Nalika Atiku Munting
Nglakoni urip koyok ilining banyu,
pancen enak kepenak. Ra usah usaha nemen-nemen. Ra perlu ngaya-ngaya. Wayahe
kenceng, wayahe menggok, wayahe munggah, wayahe mudhun, manut...wae. ora wedi
resiko. Anaa coba thithik –thithik, kuwi wis wajar lan lumrah. Aman lan nyaman.
Ya ngene iki uripku sakdurunge ndonyaku munting.
Munting lan malih. Ora saka tata
lairku, nanging diwiwiti saka njero atiku. ati sing seprana-seprene turu
angler, ora nate takjak rundingan, saiki atiku senengane gemronjal nakal, gak
kenek diaruhi-aruhi. Duh, piye iki?
Uripku normal wae mulai cilik nganti
gedhe. Nalikane aku mlebu kuliyah aku ditunangna karo salah sijine putra
kancane ibuk, aku yo monat-manut wae. Ibukku rak nduwe uni, yen salah sijine
putrane kepingin digathukna karo putrane kanca rakete nalika SPG mbiyen.
Mbakyuku karo gak onok sing cocok lan gelem. Tiba aku, aku yo mung enggih, ngono
wae. Wong pancen aku sing dicap sedulur-sedulurku “manusia tanpa keinginan”., temenan gak nduwe eguh utawa nolak.
“La, digoleki Mas Panca kae lho?”,
Erika ngomong liwat cendela kamar kosanku. Yo Mas Panca iki tunanganku. Pak
guru sing ndilalahe panggonane ngajar cedhak karo kampusku. “Omonga, aku wis
turu!”, sautku karo nggathukna tanganku loro.”Please...!”. takrungu Erika nggremeng karo mlaku ngedoh.
Yo Mas Panca iki sing ngupek ngurusi
kuliyahku mulai kawitan mlebu, daftar ulang nggolek kosan lan sakpanunggalane.
Open lan gemati. Aku dhewe kulina diurusi ibuk lan mbakyu-mbakyuku, dadine
sembarang trima beres. Mung Mas Panca rumangsaku tumanggepe koyok kakang nang
adhike. Boring, ya?
Dinane iki aku pancen ngalami perang
batin sing gak tau takalami. Aku hlo seneng karo kanca kuliyahku dhewe. Wisnu,
kancaku sing lincah, energik, supel lan gaul. Ngerti apa wae karepku saklumrahe
cah enom. Kabeh kanca sakkosan ngerti. Pancen aku gak isa ngempet nggo crita.
Lan kabeh uga mahami nang problemaku.
Rasa seneng nang Wisnu mbuh kok
menthungul ngono wae nalika mulai mlebu semester telu. Ketua tingkatku iki
taksawang pancen jian hebat!. Ngoordinir
samubarang kalir cukat trengginas. Kegiyatan apa wae yen dikomandoi Wisnu
mesthi beres!.
“Ngomonga nang Mas Pancamu apa anane.
Ojok bolak-balik gak gelem methuki. Sak-aken!”, Siwi kanca sakkamarku
ngandhani. Batinku, yo bener apa kandhane. Bengi iki kanca sakkosan ngumpul
neng kamarku. Rundingan!.
“Ambekno ta lah, wis nduwe tunangan
kok yo main api”,Erika nrambul omong. Dheweke iki sing paling gak seneng aku
mendua, tapi uga sing paling gelem
nglakoni abaku.
“Wisnu wis ngerti ta yen kowe seneng
dheweke?”, Fatim metu swarane.
“Yo durung, saiki Lala jik nglukpukna
kuwanenane!”, Siwi ngomong maneh.
Mas Panca yen katandhingake karo
Wisnu pancen beda banget. Mas Panca kalem, kebapakan, lembut, lan gak pati
ngomong. Dene Wisnu ...wah...gaul men!.
Kuliyah jam pertama aku gak iso
konsen. Wisnu sing lungguh sandhingku, bolak balik nyawang. “Ngapa ta, La kok
usreg ae?”. Aku ambegan gedhe. Munting temenanan aku saiki!. “Hei, suk emben
MAPALA kegiyatan maneh. Melu yuk, La?”, Wisnu ngomong lirih. Kegiatan cinta
alam pancen salah sijine kegiyatan sing nggathukna aku karo Wisnu. Padha
kasenengan, klop!. Aku gak semaur mung manthuk!.
“Mas, kula pengin ketemu?” akhire aku
ngebel Mas Panca. Swara ing kono sing biyasane langsung saguh, njawab “Aku gak
iso, La. Iki lagi repot ngurusi kurikulum anyar!”. Mreneya, wae piye?”. Aku gak
semaur. Dungaren, biyasane yen taktelpon langsung njebus. Saiki ?.
Krana pengin ngudhari pikir, aku
mancal nang omahe Mas Panca. Mas Panca manggon ing perumahan sakcedhake kampus,
karo nampa kos-kosan. Sapa sing kos?.Mesthi wae sing ngekos cah lanang!.
Nalikane aku teka, ing ruwang tamune
tibake rame akeh dayoh. Aku mlebu liwat iringan. Wiih, takinceng teka kaca
sidhatan dhayohe wedok loro lanang siji . Guru-guru saiki enom-enom lan ayu-ayu. Jagongan rame. Aku
mbalik metu saka njero omah lan lungguh neng kursi njaba karo nyawang kamar
loro neng iringan sing dikosna. Swara saka ruwang tamu jik keprungu ka nggone
lungguhku.
“Pak, neng kene dhewekan, ndang golek
nyonyah ta?”.
“Durung payu!”, semaure Mas Panca.
“Takgolekna piye, iki Bu Diyah rak
jik dhewekan”.
“Piye, Pak. Aku yo setuju!”, swarane
wong lanang semaur. Atiku kok njur tab..tab..
“Wis lah. Ayo nggarap. Bab iku kenek
dibahas sesuk maneh!”, Mas Panca nengahi.
“Temen, Pak. Selak kedisikan wong
liya, lho?”, swarane wong wadon mau keprungu maneh. Mbuh, kok atiku dadi panas.
Let sedhela, kanca-kancane Mas Panca
dha mulih. Aku eguh gak ndang mlebu. Nanging nganti suwiii, kok yo gak methuk
aku? Mesthine rak yo wis ngerti yen aku mara, wong sepedahku tak jagang neng
ngarepan. Akhire aku sing ngalahi mlebu.
Lho gak onok uwong?, tibake ruwang
tamu kosong mlompong. Atiku kebrongot. Kawit iki aku ngrasakna rumangsa gak
diuwongna.
“Mbak Lala?, Pak Panca njenengan
tengga mawon. Sekedhap malih rak wangsul. Biyasane tamune dijak maem teng
ngajeng mrika lho?”, ana Eko teka, adhik tingkatku sing kos neng kene.
“Nggak wis, suwun. Aku selak onok
perlu liyane!”, aku semaur karo cepet-cepet mancal sepedah.
Aku nglirik neng cafe ngarepe perumahan. Tibake bener kandhane Eko, hla kuwi Supra
X-e Mas Panca neng parkiran. Aku titen tulisan N41L4 KU.
Atiku malah munting gak karu-karuwan.
Piye iki? Aku gak ngerti apa sing takrasakna. Mas Panca sing sakkawit taksenengi
merga pancen tunanganku saiki kok aku sajak...eh mosok aku rumangsa cemburu?.
Aku gak nate mikirna yen Mas Panca yo iso ngliya. Ngelingi wong atiku dhewe iso nglukis wewayangan seje,
iku artine Mas Panca?...aku gedheg-gedheg!.
Wisnu wis njenggreng neng ngarep
kosan jagongan karo Erika. “La, aku yo melu munggah gunung. Iki aku wis daftar
neng Wisnu?”, Erika ngomongi aku. Aku mung manthuk karo mlebu.
“La,...aku pengin ngomong!. Mrene sik
ta?” Wisnu nyeluk, aku mbalik.
“Taktukokna es oyen, ya?”Erika banjur
metu.
Wisnu ngematno Erika nganti gak ketok
mripat maneh. “Ngene, lho La. Kowe rak kanca kenthelku sakjege mlebu kuliyah.
aku njaluk tulung iso gak?”.
“Njaluk tulung apa?”takonku goreh.
“Aku wis ngesir Erika mulai kawitan
mlebu. Nanging aku gak wani ngomong seprene. Piye miturut pendapatmu?”.
Dhuuooorrrr!. Atiku saksisih mbledhos. Tibake Wisnu sing daksenengi
meneng-menengan nyenengi Erika. Piye iki?.
“Ngomongo dhewe, Nu. Sing jantan ta lah!”, akhire kewetu swaraku.
Erika wis teka karo nggawa es. Erika dakgepuk pundhake, “Ombenen karo Wisnu ae.
Aku wis mari ngombe neng omahe Mas Panca?”. Aku ngethipi Erika.
Aku ambegan landhung. Aku takmulih
wae, pikiranku semrawut. Sesuk Jumat, tak mbolos sedina. Gak pa pa,
pisan-pisan...
Kawit lynku mlebu terminal, onok
panggilan mlebu. Erika. “He, nda...tibake...Wisnu?...piye
iki? Kowe gak pa pa tah?”.
“Yo gak pa pa, ta lah. Wong aku rak
wis nduwe dhewe”. Takkuwatna ngomongku karo mbrebes mili.
“Yo wis, sugeng tindhak. Salam kanggo
Mas Panca!”. mbokmenawa batine Erika aku mulih karo Mas Panca. Padahal...
Bar mbrebes mili, rasane atiku mbuh
kok mara-mara plong ngono wae. Aku sing saksuwene iki gak isa mbiji piye
tresnaku nang Mas Panca, aku kawit nyadhari saiki sakwise ana godha.
Aku cepet-cepet nggoleki bis sing
ngliwati kuthaku. Hla iki..., mara-mara tanganku onok sing mbateg saka kiwa.
“Lala,...aku yo arep mulih. Nglimput bareng sajake kepenak!”, Mas Panca wis
neng sandhingku. “Sepedah montoran wae, yo...aku nggawa helm loro!”.
Aku nggeget lambe. Mripatku panas.
Mas Panca nyandhak tasku lan nggeret tanganku. Aku manut.
Nalikane digonceng sirahku nyendhe
gegere. Tanganku diranggeh dikon nyabuk rapet karo ditahani tangan kiwane Mas
Panca. “Nyetir tangan karo, Mas. Bahaya!”, alokku.”Pokok janji gak ucul
maneh!”, semaure Mas Panca.
Aku ngeculna ambegan dawa
bolak-balik. Aku gak kepingin ngerti piye critane kok Mas Panca weruh aku
mulih.
Tanpa takngerteni aku sliyut ngantuk, lan
sepedahe wis dienggokna neng sawijining rumah makan terapung.
Karo mlaku mlebu, aku nyetitekna Mas Panca. Gayane gaul banget.
“Apa, nggumun, ya?. Umurku jik pitulikur, durung tuwek temenanan!”, aloke Mas Panca
karo nyendhul sirahku sing kamitenggenengen nyawang dheweke. “Mulane tah, sing
kerep merhatekna aku, aku gak kalah se karo kanca-kancamu...?”, banjur tanganku
digandheng mlebu. Jan koyok pacaran neng film-film ngono kae. Romantis..., cie...
“Mas,...”.
“Apa...?”.
“janjian,nggih?. Gak pareng seneng
wong liya nganti suk nikahan!”, aku ngomong ngelingi pangrasa cemburuku awan
mau. Mas Panca nyawang aku sajak gak percaya.
“Sapa sing nyenengi wong liya, aku
tah sampeyan?”, Mas Panca semaur cepet karo ndingkluk nyawang menu. Banjur ngomong maneh..., nyawang
aku...
“Aku penak-penakan, kok La. Demokratis wae, yen sakdurunge nikah kok
sampeyan milih wong liya, aku yo legawa. Pokoke sakdurunge janur mlengkung,
sampeyan sik takwenehi kebebasan milang-miling”, mripate Mas Panca manther nyawang nunjem atiku.
“Tapi iku uga berlaku kanggo aku, piye...setuju?”.
Aku gedheg sakpol-pole. “Aku emoh,
Mas. Gak oleh!”, cepet walesku.
“Emoh?. Temen?...nek ngono saiki uga
aku arep sowan ibuk bapakmu ben digolekna dina apik. Aku wis gak betah urip
adoh-adohan padahal sampeyan, tunanganku, onok sacedhakku. Piye?”. Tangane Mas
Panca ngranggeh tanganku, ngregem kenceng. Saknalika atiku mbalik adhem. Mantep gak
munting maneh. Atiku wis netepna pilihane.
Ngetutna iline banyu tibake yo kudu
istingarah ngati-ati. Nduwe gondhelan kemantepan ati kang tetep bakuh lan
kukuh. Ben gak kenek ombake banyu sing sakwayah-wayah teka, koyok sing wis
takalami.
Cuthel
Ingkang ngintun:
Eni Siti Nurhayati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar