Lindhu Kanggo Gurit
“Piye, critane.., wah wis suwe yo gak tau ketemu. Ehm,
pirang taun, ya?. Onok limang taun?. Wah, koyoke...aku iso ngrasakna dejavu maneh ketemu sampeyan, Gurit”.
Kemrepyek
omonge Mas Lindhu mlebu metu kupingku. Kaget lan eram. Piye ora kaget?, nalika
semana, Lindhu Pratama, sawijining pawongan spesial
sing takkenal, mara-mara ngilang kaya mlebu neng njero bumi. Jarene jare,
dheweke disekolahna neng luwar negeri. Ora kaget ora nggumun. Wong pancen
putrane wong the have.
Aku
kok cik pahame nang dheweke?. Yo mesthi ae lah. Wong bapakku sopir pribadine
bapake!. Aku ngerti, paham, ning srawunge mung kala-kala yen aku dhong nderek
dolan nang daleme pas ana acara ulang taun tah nduwe gawe.
Eramku
gak entek-entek, kok ya jik ngilingi
aku?. Nek aku ngelingi Mas Lindhu, kuwi wajar lan lumrah. Saumpama tata surya,
aku iki mung sawijining planet cuuiilliik sing tansah ngliteri dheweke kala
semana amarga katut gaya gravitasine. Ning yen dheweke ngelingi aku?. Tangeh
lamun,...ning iki kasunyatan!. Aku mung manthuk ngiyani omonge.
Bapak
dhewe ora nate crita sakcuwil-cuwila ngenani Mas Lindhu sakwise dheweke ngilang
jaman semono, masiyo taktakoni. “Mas Lindhu sekolah adoh”, mung kuwi jawabe
Bapak. Cuthel.
Nganti
sawijining dina telung taun kepungkur, Bapak maringi aku buku kumpulan crita
karangane Mas Lindhu. Ngendikane, buku kuwi titipan kanggo aku. Wow, surprise!.
Bar
kuwi, seprene aku ngoleksi mben ana karangan anyare dheweke. Aku malih kulina
saba toko buku. Apa maneh, novele..., jan ngangeni. Ora kok mung amarga aku
nge-fans, ora...pancen kualitase uga
uuaapiik. Sapa wonge yoan sing nguyahi segara?, hehehe...
“Golek
buku apa neng kene?. nggoleki karanganku, yo?”, swarane Mas Lindhu gemontang
maneh neng kupingku. Aku ngguyu nampani omonge. Mas Lindhu, Mas Lindhu,...
Kepethuk
neng toko buku langgananku, senengku ora karuwan. Saumpama ra lali yen umurku
wis ora las-lasan, mbokmenawa aku wis jingkrak-jingkrak.
Jaman
cilikanku, aku ora nate ditumbasna buku. Aku mesthi oleh lungsuran saka
dheweke. Aku ngelingi Mas Lindhu, ngerteni patrap solah bawane saka bukune sing
disilihke nang aku. Ora, ora nyilih. Diparingake ngono thok. Sakjane bapak
dikon ngedol nang loakan saben ganti taun ajaran dhuwite kon ngepek bapak,
Nanging buku-bukune ora didol, diwarisna nang aku. Sing penting kurikulume
padha, buku apa wae rak kena digawe, yo?. Idhep-idhep nyuda blanjane sekolahku,
hehehe
Buku-bukune
Mas Lindhu kabeh kebek coretan. Meh saben lembare ana komentare. Ana sing lucu,
ana sing nyebeli, ana uga sing nuturi. Kuwi kabeh sing ndadekna aku sregep
sinau. Wiihh...
Saka
buku-buku paket sing ana kuwi aku iso ngerteni yen Mas Lindhu seneng nulis
crita. Hadeeh, mben saklempir mesthi ana critane ra ketang mung sakparagraf. Ana
uga geguritan-geguritan lan sketsa. Dheweke yastra lan nyeni,pokoke...
Mbuh
piye, aku dhewe suwene suwe nyimpen pangrasa seneng amarga asring maca
coretan-coretane. Ana sing nyenengake, ana sing melankolis, ana sing nggugah
semangat, lan sakpanunggalane. Apa maneh ukara-ukara motivasi sing isih urip
neng utekwarasku.
Ora mung siji loro putrane wong papa
cintraka dadi lan luhur wekasane amarga usaha lan dongane sing tumemen. Ora
mung siji loro putrane wong sugih mblegedhu tiba ajur mumur amarga salah dalan
tiba nyungsang.
Mulane
kabeh tulisane sing ana buku takguntingi, takklumpukake, njur takkliping. Hla pas ulang taune sing kaping 18, jaman
semana, klipinganku kuwi takfotokopi njur takkadokna liwat bapak. Niyatku se sing
kapisan ngaturna panuwun amarga wis nyuda sanggane bapak nukokna bukuku,
kapindhone,...aku ngaturake panuwunku amarga Mas Lindhu wis dadi motivatorku liwat coretan-coretane.
Tenan, mung saka tulisane sing iso klebu oret-oretan, aku, putrane sopir , wani
nduweni gegayuhan kanggo methik bintang.
...
“Bapak
sehat, Rit?”, takone Mas Lindhu karo melu mbukak novel anyare sing lagi wae
dirilis. “Enggih, Mas”, jawabku karo
ngematna. Pawongane pancet cilik dhuwur, kuning nemu giring, mung saiki malih
nduwe brengos njliritttt...
“Aku
durung ketemu bapakmu sakwise bali saka rehabilitasi”, bacute. Rehabilitasi?. Aku
jengkerutake bathuk. Mas Lindhu malah nuthuk bathukku. “Ra sah dipikir,
Gurit...Gurit...”, aloke karo ngguyu.
“Seneng
maca novelku?”, Mas Lindhu takon liya.
“Wah,
aku penggemare Mas. Critane uuapiik. Mben ending
sakbuku mesthi ana pitakon sing durung kejawab, nggarakna penasaran wae kanggo
ngerteni bacute. Njenengan jan hebat, Mas”, sautku cepet karo nyoba nglalekna
omonge sing keri mau. “Wonten, acara nggih?, temu fans?”.
Mas
Lindhu mung ngguyu. “Ora. Oh ya, wulan
iki seri pungkasane trilogiku arep metu, wis krungu?”. Mas Lindhu mbalik
ngomong maneh.
“Aku
mpun krungu saka kanca raketku, Mas”, jawabku. “Ohh...”, Mas Lindhu
manthuk-manthuk uga karo nggeget lambene.
Kanca
raket?. Aku gedheg-gedheg tanpa sadar. Sakjane mung kanca neng dunia maya. Kenale nalika padha-padha ngomen neng resensine novele Mas Lindhu sing kawit kababar. Cocok iwak endhog.
Kekancan ora nyawang rupa pancen gayeng, apa maneh padha kasenengan. Ndilalahe
jeneng ngarepe padha karo aku, Gurit. Klop, wis!. Ning aku nyeluke nganggo
Mbak. Mung kuwi bedane. Isih eling olehku chattingan wingi bengi...
“Rit, aku oleh bocoran yen wulan ngarep trilogi kasenenganmu arep metu
seri pungkasane”.
“Tenane, Mbak?”
“He eh. Wong aku lho bar chattingan karo penulise. Mas Lindhumu!”.
“Yeehh. Pancen dheweke gelem kekancan karo njenengan. Jajal karo
aku,...”
“Hehehe. Durung rezekimu...!”...
Saiba
kagetku nalika bengine aku dicritani bapak ngenani Mas Lindhu. Mas Lindhuku!.
“Mas
Lindhu kuwi pancen putrane pengusaha gedhe, mulane angkahe bapak ibuke dikon
kuliyah sing tembene iso mbacutna bisnise keluwarga. Ning dheweke ora gelem.
Nanging ya ora nulak. Mara-mara sawijining dina Mas Lindhu konangan nguntal pil tidur .over dosis. Nyawane meh kelayu. Untunge langsung ditulung paklike
sing dadi dokter lan digawa neng daleme
sing nduweni panti rehabilitasi, seprene.. .
“Malah
emoh mbalik senajan wis dijanji ora arep dipeksa nglakoni pepenginane
keluwarga. Dheweke milih ngembangna
kasenengane nulis neng kono”.
“Berarti
bapak yen pamite nang ibu nderekna nang luwar kota mben seminggu pisan ..?”,
takonku kuciwa. Mendahneya aku ngerti, aku rak iso melu...
“Heeh.
Ngeterna Pak Amru lan ibu nyambang. Ning sakwise mantep emoh bali mrene, yo
arang disambang”, Bapak ngendika kanthi sareh. “Wis, arep takon apa maneh?”.
“Ning
aku mau krungu rerasan neng kantor, jarene Pak Amru arep mantu, mbuh putra sing
ngendi. Wow, mulane...Mas Lindhu kok teka”, bapak nggremeng karo jumangkah
tumuju ngarepan.
Aku
wis ora kepingin takon liyane maneh. Pancen wong urip nggawa lakon dhewe-dhewe.
Mas Lindhu sing prasasat kaya lintang sumunar, pranyata ngalami lelakon sing
nyedihake. Ning sajroning atiku aku nelakake pangrasa syukur amarga mas Lindhu
wis mbalik kaya wingi uni. yen nyipati sapatemonku awan mau.
“Mbak
Gurit, wonten kancane lho?”, swarane adhikku jelih-jelih. Biyasane sing mara
kanca ngajarku, Pak Prasojo ,nggarap apa tah apa. Sruwang-sruwinge kanca neng
sekolahan, beliaunya ngesir aku. Mung
aku dhewe sing jik durung ngeh.
Seneng kaya ngene dhisik ta lah. Jomblo
bahagia, wkwkwk... Ndilalahe dina iki mau marane bareng Bu Niken.
“Bu
Gurit, kadingaren, ana dayoh liya. Kuwi neng ngarepan jagongan karo Bapak”, Pak
Prasojo ngomong karo sajak ora seneng. Bu Niken mung ngethip sisih karo nyebek.
“Mosok?.
Tamune masku paling...”, jawabku entheng.
Tibake,
dayoh liyane kuwi mau Mas Lindhu karo ibuke!. Ning Mas Lindhu mung njagong
silaturahmi nang bapak ibu neng ruwang tamu, malah njur rame guyon karo
adhik-adhikku. Sing sakrepotan aku dhewe, kancaku ora bali-bali nganti jam wolu
bengi, wong pancen niyate sinau bareng nggo UKG sukmben. Nganti tanpa
kenyana...
“Gurit,
ana kancane ya?. Ngene lho, acarane adhewe sesuk sida, ta?”, Mas Lindhu mlebu
ruwanganku karo nyalami Pak Prasojo lan Bu Niken.
“Acara
?...”, aku sing pancen ora njawa kandheg ngomongku krungu Mas Lindhu mbacutna
omonge.
“Lho,
piye...sesuk rak mbaturi aku neng nikahane mbakyuku. Taksusul neng sekolahane
sampeyan jam 10, ya?”. Aku mung plenggang-plenggong ngrungokake. Ning aku
manthuk ngiyani.
“Wah,
sajake kalah cepet, Pak...”, Bu Niken ngomong lirih sakwise Mas Lindhu metu.
Pak Prasojo mung manthuk karo mbales ngomong,”Ora pa pa, kok. Wong asline aku
ki nyenengi kancane Mbak Gurit”. Owalah, akhire malah Bu Niken sing praenane
malih abang ireng. Seneng tah piye? Aku ra iso maca artine.
Kabeh
kawiyak nalika bengi iki aku maca email saka Mbak Gurit...
... Aku ora nduwe niyat ngapusi sampeyan, Gurit. Sakdawane uripku aku
ora ngerti apa kang pengin taklakoni ing uripku iki. Nganti aku nampa kadomu
mbiyen kae. aku iso dadi penulis kaya saiki salah sijine amarga motivasimu. Lan
aku kepingin kekancan ning ora ngetarani. Mulane aku nyamar...
Jik
akeh lan dua....waaaa tulisan saka kancaku mau sing tibake dheweke kuwi Mas
Pandhu dhewe.
Nganti
pungkasaning email ana ukara sing
ndadekake atiku kaya arep metu saka panggonane...
“Mbokmenawa aku dudu manungsa sing sampurna, ning aku kepingin dadi
lindhu sing nggograkna atimu, piye?”.
Cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar