Halaman

Translate

Rabu, 24 Desember 2014

Surat dari Ibu, dimuat di Jawa Pos edisi Hari Ibu, 22 Desember 2014

(Dimuat di Jawa Pos, 22 Desember 2014, edisi HARI IBU)

Buat gadis kecilku di PP Amanatul Ummah-Pacet
“Farah Aida Ilmiatul Kulsum” Kelas XI-H
...inilah puisi isi hati ibu yang taktersampaikan saat kau masih belum mondok dulu,...
                   Gadisku
Aku terhenyak. Benarkah ini?
Kala anak gadisku tlah beranjak remaja, dan ku kian sulit tuk mengenalinya.
Jamankah yang salah?
Ketika gadis-gadis lebih suka ber- ibu-kan handphone
Lebih leluasa bicara di facebook
Lebih ceria dan bahagia saat ber sms ria,
Lebih percaya pada Mbah Gogel,
Lebih segalanya.
Aku merasa kalah. Terkalahkan teknologi yang tak sepenuhnya kukuasai.
Ku tak bisa bisa lagi menjangkau gadis kecilku,
Ku tak mampu lagi menerbitkan tawa di mulut mungilmu.
Gadis kecilku seolah tak memedulikanku.
Dia kan datang padaku, hanya saat memerlukan uluran rupiahku.
Lain tidak!.
          Aku dengan segala keputusasaanku,
          Adakah lagi yang bisa ku lakukan,
          Tuk merengkuh kembali gadisku, seperti dulu!!


Senin, 15 Desember 2014

Crita Cekak "Tumbu Oleh Tutup", Jaya Baya No. 14 Minggu I Desember 2014



Tumbu Oleh Tutup
“Kowe dadi apa ngandhan-ngandhani aku koyok ngono?,...pancen aku sekolah dhuwur nganti nyekel ijazah lima. Katene nyapa?. Pancen saiki golek penggaweyan angel, aku wis ngerti. Tapi ojok hubungna nganggurku karo jumlahe ijazahku. Niyatku sekolah pancen golek ilmu. Gak nggo golek penggaweyan. Terserah saiki aku kerja wiraswasta, gak nggawe ijazahku,...aku ae gak rewel kok kono sing ngeyel!”...ambeganku nggos-nggosan sakwise ngoceh ngalor ngidul mbales omongan nylekit sing mung saklarik ...Gak eman ta, ijazah nganti lima, nek saiki mung ngrumat wedus?...
Batinku jik nutugna maneh, sing penting sekolahku niyate golek ilmu sing manfaat. Nglakoni urip jujur, gak korupsi, iso mangan mben dina, wis gak ngaru biru wong tuwa. Kurang apa?. Pancen aku gak dadi pegawe sing jame mesthi, nyandhang nganggo nyetil, sepatune nggilap, tase  bermerek, durung maneh wedak lan gincune,...weh...
Mbokmenawa aku sing cengkal tah gak nduwe perasaan, ping pisan ping pindho, aku ngalami koyok ngono mau. Jamane kuliyah mbiyen, yo tau. Saiki kebalenan maneh. Gak pa pa!. Pancene sapa sing gelem ngrabi prawan sing nduweni usaha nernak wedus?. Hahaha..., kok kanggone sing weruh lan kenal aku, Sing krungu critaku ae paling mikir ping suwidak jaran nek arep ngenal tah ngrabi aku!.
Aku pancen nernak wedus. Nutugna usahane bapakku sing kawitane mbiyen blantik wedus. Aku anak tunggal, dadine masiyo aku anak wedok, latihane kawit cilik yo ngopeni wedus. Biyasa ae melu bapak ngarit, ngedusi wedus, tah melok ngedol neng pasar. Saiki malahan aku wis nduwe rewang telu, wong wedusku jumlahe akeh, tur karangane omahku jan amba tenan.
Bapak wis ngunduri sepuh, sembarang tandang gawe ngongkon. Apa maneh aku, sing nduwe ijazah sarjana loro, yo wis gak ngarit maneh ta lah, wong iso mbayari rewang. Hehehe...
Bapak ibuku ngguyu ae saben takcritani wurunge sesambunganku. Diputusi durung jodho, mben ngono. Wong tuwaku pancen klebu wong tuwa sing jembar dadane. Masiyo umurku saiki wis slawe munggah, gak gupuh tah piye, palingo ibuk ngendika,”Bapakmu mbok ojok dikongkon nggendhongi cempe ae tah, Ndhuk?”.
Niyatku sekolah ben oleh ilmu sing manfaat iku gak mung abang-abang lambe, ijazahku sarjana sing pertama sarjana peternakan, wis tak amalna, saiki aku mulai ngecakna ilmu saka ijazah sarjana sing kapindho, manajemen ekonomi. Gak usah takdawakna crita mundak mboseni, intine aku wis iso nyelengi duwik akeh rong taun iki amarga manajemen ‘perwedusan’ku kasil.
“Mbak Dina, dipadosi blantik”, aloke Kang Paijo saka ngarep omah. Mben dina onok ae blantik nggoleki. Apa maneh arep riyaya besar ngene iki. Aku gak sepira ngreken jane, soale wedus-wedusku wis akeh sing payu wulan wingi. Mung pancen rata-rata jik dititipna dijupuk nek wis dhenge riyaya. Yo iki sing takarani manajemen purna jual. Sing tuku gaktakkon nambahi biaya maneh. Takanggep sodaqoh ngopeni ae. Bapakku kawitane gak setuju cara ngono mau,” Iso rugi Din...Din...”, bapakku ngresula dawa. Nanging bareng saiki weruh omzete tambah rame, bapak mung mesam-mesem ae neng sandhinge kandang.
“Kambinge mpun telas, Om”, aku nyalami karo ngomong cekak aos nang wong lanang sing diarani blantik Kang Paijo mau. Rumangsaku nek ndelok blegere kok adoh karo blantik-blantik kenalanku, batinku.
“Kula Burhan, Mbak. Saking dinas peternakan, badhe ngecek kesehatane kambing-kambing teng mriki?”, semaure karo ngetokna kertu pengenal saka sak-e.
“Oh, biyasanipun Pak Panji”, jawabku maneh. Pancen pendak telung wulan pisan onok pegawe dinas peternakan kliling mriksa.Tur nek mara nggawa mobil onok tulisane, hla iki mung sepeda montoran.
“Kula petugas enggal, Mbak. Dinten niki sedaya disebar kangge mriksa, sing celak-celak mawi sepedahan mawon”. Pawongan sing takceluk om mau miterangna sajak ngerti apa sing takpikir.
“Oh, enggih. Ngapunten,...Pak”, aku kecipuhan. Cocoke takceluk mas, palingo umure unda-undi karo aku, tapine..., wah...mas saiki luaraaannng je!.
Taktutna, mben takon takjawab, dipriksa kabeh mulai untune, kulite, lan sakpanunggalane dideloki, dicathet. Tliti temenanan. Sakjam kawit rampung. Sakwise tahap konsultasi, Pak Burhan pamit mulih.
 “Mbenjing malih ngebel rumiyin Pak Burhan, kersane saged tata-tata?”, omongku nalika mbarengi mlaku nang ngarepan.
“Lho kok ndadak ngono barang, kambinge ayu-ayu nggantheng-nggantheng, kok?”, semaure. Alah-alah senengku eram wedusku dielem koyok ngono. “Sing nggadhah nggih luwih ayu?”. Sing iki gak ngelem maneh, ngenyek sing iyo!.
“Mpun ngenyek,..nggih mesti ta lah ayu kula tinimbang wedus kula?”, omongku karo nyebek. Taksemauri ngono Pak Burhan mung mesem, karo nyetater sepedahe.
“Din, petugase kok nggantheng eram?”, ibuk nyapa saka iringan omah nalika aku mbalik mlebu. “Jik ngganthengan bandhotku”, jawabku banter. Hla kok onok tangan njawil pundhakku,”Mbak, ngapunten kaca mata kula sajake kintun teng lebet?”, Pak Burhan ngomong karo sajak piye, tibake wong iki mau mbalik maneh. Mbokmenawa krungu omonganku karo ibuku mau?. Wiiihhh, isinku, Ibuk malah ngguyu kemekelen!.
.......................................
Onok undangan reuni SMA. Aku wis gak nggape sakjane, mung amarga Sisil, kanca raketku, ngebal-ngebel, aku kepeksa budhal. Reuni akbar iki kanggo limang angkatan. Angkatanku klebu sing buncit dhewe. Kanca-kancaku mbiyen tibake yo akeh sing jik legan. Jaman kemajuan temenanan, saiki umur slawe wong tuwek sajake gak gupuh maneh yen anake durung payu, hahaha...!. klebu aku karo Sisil. Single keren, kuwi Sisil, megawe dadi pegawe bank. Mung Sisil kancaku lawas sing ngerteni apa sing taklakoni. Gak ngaruh nang kekancan, ngono kandhane.
Aku mung lungguh manis, beda karo Sisil sing mider koyok kupu-kupu. Pancen kanca sing dadi relasine yo akeh!.
Aku kepethuk Ramli,  salah sijine mantanku, Rumangsaku si Ramli kerja nang luwar jawa, tibake kerja neng bank sisan koyok Sisil. Kagetku senajan mung sethithik, tibake Ramli saiki wis jadian karo Sisil. Owalah ndonya nek cilik!. Sing mbaturi nggarahi aku kaget. Pak Burhan, petugas saka dinas peternakan wingenane tibake kancane Ramli. Wonge nggleges ae nyawang aku. Ramli bisik-bisik nang dheweke, banjur nyuwara,”Din, Burhan iki persis sampeyan, pecinta hewan. Putas-putus karo cewek-ceweke yo jalaran koyok adhewe mbiyen, untunge dina iki pas dadi ketua panitia reuni gak onok ambune apa-apa!”. Pak Burhan mendeliki Ramli.
Ramli mbiyen gak seneng blas nang penggaweyanku, jarene nggarahi aku gak ketok feminin, tur dheweke pancen gak betah ambune wedus. Tresna kilat critane...
“Nanging dina iki kok Dina ayu tenan, yo?...gak ketara nek...”, durung tutug Ramli digered Sisil. Aku mung meneng ae senajan atiku getem-getem. Gak akeh uwong palingo takbalang sandhalku.
“Ra usah digatekna omonge Ramli,...oh ya, nek aku rak wis kenal se?”, Pak Burhan ngomong karo pamitan. “Ngapunten, aku tak munggah panggung dhisik...”.
Wis, alamat dhewean. Untung acarane banjur dimulai. Kanca akeh, malah akeh sing lali. Bapak ibu guru, kok koyoke pancet ae. Jik enom-enom. Suer!. Barokahe ngopeni anake uwong be’e, awet enom panjang umur. Amin...
Ngopeni acara koyok ngene, apa maneh lomba pidato, ... amarga uuaakkeh sing maringi sambutan, suwe-suwe dadi boring, aku mbukaki toko online-ku sing takenggo dodolan wedus. Jaman canggih, wedusku yo takdol liwat internet. Takpasang foto sakregane, beres. Pesenan teka dhewe. Nek pesenan njero kutha malah takterna nang panggonane.
 Onok pesenan mlebu, fotone bandhotku sing paling larang diarepi. Malah gak ngenyang blas. Langsung dikon ngirim dina iki, bukti transfere malah wis onok!. Age-age aku pamit Sisil, mulih dhisik. “Aku onok bisnis, Sil...kowe ben diterna Ramli ae, yo?”.
Sorene pesenan takterna, nek ndelok jenenge sing pesen, koyoke wis sepuh. Omahe gedhe model kuno, pekarangane amba. Teka njaba ketok nek sing nduwe wonge hobine ngopeni kewan. Neng iringane omah ketok bebek, banyak, menthok, pitik ting slamber. Weh,...kewane rucah temenanan!.
Aku diparakna nang mburi, malah neng kene kandhange luwih gedhe. Sakliyane wedus, onok sapine barang. Aduh, senenge...gak srantan aku ngelus bandhot karo takbisiki, krasanna neng kene yo, Ndhot?”.
“Lho, bandhote wis diterna?”.
Aku noleh. Pak Burhan neng tengah lawang kandhang. Dadine sing pesen iki?...
“Aku pesen nganggo jeneng abahku,... aku gak seneng pas sampeyan bandingna karo bandhot. Mulane bandhote taktuku, arep takkurbanna suk mben!”, omonge sengol, gak nganggo basa maneh.
“Lho, kok saingan karo bandhot. Gak pareng, Pak. Pancene bandhotku sing iki nggantheng eram, kok!”, semaurku gak ngangge basa pisan karo ngguyu kemekelen.
“Nanging, aduh aku seneng eram nyawang kahanan neng kene, akeh kewan rumangsaku jan nyenengna!”, aku alok karo mideri kandang. Takuthiki ndase sapi-sapine, wedus-weduse,...sing ngopeni mung ndlongop nyawang tingkahku. Pak Burhan mung mesam-mesem.
 “Din, saumpama sing nduwe bandhot taktuku pisan gelem apa ora?”. Hah?. Tapi aku gak kurang akal njawabe,”Nggih gelem mawon. Pokok njenengan mboten isin, kalih betah teng ambune...”.
“Nek ambu yo tak dusane se,...ngono ae kok repot!”, jawabe Pak Burhan karo ngguyu sumringah. “Wong aku yo sering ambu padha, kok!”, bacute.
Hahaha...akhire aku ngguyu bareng sakloron.
                                                Cuthel

Senin, 08 Desember 2014

Crita Cekak "Ayahe Sadewo" , dimuat di Jaya Baya No. 13 Minggu V Nopember 2014



Ayahe Sadewo
Jengkelku gak karu-karuwan nyawang bocah sithok iki. Wis tekane telat, sragame gak pepek, bukune onok sing keri, sandalan pisan. Tekane mben dina paling cepet nalika ndonga wis mari. Takitung neng buku kasus, wis genep ping enem tanda tangan pelanggaran.
“Dewo,...sesuk ayahmu kon methuk Bu Guru. Takbel pindho yo gak nate gelem rawuh. Apa perlu dikirimi surat wae?”, alokku karo ambegan gedhe.
Sadewo, muridku sing super sembarange mung clelekan sajak gak salah. “Dewo, mireng mboten dawuhe Bu Guru?”, tanganku mara nyiwir kupinge kiwa.
“Ayahku repot, Bu. Bu Guru mawon tindhak omahku”, Dewo njawab karo klecam-klecem. “Bu Guru nek nyiwir gak lara blas?”, aloke karo mlayu nang bangkune.
Nyekel kelas enem pancen butuh tanggung jawab ekstra. Yen kesabaren, bocahe nrunyak. Yen kekerengen, dikomplain wali murid. Serba repot!. Apa maneh model Sadewo, sing jarene dheweke koyok salah sijine personil Coboy Junior. Gayane puol. Malah jarene wis nduwe pacar barang.
“Enggih, Bu. Sadewo nggadhah pacar. Namine Rukmi kelas gangsal”, Ninik adul-adul.”Wong Sadewo pas nyurati Rukmi ngengken kula?”, Ninik nambahi ukara.
Ealah, cah-cah. Jamane pancen sarwa instan. Apa maneh sinetron neng tivi gak prei-prei topike kuwiii wae.
“Demi Alloh kula mboten pacar-pacaran, Bu. Ninik pancene ember...!”, Sadewo mbela awake nalika takkonfrontir karo laporane Ninik. “Wong kula lho jik cilik,...ngendikane ayah, sakniki pados sahabat mawon!”.
“Wis, Bu Guru ngandhani thok. Saiki sekolah sing bener, ben pinter. Suk nek wis gedhe, pinter nyambutgawe, ...”, omongku kandheg.
“Kawit golek pacar, ngaten tah, Bu?”, Sadewo nutugna. “Persis omonge ayahku”. Ngelingi tingkahe Sadewo pancen nggarakna ngguyu-ngguyu senep!.
“Mengko yen wangsul takterna, Wo. Bu Guru kepingin methuki ayahmu”, welingku nalika arep ganti jam kapindho. Sadewo mung manthuk.
Aku pancen klebu guru anyar neng kene. sakdurunge, aku limang taun ngajar neng kecamatan liya. Mulane durung apal watak wantune wali murid.
“Sadewo kuwi wis gak nduwe ibu. Ibuke tilar rong taun kepungkur. Saiki diopeni mbahe sing nunggal omah. Mesakna jane, jaman onok ibuke yo gak pati keplaur, wong ibuke ngopeni toko neng pasar”, Bu Asni wali kelase nalika kelas lima crita nalika aku nakokne latar belakange Sadewo.
Awane aku sido ngeterna Sadewo mulih. Gak sepira adoh jane omahe saka sekolahan. “Yen numpak sepedah enak, Wo. Sampeyan mesthi gak telat terus!”, ujarku karo markir Beatku.
“Mboten pareng teng Ayah. Mundhak kecelakaan kados ibukku”, Sadewo njawab entheng. Aku kaget. Dadine ibuke Sadewo tilar amarga kacilakan?.
“Mbah Uti. Mbah Uti wonten bu guru...”, swarane Sadewo nyeluki simbahe. Let sedhela onok priyayi sepuh sak-ibukku minarakna aku. “Monggo, Jeng guru pinarak. Ngapunten Sadewo ndamel masalah malih, nggih?”.
Jagongan ngalor ngidul, akhire sebabe Sadewo mben dina kocar-kacir sragam, buku, lan ubarampe sekolahe amarga yen mulih sekolah disusul ayahe langsung dijak nang tokone. Mulihe wis bengi, mben dina onok ae sing keri.
“Yen arep wangsul barang-barange ditata maneh, Wo. Mau teka nggawa apa, nggawe klambi apa, ben sesuke gak repot maneh”, welingku nang Sadewo. Siji sing tak-elem masiyo mben dina ketriwal apa-apane, Sadewo gak tau gak nggarap PR.
Keprungu swara mobil mlebu. Mbahe Sadewo gage mapag nang ngarep.
“Niku ayahku, Bu”, Sadewo mbisiki kupingku. Pancen mau ayahe Sadewo takbel yen anake takterna mulih saperlu kepethuk wong tuwane.
Dedeg piyadege pideksa, mbambang awak. Sak-umuran mbokmenawa karo aku. “Kula ayahe Sadewo”, wonge ngelungna tangane ngajak salaman, banjur lungguh adhep-adhepan. “Wo, ndang maem kono, ayah tak jagongan karo bu guru”, swarane ulem adhem. Sadewo manut, klunuh-klunuh mlebu.
Apa sing kedadeyan taklaporna kabeh, buku cathetan pelanggaran siswaku ditiling-tiling.
“Saene Sadewo mboten usah langsung dijak teng peken, Pak. Wau kula tangleti terose larene purun menawi numpak sepedah. Kersane...”, omongku durung tutug wis diselani omongane ayahe Sadewo,”Kula sing dereng angsal, Bu. Sadewo menawi sepedahan biyasane ugal-ugalan”.
“Dicobi mawon, Pak. Larene nggih mpun kelas enem”.
Sakwise ayahe Sadewo tanda tangan neng buku kunjungan wali kelas aku pamit mulih, nanging dicegahi mbahe Sadewo dikon melok mangan awan neng kono amarga wis dicepakno karo kancaku. Kanca?
Ealah, sing ngladeni manganku hla kok Wahyuni, kanca kuliyah, saiki kanca guru seje sekolahan. Tibake Wahyuni iki bulike Sadewo, hla iki mau ngepasi mampir. Aku mangan bareng Wahyuni neng ruwang tamu.
“Kowe mosok gak kenal, karo Bimo, ayahe Sadewo?, mbiyen neng kampus ketua senate dhewe. Oh iya, wektu iku kowe lagi cintrong karo ...”, Wahyuni langsung meneng.
 Sapa wae sing kenal aku mesthi ijik eling piya lelakone tresnaku jaman semana. Abimanyu Prasetyo, gegantilaning atiku, sing nganti seprene jik ngiseni atiku, ilang nalika munggah gunung. Wektu iku wis meh wisuda, nggo ngisi wektu sakbare yudisium karo ngetutna adik tingkat latihan munggah gunung.
“Anakku wis loro, lho. Umure dhewe wis ngancik telung puluh, kowe ngenteni sapa?”, Wahyuni nutugna omonge.
Aku gak semaur. Ora pisan pindho sing ngandhani koyok ngono. nanging binggete atiku gak iso ilang seprene. Saumpama wektu iku Abi kenek takpenggak, mesthine gak koyok ngene uripku.
“Apa sing kedadeyan iku takdir. Ojok nyawang memburi ae. Bukaken atimu,...utawa takgolekna piye?”, Wahyuni, sing mbiyen jagoan humas mulai promo.
“Gampang wis lah. Takpikire, rebut cukup aku pamit dhisik”, aku mungkasi jagongan karo pamitan. “Openana ponakanmu, mosok bulike guru, ponakane koyok arek gak kerumat ae!”, ujarku. Wahyuni malah ngguyu banter.
“Hla yo sing kepanggonan sekolahe lho sing ngopeni, wong Dewo gak gelem melok aku!”, semaure maneh karo noleh neng lawang tengah. Tibake Mas Bimo ngadheg neng walike slambu, banjur mlaku ngener panggonanku jagongan. Aduh, isinku bar ngomong koyok ngono. nanging uwonge koyoke biyasa ae.
“Mas, iki Arini kancaku kuliyah sing jare sampeyan mbiyen koyok Lady Di. Lali  tah lali?”. Aku karo Mas Bimo pandeng-pandengan, banjur ngguyu bareng. “Pangling, Yun aku nang Dhik Arini...”. Akhire aku wong telu jagongan maneh sakwetara.
Sakwise kuwi, Sadewo malik grembyang. Gak nate telat, sragame lan atribute jangkep, sepatune pepek. Hla sing nyenengna maneh, mben dina Sadewo nguwehi aku jajan sangune. “Njupuk nang toko tah, Wo?”, takonku . “Mboten, Bu. Nggih tumbas. Tokone ayah lho toko bangunan”, Sadewo njawab karo ngonceki coklate. “Bu guru mboten nate teng peken kabupaten,nggih? Tokone ayahku gueedhee...lho?”. Sadewo, Sadewo...umukmu ki lho!.
“Bu, kula suk liburan badhe teng Bali. Nderek ayah golek ibuk malih?”, Sadewo mbisiki aku. “Hah,...apa neng Bali onok sing dodol?”, jawabku angger wae.
“Mboten, teng Bali wonten sedulure ayah sing purun dados ibukku, terose ayah... Tapi...”.
“Tapi apa?”, aku nyawang Sadewo. “Kula mboten purun nggadhah ibuk malih!”, Sadewo ngomong karo mlayu ngilang saka kelas. Owalah Wo, Wo. Mbuh pikiranku kok ngelingi Mas Bimo, ayahe Sadewo sing klebu duren. Duren...duda keren!.
Nganti awan iku,...
Aku milang-miling maca jenenge toko bangunan. Arahe wis bener, iki toko sing dimaksud. Aku pancene dikon bapak kepala sekolah mampir nang toko “Nakula Sadewo” njaluk stempel kuitansi blanjane rehab jedhing sing kesingsal siji, ndilalahe aku rak sakdalanan arep ngajokna kenaikan tingkat nang dinas pendidikan kabupaten.
Brruaakk...,nalikane tanganku nyopot helm, bokonge sepedahku ketotol pikep. Aku njungkel sakkayange, ketatap spion. Sirahku klemun-klemun, sajake olehku markir kurang maju.
“Bu guru,bu guru..., Dhik Arini?”, ana sing nyeluk aku. Tibake  Mas Bimo. Dadine iki mau tokone?. “Sepedahe takopenane, engko takterna ae!”, Mas Bimo mungkasi perkara. Banjur kuitansi takduduhna.
“Jarene arep tindhak Bali, Mas?”, takonku ngisi wektu nalika diterna mbalik nang sekolahan. Mas Bimo taklirik mung mesem. “Dewo gak gelem!”, jawabe cekak.
“Mben takpamiti golek ibuk maneh, sing diomong pengin ibuk koyok Bu Arini, sing galak tapi nyayangi muride, sing gelem dijak jagongan muride, sing...,sing...pokoke akeh ta lah?”, Mas Bimo mbacutne ngomong. Aku ngrungokake karo njengkerut. Mosok Dewo ngelem aku koyok ngono?.
“Ngerti gak Dhik, mbiyen nalikane sampeyan sakkosan karo adikku, sampeyan nate takrequest dadi pacarku. Eman, aku kalah cepet karo sapa iku...”.
Atiku mbatin, mosok se, kok Yuni gak nate crita?. Aku gak  semaur nganti tekan  ngarepe sekolahan. Isin campur ewuh, nalika mudhun aku mung ngomong “Suwun, Mas...wis diterna”. Mas Bimo mung mesem. Esem sing mulai dina iku bolak-balik ketok nang ngarepe mripatku.
Sesuke, sesuke, lan sesuke maneh ana ae alasane Mas Bimo methuki aku. Ngeterna sepeda, takon perkembangane Sadewo nek sekolah, mamitna Sadewo dijak lunga embahe, ...aku seneng  ae nampa tekane.
Nganti wengi iki, ana sms mlebu  ...Bu guru,eh...Dhik Arini saumpama sampeyan takjak nang Bali, piye?...kersa ta?...
Takbales...lho ketemu pirang perkara?...
Sms balesane cepet banget tekane...sakperkara!. dudu merga aku nggolekna ibuk nggo Dewo.Nanging atiku kepilut sampeyan. Ra sah kakehan mikir maneh, selak kiamat, lho...
Maca sms sing keri iki, atiku kok sajake kepilut sisan. Lho mlebu sms maneh...nang Bali iku kanggo bulan madu, hla sakdurunge ayo ijaban dhisik, setuju?.
Yen wis ngene iki aku kudune piye?.
Cuthel

Jumat, 05 Desember 2014

Ibuku Pelacur



Ibuku Pelacur
“Seorang janda, hidup dengan menjadi pelacur. Setiap malam dia berdoa kepada Tuhan semoga anak cucunya mendapatkan tempat yang layak di dunia ini.namun tanpa diketahuinya, kedua anaknya pun telah menjadi pelacur!”

Janda pelacur.Tertohok aku oleh ucap anakku. Tidak langsung memang. Melalui memo di hpnya yang dengan tidak sengaja kubaca. Memo itu ditulis tertanggal 23 Mei 2013, berarti saat aku sudah resmi menjadi janda. Apa maksudnya? Kata-kata sekeji itu ditulisnya secara vulgar. Aku tahu pasti satu-satunya janda yang dia kenal adalah aku, ibunya. Memangnya siapa dia yang seenaknya sendiri mengatai aku, ibunya, wanita yang melahirkannya, seorang pelacur. Baca pelacur!!! Wanita mana pun tentu tak mau diberi label semacam itu. Aku wanita baik-baik, wanita bermartabat, wanita terhormat. Bah! Anak tak tahu adat,…awas kalau sempat bertemu akan kukonfrontasi dia dengan tulisannya itu.

Anakku yang sulung itu memang pandai dalam merangkai kata-kata. Puluhan bahkan ratusan puisi dan cerpen dia tulis, berserak di banyak tempat. Buku diari, buku pelajaran, laptop, bahkan hp.Tidak salah jika dia masuk 15 besar LCCR yang diselenggarakan oleh Kemendiknas tahun 2012 karena bakat menulisnya itu. Sekarang, setelah lulus SMP dia masuk sekolah berasrama yang mengharuskan dia menanggalkan segala benda elektronik yang dia miliki. Ya begitulah,…hingga ku baca memo itu.
Tak henti aku berpikir. Sekeras apa pun kupikirkan aku menemui jalan buntu. Mengapa dia, anakku sendiri mengataiku seperti itu?. Apakah karena aku diliputi kemarahan hingga hanya kebuntuan yang kudapatkan. Anakku, anakku yang kulahirkan, kubesarkan, kubiayai mati-matian untuk pendidikannya hanya menganggapku seperti itu?
Malam hening ini, seusai tahajud aku merenungkan kembali isi memonya dan berbagai hal yang pernah dia lontarkan.
“Senyum ibu itu palsu!” Begitu dia katakan saat aku tersenyum  kepada tamu sehabis menangis habis-habisan karena membaca sms mesra dari teman wanita ayahnya. Aku memang selalu mengeluarkan air mata di hadapannya apabila aku sedang sedih atau pun sedang menghadapi masalah. Lalu,memangnya aku harus menunjukkan setiap isi hatiku kepada semua tamu di rumahku? Ada-ada saja!
Anak pertamaku memanglah bagaikan saudaraku sendiri. Di sini, di tempat perantauan yang jauh dari keluarga, dialah tempatku bercerita. Mengapa tidak bercerita ke suami? Aku memang punya suami sebelum kami bercerai, namun aku tidak pernah bisa mengungkap semua isi hatiku karena aku sudah tahu pasti bagaimana tanggapannya. Dia akan terkesan cuek atau hal itu bukanlah suatu masalah yang harus dipecahkan.
“Aku ingin seperti teman-teman yang pulang dari kerja masih sempat jalan-jalan dan belanja!” kataku suatu hari.
“Aku ingin njenengan seperti suami Bu Kusnul yang tiap hari memandikan anak-anaknya!” kataku di kesempatan yang lain.
“Aku ingin bisa berdandan pukul setengah enam pagi seperti Bu Eni Purnawati, di mana saat itu suaminya yang menyuapi sarapan bayinya!” kataku juga.
Suamiku pasti menjawab,”Halah, …!”
“Tunjukkan apa yang ibu rasakan, jangan dipendam saja!” Begitu dia katakan apabila aku berkeluh kesah mengenai berbagai hal yang kualami. Dia pasti tidak merasa bahwa dengan berkeluh kesah padanya, aku sudah mengeluarkan isi hatiku yang kupendam.
”Bisa-bisa ibu stress, lho?” sambungnya. Sudah pernah, kutunjukkan Ndhuk, tapi siapa yang akan merespon keinginanku? ujarku dalam hati.
“Ibu seolah-olah ingin jadi pahlawan bagi semua orang, tapi jiwa ibu kosong.. hampa!”. Ujarnya kali lain.  Apalagi ini? Aku memang berusaha menjadi abdi yang terbaik bagi keluarga. Suami, anak, keluarga besar, teman di tempat kerja, tetangga,…
Aku menekan semua keinginan pribadiku demi menjaga keutuhan istana rumah tanggaku bahkan saat rumah tangga yang kupertahankan hancur dengan hadirnya orang ketiga.Ya, akulah ibu yang gagal. Pahit rasanya tuk mengakui. Ibu yang gagal dalam membina rumah tangga. Hal memalukan yang menjungkir nasibku sekejab mata.
Meski dari perpisahan itulah aku mulai bisa menghargai diriku sendiri. Aku mulai mengerti apa yang kubutuhkan. Aku tidak lagi melulu memenuhi semua kebutuhan orang lain. Bahkan dunia seakan lebih mengakrabiku.
“Ibu jangan memaksaku untuk tersenyum kepada Ayah, tukang selingkuh!” Itu yang dia katakana apabila ayahnya datang berkunjung. Aku memang selalu menyuruh anak-anak untuk bercakap, sekedar ngobrol. Karena aku sendiri tidak mau menemuinya lagi. Lebih memilih mengerjakan sesuatu di belakang. “Nggak bisa aku, Bu. Ngomong begini-begitu kalo hatiku nggak sreg!” tolaknya. Bahkan sering kulihat dia tetap mengerjakan sesuatu meski ayahnya berusaha mengajaknya bicara. Hanya si kecillah yang masih mau meluangkan waktu untuk ngobrol dengan ayahnya.
Pernah si kecil ditanya oleh kakaknya, “Dhik, katanya nggak suka ayah, kok masih mau diajak bicara?” jawab adiknya,” Ibu nggak mau menemui, Mbak juga nggak mau diajak ngobrol, tinggal aku deh yang Ayah ajak bicara, siapa lagi?”
Dalam pikiranku pelacur adalah wanita penggoda suami orang. Mencari nafkah dengan memberi kenikmatan kepada para hidung belang.Aku tak habis mengerti, mengapa aku dijuluki anakku seperti itu?
Kujenguk dia di asramanya. Tanpa basa-basi kutanyakan apa maksud tulisannya itu. “Oh,..tulisan itu, ibu membacanya, ya?” dengan santai dia berkata seperti itu. Kutahan amarahku dalam diamku.anakku membuka –buka file hp-nya yang kubawa tiap menjenguknya.
“Ibu, aku mengenal ibu sejak aku bisa menatap ibu. Akulah saksi hidup bagaimana ibu begitu menderita akibat ulah ayah tanpa pernah berontak. Aku selalu melihat senyum bahagia dibalik derita ibu. Tersenyum dan terus tersenyum. Aku tidak suka ibu menjadi seperti boneka tanpa perasaan. Menjalankan rutinitas dari waktu ke waktu!”
Aku diam mendengarkan. Dia terus berkata-kata.
“Bahkan aku menganggap ibu adalah pembantu terhormat ayah. Yang rutin dibayar tiap awal bulan. Tanpa komplain tanpa protes. Diberi berapa pun diterima. Bahkan ibu menghabiskan seluruh gaji ibu menyokong untuk hidup. Apa yang ibu cari dalam hidup ibu? Aku memang ingin melihat ibu marah. Marahlah, Bu. Bahkan gading gajah pun bisa retak. Tapi aku melihat ibu bagai patung tanpa perasaan. Seakan-akan tidak punya harga diri. Persis pelacur. Ayah direbut wanita lain pun ibu merelakan. Bahkan tetap tersenyum!”
Aku ternganga mendengar khutbahnya.
Dia memang tidak pernah tahu betapa hatiku sangat teriris kala perselingkuhan ayahnya terkuak. Betapa aku menghabiskan hari-hariku dalam tangis tak berkesudahan saat kugugat cerai ayahnya. Aku ingin anak-anak tahu yang baik-baik saja. Ternyata…
“Ibu dulu orangnya munafik. Orang munafik menurutku kan sama dengan pelacur. Apa yang dikatakan, dilakukan nggak sama dengan apa yang dia inginkan atau rasakan. Betul kan, Bu?” urainya. “Bahkan aku dan adhik pun ibu giring untuk menjadi seperti ibu, menyenangkan orang lain terus menerus. Boring, ah!”
Kutanya dia, ”Apakah menurutmu sekarang pun ibu juga masih begitu?” 
“Sepertinya ibu sudah nggak, deh. Ibu sudah nampak manusiawi dan berkepribadian!”, pujinya.
“Ibu belum membaca lanjutan tulisan di memo itu?” tanyanya ringan. Lalu dia sodorkan hpnya. “kalau membaca itu semuanya, jangan sepotong-sepotong!” lanjutnya. Kutahu dia baru saja menambahkan tulisan di memonya itu.
Kubaca di situ... “ibuku seorang janda pelacur yang sudah tobat meski pun agak terlambat.Tapi aku bangga memiliki ibu! Suer…
Dingin hatiku setelah membacanya.

Pengirim: Eni Siti Nurhayati
                  d.a. MIN Rejoso Peterongan Jombang (61481)