Halaman

Translate

Selasa, 26 Januari 2016

Crita Romansa Antarane Saras lan Amira, kamot teng JB Minggu IV- Januari 2016



Antarane Saras lan Amira
“Ra usah ngomong apa-apa, aku wis ngerti. Ra usah kandha apa-apa maneh. Mundhak atiku tambah lara. Luaarrraaa!”, Panji tambah ngaru ara olehe nelangsa. Nelangsa, getun, keduwung, rugi sembarang kalir...tumpuk dadi siji.
“Mulane ta lah, wong wedok aja diuja karo donya. Donya sing mbok kekna entek. Golek liyane. Keluguen olehmu dadi uwong!”, Dimas jik malah ngandhani.
“Prei. Stop...”, Panji alok banter karo nutup kupinge.
........................
Mas Panji. Cepetan ta lah. Butike selak tutup”, aloke Saras sore iku. Panji mung iso njengkerut sethithik. Nglirik dompete sing isine wis kalong akeh. Gak kalong piye, Minggu wingi mari ngetutna mlaku-mlaku blanja sepatu sandal, mesti karo mampir neng depot. Minggu ngarepe njaluk nang butik, arep ndelok kain model anyar sing diweruhi neng internet. Ndelok,...ujug-ujuge nek cocok njaluk ditukokna. Mben kaya ngono!.
Panji sakjane gak piye-piye, wong pancen jer basuki mawa beya. Wong lanang pancen kudune jejer satriya sing ndhadhagi samubarang butuh. Hla saiki latihane. Ra pa pa. Ra papa.
“Sampeyan ki kudune memantes awak. Pegawe kok klambine gantine setaun pisan. Tur ora ngerti cara-carane pergaulan kelas atas”, mben-mben Saras ngece olehe nyandhang nganggo utawa lagak lagune nalika dijak nang restoran. Bab ngono kuwi dijarna ae nang Panji. Sabar...sabar..., pujine.
Sakwulan rong wulan nganti gedhene setengah taun, suwene suwe krasa yen saploke cedhek karo Saras, Panji gak nduwe celengan blas. Padahal sethithik akeh yo kepingin nyembulih wong tuwa karo. Paling ora iso melu nyangoni adhik ragil sekolah. Kojur,saiki...dhuwike entek awake remek njaba njero.
Seminggu kepungkur, sakwise ngeterna Saras nang salon, Panji merlokna ngejak jagongan sing rada serius.
“Ras, adhewe ki suk rak angkahe urip bareng, ning nek aku gak kober nyelengi, njur piye...?”.
“Lho, sampeyan rak bakale dadi kepala rumah tangga. Yo piye usahane, lho?”, Saras semaur cepet. “Oh, saiki Sampeyan wis gak cocok karo gayaku?. Karo modelku?. Ngono?”, Saras ndhredel olehe takon. Eh, ora takon maneh. Kaya mbrondong peluru nunjem jantunge Panji.
“Ngene, lho...karepku. adhewe rundingan sing penak. Suk arep dikepiyekna sesambungane saiki iki”, Panji alok kanthi sareh.
“Wis, rebut cukup sampeyan wis cocok karo aku. Aku uga wis krasa nek sampeyan gak bakal iso nyukupi apa kebutuhanku. Saiki-saiki aku njaluk pedhot...”, Saras mbengok. Karo semperat ngalih, jik kober ngomong,”Wong lanang kok kakehan pertikel. Ngomong ae nek gak nduwe dhuwik. Wis ra gaul sisan. Huuuh..., untung durung dadi bojone, mendahneya...” karo nyangking blanja sakkresek gedhe. “Wong tetukon yo kadang karo nukukna dheke. Dasar jadul...”
Panji isone mung ngelus dada. Arep diplayoni kaya biyasane yen Saras pas ngambeg, wis ora nduwe daya apa-apa. Dompete wis kempet gak onok isine. Dijarna ae Saras nggenthirit ninggal kos-kosane njur nyegat bis kota. Cuthel.
.....
Akhire yo ngono kuwi. Panji sik ungglang-ungglung kaya wong linglung nganti rong ndina candhake. Neng kantor nggarap saknggarap kliru. Untunge Dimas, kanca nunggal bageyan ngerti kahanane. Mulane tanpa kakehan cingcong mbenerake garapane Panji. Hla pancen padha-padha operator komputere.
“Durung iso nglalekna?”, Dimas takon pas wayah ngaso. Panji mung ndhingkluk karo ngudhek es teh-e. “Takon liyane ae”, Panji semaur aras-arasen.
“Karuwane, takgolekna liya”, Dimas mbeda.
Ujug-ujug Saras mlebu nang kantin karo guyon rame mbek kanca-kanca liyane.  Pas ngliwati mejane Panji, sethithik-sethika ora noleh tah nyapa. ...Panji, Dimas,...kanca-kanca liyane dha uluk nyapa kaya biyasane. Ning pancen Panji lan Saras sakkantor, masiyo beda ruwangan, kabar pedhote wis sumebar sakkantor. Ora nganti ngenteni sesuk, sakkal pedhot kae lho wis dha ngerti. Hla pancen Saras langsung gawe status nang facebook ngene...I’m free now. I don’t have anyone now...
Panji ngode Dimas ngejak metu. Hawa kantin sing panas kaya tambah panas klebonan Saras. Dimas mung iso ambegan dawa karo ngetutna.
Ngepasna pikir menepna ati sing sengkleh, tibake butuh wektu. sakwulan, rong wulan, telung wulang, gedhene nganti setaun Panji jik durung iso bamban maneh. Padahal saksuwene iku Saras wis kewar-kewer oleh ganti, tebar pesona sakben dina. Hla gak tebar pesona piye, mben esuk diterna nganggo mobil gres, mulihe yo disusul maneh. Sragame necis, pacakane mlipis, pawakan dhuwik kandhel. Mben esuk lan sore, Panji nyelakna nyawang saka kadohan. Nyawang kawitan, atine ndhredheg umob, gak nrimakna. Getem-getem, praenane abang angatirah. Suwene-suwene,...biyasa masiyo ta jik mben-mben nyawang.
“Wis ta lah. Aja ngene terus,...dongakna wae Saras sempulur sesambungane karo wong kuwi!”, Dimas ngrangkul pundhake Panji dijak ngalih saka cendela. Panji manut.
“Nji, ditimbali Pak Kasi”, Bu Dewi ngaba Panji. Kaget Panji ngrungokake. Paling dhuwur dheweke diceluk pimpinan tim sakkantore. Yen kepethuk Kasi paling-paling yen rapat evaluasi wulanan.
“Pak Panji, aku wis njaluk info saka Pak Kamid sapa pawongan tim operator sing paling iso lan open nyrateni pegawe anyar yen wayahe pembinaan pegawe, piyambake nduding sampeyan. Mulane aku njaluk tulung sampeyan nglatih pegawe anyar, tapi,...”, pak kasi mandheg olehe ngendhika.
“Sampeyan kudu melu pelatihan dhisik nang Jakarta suwene seminggu. Sanggup?”. Panji mung manthuk ngenggihi. Dheweke ngerti, lan paham. Mau wis dibisiki Dimas yen dheweke kudu siyap budhal, amarga kanca liyane tau diklat kuwi. “Ora sah kuwatir, ana barenge kok saka bageyan humas, Amira jenenge”.
Senajan wis dadi pegawe limang taun, sakjeg jumblek ya kawit sepisan iki dheweke numpak pesawat. Mulane...
“Mas, sabuke ndang ditalekna”, aloke Amira sing lungguh sandhinge. “Kene takbenakna”, ujare maneh ngerteni Panji mung clingukan. Ketara yen rung nate lunga liwat ndhuwur. “Suwun, Mbak”, Panji ngaturake panuwun. “Santai wae,...aku mbiyen jaman rung kulina ya diewangi wong liya”, jawabe karo mesem amba. Panji melu-melu mesem. Esem kawitan sakwise pisah karo Saras katone!.
“Aja nyeluk Mbak, lah. Mira ngono wae, umurku katone yo sakngisore sampeyan. Hehehe”.
“Wah gak wani aku, Mbak. Suk wae yen wis luwih raket kekancan, aku kawit wani njambal”, Panji njawab jujur.
“Enggih, enggih. Aku ngerti...”, Amira njawab karo nampani jatah mangan saka pramugari. Amira jan nggumun jaman kaya ngene kok jik ana menungsa sing lugu kaya Panji.
Sakwise kuwi kena dibedhek yen Amira ibut mblajari Panji piye carane mbukak meja nggo mangan, lan ngenalna ubarampene. Hla piye, wong bar didumi anane mung plengah-plengeh dijarna wae.
“Njenengan ki wonge eksotik lan klasik, yo Mas. Langka ngono kuwi”, Amira nyimpulna wateke Panji sakwise jagongan sakwetara saksuwene neng njero pesawat.
“Ora langka piye, Mbak. Wong pancene aku ndesa lan kuper ngene, hehehe...”,Panji semaur nglendheh.
“Ora Mas. Jaman saiki samubarang kena diblajari. Ora ana kamuse ketinggalan. Ora iso, yo sinau. Terus sinau. Optimis lan tansah positif thinking”, Amira njlentrehna kaya lagi ngisi seminar. Weh, weh, weh. Malah njur dibacutake...
“Ndesa lan kuper?. Wow sing ngomong kuwi uteke malik. Wong njenengan ki gagah pideksa, nyandhang nganggone sarwa pantes. Yen mung rung wanuh pesawat, rak yo maklum ae...wong durung nate...”, Amira gak setuju nang omonge Panji. Mesthi ae irunge Panji mekar krungu omongan kaya ngono!.
“Yen saka bageyan humas, berarti sampeyan kancane Saras?”, Panji takon liyane.
“He eh. Mantanne sampeyan!”, Amira semaur karo nyawang Panji. “Aku wis ngerteni sampeyan suwe. Ora mung aku, sakkantor be’e. Hla aku kalah ayu se karo Saras mangkane sampeyan...”, Amira ngguyu kemekelen nganti gak iso nutugna omonge. Panji kecipuhan dhewe.
......
Dina kawitan diklat, kaloro, katelu, lancar-lancar wae. Materine jan cocok nggo nambah kabisane saksuwene iki, kanca-kanca anyar saka saindhenging Indonesia malah nambahi gayenge swasana. Pancen diklat kuwi sakliyane ngangsu kawruh rak uga penyegaran saka rutinitas penggaweyan mben dina?.
Dina kaping papat, Amira ngejak Panji jagongan sakbare sesi bengi. Kawitane amarga dheweke nampa sms saka Saras,...Mira...aku pengin jagongan karo Mas Panji . Takbel kok dheweke gak gelem ngangkat?”. Panji wis ngerti apa karepe Saras, wong Dimas wis crita yen Saras nggoleki wae. Wis pedhot maneh jarene.
“Iki ngenani Saras”, Amira ngomong tanpa tedheng aling-aling.“Nek jareku, kabeh mbalik nang sing nglakoni, Mas?”.
“Aku wis ora kepingin mbaleni crita karo Saras, Mbak. Mung aku gak iso mbales tah jagongan bab kuwi karo dheweke”, Panji njawab alon. “Aku saiki tak fokus nang karir wae”. “Ngono yo apik, Mas”, Amira nyarujuki kanthi praenan sumunar.
Setaun sakwise kuwi...
“Mas, aja mundhut sing kuwi. Iki wae. luwih murah merga produk dalam negeri, tapi kualitase luwih apik”, Panji manthuk ngiyani.
“Iki kanggo ibu, iki kanggo adhik, iki kanggo aku. Hla kanggo sampeyan endi, sing mau ora sido dituku?”, Panji takon nalika dudah-dudah blanjan neng njero mobil.
“Mboten. Samubarangku jik cukup. Klambiku yo jik akeh. Suk riyaya mawon tumbase...”, sing dijak jagongan semaur karo ibut nata blanjane.“Aku ora perlu tumbas apa-apa. Amarga...”.
“Amarga apa?”, Panji semaur cepet.
“Aku wis diparingi atine njenengan”, jawabe karo kethip-kethip lucu. Panji gedheg-gedheg gemes karo muni ,“Amira, Amira...”.
Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar