Tumbuk
Dhek
tanggal 27 Februari 2016, aku sakbatih, dumadi saka bapak ibuku lan aku,
diampiri mobile paklikku, Mbah Amin dijak sambang sedulur sing lagi opname neng
RSUD Lumajang. Neng njero mobil wis ana mbah Amin sekalian, Mbah Juki, lan
salah sijine tangga apik sing kepengin melu nyambang uga. Kanggo mbasakna nang
putu-putu, aku sakdulur yen nimbali pakdhe budhe, paklik bulik, kanthi marabi
‘simbah’.
Lelungan
kaya ngene iki sing paling taksenengi, wis gratis, disusul nang ngomah, kari
lungguh bleng. Mobile apik, tumpakane penak. Aku sing jejer paling enom, milih
lungguh mburi karo nyawang njaba sinambi ngrungokake jagongane para pinisepuh.
Nalikane
mlebu kutha Lumajang, Mbah Juki ngendika ”Sajake iki wis meh tumbuk, ya Lik
Jupri?. Senajan mangsa udan, ning hawane jik sumuk ae”. Mbah Juki sajak gerah
senajan AC-ne wis diurubna.
Bapakku
sing lenggah sandhinge ngguyu, karo semaur “Pakdhe, nek nurut itunganku,
tumbuke tasik mangke tanggal kalih likur Maret”. Bapak sing pancen seneng
etung-etungan njawab sajak serius. “Panci sakniki wonten owah-owahanipun
mangsa. Senajan rendheng, nanging menawi bar udan hawane sumuukk mawon”.
Ndilalahe
ibuku sing lagi jagongan liya nyemauri, nrambul melu ngomong “Biyasane sing
seneng tumbukan (sundhang-sundhangan) iku wedhus, ya?” . Sakkala gerr aku lan
liyane ngguyu bebarengan.
Hla kok
neng sela-selane guyu, Mbah Amin jik nyambung,”Yu, jik eling ta, jaman
cilikanku, mben dina aku sampeyan ingahi sega neng tumbuk”. Hahaha, guyune wong
sakmobil sansaya banter.
“Niku
namine tumbu, Lik Amin”, aloke Ibu nerangake.
Hla
yo pancen lelungan karo wong sepuh-sepuh, jagongan parikena isa nambahi
rumakete paseduluran. Owalah, jaka sembung menek korek...jagongane gak nyambung
rek, hehehe...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar