Halaman

Translate

Sabtu, 07 Juni 2014

Kejiret Tembang Lawas, dimuat di Jaya baya No. 39 Minggu IV Mei 2014



Kejiret Tembang Lawas
Genjrang – genjreng, genjrang – genjreng mbribegi kuping. Rumangsaku cah-cah kos-kosan mburi kuwi pancen kurang penggaweyan. Hla mosok wis bengi sakyahmene, jik asyik dha gitaran.Jam sepuluh bengi, bayangno?.mulaine biyasane bar Isya’.
Pancen nasibku, ngekos manggon pojok mburi sing watesan tembok karo kos-kosan liya. Kos-kosanku madhep ngalor, kos-kosan kuwi ngadhep ngidul. Jane ya wis rong taun olehku ngekos, nanging semester iki rumangsaku gitarane saya sregep, mben bengi malah. Kos-kosane cah-cah lanang mburi, jarene akeh sing jurusan seni, kuwi info saka Nurmala sing kose saembong karo kos-kosan mburiku. Yen ramene kaya ngene, Sing dadi korban yo kupinge tanggane. Terutama, aku!. Padahal Senin ngarep wis wayahe UAS. Wihh,…ora kaop mahasiswi pinter koyok aku, sing sinau ngenteni ujian. Hehehe…
Yen Mamik, kanca sakkamarku mesthi kupinge dipasangi headset, aman. Sirahe gela-gelo karo sinau sinambi ngrungoake lagu saka hp. Ning mosok yo’o kuping disubel alat terus, wah, yo rumangsaku. Mangkane gelem gak gelem akhire aku yo sinau karo ngrungoake swarane gitar Genjrang – genjreng kuwi mau.
Nanging, aduh…saiki kok swarane gitarane sajak malih melo. Ganti ana sing nyanyeake lagu  jadul. Aku brandhangan metu ka kamar ngematna. “Mawar berduri, cukup sekali…”. Swarane sing nyanyi ulem sisan.
“Alah, mben mbengi ngomplain swarane gitaran kos-kosane tangga, kok saiki ‘begitu’ ? mangkane ta lah dadi uwong iku yen membenci jangan terlalu, ..?”, swarane Mamik sing kaya bledheg ngagetake aku. Aku ora ngerti yen Mamik yo wis mari olehe sinau.
“Kadingaren, yo, kok lagune kepenak dirungokna!”, semaurku.
“Hla pancen seleramu lagu slow, lagu lawas-lawas sisan, dadine kepenak. Sembarang ki yen nyocoki yo kepenak. Mangkane ta lah ojok nggrundel wae,…wis aku arep turu dhisik, sugeng menikmati…!”, semaure Mamik karo mlebu maneh terus mapan turu.
Yen nitik swarane jelas dudu wong sepuh sing nyanyi. Sakpocapan malah kaya swarane Ubay, finalis Indonesian idol saka Semarang. Hehehe…, ora ngecap pancen uueenak tenan swara ing walike tembok kuwi mau.
Esuke, aku mlaku-mlaku karo kanca nunggal kos ngliwati gang mburi. Walah, pancen wong kutha, sakyahmene, jam lima esuk sik sepi. Durung ana lawang menga. Umume kos-kosan ing kene nyandhing karo sing duwe omah. Lumayan yo omah cedhak kampus, akeh income saka usaha mbukak kos-kosan. Kontrakan uga ana, ning ing gang liya.Mendahneya neng kampungku, ngontrakna omah apik wae ora payu, soale kabeh dha nduwe omah dhewe-dhewe.
Pener mburine kosanku aku clingukan. Kok aku ngerti yen omah cet ijo iki sing kenceng kosanku?. Gampang, soale memehane kosanku ing ndhuwur, lantai loro. dadine katon saka gang liya. Wadhuh, saka kadohan memehane berkibar-kibar, katon separo. Sing separo ketutupan wit pelem sing gedhe. Mlaku-mlaku ngiras-ngirus nggolek bahane praktik. Jurusanku rak biologi, hla mene aku arep praktik jenis-jenise kembang.taksawang pancen omah iki sing paling edhum lan kebak tanduran kembang, lan uga ana tulisan gedhe ing latare omah “CATERING JATMIKO”.
“Ngapa, Mbak kok clingukan?...arep ana perlu tah?”, ora sadar ing ngarepku wis ana mas-mas  nyurung gerobak sampah. Mesthine iki sampahe usaha catering, yo?. Mas-mas kuwi nggawe topi cekuthuk mlesek menjero. Kanca-kancaku wis lumaku radha adoh ing ngarepku.batinku iki mesthi tukang kebone omah iki.
“Anu, kula pareng napa mboten  nyuwun kembang Bougenville ingkang ungu niku?, badhe kula damel bahan praktik teng kampus”.
“Pareng wae, malah gelem ora saumpama dakpethikna sing abang lan putih sisan, nanging jupuken engko awan wae, saiki aku sik repot ?”, semaure si Mas kuwi karo arep mulai nyurung gerobake.
‘Oh, enggih sembah nuwun. Kalih tanglet,…pareng mboten?”. alise munggah karo, “Takon apa, ra sah basa Mbak?”
“Mboten, namung heran mawon. Ing kene yen bengi swarane rame kok yen esuk sepi temenan?”, semaurku mulai campur ngoko. Biyasane uga sing nyurung gerobak iki wonge tuwek, kok ganti?, ning pitakon sing keri mung dakpendhem jroning ati.
“Ya mesthi ta lah, Mbak. Sik dha turu…, wong Minggu”, ujare si Mas kuwi. dasare aku iki ora iso nahan isine ati, aku takon maneh,”Mas, sing gitaran nyanyi lagu lawas-lawas mau bengi kuwi sapa, ta? Enak men swarane”.
“Oh,  kuwi swarane Mas Jatmiko putrane pak kos kene, saiki rak dheweke njupuk cuti taunan, kerjane neng Bengkulu . wis rong taun ora tau sambang”. Mangkane kok sakjege ngekos ing kene, kawit mau bengi ana ‘nada lain’ sing dakrungokake. “Ngapa, seneng ta karo gitarane?”. Aku mung mesem.
“Mengko awan yen kula arep njupuk kembange, nyuwun teng sinten?”
“Jupuken wae nang satpame, matura mundhut kembang saking Mas Kukuh, ponakane omah kene”, sambunge karo mulai mlaku. Oh, ponakane, dakkira tukang kebun, hihihi…
 Daksawang kanca-kanca dha awe-awe ngongkon aku cepetan. “Mangga Mas Kukuh, kula daknguber kanca-kanca!”.
“Biyasa, mulai SKSD, ya?”, grenenge Mamik. “Mbok yen kenalan ki nyawang-nyawang, wong tukang nyurung gerobak sampah dikenal, Andini, Andini..!”, sambunge Asni. Kanca-kancaku dha ngguyu ngakak ngrameni embong.
 “He, nyawang uwong aja saka njabane thok, gak ilok lho?”, jawabku. Ndilalahe gerobak kuwi parane yo ngener mlakuku sakanca, muga wae ora krungu guneme Mamik karo Asni mau.”Minggir-minggir, idolane Andini arep liwat…!”, Mamik mbengok sora. “Ya Alloh, …pancen cah-cah ki …!”, batinku.
“Nek Andini se tahan banting ngadhepi sampah, wong bapake juragan barang bekas neng ndesa”, sambunge Mamik. Aku ora selak, pancen bapakku pengepul sampah ing ndesa. Malah merga kerja kuwi aku sakdulur iso ngangsu kawruh ing pawiyatan luhur. Ning aku mung meneng wae, Mamik kuwi kanca nunggal kampung karo aku, mulane ngerti sapa aku.
Nanging Mas Kukuh kuwi ora noleh ora piye terus wae ngludur nyurung gerobake menyang panggonane nglumpukna sampah ing TPS pojok gang.
Awane aku mbalik mrono saperlu njupuk kembang. Masya Alloh, kembange diparingi uakeh, ditata neng njerone tas. Ndilalahe mas Kukuh yo ana kono lagi jagongan karo satpame. Wih, yen ora nganggo topi mlesek tibake lumayan, hlo...mirip thithik-thithik Salman Khan, bintang filem India idolaku.
“Suwun nggih, Mas. Kalih nyuwun pangapunten wau enjing kanca-kanca kula…?”, aku durung mari ngomong wis disemauri.
 “Ora apa-apa. Pancen hobiku ora pantes dicedhaki wong wadon sing ayu-ayu kaya sampeyan ngene iki, eh mesthine sampeyan umure ngisorku, paring asma…eh, aku eling Andini?”
“Widih, hla kok malah ngelem aku”, batinku. Irungku menga mingkup.
“An, sampeyan kok seneng lagu-lagu lawas?”, Mas Kukuh bali takon.
“Enggihlah, wong saben esuk wayah jam setengah lima nganti jam enem,mulai aku isih cilik menu rutin ing omahku nyetel radio “Tembang kenangan” kaya acarane Gita FM yen ing Jombang kene . Dadine kaya ngapal neng kupingku”. Tapi pancen aku dhasare wonge lembut, ciee, yen krungu lagu lawas tur melo, aku mesthi kenyut.
Tibake Mas Kukuh iki uga nyenengi lagu lawas, malah jarene sing mbarengi Mas Jatmiko nyanyi ya dheweke. Gitaran bareng, ngono.mbuh ta lah ,aku seneng yen dheweke nyritakna lagu-lagune Mas Jatmiko, lagu lawas tur sedih. Owalah, kepingin pisan-pisan aku kepethuk Mas Jatmiko kuwi. nanging jare Mas Kukuh , Mas Jatmiko saiki lagi alergi ketemu wong wadon, jik trauma. amarga mari kelangan wong sing ditresnani taun kepungkur. Ditinggal kawin, jarene….
Wengi-wengi candhake, genjrang – genjrenge malih dominan lagu-lagu lawas. “Sepanjang jalan kenangan, kita slalu bergandeng tangan…”. Tiba lagu iki,batinku, “Wong pacare wis lunga kok yo jik dinyanyekna lagu kuwi…?”. aku melu mangkel mbayangake ana wong wadon nglarani atine wong lanang. Banjur ditutugna nganti pirang-pirang lagu maneh. Mben mari saklagu banjur dikeploki, kaya ana show wae!.
Esuke yen pas ketemu ing embong, aku mesthi ngoberna nggo jagongan karo Mas Kukuh, sinambi mbarengi olehe nyurung gerobak.
“Mau bengi lagu apa sing paling kepenak, An?”
“Enak kabeh, mung aku ora seneng yen Mas Jatmiko nyanyi lagu “Sepanjang jalan Kenangan”, wo wong bar putus cinta kok jik nyanyeake lagu kuwi!”, alokku sewot.
Mas Kukuh ngguyu kemekelen, wong sing putus karo pacare kuwi Mas Jatmiko, kok aku sing mangkel. Pancen lucu, ta?.
“Ngono kuwi durung jodho, An…jenenge?”, sauté Mas Kukuh.  Jagonganku mbanyu mili,malah karo jagongan ngalor ngidul bab sampah. Sethithik akeh aku yo pakar persampahan, marisi bakate bapakku.sapa nguyahi segara?. Mas Kukuh dhewe critane,lulusan sekolah pertanian, sing arep kerja ing Jombang kene, mulane nderek budhene. Pantes kok seneng tanduran. Buktine aku saiki diwenehi kembang. Ya ta?
Nganti rong minggu candhake, saksuwene wulan ujian, aku isih iso ketemu Mas Kukuh nyurung gerobake, yen dhong mlaku-mlaku karo kanca-kancaku. Sapa sinapa, masiyo karo dikoco-koco cah-cah aku ora maelu. Wong dheweke sakhobi karo aku, je. Yo seneng sampah, yo seneng kembang. Malah nate ping pindho aku diparingi pethikan kembang sing wite mari dibabadi. Nanging esuk iki pas aku ngliwati omah kuwi kok gerbange jik kancingan rapet?.
“Piye, An…pujaan hatimu kok ora menthungul?”, salin penggaweyan be’e?”, gojloke Mamik. Mbuh ya, kok kaya ana rasa kelangan ora ketemu Mas Kukuh. Kangen ngguyune yen lagi crita. “Kecian,…kawit kenal Arjuna sithok, ra ketang tukang sampah, eh…wis ditinggal?”, Mamik nggojloki aku maneh, karo ancang-ancang mlayu. Dakuber dheweke, awas yo…yen kecekel dak jiwit pol pokoke.
Kanca-kanca liyane dha keplok-keplok nyawang aku uber-uberan karo Mamik.nganti ora sadar, olehku mlayu meh ketubruk Avanza sing mlaku mlebu gang. Kacane dibukak, keprungu swara,”Andini?”. Lho, hla kok sirahe Mas Kukuh menthungul karo mesem. “Sorry, An. Aku ngeterna cateringe Budhe ing seminar esuk uput-uput , dadine aku durung sempat nyurung gerobak?,…nggoleki aku, ya?”. mbuh piye rupaku krungu ujare Mas Kukuh kaya ngono mau, apa maneh kanca-kanca dha ngrungokna. “Uh, ke ge-er en,?”, walesku karo mecucu. Mamik ngguyu nyekakak karo nggoceli wetenge. “Andini, Andini…wohe apel ceblok ora adoh saka wite, …seleramu cocok kanggo ngembangna bisnise bapakmu?”.
Bengi iki kabeh santai, pekan UAS wis rampung, remidi-remidi wis beres, tugas-tugas semester wis lunas kabeh. Kari ngetung dina nggo mulih preian. Bu Mahmud, ibu kosku gita-gita olehe nggoleki aku ing kamar.
“Mbak Andini, dipadosi Mas Bagus?”, “Kok tepang nggih?, padahal teng lingkungan mriki kawit seniyen Mas bagus mboten nate nyaba kos-kosan cewek!”.
Ora rumangsa kenal Mas Bagus, aku semaur entheng,”Kula mboten nggadhah kenalan namine Mas bagus, Bu?”, semaurku karo njangkah metu saka kamar.
“Wis pokoke dipethuki mawon rumiyin?”, ngendikane Bu Mahmud.
Ing teras lungguh ngungkuri lawang nggawa gitar, karo genjreng-genjreng lirih dak sapa,”Madosi kula?”. Pawongan kaca mata an ireng kuwi mung ndingkluk. Malah terus nyanyi, “Kutuliskan lagu ini…kupersembahkan padamu”. Aku ora pangling, iki swarane Mas Jatmiko mburi kos-kosan..
“Mas bagus niki napa Mas Jatmiko sedhereke Mas Kukuh, nggih?”, aku njelih. Dheweke mandheg olehe gitaran, kaca mata irenge dicopot, terus ndangak. “Lho, kok Mas Kukuh?”.
“Jenengku Bagus Jatmiko, parabanku Kukuh. Alamatku Andini wis ngerti. Critane uripku Andini yo  wis ngerti. Piye, gelem ora dadi pacarku?”.
“Hah?”
                                                            Cuthel

Aku lan Baskoro



Aku lan Baskoro
Wis rong minggu iki penggaweyanku yen bali saka sekolah mung angrem ana njero kamar. Omah anyar, lingkungan anyar, sekolah anyar, ndadekake aku senewen. Hla piye ora senewen, jajal?. Omahku sakdurunge ing Surabaya ,kota besar rek,hla saiki ing ndeso kesa keso. Desa Kondang Rejo. Jenenge Kondang Rejo? Nanging rejone endi?, yen bar Maghrib ora ana mobil liwat, paling-paling siji loro. Soale dalanan nggenku yen diturut ngidul terus jug segara Paseban. Yen ora dina liburan, mesthi wae ora ana wong lelungan nyang segara. Paling-paling yen esuk bar Subuh sepedha montor war-wer budhal nang pasar. Untunge omahku cedhak pasar, dadine lumayan rame stithik nggo ngancani ati sepi.
            Aku ora nyalahake Bapakku sing dadi guru, amarga milih mutasi bali nang tanah leluhure nggo ngancani simbah sing wis ngunduri tuwa lan ngopeni sawah tegale. Ibuku dhewe sing asli saka desa kene yo monat-manut wae, wong nyedhaki keluwarga maneh. Sing repot yo aku saksedulur. Aku dhewe pindah nalika unggah-unggahan kelas loro SMA, dene adhikku, Haris, kelas loro SMP.
            Bola-bali aku wis ngenyang, yen aku wani nunggoni omah dhewe ing Surabaya, nanging Bapak Ibu ora marengake. Mbesuk yen wis kuliyah nembe dikeparengake. Mbok menawa akhire kuliyah ing Surabaya. Akhire, yo ngene iki…
            “Tiara?, Tiara?”, keprungu ibu nimbali aku. Agahan aku nyaut aras-arasen, “Dalem, Bu?”. Aku sik pancet menceti hp dolanan game.
            “Mriki sayang, iki lho ana kancamu mara?”, keprungu swarane ibu maneh. Kanca sapa, aku durung duwe kanca. Yo wis kenal, ning mung sakderma kenal-kenal thok. Durung iso aku nemokna kanca kaya Dinar, Mutia, utawa Afifah ing SMA kene. Apa maneh mlebuku wis kelas loro, dadine malah luwih angel golek kenalan cedhak. Bocah-bocahe modhele serius kabeh, lan ora sepira gelem ngejak jagongan dhisik. Utawa aku dhewe sing jaim, saengga kanca-kancaku anyar wegah ngenal aku? Mbuh ta lah!.
            Daksawang ing ruwang tamu ana bocah lanang nganggo sragam Pramuka, lungguh adhep-adhepan karo ibuku.
            “Tiara, iki Mas Baskoro, putrane Pak Wiguno kancane bapakmu, tibake saksesekolah karo sampeyan, wis pethukana?”, ibu ngendika karo menyat mlebu nang ruwang mburi.
            “Tiara, mbok menawa gelem melu kegiyatan Pramuka ing sekolah, aku rak dadi pradanane, suk Minggu ana kegiyatan Cross Country. Nderek, ya?”. Sakdurunge aku ngomong apa-apa bocah kuwi wis ngomong nggrecih kaya wis kenal-kenala karo aku.
“Yo dakpikire, soale aku durung ana sing kenal , mengko gek…?”, sautku.
“Gek apa?, wis ta lah takjamin seneng. Kanca-kanca welcome kok yen Tiara melu. Tiara rak yo durung nderek ekstra apa-apa, ta ?”.
Pancen nalika dikon ngisi ekstra apa sing dakeloki aku durung ngisi apa-apa. Hla piye, ing sekolahku mbiyen aku melu ekstra pilihan PMR, ning saiki aku sik durung minat maneh. Dene pramuka, rak pancen wajib ain kanggo kelas siji.
“Pokoke iki dakparingi undangane, yen iso melu, tulung, hubungi aku ing nomer iki?”, ujare Baskoro karo nulis nomer ing waliking undangan.  Dheweke banjur pamit mulih.
“Sampeyan yen modele ngono angel oleh kanca lho, Mbak?”, mara-mara ibu wis ana mburiku. “Sing sumeh, sing ajer ngadhepi dhayoh,ben ndang oleh kanca anyar…!”, ibu ngelus gegerku. Ibu ngerti yen aku nanggapi dingin undangane sapa kuwi mau?, oh ya si Baskoro.
Boring, Bu!”, sautku angger.
“Daleme Pak Wiguno celak mriki napa, Bu?”, takonku.
“Iyo, tikukan ngarep sakdurunge omahe dhewe, hla wingi mobil sing dinggo ngangkut barang-barange dhewe rak mobile Pak Wiguno. Pak Wiguno kuwi sakliyane ngajar, nduwe bisnis angkutan sing dikelola Bu Wiguno,”.
Aku malah anyel barang ibu nyebut mobil angkutan sing nggawa barang-barang saka Surabaya. Apa maneh salah sawijing pawongan sing melu ngusungi, nganggo helm ireng pas njunjung kerdusku sing isine barang-barang pribadiku, ndilalah ceblok ‘makbruk’. Aku langsung mbengok, “Piye se, Mas kok iso ceblok. Wadhuh, padahal kabeh barang kesayanganku ana kono. Awas yen radioku rusak, tah laptopku error, dak…!”. Aku ora sido nutugna, ibu wis mencereng sajak nyalahake aku. “Wis weruh barang larang, penting mbok yo dijunjung dhewe, Tiara!”, ibu mbelani wong kuwi. kardus sithoke sing ana labele P3K gedhe, jik dicekel wonge dak rebut,”Untung obat-obatanku iki aman, yen iki sing ceblok,…gak dakampuni sampeyan?”, grenengku.
Pawongan sing nganggo helm ireng kuwi mung meneng lan matur njaluk sepura. Jan-jane yo ora salahe dheweke, kok. Wong pas wonge ngusung, aku sing mlaku ngarepe ndadak mbalik nggo mbaleni njupuk tas cilikku sing keri ing mobil. Aku malik awak ing tengah lawang , wonge mlaku banter, breesss, salipan wonge rada njungkel, kerdus loro ceblok sithok, pas..kerdusku karo, aku tenger soale kerdusku daktengeri lakban kuning lan taklabeli kabeh. Ampun!.
“Mas, ngapunten, nggih, Mbak Tiara pancen ngeman sanget teng barang-barange, napa malih obat-obatane, yoga kula niki pakar P3K,lho?”, ibu ngendika maneh. Aku wis ora ngrewes, bablas mlayu mengarep njupuk tas cilikku.
Sabtu  awan, bocah kelas siji sing arep cross country diklumpukna ing aula. Daksawang saka dalanan sisihe aula si Baskoro aweh pengumuman. Swarane lumayan enak dirungokna. Yuni kanca anyar sakbangkuku, ngomong,”Baskoro kuwi idola, lho ing kene. Bocahe top njaba njero. “Ngemeng epe, wae kuwi Yun, Yun,..”, batinku. Aku dhewe yo ora sebegitulah. Wong sapejagong wae mung sepisan.
Yuni dhewe terus nggabung panitia liyane, wong dheweke dadi seksi konsumsi jarene, aku ngludur metu nyang parkiran. Ah, aku yen dadi peserta yo emoh ta lah.., batinku.Yen maca undangan wingi lan ndelok susunan acarane, ing SMAku biyen cross country iki kira-kira kaya acara penjelajahan ning karo bakti sosial, mbokmenawa…
Meh wae nyetater ‘Beat’ku, ana swara nyeluk jenengku.”Tiara, Tiara,…sik mandhega dhisik!”. Oh, si Yuni mlayoni aku.
“Aku dikon Baskoro nyeluk. Gage ndang mrana!”
“Emoh, aku emoh melu…!”. Isin aku yen dadi peserta!”, jawabku karo mulai nyetater.
“Aku terus ngomong apa nang Baskoro?”.
“Sakkarepmu ta lah. Aku dak bali dhisik, yo?. Assalamualaikum…, werr aku ninggal si Yuni sing sajak gelo.
Bengine, malem minggu sisan, aku mung njithem neng teras dhewean. Bapak ibu tindhak daleme simbah, adhikku bar ngaji karo aku, nonton TV. Hp-an wegah, kanca-kancaku mbiyen yo wis arang-arang sing ngebel aku, fb-an yo males, maca status-e kanca-kancaku mbiyen malah ndadekna aku kepingin bali sekolah ing Surabaya. Owalah,…
Mara-mara ana swara ‘bruak’ banter banget saka embong ngarep. Aku cepet-cepet mlayu, adhikku uga wis njranthal saka ruwang tamu. Ana tabrakan!. Sepedha onthel mungsuh sepeda motor. Kiwa tengen tangga yo dha enggal nulungi. Korbane, jarene jenenge Yu Siti bakul endhog, digotong menyang teras omahku. Sing nggawa sepeda montor ora piye-piye mung tatu-tatu sakwetara, ning Yu Siti,sing numpak sepedha onthel,…?.
Aku tanggap, aku mlayoni kotak P3K, terus ibut ngecakna ilmune PMRku kanggo pertolongan pertama. Tatune lumayan parah, iki kudhu digawa nang Puskesmas kulon pasar. Tangga-tangga ora wani melu nguthik, “Wedi kliru, engko tambah nemen?”, jare Lik Saedi, tangga ngarep omah pas, apa maneh sambate Yu Siti jan ngaru ara.
Aku rumangsa kagum warga kene pasedulurane jik kenthel. Pas aku bar ngupakara sakwetara, mobil nggo nggawa kurbane wis teka. Cepet banget tanggap darurate?. aku rumangsa wajib melu ngeterake Yu Siti menyang Puskesmas, bareng wong loro maneh, salah sijine sing nabrak. Adhik dak pamiti karo dakkon  ngabari bapak ibu.
“Tiara?”, keprungu swarane Baskoro saka arahe setire mobil. Aku njomblak kaget. “Kok?”. Pak Saedi, ngguyu karo ngomong ,”Mpun kaget, Mbak. Mas Bas niku sakjege nggadhah SIM, nyambi dados supir panggilan . Apa maneh panggilan ndadak ngaten, mesthi nomer siji tekane!”. Oh ya, pancen keluwargane nduwe usaha angkutan, batinku mbenerake. Mesthine warga kene dha nduweni nomere kabeh, hehehe…
Baskoro olehe nyetir kepenak, apa merga mobile sing penak?, pokoke Yu Siti wis ora sepira ngaru-ara nalika diemot. Ora ana sing cemuwit, mung swarane gerenge mobil sing keprungu. Pisan pindho aku nyawang Baskoro. Ora ketara yen jik kelas telu SMA, katone wis dewasa kaya Om-omku. Hiih, mikir apa se, aku iki?.
Akhire, kabeh lega. Yu Siti wis diupakara sakmesthine. Urusan liyane ben dibacutna karo sing nduwe urusan, malah iki mau bojone Yu Siti yo wis teka nunggoni. Lik Saedi ngajak aku lan Baskoro mulih.
Aku dikon Baskoro lungguh ngarep jejer sopir. Baskoro malah sing mbukakna lawange. Ning sakwise iku, dheweke malah jinem ora ngajak omong blas. Daklirik praenane ora sumringah bersemangat  kaya budhale mau. Engko gek gara-gara awan mau?.
“Bas, matur suwun, nggih?”.
“Suwun nggo apa?, hal ngene iki aku wis biyasa”, cluluke karo tetep manther nyetir.
“Sepurane aku mau emoh mara pas diceluk Yuni”, dakwanek-wanekake ngomong maneh. “Aku isin yen melu cross country bareng cah kelas siji!”.
Baskoro ora semaur, nganti tekan ngarep omah. Pak Saedi mudhun, jagongan sakwetara karo Baskoro lan bapak sing wis mapag ing ngarep omah.
Aku bablas mlebu kamar, atiku krasa lara. Lageyane Baskoro sing kaya emoh ngomong mau nglarani atiku. Pancen aku ki mbarep, ugungan, gak kenekan. Kuwi sabdane ibu yen aku lagi purik.
“Tiara, Mas Baskoro pengin ngomong dhiluk?”, Bapak nimbali karo nothok lawang, ambal ping telu, lawang kawit dakbukak.
“Lho, kok nangis? Nangisi Yu Siti, tah?”. “Gage!, selak mulih lho…?”. Bapak ngguyu cilik karo nguyek sirahku.
Aku meneng wae, karo jumangkah metu.
Baskoro lungguh ing kursi sing daklungguhi mau sore. Aku lungguh ing ngarepe. Aku ora ngejak ngomong dhisik. Males!.
“Tiara, aku sakjane pengin ngebel awan mau, ning aku ora nyimpen nomermu. Janji arep ngebel aku, buktine kok ora. Ngene lho, sampeyan kuwi  ora melu dadi peserta, nanging dadi petugas P3K. Gelem ora?, aku iki mau Maghrib kawit mulih saka sekolahan, niyatku mrene, bar maghrib, tibake…”.
“Halah, mau ora gelem dakjak omong ae… ?”, batinku.
“Iku alasanku ngomong, sing pertama. Sing nomer loro, aku njaluk sepura, amarga wis nyeblokake barangmu nalika aku ngrewangi ngusungi, jane mung arep njupuk mobil,amarga sopire kesusu mulih, anake lara, aku malah melu ngusungi barang, kojur, diilokne pisan. Yo nalika iku aku ngerti yen sampeyan pakar ing P3K”
“Wow, pawongan sing nggawe helm ireng kae tibake Baskoro, dakkira tanggaku kene wae?”, batinku maneh.”Hah?”.
Aku ndangak kaget nyawang Baskoro. Praenane wis semanak maneh. Wis ora ‘dingin’ kaya mau. Aku nangis maneh. Mbuh nangisi apa? Sing mesthi sesege dhadhaku dak tokake. Baskoro mbacutake guneme maneh.
“Kaping telu, aku bangga ngrungoake critane kesigapanmu ngopeni kurban kacilakan kaya mau. Aku kepingin kowe mbesuk kuliyah ing kesehatan wae, lan dadi bidan tah dokter, trus  aku sing nyopiri, piye?”, Baskoro mandheng aku ora kedhep.
“Apa maksude?”. Nanging mbuh kena ngapa, dhadhaku rasane mekar, lan deg-degan sithik. Apa Baskoro seneng karo aku?.
Hahaha….,keprungu adhikku ngguyu cekakakan, karo nyuwara,”Aku setuju!”. Terus mlayu menjero.
Baskoro sajak isin bareng omonge dirungokna adhikku. Praenane abang ireng. Aku ora iso kumecap, mung mesem wae. Liya ora!.
Miss call aku, yo…?”, bacute lirih. Aku mung manthuk.
Baskoro pamit mulih, sakwise salaman karo bapak ibu. Adhikku mencungul maneh, ngomong banter, “Mas, don’t worry…dakjamin Mbak Tiara setuju, pokoke aja lali pajeke…?”
Baskoro ngacungke jempole. Bapak lan ibu dha sawang sinawang, terus ngguyu bareng.
Cuthel

Jumat, 06 Juni 2014

Theklek Kecemplung Kalen (Cerita Cekak), dimuat Jaya Baya No. 43 Minggu IV Juni 2014



Theklek Kecemplung Kalen
            Sapa sing ora weruh nek isine ndonya werna-werna?. Sapa sing ora ngerti nek menungsa iku nasibe macem-macem?. Walah, ngelu dhewe nek mikir terus. Mikir...terus...nganti umur terus tambah. Gak krasa wis meh umur ndas telu!. Genahe pase?..erhaes, lah!.Itung dhewe, yen lulus SMA langsung kuliyah S1, bacut S2, saiki wis kerja oleh telung taun...
            Diomong elek, aku yo ora elek, wong nate karnaval dadi putri ayu. Diarani bodho, wong aku mesthi rangking siji. Sing mesthi aku iki kuper nek masalah pergaulan. Ngertiku mung sekolah, sekolah, lan sekolah. Nguber biji, nguber rangking, nguber penggaweyan, akhire koyok ngene iki. Kanca-kancaku sakumurku wis dha nggendhong anak, aku jik pancet singgel.
Nek perkara penggaweyan, wo ojok takon, bayaranku turah-turah. Rekeningku kebek mencep-mencep. Hla piye, wong mung kalong nggo mangan thok? Hehehe...
Bapak ibu nglenggana ae nyawang nasibku koyok ngene. Pancen nek takpikir iki mbiyen sing salah bapakku. Mulai cilik bapakku sing dadi guru iku mesthi ngandhani,”Sekolah sing pinter, ben penak mbesuke. Jaman saiki urip iku angel. Nggolek penggaweyan tambah angel. Nek mek dadi arek goblok, rugi ibumu nglairake kowe mbiyen?”. Mulane mben aku digusak kon rabi, aku ngeles wae,”Pak, Bu. Tiyang jaler niku wedi kalih kula sing pinter niki, grogi ndisiki”.
Elek-eleka ngene aku mbiyen yo tau onok sing nyenengi, masiyo aku gak nglawehi. Alias onok wae sing njajal nembak aku. Gak percaya?...percaya ae talah,...
Pertama jamane SMP,... ana bocah sakangkatanku jenenge Nanang, duduk kanca sakkelasku. Jaman iku jik usum surat-suratan nek nyenengi kanca. Aku diwenehi surat liwat kancane sing sakkelas karo aku. Aku sing pancene gurung siyap hal ngono iku, muring-muring temenan. Aku isin dikoco-koco kanca sakkelas, kate ora dikoco-koco piye, wong nek nguwehna neng ngarepe kanca-kancaku sakkelas pas bel istirahat.
Aku gak mikir dawa, Nanang takgoleki, ketemu neng ngarepe perpustakaan karo geng-e. Ora ngomong apa-apa, surat amplop kuning iku taksuwek-suwek neng ngarepe, terus takguwak neng kranjang sampah. Aku ora ngurus piye tanggapane Nanang. Weruhku muk aku isin, titik!.
Sesuke, aku dicritani Munawaroh, kanca sakbangkuku, nek Nanang iku seneng aku mergane aku pinter, gelek dilem guru-guru neng kelas liyane. Bar taksuwek-suwek surate, jarene Nanang nangis neng jedhing. Aku getun sethithik!. Ya mung getun, wong pancen aku wateke cengkal!. Kepingin njaluk sepura ae yo gak!. Sakjege iku Nanang ora tau gelem sapa aruh nyang aku. Cuthel tekan sakmono.
Mulai dina iku, aku diparabi robot urip karo arek-arek. Aku ora ngreken!.
Saiki , Nanang wis rabi, anake loro, bojone uayuu, ketemu pas reuni akbar SMP  taun kepungkur. Malah wis nikah nalika jik padha kuliyahe, weleh weleh...
Neng SMA aku yo ngalami maneh ditembak kanca. Iki malah kanca sakkelas, Hidayat, ketua OSISku pisan. Tapi pancen aku sing ora ngreken masalah ngono, tresnane taktolak. Tapi carane ora ekstrim koyok jaman SMP, ganti taksurati sing intine aku durung mikir masalah ngono iku.
Beda karo Nanang, Hidayat iki ora lara ati. Malah saben sakkegiyatan, onoke ngilokna, ngece, tah, mbeda aku. Nganti tak arani dayat lambe bejat. Piye gak bejat, nek alok koyok ngene...
“ Jok kanca karo Aya, areke gak butuh wong liya, nek mati ngglundhung dhewe”
“Aya ki cocoke manggon lab, kanca karo torso”
Utawa, “Ngantek tuwek Aya kate ngempeng mbok-e, mangkane gak gelem nduwe pacar”. Aku mung njureng, akhire Dayat takgepuk sakrosane. Kapokmu kapan!.
Nanging, sakwise sering nyawang , ngamati sakpari-polahe Hidayat, akhire pas kelas telu aku sethithik akeh yo ngrasakna seneng karo Hidayat. Nanging kasep, Hidayat wis pacaran karo adik kelasku dhewe.
Nganti kuliyah S1, bacut S2, bolak-balik yo onok sing sajak ngesir, nanging akhire dha mundur teratur, weruh aku sedingin es. Yo tau arep dijodhokna karo misanan teka bapak, aku emoh. Aku wis kadhung dadi robot urip be’e, batinku  ngomong. Jane yo ora, mung aku ae sing durung karep, kok! , batinku mbantah dhewe. Durung tiba jodho...mbokmenawa!, batinku mungkasi dhewe.
Awan iki aku nglamun ing kafetaria Rumah Sakit Husada Jombang. Bapakku kenek serangan jantung wingi sore.
...
Esuk mau  pas aku teka, ibuk ngendhika jarene Bapak mikirna aku sing pancet ae ora gelem omah-omah nganti seprene. Padahal adhikku lanang, wis nyereng njaluk rabi . “Biyasa, ibuk golek kambing hitam”, semaurku atos. Padahal thithik akeh aku yo ngakoni onok benere ngendikane ibuk.
“Mbak iki katene rabi karo sapa? Pacar ae gak nduwe. Aku dikon ngenteni Mbak Aya, yo nganti uwanen gak ngarah rabi!”, Wisnu, adhikku nyuwara.
“Wisnu,...kowe dhewe kuliyah kawit lulus ae wis ngebet rabi”, aku males omongan.
“Sing penting wis kerja, kate ngenteni apa maneh, sido Heni selak dirabi wong liya”. Pancen sakwise lulus kuliyahe Wisnu nyambut neng bank.
“Sido wurung rencana lamaranku, Buk..Buk..”, Wisnu nggresah. Sakjane Kemis ngarep Wisnu arep nglamar pacare. Mbuh sido tah wurung, wong bapak gerah ngene?.
“Wis ojok rame kabeh, mesakno bapak?”, ibuk nengahi.
...
“Aya?”, keprungu swara nyeluk jenengku, mbuyarne olehku nglamun.
Aku noleh, ngira-ngira sapa yo wong iki?, nganggo setelan ijo nom mateng, dasian, mesthine salah sijine kancaku mbiyen. Tapi sragame koyok sragame Wisnu.
“Lali?”
“O, tibake arek pinter iku cepet pikun, yo?”
“Utawa wis kenek alzheimer akut, be’e ?”
Aku gak pangling swarane. Hidayat!.
Taktampani tangane sing dithungna ngejak salaman. Tibake Hidayat iku seniore Wisnu neng bank. Iki mau nyambang Bapak, kawit ngerti yen aku, Gayatri, kancane mbiyen, mbakyune anak buahe.
Crita ngalor ngidul, akhire Dayat takon,”Kok durung rabi ta, Ya? Ngenteni aku tah?”. Aku kaget, tibake Hidayat iyo durung rabi seprene.
“Hla pacare mbiyen piye?, Mimin adhik kelas?”
Hidayat ngguyu banter. “Mimin iku misananku, gak ngerti tah?”.”Mesthi ae gak ngerti, wong jenius mosok tau ngurusi wong liyo”. Aku mung nyebek.
“Kok gak teka reuni SMA ?”, aku mindah topik jagongan.
“Wegah, palingo yo ngono ae acarane. Pisah durung sepuluh taun ae reuni, durung kangen karo kanca-kanca!”. “Paling sing ditakokna bojomu sapa, anakmu pira...males!.Mek kowe thok be’e sing kangen karo aku!”.
Lambene sing kulina ngomong sakkarepe dhewe kumat.
Patang  ndina nunggoni bapak ora krasa, Sabtu, Minggu, ditambah cuti rong dina, aku wis kudhu mbalik nang Yogya. Aku nguji ujian skripsi sesuk. Suk mben Kemis sore tak mbalik maneh, muga-muga Bapak wis iso kondur.
Mbuh apa ae rencanane Wisnu, pas arep ngeterna aku, ora teka-teka padahal tiket sepurku wis meh jame. Ibuk  bolak-balik ngebel, aku dhewe malah arep ngojek ae .  Sing teka malah Hidayat,  karo matur ibuk,“Ngapunten, Bu. Dhik Wisnu tasik survei nasabah teng Wonosalam”.
Ibuk mung nyawang karo mesem, mbuh pikire ibuk piye yen nyawang Dayat mben bengi nyambang Bapak, ngiras-ngirus methuki aku.
“Ayo, takterna nang stasiun!”, Dayat ngatag karo nyangking tasku. Aku manut koyok kebo dikeluhi. “Kemis ngajeng kula wangsul malih, Pak?”, pamitku karo ngambung astane bapak. Owalah, yen nyawang Bapak, aku kok kepingin mutasi nang Surabaya ae.
“Iki mau, Wisnu temenan survei, gak se?”.
“Yo gak, pas dheweke pamit arep ngeterna kowe aku nggak ngolehi. Mending aku ae. Wisnu setuju”.aku wis ngira, apal aku gayane Dayat.
“Gak gelem, tah? Iko akeh ojek nang ngarep!”.
“Dayat,...koyok arek cilik ae!”, takjiwit lengene.
“Wis ta lah, gak usah kakehan mikir, wis padha tuweke. Ayo nikah karo aku ae, aku jik seneng kok karo kowe. Kowe rak iyo, se?”, kandhane karo mbarengi mlaku nang mobile.
Wih, Hidayat pedene ngepol.
Aku gak njawab. Hidayat yo terus crita liyane  nganti tekan stasiun.
Aku diterna nganti ngarepe petugas tiket. Nalika aku pamitan, tanganku digegem kenceng.”Gayatri,...pikiren omongku, yo? Getun hlo kowe nek ngeculna aku maneh!”.
“Cepetan, ngomong. Gaktakculna hlo tanganmu!”, Dayat malah ngencengi tangane. Petugas loro nyawang karo mesam-mesem.
“Iyo, iyo takpikire...?”.
......
Tibake , sesuke bapak wis pareng kondur. Cepet temenan pulihe, pikirku karo mbales sms-e Wahyu. “Mbak, kudu tetep balik yo, aku sido lamaran suk malem minggu ?”, weh arep kawin temenanan arek iki.
Balikku numpak travel, mergane nggawa barang pirang-pirang pesenane Wisnu. Omahku rame, padahal acarane jik sesuk. Onok mobil loro ing ngarep omah.
“Assalamualaikum ..”, aku uluk salam.
“Niki, Gayatri yoga kula”, bapak ngenalna aku nang tamune. Onok wong papat, pasutri karo koyoke.
“Iki wong tuwane Nak Dayat, Aya?...sakperlu kenalan karo keluwarga kene”, ibuk miterangno, bapak mung manthuk-manthuk.
Cekak cukupe aku iki mau ditakokna karo keluwargane Hidayat. Kok gak ngabari sik, se...Dayat iki?”
Neng ruwang tamu sisih kiwa aku methuki Dayat.
“Sstt, wis ojok nyeneni aku. Aku bolak-balik dikon rabi, aku jik emoh. Malah wingi arep dipeksa gelem gak gelem dikon ngrabi anake kancane Bapak. Aku yo emoh. Langsung ae aku nyebut jenengmu, eh...dina iki mau langsung nggenahna bener gak-e nang bapak ibu kene”, Dayat njlentrehna kanthi serius...ngono. Aku kamitenggengen.
Tapi,...rasane batinku kok...plong?, wis tiba wayahe jodhoku?.
Ealah tibake aku iki klebu theklek kecemplung kalen, hehehe...

Cuthel