Halaman

Translate

Minggu, 15 Mei 2016

Nalikane Uji Kompetensi (Cerkak)



Nalikane Uji Kompetensi
UKG. UKG. UKG...Uji Kompetensi Guru. Yo wis ngene iki sing kudu dilakoni nek dadi guru. Mosok mek seneng nampani bayare thok?. Ngelmune yo kudune dicek, jik pinter tah tambah pinter ?, ngono lho...kanggoku, UKG iki jan penting dicakna, cie,..
Ealah, masiyo aku yo ora gelem diarani bodho, ning nek krungu critane sing wis bar nggarap, saumpama soal 100, bener mung 40, harak kojur?. Aku gedheg-gedheg dhewe sakdawane wengi sakdurunge  nglakoni UKG. Muga-muga, ora a biji apik lan dhuwur, pas KKM lho gak pa pa. Ben gak isin nemen-nemen.
Esuk jam lima aku wis tata-tata arep budhal, senajan acarane jam wolu. Panggonane uadoh, tur aku nyepedah. Ndilalah bensin sepedhah montorku kok mepet isine, kepeksa mampir nang SPBU Kencong.
Neng ngarepku ana Avanza ireng wiwit diiseni. Aku agahan mbukak bagasi tata-tata diiseni.
“Eni?”, keprungu swara nyapa. Aku ndengengek. Sopir Avanza ngundang jenengku nalika mbayar bensin. Adduh, Widi!.
“Maju, Mas”, aloke pegawe SPBU. Widi majokna mobile njur mandheg neng sacedhake dalanan metu.
“Arep nyang ngendi?,...oh palingo UKG. Iki aku yo arep ngeterna nyonyahku. Bareng sisan po’o kene”, Widi ngomong dhawa karo ngguyu amba. “Suwun, Wid..., ayo wis budhala dhisik. Takbalap saka mburi”, jawabku nglucu.
...Widi, Widi,...kanca plek nalika SMP. Kanca nunggal pekarangan paribasane, nang ngendi-endi bareng, nggoncengi aku yen ana kegiyatan apa wae. Dadi bodyguardku pokoke.
Nganti sawijining sore nalika arep latihan pramuka, dheweke mara-mara ngekeki aku surat diamplopi wangi. Ora diwenehna dhewe, ning nganggo dhandhan, Budi. Nalika istirahat takwaca bareng kancaku sakregu, isine...Widi nelakna seneng nang aku. Sumprit,...eram aku. Piye iki?.
“Nek kowe gak seneng omonga ae, En”, Fatim ngandhani. “Alah jarna ae, .. aja dilawehi”, Sofi nimpali.
“Hla piye, Eni lho ngalor ngidul digonceng Widi. Malah takkira kowe wis pac...”, Fatim langsung gak nutugna ngomonge amarga tangane wis takjiwit rosa.
Sakdawane mulih aku pancet mbonceng Widi. Ning aku lan dheweke ora cemuwit jagongan. Apa maneh mau neng parkiran Widi digojloki kanca-kanca sakreguku. “Cuit...cuit. WINI...Widi Eni...”. taksawang praenane Widi abang ireng sajak isin lan ndhingkluk kluk. Akune se biyasa ae. Sakdurunge Widi aku uga nate nampa surat sing padha saka Nanang, Hari, lan Ardi. Tenan aku ra nggombal. Malah Widi uga ngerti lan melu maca.
“Wid, aja guyon kaya ngono maneh. Adhewe jik cilik. Aku emoh pacar-pacaran”, alokku mbukak guneman nalika wis separo dalan. Widi mung meneng nganti tekan omahku.
 Sakwise kuwi Widi keplas blas gak gelem marani. Neng sekolahan barang yo emoh awor. Nganti dina iki mau paribasane. Ra nate sapejagong maneh, solap-salipan padha-padha emoh nyawange. Sapa sing salah nek wis ngene?. batinku ngumbara sedhela,”Saumpama aku mbiyen gelem pas disurati Widi, mbokmenawa aku sing ana njero mobil mau, ya?”, batinku mblarah. Wkwkwk...aku mesem kecut dhewe
Sakbanjure sepedahku tak playokna suwidak pitung puluh daya-daya ndang tutuk panggonan lan nemokna papan lungguhku neng ngendi. Nek kaya ngene, tibake guru karo murid ora ana bedane, ya?, hihihi...
Jam pitu luwih limang menit, aku wis tutuk panggonan UKG. Mandheg grek tumuju parkiran sepedah. Aku dilungi nomer urut 91,  wis akeh sing teka rupane. Dumadakan,...makbyuk...  nalika malik awak aku ditabrak sawijining pawongan sing uga bar nyeleh sepedah. Eh,...sapa yo kok sajak familier praenane?. “Ngapunten, Mbak”, wonge alok ndhisiki. “Sami-sami, Pak”, jawabku karo ngeling-eling. Pak Bambang!. Langsung wae aku nyedhak karo ngambung astane. Piyambake kamitenggengen.
“Supe, nggih teng kula?. Kula Eni..., murid teng SMU rumiyin”. Pak Bambang ngematna aku. “Yo, aku eling. Saiki tambah ayu, mulakna pangling, Mbak”.
Pak Bambang ki guru idolaku nalika aku SMU. Jaman semana piyambake guru anyaran tas pindah saka Banyuwangi. Gayane sing gaul lan pinter olehe nerangna pelajaran ndadekake aku sekonyong koder. Kabeh  tugas  neng buku takgarap sakdurunge dikongkon. Temenan.
“Putrane sampun pinten, Pak?. Njenengan kok mpun ketawis sepuh?”, takonku karo mlaku bareng mlebu.
“Mosok aku ketara tuwek?. Gara-gara mbok jothak mbiyen kae be’e”, Pak Bambang semaur karo nguyek rambutku. Aduh, gayane pancet!.
Aku njothak Pak Bambang?. Hiih, isin aku. Bener. Nalika krungu Pak bambang arep nikah, aku emoh nyapa nganti saksemester. Atiku mangkel. Aku gak seneng guru idolaku dipek wong liya. Malah Pak Bambang taksurati sing wose aku gak nrimakna nek piyambake nikahan. Hla yo suratku kuwi sing nggarai aku urusan karo BP lan diweruhi kabeh guru nek aku kojare nyenengi Pak Bambang.
“Kowe saiki wis dadi guru, ya?. Nek ndeleng gayane koyoke durung nikah. Ngenteni sapa?. Durung iso nglalekna Pak gurumu iki?”, Pak Bambang nglucu.
“Mboten ta lah, Pak. dereng ketemu jodho mawon. Njenengan nggih UKG?”, jawabku karo takon.
“Yo iyo ta lah, Mbak. Yuk ya, iki ruwanganku”, Pak Bambang mungkasi jagongan esuk iki sinambi madhakna kertu karo daftar peserta neng kaca cendhela ruwangan.
Aku dhewe manggon ruwang 07 nomer urut 20. Pas lan penak. Mburi dhewe. Sapa ngerti kiwa tengen ana sing kenal lan iso njaluk warah..., hehehe...
Hlo, ana Mbak Ratri sing lungguhe neng sandhing tengenku!. Aku menga mingkem arep nyapa.
 “Suwe ra nate ketemu. Tambah ayu?. Wis ana sing mengku?”, Mbak Ratri ngomong dhisik. Mripatku mung mblalak amba. “Ehm, dereng, Mbak”, semaurku.
“Bhre yo UKG, wis ketemu?”, Mbak Ratri takon tanpa tedheng aling-aling. Aku mung mesem. Aku ngenal Mbak Ratri yo nalika aku nguber-uber Bhre mbiyen. Mbak Ratri ngono sakkosan karo aku jaman kuliyah. lan dheweke kuwi...mbakyune Bhre!.
Sapa Bhre?. Bhre Kertabumi adik wuragile Mbak Ratri. Kanca kuliyahku. Nunggal sakjurusan. Kepriye pawongane. Sakjane ora ana sing spesial yen ngomongna Bhre. Praenane, pakulitane solah bawane, biyasa wae.  Ning ana siji kaluwihane sing iso mbateg atiku saengga klepek-klepek tresna sekonyong kodher nang Bhre. Bhre kuwi alime...jan gak nguwati. Solah bawane alusan, yen ngomong ra nate mandheng. Ora ana swarane kejaba yen lagi diskusi. Kasenengane maca bukuuuuu wae. ngalih-ngalihe saka ruwangan yo nek jame wis entek.
Seje karo aku sing begidakan kaya beras diinteri. Ning kuwi malah nggarai klop. Siji meneng siji rame. Siji alim siji...wkwkwk, saumpama Bhre gelem sethithik ae nampani pangrasaku.
Mbokmenawa aku nampa karmane Gusti nulak Widi mbiyen mula. Mulane tresna saksisihku takjarna ngrembaka. Aku ora maelu senajan Bhre ora nate nggatekna aku sithik-sithika.
Maneka warna usahaku mikat Bhre. Mulai  cara klasik nganggo nyurati, wis. Ndolani omahe rame-rame njur macok-macokna, uga tau. Ngumpul sakbala diskusi, bola-bali. Nganti sakgrup PPL, mari. Wara-wara sakkampus ngerti wis suwe takkopyakna. Nglobi liwat mbake?, sasat saben tangi turu. Kurang piye?.
Nganti sawijining  dina, Bhre nyelakna ngejak aku jagongan, lan mejang duwawa...
“En, dudu aku ora ngerteni apa karepmu. Ning yen kowe jik nganggep sapa ae iso nglakoni apa sing mbok karepna iku salah. Wong liya kanggomu kayadene robot. Kowe durung tau nresnani. Sing mbok duweni kuwi pangrasa posesif inklusif. Suk kapan mesthi ana wayah kowe ngerteni apa kuwi tresna lan nresnani. Sepurane, aja nguber-uber aku maneh!”.
Senajan isinku gak ketulungan, sakjeg kuwi aku nyoba ngramesi awakku dhewe. Lara rasane atiku dialoki kaya ngono. kate piye maneh?.
Aku pancen modele ladak lan saklek. Apa sing takpikir, kuwi sing takomong. Nek perlu wong sakkampus, apa tah sakkampung, ngerteni apa sing takkarepna. Apa ngono kuwi salah?. Aku gething takomong. Aku seneng takwara-wara. Apa ngono kuwi salah?. 
Wiwit tumeka kesadaran kaya ngono aku mulai blajar ngerem uni lan sakpari polahku. Ngetutna umur, ndadekna aku luwih iso nglelimbang apa sing takrembug lan taklakoni. Seprene.
Thet jam wolu, pengawas ruwang mlebu nggawa saktumpuk soal. Pancen kanggone kementerianku UKGne jik model offline. Nggarap nganggo Lembar Jawaban Komputer.
Meja ngarepku jik kosong. Soal wis dibagi. Aku ibut nggarap soal. Duh, temenan. Angel-angel. Senajan soale ora adoh saka pakulinan biyasane. Ning,...angel!. aku nganti ora maelu yen bangku ngarepku wis ana sing ngiseni.
“Mbak, nyambut setipe”, swara saka ngarepku.
“Pundhuten dhewe”, aku semaur karo tetep nggarap.
“Mas, setipku endi?”, takonku nalika butuh. Simase noleh karo ngelungna setip. Katon praenan lawas ngguyu sumeh. “Bhre?”, alokku kaget.
Saknalika konsentrasiku buyar. Kembange atiku lungguh ngarepku!. Rong taun ora ketemu pranyata ...ora ngowahi pangrasaku, dheg-dheg pyar sajroning dhadhaku ra iso takkendhalekna. Piye iki?.
Untunge aku mung kari nutugna limang soal. Lan sakbare kuwi aku cekat-ceket nglumpukake senajan bel-e jik kurang seprapat jam. Agahan aku jumangkah metu lan kumudu-kumudu mulih!.
Apese, ban sepedahku gembos. Ndilalahe salipan karo Mbak Ratri lan Bhre.  “Bocor?. Ayo taktuntunne, ditembelna neng ngarepan”, Bhre ngomong karo nggenteni olehku nuntun. “Yen ngono barenga Eni ae, Bhre. Mobile takgawane”, Mbak Ratri ngendika karo jumangkah tumuju parkiran mobil. Aduh,...piye?.
“Kok ora ana omonge?. Ngendi Eni sing takenal mbiyen?”, Bhre nyoba mbuyarna sepi. E lha, sakwise dadi guru, Bhre sajake luwih humanis, hehehe...
Sakbare kuwi, baliku digonceng Bhre. Wong omahku sakdalanan karo omahe. Cuthel critane?. Hehehe, mbuh ya, perkara sesuk ana tutuge, mung Gusti kang Maha Welas sing ngerteni...
Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar