Halaman

Translate

Minggu, 15 Mei 2016

Tresna Saksisih (kamot teng Jaya Baya edisi Minggu II Mei 2016)



Tresna Saksisih
Sakjeg luwih ngerteni jawa sakjawane jawa, isinku sundhul wuwung. Hla piye, isaku mung ngomong jawa thok. Kuwi ae diarani Jawa sing adoh teka sumbere kana. Kana...adoh. undha usuk jejagongan, krama inggil, krama madya, lan ngoko, aku gak sepira nggatekna.
Apa maneh nek ditlusur adoh maneh, unggah-ungguh, tata trapsila, kabudayan, angger-angger, kabeh aku gak mudheng nganti dheng dheng, ngono lho?. Ya ngerti mung sethithik. Aku ngaku wong Jawa, soale aku urip neng wilayah pulo Jawa, neng propinsi Jawa. Ngomongku basa Jawa. Jawa sing koyok apa?. Ya jawaku sing ngene iki!. Nulisa crita ya nganggo basa jawa sing takngerteni. Liya ora!.
Aku ngerti jawa luwih adoh ya mung teka guru sekolahku mbiyen. Ngerti aksara jawa, nulis jawa aku pancen iso. Wow, aku pinter dhewe nek masalah nulis maca aksara jawa. Jajal aku wenehana ukara nganggo aksara jawa, wis taruhan aku mesthi iso maca, hehehe...
Paling adoh maneh apalan jenenge kembang, godhong, wit, kratone ksatriya, bojone raja-raja. Wis. Apa maneh sing jenenge tembang-tembang jawa?. Ngertiku mung lagu Gundhul-Gundhul Pacul, Suwe Ora Jamu, Prau Layar. Ning yen mboktakoni masalah tembang gedhe, tengahan, utawa macapat, aku gak dhong!.
Ngertiku mung yen tembang Macapat kuwi ana sewelas. Lan sing kerep dinyanyekake guruku ya mung tembang Pocung. Bapak Pocung, dudu watu dudu gunung...apa ngene iki salahku?. Aku kepengin uga pinter lan ngerteni jawa luwih saka sing saiki takngerteni. Kepengin...
Kok nggresah lan ngresula, ta?. Mula bukane ki ngene, aku saiki kekancan karo akeeeh kanca nunggal jawa. Hla aku ngupload salah sijine crita gawenanku. Wadhuh, aku panen. Panen apa jajal?. Panen panyaruwe. Cengkalku kumat. Akhire isoku ya nggedhumel koyok neng ndhuwur kuwi, hehehe...
 Tibake,yen katandhingake liyane,...aku kalah gesah. Ora umpang blas nek ngomong masalah jawa menjawa. Temenan!. Mbokmenawa aku malah mbok semoni ngene,...”Wis genah durung paham kok isone mung nggrundhel, mbok ya sinau?. Ya ta, ya ta?”.
Apa maneh sakwise aku kenal luwih raket karo kanca saka daerah kulonan, waduh... kanca sing ngomonge alus koyok glepung. Nek arep njawab kudu mbukak kamus dhisik paribasane.
“Panjenengan priyantun saking, pundhi Diajeng?”, cieee...mekar kupingku disapa koyok ngono. aku mung klenggat-klenggut gak iso njawab.
“King mrika”, njawabku karo nduding sawenehing arah mata angin. Wis bar, mung ngono. aku ceket-ceket ngalih. Dheweke taklirik mung njengkerut sajak bingung.
“Mbak Ilmia, sekedhap, menika dalem ngaturaken kertu pengenal panjenengan ingkang dhawah ”, ujare karo ngelungna kartu peserta seminar sing takeloki. Aku nampani karo manthuk isin. “Sembah nuwun, nggih?”. Dheweke mung mesem. Takwaca jenenge “Priya Jatmika”. Cocok. Priya artine wong lanang, hla jatmika?. Nggantheng apa gagah, ya?. Ngartekna ngene aku jik sakbingungan dhewe, hehehe...
Sapa wonge yoan sing seneng yen keweruhan gak isone?. Aku dhewe pancen sing golek perkara kanggo awakku dhewe.
Kedadeyan sing keri kuwi mau nalika aku melok lomba nulis crita nganggo basa jawa. Ndilalahe critaku mau, kepilih mlebu peringkat slawe, lan pesertane kabeh mau diklumpukake dadi siji. Kawitane aku yo pedhe ae. Seneng malah!. Sedulur neng ndesa kabeh takkabari. Kanca sakkampus tak kandhani. Pokoke aku koyok pahlawan budhal perang sing wis mesthi mulih nggawa kamenangan.
Kojur, tekan kene aku hla kok wis nggreweli ndhisiki ngelingi bar dikritik kanca akeh neng dumay. Aku isin, piye yen mengko wawancarane nganggo basa krama inggil?. Njawabku yen grothal grathul lak yo ngisin-isini?. Arep takseleh ngendi raiku iki?. Apa maneh kanca sakkamarku, Mbak Gandhes, hla kok yo...njawani banget. Malah piyambake wis makaping-kaping ngeloni lomba koyok ngene, lan...langganan juara!.
“Sampeyan ki ra sah isan-isin, Dhik Mia. Kabeh padha wae. pokoke kudu dielingi, adhewe iki ngono klebu pejuwang, lho?”. Aku gak mudheng. “Pejuwang, sing melu ngrembakaake sastra jawa. Wis,...pancen cara wit gedhe ngono, basa Jawa kuwi, pange, godhonge, oyote, wis ngrembaka tekan ngendi-endi. Ora salah yen aku lan sampeyan ki cara diukur wis adoh saka wit asale sakawit. Sing penting ora lali karo asal-usule. Pede wae, ya?”. Ngono Mbak Gandhes olehe miterangna sakwise aku ngandhakake apa sing dadi ganjelane atiku.
Akhire, madhep mantep taktekadi gak maelu maneh monga-mangune atiku. Cincing-cincing klebus, taklakonane, batinku karo tumuju aula kanggo upacara pembukaan.  Mbak Gandhes wis budhal ndhisiki sakwise ana sing ngebel. “Dhik Mia, aku tak ndhisik nang aula, yo?. Ana kanca nggoleki?”, ngono pamite. “Enggih, Mbak”, semaurku karo iwut jungkatan.
Taksawang Mbak Gandhes lagi ngomong sajak serius karo kancane sing ndilalahe kepethuk neng kene nalika aku mancik ruwang aula. Wih, pancen nek wis jam terbange dhuwur, nang ngendi wae panggonan mesthi ana sing kenal. Hla aku?. Mbak Gandhes ngawe nalika ngerteni tekaku.
“Mbak Ilmia, oh iki ta kanca anyar sing mbokcritakake”, dhegg!. Wah, sing jagongan karo Mbak Gandhes tibake mas priyayi sing awan mau . Minderku teka maneh!.
“Iki Mas Pri, tepangake, Dhik Mia?”, Mbak Gandhes ngenalna kancane. “Aku wis kenal, kok!”, jawabe karo nyebar eseme. Atiku kebat-kebit.
Akhire yo ngene iki, sakdawane acara kawitan iki Mbak Gandhes nyritakake sapa ta pawongan sing diceluk Mas Pri mau.
“Dheweke ndhisik, kakak tingkatku, Dhik Mia. Ning, pintere jian top markotop pokoke. Kasusastran, kabudayan, wis samubarang sing ana gepok senggole karo bab Jawa, kaya kamus urip paribasane. Mbokmenawa saiki dheweke wis dadi juri,..delengen ta, lungguhe ae jejer karo panitia liyane neng ngarep”.
Aku nyathet kabeh omonge Mbak Gandhes. Hmmm, atiku kok yo sajak kepranan karo grapyak lan solah bawane. Cute, handsome,...lan pinter!.
Siji mbaka siji peserta dikenalna. Pas jenengku,”Menika Mbak Menur Ilmia Prasaja, saking..., sapiturute, sapiturute. Olehku salting gak karuwan. Nalika aku ngadeg, kabeh keplok koyok ngeploki liyane uga. Aku seneng banget. Buangeettt!. Ning senengku langsung mbleret. Taksawang Mas Pri mung iwut maca lembaran biodata peserta sajake. Lintang sing wiwit sumunar neng njero atiku, mbleret sakkal.
Pancen ana paedahe aku melu lomba kaya ngene. Aku dadi luwih ngerti apa sing kurang sajroning crita-critaku. Senajan ora umpang neng kaidah panulisane, aku entuk biji dhuwur neng konflik lan alure crita sing nggregetna lan mancing emosine sing maca. Ngono jare salah sijine juri. Mung yo kuwi pancen aku ngrevisi sakwetara, eh ora. Akeh sing kudu direvisi. Utamane tembung-tembung sing durung trep karo kaidahe, ngono...
Aku salah gedhe mikir sing gak-gak sakdurunge iki sakwise ngerteni yen critaku iso katut iki uga salah sijine nduweni ciri khas karakter basa jawa wilayah wetanan. Ora perlu mindher,...ngono pambombonge juri.
Juri kawitan, kapindho, aku lancar-lancar wae. dina kapindho, wayahe nyetorna asile revisianku, aku kudu methuk...Mas Pri!.
“Pripun, Mbak Mia. Sampun rampung?”, ujare santun. Aku ngelungna flashdisk lan print oute critaku.
“Sampun, Pak”, jawabku. Mas Pri mlengak. Njur mesem sithik. sakwise kuwi aku dikon mbandhingna tulisanku sakdurunge lan sakwise. Pamilihe ukara lan liyane sing maune durung trep lan sakwise takowahi. Njur Mas Pri nerangna sithik nang aku.
“Mbak Mia, pancen crita utawa tulisan apa wae kudune tetep ditliti maneh, diwaca maneh bola-bali. Amarga tujuwane mengkone rak diaturna nang sapa wae sing kersa maca. Dadi, tujuwane ben tutuk, para maos iso ngerteni apa karepe sing nulis kanthi ukara-ukara kang trep lan tembung-tembung sing wis slaras karo kaidah panulise, ngaten nggih?”. Aku nganti ngowoh mbokmenawa ngrungokake. Tibake, piyambake yo iso ngendikan nganggo basa jawa pakulinanku, hehehe...
Ning dasare aku ki wonge usil, jail lan sarwa pengin weruh apa wae, sakbare kuwi  aku golek sisik melik sapa ta Mas Pri kuwi liwat Mbah Gogel.
Wih, tibake dheweke aktif banget neng sosmed. Yen nggawe status apik-apik banget, ana pangudarasa, geguritan, piwulang becik, ... aku nganti kenyut olehku maca. Hladalah, Ketege jantungku gak karu-karuwan maneh.
Sesuke nalika pengumuman, alhamdulillah critaku kasil entuk juara. Juara pira?. Erhaes wae, mundhak nggarai ra sedheng helmku mengko, hehehe...
Siji oleh-olehe sing iso takgawa mulih lan kena nggo uwot sinau luwih jero. Aku kenal kanca akeh lan padha dene gelem nularake ngelmune kanggoku. Klebu Mas Pri.
Kanthi tlaten senajan adoh-adohan, Mas Pri klebu sing open njawabi samubarang pitakonku. Nulis jawaban sakambrah-ambrah nganti jlentreh. Nganti aku ngerti!.
...
Wengi iki aku nyawang lintang sing katon saka cendhela kamar. Aku mutusna ora arep nganggu Mas Pri maneh. Tokan-takon samubarang kalir. Aku isin. Cetha-cetha dheweke niyat ngajari lan nuntun ben aku luwih ‘njawa’ ning aku wis mikir liya sing adoh ngglewar saka tujuwan sakawit. Aku malih tuwuh pangrasa tresna. Iki ora bener. Kepethuk pirang perkara?. Mulane kanggo nggusak atiku sing tansaya seneng ndheweni, aku pamitan ora nyambung pitakon maneh. Takcukupi sakmene wae tresna saksisihku.
Taktogna wae inbox-e sing pungkasan kakirim. ...”Geneya kok medhot tali silaturahmi?. Wis cukup tah ngelmune? Apa salahku?”.
Isih cetha kewaca inbox uga saka Mbak Gandhes, “Dhik, rawuh ya. Aku arep nikahan. Salam saka Mas Pri uga”.
Ah, eluhku ndhlewer  gak onok lerene binarung swarane udan sing saya kerep neng njaba omahku.

Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar