ana lerene nalika aku sakanca teka.
“Mbak, sesuk
maneh njenengan iku nderek ae nek dijak Pak Sumitro. Mau iku acara pengetan sewune
bojone. Lan...stop...mulai sesuk gak oleh ngrasani Pak Sumitro cluthak. Kuwi
gak bener. Dosa!” jawabku rada sengol.
Mbak Brintik
sakkal pucet praenane. Sajake seprana-seprene gak tau onok sing nyekak omonge.
Lambene menga amba kelangan larik sing arep diunekake.
Syawal
1438 Hijriyah
Owalah, akhire crita kok dadi ngene. Aku karo Mbak
Brintik nikah
bareng. Aku ya wis genah se, entuk Pandhu. Hla Mbak Brintik? Entuk bapak asramaku, maratuwaku!
(...Dhik
Utami, mbuh ya sakwise aku sampeyan seneni gak oleh ngilokna Pak Sum cluthak,
aku malih seneng migatekna apa sing dilakoni piyambake. Iya, pancen grapyake
kuwi tibake tulus. Pisan pindho aku ya gelem dijak, hla kok aku lho temalah
saiki sajak kepilut piyambake...ki piye?
inbox ka Mbak Brintik sing isih taksimpeni).
Cuthel
Sip. Dhien Nurhayati
MTs Negeri Kencong –
Jember
Jln. Panjaitan 02 Wonorejo
Kencong Jember (68167)
No.hp 081252249232
Tidak ada komentar:
Posting Komentar