Halaman

Translate

Sabtu, 30 Juli 2016

Crita Romansa Sumingkire Grahana (Kamot teng JB)



Sumingkire Grahana
“Pokoke bengi iki kowe kudu gelem. Gak usah nulak maneh. Wegah Bapak ngrungokna saben-saben digathukna karo sapa tah sapa nyrengkal gak gelem ae” ngendikane Bapak kaya ultimatum!.
Aku mung meneng karo iwut nutugna wedakan. Biyasa ae ta lah, Bapak...kok sajak ndonya arep kiyamat nek aku gak ndang-ndang rabi?. Mengko yen taksrengkal, waduh  ludira inggil, asam urat, kolesterole bapak mesthi kumat!.
Durung maneh gerah sukune yen wayah rendheng ngene iki kudu bolak-balik digawa nang akupunktur. Diobati ngendikane wis ra mesah!. Sakwulan iki sajake nemu panggonan tamba anyar sing nyocoki. Mung aku wae durung tau nderekna yen mertamba. Mung kresuhane sajak wis suda, ra tau krungu neng kupingku keri-keri iki.
“Badhe digathukaken kalih sinten malih, Bu?” tlesihku nang ibu sing lagi nyawang aku saka iringan kiwaku. Ibuku pancen wanita sulistya sing ora, eh, arang ana ngendikane. Mben isuk, yen nepaki aku dandan, ibu mesthi wis nyangking kopi susuku lan dideleh neng sandhing meja rias.
“Mben-mben Mbak Raya lali” mung ngono ngendikane ibu nalika takaruh-aruhi kok kaningaya temen nggawakna wedangku saka ruwang tengah. Sing nyenengna maneh yen ngelingi ibuku iki, saben-saben yen marabi aku mesthi maju mundur nganggo ‘Mbak’. Nglatih adhik-adhikku, ngono alesane ibu. ngerti ora, jenengku dhewe malah luwih ayu. Ismaharayawati,...
“Ra sah ngglenik ibumu. Pilihan sing keri iki wewenangku. Setuju gak setuju kowe kudu setuju!” bapak ngerteni pitakonku nang ibu sajake. Taksawang saka kaca Ibu mung mesem.
“Kowe takgolekna bujang tau, duda enom ya uwis, pegawe mapan bolak-balik, pengusaha sukses kaya bapak ya gak kurang. Kabeh mbok emohi. Saiki genti tuwek. Jenenge Mbah Legi!.
Pikiranku tumlawung sedhela. Pancen koyoke aku wis bola-bali digathukna. Bener ngendikane bapak. Nanging kuwi kabeh sakjane rak ya mbalik nang sing nglakoni, ya ta?. 
“Kowe iki nduwe rupa. Wis cekel gawe. Ngenteni apa maneh?. Dienteni awit jaman kuliyah ya keplas gak tau weruh mulih ditutna arek lanang. Sepisan thok kae karo si Pupung, hla kok binggete atimu seprene gak uwis-uwis. Malih eling aku nang ibumu, nek dudu aku sing ngrabi, palinga yo durung rabi seprene” bapak metu ukara piyandhele. Ibu mung mesem maneh.
“Mboten kuwalik, napa Mas?” ngendikane ibu sareh dikantheni esemane sing merak ati. Sapa ae sing ngenal keluwargaku mesthi luwih saka paham nek mbiyene sing nguber-uber kuwi bapak. Ibuku lho ayune puoll!.
Sakdawane budhal kerja aku ijik ngangen-angen ngendikane bapak. Saksuwene iki aku pancen kendho kenceng yen ngelingi bab sesomahan. Aku seneng ngene wae. Lho kok?. Aku iki prawan sangkal. Temenan!.
Kapisan, bener ngendikane Bapak, aku nate srawung raket karo kanca kuliyah, Pungki jenenge, rentang-renteng kaya sepur, malah wis dijanjeni arep dipethikna lintang barang. Eh, lulus kuliyah prung...ngilang. padahal sedulur-sedulurku wis weruh, wong sakkampung wis ngerti, ibu bapak uga wis nate njagong mara nalikane wong tuwane mantu mbakyune, kurang piye?.
Alasane mung sepele, dheweke kepengin golek bojo sing umure sakngisore, ben ideal...ngono. kawitane takmbarna wae sinambi aku gemrayah golek gaweyan. Ealah wong jenenge sesambungan isa ae ana owah gingsire, mengko nek wis pas karepe rak mara-mara dhewe maneh. Apa maneh padha-padha durung cekel gawe.
Ndilalahe sakwise kuwi Pungki kerja nang Jakarta. Eh gak let suwe aku dikabari adhike, Pungki wis kecanthol prawan Jakarta jarene. Jan mbelgedhes tenan kok si Pungki iki!. Atiku langsung peteng. Mingkup sakpole. Jan persis kaya kenek grahana matahari total. Peteng ndhedhet!.
Kapindho, aku digathukna misananku dhewe. Prayitno, Ya, ya...aku monat-manut wae dikon nemoni, dijak metu tetukon apa tah apa. Wonge biyasa, kalem, wis megawe uga. Wislah gak pa pa pikirku. Tresna kenek digoleki karo mlaku. Tibake, jrenggg...meh tekan dinane tunangan, ana cah wedok ayu mara nang omahku. Ngakune pacare si Prayit. Ora pa pa, wong aku uga nate car-pacaran. Nanging buntute sing gak menaki. Dheweke iki wis meteng, je?. Njur aku kudune piye?. Aku se nyantai wae, mung bapak ibuku kebakaran jenggot. Sakkal-sakkal niyat bakalan diwurungna. Malah seprene si Prayit ora nate wani menthungul nang omahku maneh. Hehehe...
Ngono terus akhire,...bola-bali. Sampek payah olehku nampani pawongan bakal bojo golekane wong tuwaku. Wurang-wurunge lho mesthi ana wae panyebabe, nanging akeh-akehe aku dhewe sing wis kemba nampa, wedi ana apa-apa maneh. Mesakna wong tuwaku uga sakjane. Hla piye, yen ngenteni aku entuk dhewe tangeh lamun, atiku wis kadhung kenek grahana,  je!.
“Anak prawan nek kadhung sangkal, ya ngono kuwi kedadeyane!” sembir Budhe sandhing omah sing nduwe prawan papat wis payu kabeh. Malah sing loro umure sakngisorku!.
“Bu Raya, sajak nglamun ae” Pak Gunadi nuthug mejaku nganggo pulpen. “Piye, iki cah-cah sing arep porseni kudu ndang dibina maneh”, bacute. Pak Gunadi iki kancaku mbina bocah-bocah sing melu seleksi porseni. Syukur alhamdulillah, wingi ana loro muridku sing katut 10 besar, saengga kudu enggal dibacutna mbinane.
“Arep dijodhokna maneh, paling?” ngendikane Pak Gunadi seru. Mesthi wae kanca sakkantor ngguyu ger-geran. Kanca-kanca wis kadhung biyasa ngrungokake critaku. Arep dibakalna sapa, njur wurunge amarga apa. Hla piye maneh, kancaku ya sedulurku..mulakna aku yo ora nate isan-isin crita ben gembolane atiku suda. Bener, ta?.
“Wis ra sah dipikir jero, Bu. Gusti Alloh ki ora sare. Jodhone adhewe ki wis ditemtokna kawit ruhe dhewe disebul mbiyen. Percaya wae, ta mesthi bakal ana wong lanang apik sing nekani sampeyan. Bu Raya lho wonge apik?”Pak Gunadi ngedhem-edhemi atiku. hla kok ya kanca-kanca liyane keplok-keplok nyetujoni. Wkwkwk...
“Saiki sapa maneh, Bu?” Pak Gunadi takon sajak serius. “Nek jik enom aku gak piye-piye, Pak. Hla iki lho, asmane ae Mbah Legi. Njur aku kudune, piye?. Apa maneh yen nyawang bapak isuk mau sajak wis duka kaya arep nguntal aku”.
“Mbah Legi?”Pak Gunadi njengkerutna alise nganti gathuk thuk. “Wah, yen ngono aku kudu ngucapna selamat, Bu. muga-muga lancar...” mung ngono ngendikane karo mlaku metu tumuju ruwang OSIS.
Pak Gunadi pancen care yen karo kanca. Nang sapa wae. luwih-luwih sakwise kedadeyan rong wulan kepungkur...
...................................................................................................................
“Bu Raya, wingi tekane telad tibake nulungi wong tabrakan, ya?”ngono ngendikane pak Gunadi nalika barengan arep fingerprint. Aku mung manthuk. Wis biyasa, kok yen mung tulung tinulung neng embong gedhe.
“Aku ra ngerti mula bukane, mara-mara ana wong lanang, sing akhire takngerteni jenenge Anton, numpak sepedah montor disundhul truk pas sakdurunge lampu bangjo Rambipuji. Mbuh sing salah sapa, aku langsung nulungi wong sing nyosop nang kalenan. Nganti takterna nang Puskesmas, wong gak ana sing mbaturi. Kok ngerti, Pak?” jawabanku takkantheni pitakonan.
“Oh, Anton karo aku kuwi  jik mambu sedulur. Dheweke rak kerjane dipindhah nang Jember kene. Wingi  dina kawitan, nglaju saka probolinggo. Ndilalahe...”. wis, ya mung cuthel tekan semono. Sing penting wis entuk pitulungan lan enggal waras. Ngono pamujiku.  
Mung kala-kala dheweke isih nitip salam kanggo aku. Salam panuwun, mesthi uni salame kaya ngono. aku mung mesem dhewe mben dikirimi salam, wong saben dina lho aku uga kekancan liwat FB lan BBM karo dheweke. Kekancan thok?. Iyo, mung kekancan. Sakngertiku dheweke kerja neng dinas kesehatan.
Ketemu maneh karo si Anton iki nalika ngetutna bocah-bocah lomba PMR. Ketepakan dheweke salah sijine panitia. Engga aku sithik-sithik nduwe panggonan takon yen ana peraturan sing durung takpahami.
“Dhik Raya, delengen ta. tanganku iki sing wingenane pas kecekluk nganti kudu digips. Sampeyan se nek nulungi gak ati-ati” tutuhe. Haa?.
“Ah, sampeyan iki uripe kok serius tenan, se. Guyon...aku guyon...” Mas Anton nyablek topiku. “Delengen ta, tanganku digips merga sampeyan enggal nulungi, yen kasep malah kudu dipen mbokmenawa...”. akhire aku iso ngguyu maneh.
....................................................................................................................
Jam wis nduduhake angka setengah telu. Yaak,...balapan fingerprint maneh, njur bablas mulih. Nanging aku wegah mulih ki. Mesthi mengko dipapag tamune bapak. Aku tak nata ati dhisik. Wis penake nang ngendi, ya?. Yo neng sekolahan wae, mbaturi bojone pak bon karo nunut turu neng ruwang tamu, hehehe...malah aku biyasane asring uga nginep neng kene yen utegku lagi gak beres, mbundhel kaya susur...
“Mbak Raya, Mbak Raya,...menika wonten sing madosi” gita-gita Yu Marni, bojone pakbon nggugahi turuku. Taksawang jam nduduhake angka setengah lima sore, wis suwe uga olehku kesirep. Taksawang neng ngarep lawang ana pawongan ngadeg. Lho, kok sedulure Pak Gunadi, Mas Anton?.
“Njenengan ki kula padosi teng ndhaleme kok mboten wonten?. Untung mas Gun criyos nek biyasane Dhik Raya nginep teng mriki” Mas Anton ngendika tanpa ana guyune blas. Srengen.
“Hla wonten perlu menapa?. Rak saged ngubungi kula mawi...” durung bar olehku njawab, kesusul bapak sing melu mlebu.
“Ya iki, mas iki sing asmane Mbah Legi. Ahli akupunktur sing ngobati Bapak, sing takomong arep medayoh isuk mau. Piye, jik gak gelem maneh?”. Aku mung plenggang-plenggong kaya sapi ompong. Taksawang Mas Anton mesem sakjlirit rit. Nanging geneya sakjlirite kuwi kaya ngobahna grahana sing ana neng atiku?.
Cuthel
Ingkang ngintun:
E.S. Nurhayati
d.a. MTsN Bangsalsari – Jember







Tidak ada komentar:

Posting Komentar