Halaman

Translate

Jumat, 20 April 2018


Sinambunge Tresna kang Kacuthel

Saka kadohan taksawang bunda wis jumeneng ing ngarep omah, sajak ngenteni tekaku! Setengah keplayu aku marani sakwise markir mobilku. Bunda nglukis guyu sumringah sinambi dleweran eluh. Bundaku, bunda sing mbokmenawa gak ngira nek aku isih uga ngugemi tresnane, ora nate nduwe niyat ngliyakna!

“Aku wis ngerti. Ibu wis ngerti, Mas. Ora usah wedi crita. Ibu gak pa pa. Malah ibu kuwatir sampeyan gak gelem bali meluk ibu maneh” ngendikane karo meluk lan ngarasi bathukku. Pancet, koyok jaman cilikanku. Adhem sanalika atiku. Sinambunge tresnaku karo bundaku, ora bakal kacuthel!

***
Ibuku, Bunda Wilda Kartika, pawongan kang tansah ngebeki atiku kanthi tresnane. Meluk awakku nalika kejer nangis gak onok sing nggape nalika isih cilik mula. Bundaku, bundane Dhik Guntur karo aku, Dahana Pramuditya. Bunda kang kanthi asih tanpa pilih kasih nggedhekna aku.
Kok nggedhekna? mesthi  kewetu pitakonmu koyok ngono... , ora sah isin ora usah ewuh pakewuh. Kasunyatan, kok!

Kanca, Bunda Wilda pancen garwa kapindho bapakku. Ibu sambungan kanggoku. Sakjeg jumbleg aku ngenal jenenge ibu, ya Bunda Wilda kuwi ibuku. mulane senajan kawit aku ngerti ukara, isa ngerteni crita, sakehing pawongan kang ngandhani  yen piyambake dudu ibu kang ngandhut aku, ngene-ngene lan sakpitunggalane, tresnaku ora suda, ora owah utawa geseh. Tetep!

“Mas Dahana ki dudu putra asline Budhe Wilda. Ibuke neng kono lho, neng suwarga” ngono ngendikane Bulik Amini saben ngiyami aku bareng putrane yen pas dijak dolan neng daleme.
“Putrane Budhe Wilda iku Mas Guntur...”cluluke maneh. Dudu aku nek meneng ae dikojahi koyok ngono. senajan isih cilik, aku ya nduwe lara ati, banyu neng njerone bakku tak sirat-siratna karo nangis banter.

Critane, bapak krama karo Bunda Wilda krama nalika aku isih bayi umur setaun. Neng ngendi ibukandungku? Adduh, nyritakna ibu kandungku, koyok-koyok aku emoh ngelingi critane. Pokoke, saiki ibuku Bunda Wilda. Wis cukup. Titik!

“Mas, bothok simbukan, orem-orem tahu tempe, uga sakabehe lawuh sing onok, nek tutuk asrama ndang dilebokna kulkas. Ojok lali koyok wingenane. Eman nek nganti mambu” ibu kojrah karo iwut natakna bontotanku. Bontotan sing nek isa kuwat seminggu, punjul setengah wulan nek isa, engga aku mbalik mulih maneh, hehehe...

“Ojok lali...” ibu ijik kober ngethip sisih karo nduding mengarep. Aku mek ngguyu ngetutna obahe tangane ibu. Dina klairane bapak, malem minggu mben. Ibu ngerti aku mesthi lali saben ulang taune Bapak. Nek gak diilingna...

Wong wis sepuh ae kok ya jik dibancaki ae nek pas dina klairan. “Bancakan iku tandhane syukur, Mas. Syukur isih isa sodaqoh, syukur isih diparingi nugraha sehat, syukur...” ngendikane bunda saben aku mbantah emoh nekani bancakane sapa-tah sapa batih ngomah, hehehe...

Tutuk asrama isih koyok biyasane watara jam enem-an. Isih longgar kanggoku nata gawan saka ibu, uga lungguh neng ngarep omah sinambi nyawang umek-e warga perumahan liyane.
 Sikilku takslonjorne jogan. Lagi wae miwiti  nyandhak hape nggo ngecek WA, sms, uga sakehing akun liyane. Biyasa, ben gak kudet (kurang update)..wkwkwk, wlijo isuk njebus. “Sampun rawuh, Mas?”cluluke.

Wonge dhewe sing mlebu nyedhek karo ngelungna gethuk lindri senenganku. Dhuwik limang ewuku ditampani, susuk telung ewune taksaki sakwise kuwi.
“Mas, korane...” swarane Bahrun loper koran saka walike pager tetean.olehku nyawang hape kandheg maneh.  Agahan aku ngadheg. Nekkoran kudu takjupuk, mesakna Bahrun nek nganti mudhun ka sepedahe, sida telad engko sekolahe. Taktampani karo ndada bocah sing ngeterake.
Sakdurunge mbalik mlebu, mripatku clingukan nyawang dalan. Biyasane bocah-bocah sing sekolah mulai budhal, karyawan sing kerja ya wiwit mangkat, lan...Aprilia Basuki, bidan ayu sing jik bujang lho..ehm...sandhing omahku jam yahmene biyasane miwiti nyetater matic-e arep budhal nyambut neng klinik bersalin.

Hla, rak tenan...
“Sugeng enjing Mas Dahana, nembe rawuh?” cluluke sinambi ngguwak esem karo nuntun sepedahe, eseme jan gak nguwati. Mben ngono, nek wis ngliwati nggenku, kawit ditumpaki. Duuh, mbuh ya, kok keteg-e atiku saya banter ae dina iki!

Apa maneh wingenane, Dayat, ipene sing uga kancaku kerja ngomong nek April sajake ya ngesir aku, duh..duh..duh..koyok kumudu ngejak ibu takkon nyrapat areke. Nek ibu cocok, enake rak ya ndang takkon nglamar ae...
Bali lungguh maneh. Kawit maca headline koran, onok sms mlebu hapeku. ...Gawat darurat, enggal mrene...saka kantor!

Wah, yen gawat darurat iki biyasane onok wong sing gak betah urip bareng maneh. Aliyas arep pisahan! Lan iki artine onok penggaweyan kanggoku kadidene pengacara. Mung kok ya isuk uput-uput wis njanggrong neng kantor?
Mulakna balesanku ngene...engko wae lah jam kantor. Aku jik kawit tutuk...aku mbacutne maca sedhel asakduruge jumangkah salin klambi sragam. Hei, aja ngguyu lan alok kecut dhisik, aku mau rak wis adus se nalika budhal saka ngomah? Hehehe...

Alah-alah, hape-ku muni terus sajak kebelet rabi. Onok sepuluh sms anyar, uga onok telpon mlebu kaping pindho. Dayat, kancaku siji iki jan gak kenek disemayani!
“Wonge emoh diladeni sapa ae. milih awakmu. Mulakna...” Dayat miterangna karo njejeri lakuku satekaku ing kantor.

“Wonge pengusaha sukses. Nek isa menangna gugatane dijamin adhewe ngene” aloke Dayat klesik-klesik karo ngathungna jempole.
“Apa alasane kok gak gelem diladeni liyane?”
“Anu, polae jenengmu onok embel-embele Pramuditya. Persis padha karo jeneng keluwargane” jawabe Dayat karo mbukak lawang ruwanganku.
Sawenehing priyayi putri sepuh lenggah anteng ing kursi tamu. Nganggo kaca paningal kandhel. Yuswane udakara suwidakan. Yen nyawang tase, uga sandhang penganggone, bener apa sing diomong Dayat, wong sukses.  Mripatku jik nyoba mbiji tamuku.
“Nak Dahana Pramuditya?. Tepangaken, kula...” lan sakbanjure dawa koyok ula crita sing takrungokake.

“...Aku pengin pethuk putuku. Anakkku wedok, Pramudita, mbiyen rabi singit-singitan karo kanca kuliyahe, sing setuju mek bapake. Aku emoh ngakoni. Takjarna, wong ngetutna nang kutha liya. Eh, rong taun bar iku anakku mbalik dhewean. Jarene wis pisah apik-apikan karo bojone.
“ Karo nangis sesenggukan anakku crita nek dheweke gak isa urip bebarengan maneh karo bojone sing dadi mandor neng sajroning perkebunan sawit neng desa kapencil adoh lor adoh kidul. Urip bamban kawitan, samubarang angel golekane. Nang desa sing paling cedhak, nek arep blanja, kudu numpak pikep suwene telung jam. Amarga gak krasan, anakku saben dina tukaran, lan pungkasane anakku pisah karo bojone nanging...anake sing wektu kuwi umur setaun kudu melok bapake!

“ Batinku, akhire anakku isa ngrasakna se piye rasane dadi wong mlarat. Pilih nggamblok wong tuwa maneh, malah anakku njur mbacutna kuliyah S2, S3 nang luwar negeri. Tiba wayahe, anakku takrabekna maneh karo pengusaha pilihanku. Urip rukun seprene nduwe anak wedok telu. Hla aku lho kepingin nduwe putu lanang. Bayangna, anakku wedok telu, putuku sanga wedok kabeh. Hla...dinane iki, sakwise slawe taun gak ngaweruhi, mletik isine atiku pengin kepethuk putu lanangku, sepisan ae...”.
Aku nampani critane simbah sugih iki kanthi tumemen. Pengin pethuk putune sakwise mangsa slawe taun? Anake kok ya isa ngeculna tresna mung gara-gara panggonan? Wong wedok, wong wedok...
“pripun, Mas? Saged mboten kula methuk putu kula?”
“Njenengan pirsa data-datanipun?”
Simbah mau banjur ngetokake fotokopi akta klairane putune sing isih disimpen anake wedok. Lan...kopiku sakkal tumplek nalika aku kawit maca !
***
Bapak mendel nalika aku nyritakake kedadeyan ing ndhuwur nalika aku bali mulih nekani syukuran tambah umure bapak. Saka mripate, bapak ngaba aku dikon meneng nalika ibu mlebu nang kamar.

“Pripun, wonten napa? Brekate kula teraken kiwa tengen , nggih Mas?” bunda nyuwara saka walike slambu. Bunda wanita kang pangerten. Ngerti nek jagonganku gak mbutuhna piyambake. Ah, butuh sakjane, nanging kuwatir...
“Le, piye apike manggon awakmu dhewe. Kowe wis gedhe. Isa milah endi sing apik kanggo uripmu, uga isa milih dalan kang penak kanggo sakabehane. Bapak lan ibu neng kene gak bakal ngengel-ngel. Wis cukup olehku nggedhekna, nyekolahna, kowe saiki kayadene panah sing mlesat, tiba tekan ngendi ae gak onok sing arep ngaru biru. Nanging...”

Buntute ukara bapak iku lho sing angel nglakonine. Nganti aku gak wani mulih sakwise iku kuwatir lambeku keprojolan omong sing isa nggarakna sedihe atine bundaku.
***
Lurus lakuku ngetutna jangkahe suster Ai Puspita...nek gak salah maca jeneng neng dhadhane..., menggak-menggok ing rumah sakit paru sore iki.
“Tiyange sampun gerah dangu. Ning nembe sakwulan niki kersa dirawat teng mriki. Sampun stadium akhir. Dadose...” suster Ai kandheg olehe crita. Tanganku menggak olehe arep nutugna omonge.
Aku wis apal critane. sakdurunge tekan kene, aku wis takon mrono-mrene nggenahna sapa ibuku satemene. Seneng uga ngerteni nalika ibu sing nglairake aku uripe kepenak. Mbangun urip jejodoan kanthi bahagia. Nek nganti lara ngene iki sajake ya pancen wis pesthine. Sapa isa nulak lelara? Senajan dokter ahli ae nek wis ketiban sampur lara ya isa, kok...

Atiku mbiyawarakna panglocitane mbarengi lakuku
...Dahana, ana garis nasib kang ora katon ning nglolor dawa, tumeka ngawe-awe nyambung katresnan kang mbokmenawa isih isa sinambung, sakdurunge kadhung...
Panyawangku tempuk saka ngarepe lawang kang minep separo. Pasien kamar 341 - B nggeget lambene. Ambegane ngongsrong munggah mudhun. Aku diawe mlebu karo pawongan sing mbaturi.
Pawongan sing mbarengi iku, simbah sepuh klienku wingenane.

Cuthel
Sip.
Dhien Nurhayati
d.a. MTsN Kencong
Jln. Panjaitan No. 02 Wonorejo Kencong - Jember  (681767)






Tidak ada komentar:

Posting Komentar