Nalika Atine Munting
Salah sijine wong sing nate kalah
janji yo aku iki. Kalah janji karo sapa?. Karo ibukku dhewe. Telung taun
kepungkur aku nate matur marang ibuk yen aku nganti wurung sesambungan karo
pacarku, aku gelem digolekna jodho ibuk.
Ndilalah kersaning Gusti, wong ayu
sing dadi gegantilaning atiku, Naufa, katut angkatan neng kutha liya, hla kok
mung jarak nem sasi wis ngabari yen oleh ganti. Kok gampang men olehe ngalih
ati? Salahku dhewe rung kober daksingseti. Nanging yen dipikir dawa, mending pisah
saiki tinimbang mbesuk dadi, malah mangan ati. Rak ngono, ta?
Ibuk surak pitung ndina pitung bengi.
Wis ta lah, sakjeg kuwi ibuk mulai gerilya nggolekna aku pasangan. Takjarna
wae. Lara atiku yo sik durung waras, kok!
Mbuh piye critane, akhire aku
dijodokna karo anake kancane ibuk jaman SPG mbiyen. Alasane ibuk, beliaunya nate janjian arep nggathukna
putra-putrine. Klop!. Kancane ibuk nduwe anak prawan telu, nomer siji lan loro
jare ibuk wis onok sing nduwe. Kari sing cilik, Naila jenenge, kawit lulus SMU.
Kacek umur meh nem taun?. Gak kadohen, ta?
Taktutna wae acarane ibuk. Si Naila kok
yo gelam-gelem wae. Tunangan, kanthi syarat nikahe yen Naila wis lulus kuliyah.
Setuju, wong aku dhewe yo rung karuwan iso seneng tah gak!. Coba dulu...
“Mas, aku emoh yen kanca-kancane
njenengan ngerti yen njenengan wis tunangan”, Naila ngajokna syarat nalika bar
takurusna samubarang butuhe kuliyah sing ndilalahe klebu neng kampus cidhek
omahku. Aku manthuk!. Cocok, aku yo emoh yen kanca-kancaku sing ijik bujang ngerti
aku wis ditaleni.
“Mas, njenengan gak pareng ngganggu
acara kuliyahku lan srawungku karo kanca-kancaku”, aku manthuk maneh. Wis loro
syarate..., “Yo gak lah, wong urusane mben dina gak padha. Kurang gaweyan pa
ngurusi kuliyahe kono!”, batinku njawab.
Mulane sakjege Naila kuliyah, aku mapakna awakku kayadene kakange
Naila. Apa sing dibutuhna, yen dheweke ngebel aku mara. Utawa Naila dhewe mara
nang omahku njaluk warah apa tah apa, lan iki sing taksenengi, dheweke gelem ngewangi
tandhang gawe omah. Yen pas mara, apa penggaweyan pawon gelem nyandhak,
mbalekna barang-barang sing ting slengkrah nang panggonane sakkawit, malahan
nyapu lan nata kamar yo pinter.
“Mas, yen bar maem langsung dikorahi.
Kersane gak numpuk akeh!”.
“Biyasane yo takkorahi, hla saiki
mbok sambangi?”, jawabku, lan keprungu guyune sing ngangeni.
Nganti sore iku,...
“Mas, saiki kancaku sakkosan ngerti
yen njenengan tunanganku”, Naila crita
karo ngadeg sandhing komputerku. “Aku malih rada gak bebas, diawat-awati kanca
sakkosan. Tapi arek-arek gak tak oleh wara-wara!”.
“Kok iso?”, aku ngomong angger wae,
karo nutugna ngetik.
“Ibuk se crita neng ibuk kos. Jarene
titip-titip, nek onok apa-apa kon ngabari Pak Panca, guru SMU, kuwi tunangane Naila”.
“Rak kowe malih isin?”.
“Mboten,...mek malih gak iso pedekate...”, Naila ngomong
terang-terangan.
“Karo sapa?. Aku gak cemburu blas!”.
“Karo...?...erhaes. aku guyon, kok. Yen tenan artine pareng, se?”, Naila nguber
takon.”Njenengan dhewe lho gak cinta
nang aku!”.Pleg!. Koyok onok sing nampeg dadaku. Naila,...onok-onok ae!.
“Mbenjing bayarna SPPku, Mas...”, akhire Naila
ngomong liya. Naila iki pancen gak iso tah gak gelem ngurusi urusan thethek
bengek samubarang sing onok hubungane karo administrasi, emoh ribet jarene .
Sakwise kuwi takrasakna Naila malih
arang-arang ngomong yen pas mara. Malah saiki luwih sering dheweke mara karo
kancane sakkosan. Yo wis tak mbarna ngono wae, apa maneh neng perumahan kene
aku yo mbukak kamar loro takkosna, dadine dha kerep ngobrol karo cah kos
nggenku tinimbang karo aku.
Nanging dina-dina iki aku kok mangkel
nyang Naila. Taktelpon gak diangkat, tak sms gakdibales. Biyasane yen mung
kabar kinabaran, lancar-lancar wae. Taksambangi wae lah,...
“Mas, Naila mpun bubuk”, Erika
kancane methuki aku maneh sakwise mlebu nyeluk Naila. “Oh,..”aku nyuwara. Mung
ngono...
“Mas, pinarak dhisik. Aku takcrita
sethithik”, Erika ngomong karo minarakna aku. Erika ngono adhike Pak Yuwono, kancaku ngajar. Mung Naila gak
ngerti.
“Aku gak manas-manasi, koyoke Naila
lagi kesengsem karo kanca nunggal kuliyah. Mung seneng sepihak, kok. Wong Naila
yo nyadari yen dheweke wis tunangan” Erika crita runtut.
“Ojok nyalahne Naila, Mas. Pancen
umur sak-aku lan Naila rak umur seneng-senenge kekancan. Dheweke kepingin nduwe
kanca spesial sing gaul lan enerjik.
Yen Mas Panca rak kalem lan kebapakan”, lambene ngecipris.
Aku paham. Luwih saka ngerti.Naila
wis mlambangi. Nanging onok rasa semedhot neng njerone dada!.
“Mas, saged mriki, tah?”, awane Naila
nelpon. Sakwise ngirim pirang-pirang sms gak takbales. Wegah , penggaweyan
sakndayak, kok!. Lan...aku kok iso mangkel krungu Naila kesengsem someone?.
Eh, apa aku saiki cemburu? . Aku njawab,” “Aku gak iso, La. Iki lagi repot
ngurusi kurikulum anyar!”. Mreneya, wae piye?”.
Aku banjur nutugna nggarap tugas saka
sekolahan karo kanca-kanca nunggal guru. Let dhiluk taksawang Naila teka karo
numpak sepeda pancale. Takjarna wae. Biyasane dheweke terus mlebu ruwang
tengah. Kanca-kanca gak nggatekna pancen kabeh ngerti yen kosanku papan jujugan
arek kuliyah.
Mentas olehku nggarap tugas,
kanca-kanca takjak mangan neng cafe ngarep perumahan. Aku sengaja gak nginguk
Naila, salahe maubengi taksambang gak methuki. Njajal piye dadine mengko?.
Nanging aku rada gela nalika aku
weruh Naila mancal mulih ngliwati cafe. Taksawang dheweke nglirik ae nang njero
kafe. Mesthine weruh sepedahku!. Arep menggak yo piye, wong kanca-kanca gak
ngerti yen aku wis ...
“Pak, dipadosi...?”, Eko ngomong gak
tutug, Aku wis njawab,”Aku wis ngerti!”. Sakbare kuwi aku cepet-cepet mulih lan
ganti klambi kasual lan nganggo clana
jeans. Pisan iki aku taktampil koyok sing dipengini Naila. Kawit kenal neng
mripate rumangsane aku mung tampil resmi wae. Koyok bapak-bapak?...belum tau dia!. Pancen Naila rung nate
takjak dolan, piye arep ngejak wong Naila wis masang peraturan koyok ngono?.
“Mas, Naila tas wangsul, kawit numpak
lyn. Sesuk arep mbolos kuliyah!”, Erika nampani tekaku. “Mas, iki mau Naila
kawit ngerti yen sing disenengi tibake seneng neng wong liya!”, Erika
bisik-bisik. “Cepetan diuber, Mas!”.
“Suwun, ya. Eh, sapa iku? Pacarmu
tah?”.
Erika manthuk ngiyani sajak isin. Aku
rumangsa seneng Naila nduwe kanca sing apik koyok dheweke. Paling ora aku iso
ngerteni isi atine Nailaku!.
Ora koyok biyasane temenanan. Aku
kangen eram nang Naila. Kangen aloke sing nggemesi lan manja. Kangen tunanganku
sing kepingin nduwe pacar gaul lan enerjik. Hehehe...
Sepeda tak jos nang terminal.
Milang-miling bis, hla kae naila wis nyedhak bis sing tumuju kuthane.
Pas sikile arep munggah, aku ngomong
“Lala,...aku yo arep mulih. Nglimput bareng sajake kepenak!. Sepedah montoran
wae, yo...aku nggawa helm loro!”. Taksawang mripate Naila kembeng luh.
Aku
nyandhak tase lan takgeret tangane. Naila manut.
Nalikane takgonceng sirahe nyendhe
gegerku. Tangane takranggeh ben nyabuk rapet karo taktahani nganggo tangan
kiwaku. “Nyetir tangan karo, Mas. Bahaya yen mung tangan siji!”, aloke.”Pokok
janji gak ucul maneh!”, semaurku. Gak oleh ucul atine lan ucul mulih dhewe
maneh!, batinku.
Naila ambegan dawa bolak-balik krasa
neng gegerku. Ora takon apa-apa. Batinku nggraita, apa mulihe arep matur yen
tunangane diwurungna wae? Apa arep matur yen dheweke kepingin bebas dhisik?..
“Penake takjak mampir mangan wae , mbokmenawa aku iso ngerti apa karepe kok
mulih ndadak?”, batinku aweh solusi
terakhir.
Sepedahku tak enggokna neng sawijining rumah
makan terapung. Kawit iki aku metu sakloron karo Naila sakwise tunangan mataun-taun!.
Karo mlaku mlebu rumah makan, Naila
nyetitekna aku. “Apa, nggumun, ya?.
Umurku jik pitulikur, durung tuwek temenanan!”, alokku karo nyendhul sirahe
sing kamitenggenengen nyawang aku, bener yen dheweke sajak terpesona nyawang
aku.
“Mulane tah, sing kerep merhatekna aku, aku
gak kalah se karo kanca-kancamu...?”, bacutku karo mesem, banjur tangane dakgandheng
mlebu. Ealah, Naila kok yo ngglendhot sajak sayang eram nang aku.
“Mas,...”.
“Apa...?”.
“janjian,nggih?. Gak pareng seneng
wong liya nganti suk nikahan!”, Naila ngomong sakwise lungguh lesehan.
“Sapa sing nyenengi wong liya, aku
tah kowe?”, aku semaur cepet karo ndingkluk nyawang menu, Naila dhewe durung pesen menu. Iki artine Naila ngejak
ngomong serius. Banjur aku ngomong apa sing sekirane dipengini dheweke...
“Aku penak-penakan, kok La. Demokratis wae, yen sakdurunge nikah kok
kowe milih wong liya, aku yo legawa. Pokoke sakdurunge janur mlengkung, kowe
sik takwenehi kebebasan milang-miling”, mripatku manther nyawang dheweke. Naila mlenggong
nyawang aku.
“Tapi iku uga berlaku kanggo aku, piye...setuju?”.
Naila gedheg sakpol-pole. “Aku emoh,
Mas. Gak oleh!”, cepet walese. Hlo tibake Naila?...
“Emoh?. Temen?...nek ngono saiki uga
aku arep sowan ibuk bapakmu ben digolekna dina apik. Aku wis gak betah urip
adoh-adohan, padahal kowe, tunanganku, onok sacedhakku. Piye?”. Kewetu isine
atiku. Tangane takranggeh takregem kenceng. Nailaku sajake wis netepna pilihane. Aku
uga!!.
Cuthel
Ingkang ngintun:
-
Dhienny S.N. -
Eni Siti Nurhayati
d.a. MIN Rejoso Peterongan Jombang (61481)
Rekening Bank Jatim Cabang Jombang
a.n. Eni Siti Nurhayati no. 0112986189
Tidak ada komentar:
Posting Komentar