Halaman

Translate

Minggu, 29 April 2018

Sepurane Aku, Rangga (Crita Romansa)


Sepurane Aku, Rangga...
            “Sepurane sing akeh Rangga”, mung kuwi ukara sing kewetu saka lambeku mungkasi telponmu sing mbuh wis kaping pira taktampa. Nanging, kanggoku, jawabanku iki wis final. Sepurane aku, Rangga...
..........................................................................................................................................
            Sapa wonge sing ora kepengin urip sempulur, langgeng bale somahe? Nalikane ngucapake ikrar ijab kabul nikahan, ora nate kepikir yen urip jejodoan bakale keputhes neng tengah-tengahe dalan. Alangan, rintangan, godha mesthi ae ana. Gak mungkin ta lah urip mulus kaya dalan tol. Sakdawane dalan mesthi ana ri, watu, utawa malah kayu gedhe ngalangi. Kuwi wajar, biyasa. Godhane urip iku bumbune rumah tangga sing ndadekake tambah legi lan nikmate lakune panguripan.
            Nanging aku pancen pindha kayu cilik kang garing kurang banyu, nalikane angin godha saya suwe saya banter, aku gak kuwat nglanggati. Takeklasna bojoku kinasih katut angin kang ngguleti. Aku wis eklas, ridlo...tinimbang aku nggrantes lan mati kepithes.
            Yo ngono kuwi kedadeyane, ra usah welas neng aku, akeh kok wong ngalami nasib kaya aku. Dicritakna dawa,...njelehi kanggone sapa ae sing ngrungokna.
Nalikane urip dhewe , rong taun iki, aku malih nduwe wektu kang longgar kanggo ngiseni urip nyenengna ati. Urip nggolek apa se? Rumah tangga, wis tau. Anak, yo wis nduwe. Penggaweyan maton ? senajan asil gak sepira gedhe, aku jik iso ceker-ceker dhewe. Kurang apa?. Saiki kepingin turu sedina dher, keturutan. Kepingin njajan sakwarege, gak ngurus bobote awak mundhak ndedel, it’s oke wae. Bebas ngatur awakku dhewe!.
Asline, gak kabeh uwong seneng nyipati yen ana randha. Ora nate didelok sing salah sapa, koyoke kabeh randha digebyah uyah padha eleke. “Wong wedok kemendhel ninggal bojone, arep golek sing kaya apa maneh?, salah pisan pindho iku biyasa”, akeh-akehe omongan sing takrungu kaya ngunu. Dapak’o sing ngomong wong lanang, sing ngomong malah padha wedoke. Aku gak ngrewes. Sing nglakoni aku, sing ngrasakna aku. Sing nggawe keputusan yo aku. Iki urip-uripku dhewe!.
Coba ae nek ngalami dhewe, nduwe bojo sing nggantheng, bolak-balik katut wong wedok liya kanthi alasan nggoleki apa sing gak ana neng bojone, ya aku iki. Kurang ayu, kurang romantis, kurang mbodi...nggoleki kurang, akeh ae kancane. Wong pancen kurang gak iso ngilang, hehehe...
            Mulane aku tansah ngati-ati neng sakparipolahku. Apa maneh yen gepok senggol  karo kanca sing wis nduwe bojo. Wedi diarani sing ora-ora.
            Ana siji selingan uripku sing paling taksenengi saiki, yoiku iso kekancan maneh karo kanca-kancaku sing lawas. Eh, tibake kanca sekolahku sing lanang bujang yo jik akeh. Malah ana  sing wis duda barang. Hla iki...
            Yo duda siji iki sing ndadekake atiku kebat-kebit.
            “Hara, koyoke adhewe jodho ya?, aku nduda kowe dadi randha...”, Rangga mbukak omongan liwat telpon. Heran aku, limalas taun gak tau ana kabar, kok yo saiki ngerti nek aku wis...?. tur nek nyeluk aku mesthi Hara, padahal celukanku Rani. Maharani!.
            “Aku dikabari Wida, malah njur diwenehi nomer telponmu. Tapi Wida aja diseneni, soale dheweke wanti-wanti gak oleh ngomong nek aku diwenehi weruh dheweke!”.
            Rangga iki kanca SMA-ku. Ketua kelasku jaman semana. Yen takelingi, ya Rangga iki sakjane siji-sijine wong lanang sing temen-temen nyenengi aku. Nyenengi aku nalika aku kelas loro, nanging aku gak iso nampani tuluse tresnane. Liwat surat balesanku, Rangga taktolak alus, amarga wektu iku aku wis nyenengi cah liya. Aku nyenengi kancane Rangga, sing luwih nggantheng. Temenan, aku gak munafik...bocah sakumurku wektu iku yen golek pacar mesthi sing nggantheng, pinter, ...lan kabeh kaluwihan sing nek iso nglumpuk neng wong siji.
            Rangga kuwi manis, praenane biyasa ae, rambute brintik, wonge serius yen tandang samubarang. Cara mbiji pawongane Rangga nganggo ukuran neng sekolahan, bijine Rangga yo pas KKM-lah,...KKM kuwi Kreteria Ketuntasan Minimal, alias pas-pasan, nggak nggantheng yo gak elek, hehehe...
Nanging tresna masalah ati. Gak iso dipeksa utawa diarahna. Atiku wis mantep neng Mas Aangku. Mas Aangku, tresna kawitanku. Nanging, sakwise taktulak, Rangga lara suwe...nganti meh sakwulan. Kanca-kanca sakkelas nutuh aku penyebabe. Malah kanca sakbangkune Rangga ngomong terang-terangan yen larane si Rangga amarga tresnane tak tulak. Hla iki!. Mbuh sapa sing nyritani, nganti guru-guru saksekolahan ngerti. Hla piye, wong pancene Rangga klebu murid berprestasi. Mulane, aku dikon guru BP nyambang.
            “Rani, kancamu, si Rangga sambangana. Larane lho salah sijine gara-gara kowe!”.
            “Kok ngaten, Pak...wong kula mboten salah?”
            “Wis, pokoke ndang disambang. Wong nyambang kok ngenteni nduwe salah. Nek gak,...kowe karo pacarmu taksetrap!”.
Wih...guru BP ngultimatum kaya ngono. aku, Mas Aang, lan kanca-kanca sing biyasane sakgrup sepakat , sorene aku sakrombongan nyambang. Jane wis bolak-balik ana kanca sing nyambang, aku ae gak tau melok. Aku wedi yen ketemu Rangga. Amarga sakwise taktulak, Rangga kaya kudu nyedhek ae. Wis naluri, wong wedok nek diuber-uber wong sing gak disenengi, rak isone mlayu ngedoh, ta?.
            Numpak sepeda jengki tumuju desane Rangga. Biyuh adohe...nem kilo. Desa Jombang, lurus ngalor...ngliwati kebun-kebun jeruk sakdawane dalan cilik nganti tutuk omahe Rangga neng Desa Wringinsari.
            Kabeh kanca njurung aku dikon mlebu kamare Rangga, sakwise liyane wis dha nginguk. Mas Aang njawil aku karo ngomong,”Ndang ngomonga, apa tah apa ngono. ben Rangga gedhe atine!”. Atiku gojag-gajeg. Akhire...
            Aku nyedhek. Rinda karo Yuli mijeti sikile. Tanganku melu ngemek-emek sikile sing dislimuti. “Ngga, ndang waras,ya?. Sepurane aku nek ana luputku. Sesuk mlebu sekolah, ya?”. Rangga mung manthuk karo mripate merem. Arep ngomong apa maneh?.
.........................................................................................................................................
            “Aku wis nduda patang taun, Ra. Aku mbiyen rak rabi oleh randa sing wis nduwe anak, tibake nganti anak puponku gedhe-gedhe, aku gak nduwe anak dhewe. Mulane aku ngejak pisahan wae, wong aku rabi loro gak diolehi!”, critane Rangga.
            “Kowe kok tibake gak dadi karo Aang?. Weruh ngono mbiyen karo aku ae, Hara...Hara...”. “Lair, mati,  jodho, rejeki wis ana sing ngatur, Ngga...Ngga...”, jawabku entheng.
            Sakjeg kuwi aku sesambungan kekancan maneh karo Rangga. Gak pa-pa, pikirku. Wong gak ngganggu sapa-sapa, padha ijene. Guyon bareng kanca-kanca liyane neng facebook, BBM, tah whatsapp.
Malah nalikane aku ngetutake lomba anakku neng Jakarta, dheweke nyelakake teka methuki aku karo anakku. Jan pangling tenan. Rangga saiki wis dudu bocah ndesa sing bijine suwidak lima, saiki malik grembyang dadi wong sing gagah pideksa, sandhang penganggone sarwa pantes, hla siji iki sing malihe pol. Kok kulite wis gak ireng maneh? Kukule sing mbiyen kebek yo wis ilang. Ealah,...yen aku jaman enom melik wong nggantheng, Rangga saiki luwih saka nggantheng. Apamaneh, nyawang mobile...byuh...byuh...
            “Hara, mbiyen kowe nulak aku. Yen saiki aku mlebu atimu maneh, piye?”, Rangga ngomong kaya ngono nalikane ngebel aku kaya biyasane sakwise sapatemon ing Jakarta. “Aja kesusu menehi jawaban. Santai ae,...”.
            Sedina, rong dina, seminggu, aku nglimbang pikiranku, nganti Rangga ngebel maneh. Nanging aku, atiku rasane wis gak iso klebonan ati liya maneh. Cukup sepisan. Lara ati sepisan. Aku wis gak wani maneh ngliwati dalan urip sing padha. Masiyo ta, cara numpak kendaraan, kendaraane ganti, takpikir mbesuke mesthi masalahe padha ae. Aku kanji temenanan!.
            “Rangga, aku gak nate nampik yen sajroning uripku, aku nate nresnani wong lanang luwih saka siji, nanging mung kowe siji-sijine sing nate ntresnani aku. Sing nganggep aku wanodya sulistya sakndonya. Nalikane wong lanang sing taktresnani nganggep aku kaya barang pawuhan, kowe nglungguhna aku neng posisi sakpantese. Aku matur nuwun...”
            “Nanging, Rangga. Ijik akeh wong wadon neng njaba kono, sing siyap nampani tresnanmu. Aja milih aku, amarga aku, mbokmenawa dudu pilihan kanggomu maneh. Aku wis ngejur atiku,...aku wis gak nduwe ati, Rangga!”.
            “Kowe nulak aku maneh?”, Rangga nyuwara atos.
            “Ora nulak Rangga. Pikiren sing jero, ya...niyatmu pisah karo bojomu alasane apa, kowe mbutuhna wong wadon anyar amarga alasanmu kepengin nduwe keturunan.  Iya, se?”.
            “Bener”, Rangga njawab.
            “Aku wis nduwe anak, Ngga. Terus sampeyan kudu ngerti, aku wis gak kepingin nduwe anak maneh. Aku emoh!”.
            “Hara, masalah ngono dipikir karo mlaku. Sing penting kowe saiki gelem thok!”.
            “Ora, Rangga. Aku gak iso!...”.
            “Hara, gak pa pa aku gak nduwe anak dhewe. Aku iso ngewangi nggedhekna anakmu!”.
            “Aja, Rangga. Aja mbaleni crita lawasmu maneh...”, jawabku. Keprungu swara ambegan landhung neng pucuke telpon.
            “Rangga, sepurane sing akeh...”, telpon taktutup. Ana rasa semedhot neng atiku.
            Ibarate barang, aku wis barang second hand, umpama kertas aku wis lungset. Aku ora ngendhani tresnamu sing aji  kaya nalika aku jik wutuh mbiyen, ndadekake aku iso mbiji wong lanang siji lan sijine. Nanging Rangga, aja entekna uripmu kanggo aku sing nate nulak tresnamu, batinku ngentepi putusanku.
            Saka kadohan binarung angin wengi kang mlayu ngulon, taktitipna dongaku muga-muga panulakku ora nggarai lara atimu maneh. Muga-muga jodho kanggomu enggal mbok temokna. Amin.
Cuthel



Tidak ada komentar:

Posting Komentar