Pandu ‘Genthong’Prapancaku
Aku jengkel ora karuwan. Rumangsaku
jenengku sing unik, antik, lan klasik iki ora mungkin ana sing ngembari, hla
kok?. Jenengku Cahyaning Puspita Prapanca. Ngendikane ayah, jeneng keluwarga
Prapanca iki ora ana sing ngembari masiyo wong sakndonya. Mbokmenawa wae ayahku
ijik keturunane Empu Prapanca?. Mbuh yo, rung tau daktlesihna. Tapi dina iki
mau kebanggaanku kabur katut
samirana. Pokoke ayah mengko sore mesthi daksidang!. Ayah ngapusi!.
Esuk mau wayahe
jam pertama, sakwise ndonga ,Bu Asni, wali kelasku mlebu karo dibarengi bocah
lanang. Biyasa, murid pindahan koyoke.
“Cah, dina
iki sampeyan kudhu rumangsa seneng, amarga kelas XIC, ketambahan warga anyar. Nduwe
bakat ing seni pedalangan, coba, kenalan dhewe...”, Bu Asni ngongkon bocah mau
kenalan.
“Jenengku
Gilang Prapanca. Celuk wae Panca. Hobiku...”, keprungu swara rame banget.
Kanca-kanca heboh!. Diana njawil aku, “Caca, kae lho rungokna, jenenge cah
anyar kembar karo jenengmu!”. Aku mlengak, tibake kanca sakkelas padha nyawang
aku. “Kembar apane?”, aku takon. “Jenenge lho..., Ca...ana Prapancane kaya
jenengmu sing jaremu ‘satu-satunya’ ing jagad kutha Jombang kene?”, Diana
miterangna. Aku ndomblong, mosok ta?, batinku.
“Wis , saiki Panca lungguh ing bangku
mburine Caca”, Bu Asni mungkasi acara kenalan esuk iki mau.
Hahaha ...kanca-kancaku dha ngguyu
kabeh. Aku kawit dhong. Dadine bocah kuwi bener jenenge ana Prapancane, kaya
jenengku?. Huhhhh!. Pas ngliwati
bangkuku bocah anyar kuwi ,rumangsaku, mandheg sedhiluk terus mandeng aku tanpa
kedhep. Aku mung genti nyawang saktleraman. Bocahe kuru dhuwur, irunge mbangir,
ireng manis. Biyasa. Mung mripate blalak-blalak amba, kaya mripate...?. Panca
ngebrukna tase ing bangku mburiku kaya diuncalna. Muring tah jengkel ?, aku no reken.
Diana olehe histeris, “Aduh, Ca...delengen kuwi mau...nyawang aku tah kowe,
ya?”.
“Panca, Caca kuwi jenenge Cahyaning Puspita
Prapanca. Jik dulurmu be’e utawa ayah tah mbahmu ana sing jenenge Prapanca?”,
swarane Diana dibanterna.
“Aku ora nduwe dulur ing kutha kene
kok, kok...malah ayah karo eyangku uga ora ana Prapancane?”, semaure Panca uga
banter. “Wah, jenengku ana sing nduplikat
yen ngono?”.
“He,..sing nduplikat iku kowe. Wong
wis genah sing mlebu kene dhisik iki aku, ambekna ta lah...jeneng kok
madha-madha, nggarai keki wae”, aku
semaur sengol, karo noleh saka bangkuku, bocah sing jenenge Panca kuwi
dakpencerengi, eh, hla kok dheweke mung mesem .
“Caca kuwi wis nduwe pacar, Panca. Ojo
ngganggu lho?. Kancane SD, ning wis meh sepuluh taun ra ketemu. Mulane galak
kaya macan ...”, Diana ngoceh maneh. Aku wis ora maelu. Aku ngeling-eling
Pandu, kanca sanggarku sing pindah nang kutha liya nalikane aku kelas telu.
..........
Pandu lan aku kuwi padha-padha muride
mbah kakungku, ing Sanggar Prapanca, sing nganaake kegiyatan latihan karawitan
lan pedhalangan. aku latihan karawitan, dene Pandu latihan ndalang. Pandu bocahe
lemu gindhal-gindhul, kacamatane kandhel min telu ngiwa nengen, putrane Tante
Eka, kancane Bulikku.
Aku bocahe meneng, kancaku mung
Pandu, yen aku digodha kanca-kanca mesthi nulungi. Yen aku nangis, mesthi
mripate dikero-kero nganti aku ngguyu maneh. Nate dheweke gelut nganti
kacamatane pecah amarga aku diilokake Bagas. Pandu masthi nesu, wong Bagas
ngomong ngene,”Caca balane genthong gak iso ndelok, balane genthong gak iso
ndelok”. Coba, sapa cahe sing ra ngamuk dipadaake genthong?.
Nalika kerjane ayahe Pandu sing dadi
tentara pindah , sekolahe Pandu uga pindah. Lan sakdurunge pindah, Pandu menehi
surat sing nganti seprene daknggo pangeling-eling dheweke. Unine mung ngene ”Caca, ojok lali aku, ya? PANDU”...ditulis
ing kertas saksuwek....
......
Nalika ayah rawuh, langsung dakbombardir pitakonan. Ayah mung mesem
ngguyu ngrungoake. “Ayah wis maca sms-e Mbak Caca, pancen ndonya isine tambah
akeh, ana sing padha jenenge rak yo ora pa pa?”. Huh, jebule mung ngono kuwi
penjelasane.
“Jeneng pasaran”, alokku gela karo
mlaku nuju kamarku. Ayah keprungu ngguyu banter.
Dina-dina iki aku sengkud latihan
karawitan, arep ditampilake ing aula kabupaten Minggu ngarep, nyambut rawuhe
Bapak Menteri sing ngresmeake Pekan Budaya. Sakliyane latihan ing sekolahan, aku
uga latihan ing daleme simbah.
Apa maneh tanggal abang ngene iki,
aku latihan neng sanggar mulai esuk, ngiras-ngirus sambang sakluwarga.
Kawitan teka aku mesthi nginguk
panggonane Mbah kakung nglatih ndalang anyaran. Biyasa, mung ana bocah telu
utawa papat ing kono. Aku ketarik nyawang bocah lanang sing ibut nata wayang
ing pojokan.
“He, ...?” aku saknalika mingkem,
wong bocah kuwi Panca. Kanca anyar ing kelas. Panca saknalika noleh. Nanging
mung sedhela, terus ibut nata wayang maneh. “Kok ing kene? Ana apa?”. Panca
mung meneng. Aku nutugna ngomong dhewe ,“Oh, paling arep melu latihan ndalang,
jare Diana Panca uga seneng ndalang...”.
Aku cepet-cepet metu nggoleki Bulik.
Bulik tibake lagi ana tamu. Jagongan
gayeng ing teras. Aku nyalami Bulik karo dhayohe. Kaya-kaya aku ngerti tamune
Bulik. Sapa, ya?
“Mbak Caca, sik eling ta, iki Tante
Eka, alhamdulillah wis pulkam ing
Jombang maneh”, bulik ngendikan.
Aku njomblak. Tante Eka ibuke Pandu?.
“Pandu, pundi Tante?”, takonku gita-gita.
“Lho, durung ketemu, ta? Pandu
dakpindah sekolahe ing SMUmu,... wadhuh, Mbak Caca tambah ayu...?”, ujare Tante
Eka ngelem aku.
“Oh, mbok menawa ora sakkelas karo
sampeyan, Mbak?”.”Iki mau yo nderek aku, kok, Mbak?, durung ketemu uga?”, Tante
Eka mbacutna olehe ngendika.
“Lho, wau kula namung kepethuk Panca,
kanca enggal teng kelas”, semaurku.
“Hla yo Pandu, jenenge pepak rak Gilang Pandu Prapanca. Pandu biyasane dicekak
P ngono thok. Pandu, kancamu mbiyen pancen sakwise pisah karo kowe mbiyen emoh
diceluk Pandu, sing oleh nyebut Pandu mung Caca thok”, Tante Eka njelasna karo
kethip-kethip nang Bulik.
“Mboten, ah. Pandu kok malih
sanget?”, aku mbantah.
“Lho, mosok?,malih, ta?
hehehe...mbiyen lemu, gindhal-gindhul, kacamatane kandhel...?”, Tante Eka karo
Bulik ngguyu lekeh-lekeh. “Wis, Ca. Golekana dhisik, latihane mengko wae, ya?”,
Bulik mungkasi guneman karo aku. Panca kuwi Pandu?, mulane wingi kok mandeng aku ing kelas? Banjur iki mau?...ah,
aku ijik ora percaya!.
Aku cepetan mlayu metu maneh, nginguk
panggonane Panca nata wayang. Ora ana. Aku milang-miling ngalor ngidul, panggah
ora ketemu. “Nang endi, ta kowe Panca eh Pandu?”.
Dumadakan keprungu swara ulem ndalang
saka parane pakeliran wayang ing joglo
tengah, kinupeng pengrawite simbah. Antawacanane terang trawaca, pas. Enak
dirungoake. Kuwi ...swarane Pancaku eh Panduku!!.Ayah, Paklik Ragil, Mbah
Kakung, mbuh jik akeh maneh pawongan dha ngematno Pandu olehe ndalang.
Njinggleng nganti setengah jam
anggonku nunggoni, kanthi mbrebes mili. Owalah Pandu, Pandu,...kok iso aku ora
ngenali awakmu? Getunku ora karu-karuwan.
“Piye, Ca? Swaraku wis pas apa
durung, enak ora? Cocok tah ora aku dadi dalang?”, iki swarane Panca. Panca,
Panca, Pandu. Aku noleh, lan nutugna tangisku. Pandu nuli lungguh sandhingku
karo ngusapi eluhku. Banjur dakgegem tangane kenceng. Emoh uwal maneh. “Kapan-kapan
join yuk, Ca...ngendikane Eyang,
swaramu berkelas lho, wis pantes ngamping dalang senior?”.
Pandu nuli crita..., ing Sumatra,
Pandu tekad emoh diceluk ‘genthong gak iso ndelok’ yen mengkone bali nang Jawa,
mulane dheweke melu maneka warna olahraga, utamane karate. Ndilalahe kersane
Gusti alloh, mripate yo wis waras, kari min setengah. Wis ora nganggo kacamata
maneh, mung yen maca jik nganggo kacamata.
“Kowe saiki rak ora isin ta,
genthongmu wis pecah dadi Janaka?”, Pandu mbeda aku. “Bah genthong, bah Janaka
pokoke aku seneng Pandu thok, liya ora!”, sautku lirih.
Pandu mesem karo ngomong,“Kowe pancen, Cacaku. Ora ana sing
malih, aku hlo langsung iso tenger ngendi Cacaku ing kelas wingi!”.
“Jenengku ana Prapancane kuwi amarga
wongtuwaku ngefan karo Mbah kakungmu,
isih muring kaya wingi?”. Aku gedheg-gedheg. “Ora, Pandu!”, batinku.
“Isih iso ngero mripate?”, takonku.
“Yo isih, coba delengen!”.
Lambeku mecucu seneng.
....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar